Surah Al-`Alaq

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِقْرَأْ بِاسْمِ رَبِّكَ الَّذِيْ خَلَقَۚ١
Iqra' bismi rabbikal-lażī khalaq(a).
[1] (He Mukhammad) sira macaa Kuran wahyuning Allah, winiwitan nêbut asmaning Allah Pangeranira, kang wis gawe sarupane kang dumadi.

خَلَقَ الْاِنْسَانَ مِنْ عَلَقٍۚ٢
Khalaqal-insāna min ‘alaq(in).
[2] Wus gawe manungsa saka gêtih kênthêl.

اِقْرَأْ وَرَبُّكَ الْاَكْرَمُۙ٣
Iqra' wa rabbukal-akram(u).
[3] Sira ngundhangna Kuran marang para umatira. Allah Pangeranira iku luwih dening mulya.

الَّذِيْ عَلَّمَ بِالْقَلَمِۙ٤
Allażī ‘allama bil-qalam(i).
[4] Kang mêruhake patraping nulis nganggo kalam.

عَلَّمَ الْاِنْسَانَ مَا لَمْ يَعْلَمْۗ٥
‘Allamal-insāna mā lam ya‘lam.
[5] Kang mêruhake marang manungsa, barang kang maune durung wêruh.

كَلَّآ اِنَّ الْاِنْسَانَ لَيَطْغٰىٓ ۙ٦
Kallā innal-insāna layaṭgā.
[6] Nanging satêmêne manungsa iku kêbangêtên.

اَنْ رَّاٰهُ اسْتَغْنٰىۗ٧
Ar ra'āhustagnā.
[7] Dene têka rumasa awake wis cukup, ora butuh apa-apa marang Allah.

اِنَّ اِلٰى رَبِّكَ الرُّجْعٰىۗ٨
Inna ilā rabbikar-ruj‘ā.
[8] (He manungsa) sira iku mêsthi bakal bali disebakake ana pangayunaning Allah.

اَرَاَيْتَ الَّذِيْ يَنْهٰىۙ٩
Ara'aital-lażī yanhā.
[9] Kapriye panêmunira mungguh Abu Jahal kang mênging.

عَبْدًا اِذَا صَلّٰىۗ١٠
‘Abdan iżā ṣallā.
[10] Nabi Mukhammad ênggone sêmbayang.

اَرَاَيْتَ اِنْ كَانَ عَلَى الْهُدٰىٓۙ١١
Ara'aita in kāna ‘alal-hudā.
[11] Kapriye panêmunira manawa Nabi Mukhammad mau nglungguhi pituduh bênêr.

اَوْ اَمَرَ بِالتَّقْوٰىۗ١٢
Au amara bit-taqwā.
[12] Utawa ajak-ajak wêdi ing Allah.

اَرَاَيْتَ اِنْ كَذَّبَ وَتَوَلّٰىۗ١٣
Ara'aita in każżaba wa tawallā.
[13] Kapriye panêmunira manawa Abu Jahal mau maido Nabi Mukhammad, lan malengos suthik pracaya.

اَلَمْ يَعْلَمْ بِاَنَّ اللّٰهَ يَرٰىۗ١٤
Alam ya‘lam bi'annallāha yarā.
[14] Apa Abu Jahal mau ora wêruh yèn Allah iku mirsani lakune Abu Jahal.

كَلَّا لَىِٕنْ لَّمْ يَنْتَهِ ەۙ لَنَسْفَعًاۢ بِالنَّاصِيَةِۙ١٥
Kallā la'il lam yantah(i), lanasfa‘am bin-nāṣiyah(ti).
[15] Têmên manawa Abu Jahal ora marèni ênggone kaphir, ing têmbe mêsthi Ingsun candhak kuncunge, Ingsun gêlandhang nyêmplung ing naraka.

نَاصِيَةٍ كَاذِبَةٍ خَاطِئَةٍۚ١٦
Nāṣiyatin kāżibatin khāṭi'ah(tin).
[16] Kuncunge wong goroh, kuncunge wong luput.

فَلْيَدْعُ نَادِيَهٗۙ١٧
Falyad‘u nādiyah(ū).
[17] Yèn wis mangkono, mara ngundanga kănca- kancane, anjaluka pitulung, nanging malah Ingsun undangake Malaikat Zabaniyah, iya iku malaikat kang nguwasani siksa naraka.

سَنَدْعُ الزَّبَانِيَةَۙ١٨
Sanad‘uz-zabāniyah(ta).
[18] (He Mukhammad) Abu Jahal iku luput, sira aja manut Abu Jahal.

كَلَّاۗ لَا تُطِعْهُ وَاسْجُدْ وَاقْتَرِبْ ۩ ࣖ١٩
Kallā, lā tuṭi‘hu wasjud waqtarib.
[19] Sira lêstarèkna ênggonira sujud sêmbayang, lan nyêdhaka ing Allah kalawan sujud.