Surah Al-Balad

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
لَآ اُقْسِمُ بِهٰذَا الْبَلَدِۙ١
Lā uqsimu bihāżal-balad(i).
[1] Ingsun supata, dêmi nagara Mêkah iki.

وَاَنْتَ حِلٌّۢ بِهٰذَا الْبَلَدِۙ٢
Wa anta ḥillum bihāżal-balad(i).
[2] Sira manggon ing nagara Mêkah iki.

وَوَالِدٍ وَّمَا وَلَدَۙ٣
Wa wālidiw wa mā walad(a).
[3] Dêmi bapa, iya iku Nabi Adam, dêmi turune Nabi Adam.

لَقَدْ خَلَقْنَا الْاِنْسَانَ فِيْ كَبَدٍۗ٤
Laqad khalaqnal-insāna fī kabad(in).
[4] Ingsun têmên wis gawe manungsa, tansah nglakoni rêkasa.

اَيَحْسَبُ اَنْ لَّنْ يَّقْدِرَ عَلَيْهِ اَحَدٌ ۘ٥
Ayaḥsabu allay yaqdira ‘alaihi aḥad(un).
[5] Yagene Abul Asaddèn têka rumasa gagah prakosa, ora ana kang bisa nguwasani marang awake.

يَقُوْلُ اَهْلَكْتُ مَالًا لُّبَدًاۗ٦
Yaqūlu ahlaktu mālal lubadā(n).
[6] Kawêtu pangucape: Enggonku sêsatron lan Nabi Mukhammad, mêtokake băndha pirang-pirang.

اَيَحْسَبُ اَنْ لَّمْ يَرَهٗٓ اَحَدٌۗ٧
Ayaḥsabu allam yarahū aḥad(un).
[7] Yagene Abul Asaddèn têka rumasa yèn ora ana kang wêruh bandhane kang diwêtokake, Allah ora kasamaran.

اَلَمْ نَجْعَلْ لَّهٗ عَيْنَيْنِۙ٨
Alam naj‘al lahū ‘ainain(i).
[8] Apa Ingsun ora wis maringi mata loro marang Asaddèn.

وَلِسَانًا وَّشَفَتَيْنِۙ٩
Wa lisānaw wa syafatain(i).
[9] Lan ilat, apadene lambe loro.

وَهَدَيْنٰهُ النَّجْدَيْنِۙ١٠
Wa hadaināhun-najdain(i).
[10] Lan Ingsun nuduhake dalan bêcik lan ala marang Abul Asaddèn.

فَلَا اقْتَحَمَ الْعَقَبَةَ ۖ١١
Falaqtaḥamal-‘aqabah(ta).
[11] Yagene têka ora nglakoni dalan bênêr kalawan tumêmên.

وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا الْعَقَبَةُ ۗ١٢
Wa mā adrāka mal-‘aqabah(tu).
[12] Sapa kang mêruhake sira, nglakoni dalan bênêr iku kapriye.

فَكُّ رَقَبَةٍۙ١٣
Fakku raqabah(tin).
[13] Nglakoni dalan bênêr iku kaya ta, nguculi wong saka ing pangawulan.

اَوْ اِطْعَامٌ فِيْ يَوْمٍ ذِيْ مَسْغَبَةٍۙ١٤
Au iṭ‘āmun fī yaumin żī masgabah(tin).
[14]

يَّتِيْمًا ذَا مَقْرَبَةٍۙ١٥
Yatīman żā maqrabah(tin).
[15] Marang bocah yatim kang isih kalêbu sanak.

اَوْ مِسْكِيْنًا ذَا مَتْرَبَةٍۗ١٦
Au miskīnan żā matrabah(tin).
[16] Utawa marang wong miskin kang prasasat turu ing lêmah.

ثُمَّ كَانَ مِنَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ وَتَوَاصَوْا بِالْمَرْحَمَةِۗ١٧
Ṡumma kāna minal-lażīna āmanū wa tawāṣau biṣ-ṣabri wa tawāṣau bil-marḥamah(ti).
[17] Kajaba iku, wong mau kalêbu wong pracaya ing Allah, padha ajak-ajakan narima lan sih-sinihan.

اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْمَيْمَنَةِۗ١٨
Ulā'ika aṣḥābul-maimanah(ti).
[18] Wong mangkono mau, layang cathêtaning lakune padha diulungake saka têngên.

وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِنَا هُمْ اَصْحٰبُ الْمَشْـَٔمَةِۗ١٩
Wal-lażīna kafarū bi'āyātinā hum aṣḥābul-masy'amah(ti).
[19] Dene wong kang padha maido Kuran, ayat Ingsun, iku layang cathêtaning lakune padha diulungake saka ing kiwa.

عَلَيْهِمْ نَارٌ مُّؤْصَدَةٌ ࣖ٢٠
‘Alaihim nārum mu'ṣadah(tun).
[20] Padha disiksa ana ing naraka kang dikunci.