Surah At-Tin

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالتِّيْنِ وَالزَّيْتُوْنِۙ١
Wat-tīni waz-zaitūn(i).
[1] Dêmi woh êlo, dêmi woh zaitun.

وَطُوْرِ سِيْنِيْنَۙ٢
Wa ṭūri sīnīn(a).
[2] Dêmi gunung Tursina, kang binarkahan, isi kêkayon kang awoh.

وَهٰذَا الْبَلَدِ الْاَمِيْنِۙ٣
Wa hāżal-baladil-amīn(i).
[3] Dêmi nagara Mêkah kang tata têntrêm iki.

لَقَدْ خَلَقْنَا الْاِنْسَانَ فِيْٓ اَحْسَنِ تَقْوِيْمٍۖ٤
Laqad khalaqnal-insāna fī aḥsani taqwīm(in).
[4] Têmên, Ingsun wis gawe manungsa, warnane lan samubarange sarwa bêcik.

ثُمَّ رَدَدْنٰهُ اَسْفَلَ سٰفِلِيْنَۙ٥
Ṡumma radadnāhu asfala sāfilīn(a).
[5] Sawise sarwa prayoga, banjur Ingsun balèkake dadi asor bangêt, pikun lan sapêpadhane. Tur ora dicathêti nglakoni panggawe bêcik.

اِلَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ فَلَهُمْ اَجْرٌ غَيْرُ مَمْنُوْنٍۗ٦
Illal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti falahum ajrun gairu mamnūn(in).
[6] Kajaba para wong mukmin lan wong kang padha nglakoni panggawe bêcik, iku padha olèh ganjaran kang tanpa pêdhot.

فَمَا يُكَذِّبُكَ بَعْدُ بِالدِّيْنِۗ٧
Famā yukażżibuka ba‘du bid-dīn(i).
[7] (He wong kaphir) sawise mangkono, apa sababe sira nganti maido siksa lan ganjaran.

اَلَيْسَ اللّٰهُ بِاَحْكَمِ الْحٰكِمِيْنَ ࣖ٨
Alaisallāhu bi'aḥkamil-ḥākimīn(a).
[8] Allah iku kang ngasta bêbênêran, kang adil dhewe, apa ora mangkono.