Surah Al-Qadr
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِنَّآ اَنْزَلْنٰهُ فِيْ لَيْلَةِ الْقَدْرِ١
Innā anzalnāhu fī lailatil-qadr(i).
[1]
Ingsun nurunake Kuran, wutuh, saka Lohmahpul marang langit dunya, ana ing wêngine Lailatul Kadar.
وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِۗ٢
Wa mā adrāka mā lailatul-qadr(i).
[2]
Sapa kang mêruhake sira, Lailatul Kadar iku sapira kautamane.
لَيْلَةُ الْقَدْرِ ەۙ خَيْرٌ مِّنْ اَلْفِ شَهْرٍۗ٣
Lailatul-qadri khairum min alfi syahr(in).
[3]
Kautamane Lailatul Kadar iku, sing sapa nglakoni kabêcikan ana ing Lailatul Kadar, ganjarane ngungkuli gawe kabêcikan sèwu sasi.
تَنَزَّلُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ وَالرُّوْحُ فِيْهَا بِاِذْنِ رَبِّهِمْۚ مِنْ كُلِّ اَمْرٍۛ٤
Tanazzalul-malā'ikatu war rūḥu fīhā bi'iżni rabbihim min kulli amr(in).
[4]
Ing wêngine Lailatul Kadar iku, para malaikat lan Malaikat Jabarail padha tumurun marang dunya, ngèstokake parentahing Allah Pangerane, nindakake pêpêsthèning Allah sajroning sataun iku.
سَلٰمٌ ۛهِيَ حَتّٰى مَطْلَعِ الْفَجْرِ ࣖ٥
Salāmun hiya ḥattā maṭla‘il-fajr(i).
[5]
Lailatul Kadar iku dudu barang-barang, nanging kaslamêtan nganti têkan wayah bangun raina.