Surah Asy-Syams
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالشَّمْسِ وَضُحٰىهَاۖ١
Wasy-syamsi wa ḍuḥāhā.
[1]
Dêmi srêngenge lan sorote.
وَالْقَمَرِ اِذَا تَلٰىهَاۖ٢
Wal-qamari iżā talāhā.
[2]
Dêmi rêmbulan nalikane mancorong sawise srêngenge surup.
وَالنَّهَارِ اِذَا جَلّٰىهَاۖ٣
Wan-nahāri iżā jallāhā.
[3]
Dêmi awan nalikane ngatonake srênge[10] kalawan padhange.
وَالَّيْلِ اِذَا يَغْشٰىهَاۖ٤
Wal-laili iżā yagsyāhā.
[4]
Dêmi wêngi nalikane nutupi srêngenge kalawan pêtênge.
وَالسَّمَاۤءِ وَمَا بَنٰىهَاۖ٥
Was-samā'i wa mā banāhā.
[5]
Dêmi langit lan kang ngêdêgake langit.
وَالْاَرْضِ وَمَا طَحٰىهَاۖ٦
Wal-arḍi wa mā ṭaḥāhā.
[6]
Dêmi bumi lan kang anggêlar bumi.
وَنَفْسٍ وَّمَا سَوّٰىهَاۖ٧
Wa nafsiw wa mā sawwāhā.
[7]
Dêmi awak pirang-pirang lan kang madha rupane.
فَاَلْهَمَهَا فُجُوْرَهَا وَتَقْوٰىهَاۖ٨
Fa alhamahā fujūrahā wa taqwāhā.
[8]
Allah nuli paring pangêrti laku ala lan laku bêcik marang awak mau.
قَدْ اَفْلَحَ مَنْ زَكّٰىهَاۖ٩
Qad aflaḥa man zakkāhā.
[9]
Wong kang ngrêsikake awake saka ing dosa, têtêp wong bêgja.
وَقَدْ خَابَ مَنْ دَسّٰىهَاۗ١٠
Wa qad khāba man dassāhā.
[10]
Wong kang nacadake awake sarana dosa utawa kaphir, têtêp wong kapitunan.
كَذَّبَتْ ثَمُوْدُ بِطَغْوٰىهَآ ۖ١١
Każżabat ṡamūdu biṭagwāhā.
[11]
Wong Samud biyèn, saking dening kêsasare, padha maido rasule.
اِذِ انْۢبَعَثَ اَشْقٰىهَاۖ١٢
Iżimba‘aṡa asyqāhā.
[12]
Nalikane wong Samud kang cilaka dhewe tumandang arêp êmbêlèh unta.
فَقَالَ لَهُمْ رَسُوْلُ اللّٰهِ نَاقَةَ اللّٰهِ وَسُقْيٰهَاۗ١٣
Fa qāla lahum rasūlullāhi nāqatallāhi wa suqyāhā.
[13]
Utusaning Allah Nabi Salèh nuli mituturi marang wong Samud: Aja padha natoni untaning Allah, lan aja ngarubiru pangombene.
فَكَذَّبُوْهُ فَعَقَرُوْهَاۖ فَدَمْدَمَ عَلَيْهِمْ رَبُّهُمْ بِذَنْۢبِهِمْ فَسَوّٰىهَاۖ١٤
Fa każżabūhu fa ‘aqarūhā fa damdama ‘alaihim rabbuhum biżambihim fa sawwāhā.
[14]
Wong Samud padha maido Nabi Salèh, nuli padha natoni untaning Allah P,angeran nuli numpês marang wong Samud marga saka dosane, wong Samud sirna kabèh.
وَلَا يَخَافُ عُقْبٰهَا ࣖ١٥
Wa lā yakhāfu ‘uqbāhā.
[15]
Pangeran ora kuwatir bakal wêkasane.