Surah Al-Insyirah

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلَمْ نَشْرَحْ لَكَ صَدْرَكَۙ١
Alam nasyraḥ laka ṣadrak(a).
[1] (He Mukhammad) Ingsun apa ora wis [wi...s] madhangake atinira.

وَوَضَعْنَا عَنْكَ وِزْرَكَۙ٢
Wa waḍa‘nā ‘anka wizrak(a).
[2] Lan Ingsun wis ngènthèngake gendhonganira kang abot, ênggonira dadi utusan.

الَّذِيْٓ اَنْقَضَ ظَهْرَكَۙ٣
Allażī anqaḍa ẓahrak(a).
[3] Kang ngêbot-boti gêgêrira.

وَرَفَعْنَا لَكَ ذِكْرَكَۗ٤
Wa rafa‘nā laka żikrak(a).
[4] Lan Ingsun wis anjunjung sira, bab kasêbute jênêngira, samăngsa asmaningsun disêbut, jênêngira uga disêbut.

فَاِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًاۙ٥
Fa'inna ma‘al-‘usri yusrā(n).
[5] Têmên, sawise nglakoni rêkasa, iku bakal nêmu gampang.

اِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًاۗ٦
Inna ma‘al-‘usri yusrā(n).
[6] Nyata, sawise nglakoni rêkasa, mêsthi nêmu gampang.

فَاِذَا فَرَغْتَ فَانْصَبْۙ٧
Fa iżā faragta fanṣab.
[7] Samăngsa wis rampung ênggonira sêmbayang, banjur kangèlana nyênyuwun ing Allah.

وَاِلٰى رَبِّكَ فَارْغَبْ ࣖ٨
Wa ilā rabbika fargab.
[8] Lan andhap asora marang Allah Pangeranira.