Surah Al-Bayyinah
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
لَمْ يَكُنِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ وَالْمُشْرِكِيْنَ مُنْفَكِّيْنَ حَتّٰى تَأْتِيَهُمُ الْبَيِّنَةُۙ١
Lam yakunil-lażīna kafarū min ahlil-kitābi wal-musyrikīna munfakkīna ḥattā ta'tiyahumul-bayyinah(tu).
[1]
Sarupane wong kaphir kang padha duwe waton kitab, lan wong kang padha nyêmbah brahala, iku padha ora gêlêm marèni ênggone kaphir, nganti katêkan tăndha yekti, iya iku Nabi Mukhammad.
رَسُوْلٌ مِّنَ اللّٰهِ يَتْلُوْا صُحُفًا مُّطَهَّرَةًۙ٢
Rasūlum minallāhi yatlū ṣuḥufam muṭahharah(tan).
[2]
Nabi Mukhammad iku utusaning Allah, ngundhangake Kuran kang suci, ora ana kang luput, mratelakake khukum kang bênêr lan ngadil.
فِيْهَا كُتُبٌ قَيِّمَةٌ ۗ٣
Fīhā kutubun qayyimah(tun).
[3]
Wong kaphir kang padha duwe wêwaton kitab mau, ênggone padha pasulayan bab pangandêl marang Nabi Mukhammad, sawise katêkan tăndha [tă..ndha] yêkti, iya iku jumênênge Nabi Mukhammad.
وَمَا تَفَرَّقَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ اِلَّا مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَتْهُمُ الْبَيِّنَةُ ۗ٤
Wa mā tafarraqal-lażīna ūtul-kitāba illā mim ba‘di mā jā'athumul-bayyinah(tu).
[4]
Kang kasêbut ing Kitab Torèt lan Kitab Injil, wong kaphir kang duwe wêwaton kitab mau ora diparentahi apa-apa, kajaba mung diparentahi nêmbah ing Allah, kalawan rêsik atine maligi nêmbah ing Allah, ora nyêmbah liyane, jêjêg anglakoni agamane Nabi Ibrahim, lan agamane Nabi Mukhammad, yèn wis didhawuhake, lan anglakoni sêmbayang apadene bayar zakat, iya iku agama kang bênêr.
وَمَآ اُمِرُوْٓا اِلَّا لِيَعْبُدُوا اللّٰهَ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ ەۙ حُنَفَاۤءَ وَيُقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَيُؤْتُوا الزَّكٰوةَ وَذٰلِكَ دِيْنُ الْقَيِّمَةِۗ٥
Wa mā umirū illā liya‘budullāha mukhliṣīna lahud-dīn(a), ḥunafā'a wa yuqīmuṣ-ṣalāta wa yu'tuz-zakāta wa żālika dīnul-qayyimah(ti).
[5]
Sarupane wong kaphir kang padha duwe wêwaton kitab lan wong kang padha nyêmbah brahala, iku ing têmbe disiksa ana ing Naraka Jahanam, ana ing kono langgêng salawas-lawase, awit iku kabèh titahing Allah, kang ala dhewe.
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ وَالْمُشْرِكِيْنَ فِيْ نَارِ جَهَنَّمَ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمْ شَرُّ الْبَرِيَّةِۗ٦
Innal-lażīna kafarū min ahlil-kitābi wal-musyrikīna fī nāri jahannama khālidīna fīhā, ulā'ika hum syarrul-bariyyah(ti).
[6]
Dene sarupane wong mukmin lan wong kang padha nglakoni panggawe bêcik, iku kabèh titahing Allah kang bêcik dhewe.
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ اُولٰۤىِٕكَ هُمْ خَيْرُ الْبَرِيَّةِۗ٧
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti ulā'ika hum khairul-bariyyah(ti).
[7]
Ana ngarsaning Pangeran bakal padha diganjar suwarga Ngadan kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, ana ing kono padha langgêng salawas-lawase.
جَزَاۤؤُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْ جَنّٰتُ عَدْنٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًا ۗرَضِيَ اللّٰهُ عَنْهُمْ وَرَضُوْا عَنْهُ ۗ ذٰلِكَ لِمَنْ خَشِيَ رَبَّهٗ ࣖ٨
Jazā'uhum ‘inda rabbihim jannātu ‘adnin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā abadā(n), raḍiyallāhu ‘anhum wa raḍū ‘anh(u), żālika liman khasyiya rabbah(ū).
[8]
Allah kaparêng nganggêp kabêcikane wong mukmin mau, wong mukmin uga padha bungah tămpa ganjaraning Allah, ganjaran mangkono mau diparingake marang wong kang wêdi ing Allah Pangerane.