Surah Al-Lail
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالَّيْلِ اِذَا يَغْشٰىۙ١
Wal-laili iżā yagsyā.
[1]
Dêmi wêngi, nalikane nutupi awan kalawan pêtênge.
وَالنَّهَارِ اِذَا تَجَلّٰىۙ٢
Wan-nahāri iżā tajallā.
[2]
Dêmi awan, nalikane lair gumêlar.
وَمَا خَلَقَ الذَّكَرَ وَالْاُنْثٰىٓ ۙ٣
Wa mā khalaqaż-żakara wal-unṡā.
[3]
Dêmi Pangeran kang gawe wong lanang lan wadon.
اِنَّ سَعْيَكُمْ لَشَتّٰىۗ٤
Inna sa‘yakum lasyattā.
[4]
Satêmêne lakunira para manungsa, iku beda-beda.
فَاَمَّا مَنْ اَعْطٰى وَاتَّقٰىۙ٥
Fa ammā man a‘ṭā wattaqā.
[5]
Dene sing sapa ngèstokake parentahing Allah lan wêdi ing Allah.
وَصَدَّقَ بِالْحُسْنٰىۙ٦
Wa ṣaddaqa bil-ḥusnā.
[6]
Lan ngandêl surasaning adat loro.
فَسَنُيَسِّرُهٗ لِلْيُسْرٰىۗ٧
Fa sanuyassiruhū lil-yusrā.
[7]
Iku Ingsun cawisi suwarga.
وَاَمَّا مَنْۢ بَخِلَ وَاسْتَغْنٰىۙ٨
Wa ammā man bakhila wastagnā.
[8]
Dene sing sapa kumêd, suthik anglakoni parentahing Allah, lan sumugih, ngaku ora butuh marang ganjaraning Allah.
وَكَذَّبَ بِالْحُسْنٰىۙ٩
Wa każżaba bil-ḥusnā.
[9]
Lan maido surasaning sahadat loro.
فَسَنُيَسِّرُهٗ لِلْعُسْرٰىۗ١٠
Fa sanuyassiruhū lil-‘usrā.
[10]
Iku Ingsun cawisi siksa naraka.
وَمَا يُغْنِيْ عَنْهُ مَالُهٗٓ اِذَا تَرَدّٰىٓۙ١١
Wa mā yugnī ‘anhu māluhū iżā taraddā.
[11]
Wong kang wis kacêmplung ing naraka, iku bandhane ora migunani apa-apa.
اِنَّ عَلَيْنَا لَلْهُدٰىۖ١٢
Inna ‘alainā lal-hudā.
[12]
Ingsun iki wis bênêre kudu nuduhake ala lan bêcik.
وَاِنَّ لَنَا لَلْاٰخِرَةَ وَالْاُوْلٰىۗ١٣
Wa inna lanā lal-ākhirata wal-ūlā.
[13]
Satêmêne kabêgjan ing dunya lan ing akhirat iku kagunganingsun.
فَاَنْذَرْتُكُمْ نَارًا تَلَظّٰىۚ١٤
Fa anżartukum nāran talaẓẓā.
[14]
(He wong Mêkah) sira Ingsun wêwêdèni naraka kang murub.
لَا يَصْلٰىهَآ اِلَّا الْاَشْقَىۙ١٥
Lā yaṣlāhā illal-asyqā.
[15]
Ora ana wong kacêmplung ing naraka sarta langgêng, kajaba wong cilaka.
الَّذِيْ كَذَّبَ وَتَوَلّٰىۗ١٦
Allażī każżaba wa tawallā.
[16]
Kang maido Nabi Mukhammad lan suthik pracaya.
وَسَيُجَنَّبُهَا الْاَتْقَىۙ١٧
Wa sayujannabuhal-atqā.
[17]
Dene kang didohake saka ing naraka, iku wong wêdi ing Allah.
الَّذِيْ يُؤْتِيْ مَالَهٗ يَتَزَكّٰىۚ١٨
Allażī yu'tī mālahū yatazakkā.
[18]
Kang mèwèhake bandhane kalawan rêsik atine.
وَمَا لِاَحَدٍ عِنْدَهٗ مِنْ نِّعْمَةٍ تُجْزٰىٓۙ١٩
Wa mā li'aḥadin ‘indahū min ni‘matin tujzā.
[19]
Ora ana wong siji kang olèh ganjaran kabungahan ana ngarsaning Allah.
اِلَّا ابْتِغَاۤءَ وَجْهِ رَبِّهِ الْاَعْلٰىۚ٢٠
Illabtigā'a wajhi rabbihil-a‘lā.
[20]
Kajaba yèn ênggone nglakoni kabêcikan, murih kaparênge Pangeran kang Mahaluhur.
وَلَسَوْفَ يَرْضٰى ࣖ٢١
Wa lasaufa yarḍā.
[21]
Wong wêdi ing Allah, ing têmbe bakal lêga atine nampani ganjaran.