Surah Az-Zalzalah
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِذَا زُلْزِلَتِ الْاَرْضُ زِلْزَالَهَاۙ١
Iżā zulzilatil-arḍu zilzālahā.
[1]
Besuk dina kiyamat, nalikane ana lindhu gêdhe, bumi bangêt ênggone gonjang- ganjing.
وَاَخْرَجَتِ الْاَرْضُ اَثْقَالَهَاۙ٢
Wa akhrajatil-arḍu aṡqālahā.
[2]
Bumi mêtokake isine pêndhêman rajabrana, lan wong kang wis padha mati.
وَقَالَ الْاِنْسَانُ مَا لَهَاۚ٣
Wa qālal-insānu mā lahā.
[3]
Manungsa padha ngucap: Yagene têka ana lindhu gêdhe.
يَوْمَىِٕذٍ تُحَدِّثُ اَخْبَارَهَاۙ٤
Yauma'iżin tuḥaddiṡu akhbārahā.
[4]
Ing dina iku wong padha anjalèntrèhake samubarang kang wis padha dilakoni, ala lan bêcik.
بِاَنَّ رَبَّكَ اَوْحٰى لَهَاۗ٥
Bi'anna rabbaka auḥā lahā.
[5]
Amarga Allah Pangeranira dhawuh anjalèntrèhake marang wong mau.
يَوْمَىِٕذٍ يَّصْدُرُ النَّاسُ اَشْتَاتًا ەۙ لِّيُرَوْا اَعْمَالَهُمْۗ٦
Yauma'iżiy yaṣdurun-nāsu asytātā(n), liyurau a‘mālahum.
[6]
Ing dina iku wong padha mundur, mêtu saka panggonaning panimbang, dhewe-dhewe, sing sapa manêngên, lakune marang suwarga, dene kang mangiwa, marang naraka. Kabèh padha diwêruhake pituwasing lakune.
فَمَنْ يَّعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ خَيْرًا يَّرَهٗۚ٧
Famay ya‘mal miṡqāla żarratin khairay yarah(ū).
[7]
Sing sapa nalika ana ing dunya nglakoni kabêcikan, sanadyan mung saboboting sêmut, mêsthi wêruh ganjarane.
وَمَنْ يَّعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ شَرًّا يَّرَهٗ ࣖ٨
Wa may ya‘mal miṡqāla żarratin syarray yarah(ū).
[8]
Dene sing sapa nglakoni ala, sanadyan mung saboboting sêmut, iya mêsthi wêruh patrapane.