Surah At-Taubah

Daftar Surah

بَرَاۤءَةٌ مِّنَ اللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖٓ اِلَى الَّذِيْنَ عَاهَدْتُّمْ مِّنَ الْمُشْرِكِيْنَۗ١
Barā'atum minallāhi wa rasūlihī ilal-lażīna ‘āhattum minal-musyrikīn(a).
[1] Ingki[9] suwaking dhawuh saka Allah lan Rasulullah, marang sarupane wong musrik, kang maune wis padha prajanjian rukun karo sira wong Islam kabèh, (saiki prajanjian rukun mau Ingsun suwak).

فَسِيْحُوْا فِى الْاَرْضِ اَرْبَعَةَ اَشْهُرٍ وَّاعْلَمُوْٓا اَنَّكُمْ غَيْرُ مُعْجِزِى اللّٰهِ ۙوَاَنَّ اللّٰهَ مُخْزِى الْكٰفِرِيْنَ٢
Fasīḥū fil-arḍi arba‘ata asyhuriw wa‘lamū annakum gairu mu‘jizillāh(i), wa anallāha mukhzil-kāfirīn(a).
[2] Saiki para wong kaphir padha anjajaha ana ing bumi sakarêp-karêpe kalawan slamêt, (ora ana kang ngarubiru) lawase nganti patang sasi, (iya iku sasi Sawal, Dulkangidah, Dulkijah lan sasi Mukharam) lan manèh wong kaphir mau padha sumurupa, anane wêwangên nyrantèkake patang sasi mau, ora marga wong kaphir mênang lan Allah, (Allah paring ombèr. Bokmênawa sajrone patang sasi mau wong kaphir ana kang tobat, marèni kaphire) satêmêne Allah iku ngasorake wong kaphir.

وَاَذَانٌ مِّنَ اللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖٓ اِلَى النَّاسِ يَوْمَ الْحَجِّ الْاَكْبَرِ اَنَّ اللّٰهَ بَرِيْۤءٌ مِّنَ الْمُشْرِكِيْنَ ەۙ وَرَسُوْلُهٗ ۗفَاِنْ تُبْتُمْ فَهُوَ خَيْرٌ لَّكُمْۚ وَاِنْ تَوَلَّيْتُمْ فَاعْلَمُوْٓا اَنَّكُمْ غَيْرُ مُعْجِزِى اللّٰهِ ۗوَبَشِّرِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِعَذَابٍ اَلِيْمٍۙ٣
Wa ażānum minallāhi wa rasūlihī ilan-nāsi yaumal-ḥajjil akbari annallāha barī'um minal-musyrikīn(a), wa rasūluh(ū), fa in tubtum fa huwa khairul lakum, wa in tawallaitum fa‘lamū annakum gairu mu‘jizillāh(i), wa basysyiril-lażīna kafarū bi‘ażābin alīm(in).
[3] Iki undhang-undhang saka Allah lan Rasulullah, diundhangake ana ing dina khaji gêdhe, (tanggal ping sapuluh sasi Dulkhijah) warataa marang sarupaning wong, paring sumurup, yèn Allah lan Rasulullah anyibratake marang para wong musrik kabèh. Ewadene yèn sira para wong musrik padha tobat, iku bêcik bangêt tumraping awakira. Dene yèn sira padha lumuh tobat, sira sumurupa yèn sira iku ora mênang lan Allah. He Mukhammad, para wong kaphir iku padha sira ancama kalawan siksa kang nglarani.

اِلَّا الَّذِيْنَ عَاهَدْتُّمْ مِّنَ الْمُشْرِكِيْنَ ثُمَّ لَمْ يَنْقُصُوْكُمْ شَيْـًٔا وَّلَمْ يُظَاهِرُوْا عَلَيْكُمْ اَحَدًا فَاَتِمُّوْٓا اِلَيْهِمْ عَهْدَهُمْ اِلٰى مُدَّتِهِمْۗ اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُتَّقِيْنَ٤
Illal-lażīna ‘āhattum minal-musyrikīna ṡumma lam yanquṣūkum syai'aw wa lam yuẓāhirū ‘alaikum aḥadan fa atimmū ilaihim ‘ahdahum ilā muddatihim, innallāha yuḥibbul-muttaqīn(a).
[4] Kajaba wong musrik kang wis padha prajanjian rukun lan sira wong Islam kabèh, sarta ora nyidrani [nyidra....ni] janjine marang sira, lan ora biyantu marang mungsuh kaphir liyane, iku sira lêstarèkna prajanjiane, nganti têkan ing wêwangêne. Satêmêne Allah iku rêmên wong kang padha wêdi ing Allah.

فَاِذَا انْسَلَخَ الْاَشْهُرُ الْحُرُمُ فَاقْتُلُوا الْمُشْرِكِيْنَ حَيْثُ وَجَدْتُّمُوْهُمْ وَخُذُوْهُمْ وَاحْصُرُوْهُمْ وَاقْعُدُوْا لَهُمْ كُلَّ مَرْصَدٍۚ فَاِنْ تَابُوْا وَاَقَامُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتَوُا الزَّكٰوةَ فَخَلُّوْا سَبِيْلَهُمْۗ اِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٥
Fa iżansalakhal-asyhurul-ḥurumu faqtulul-musyrikīna ḥaiṡu wajattumūhum wa khużūhum waḥṣurūhum waq‘udū lahum kulla marṣad(in), fa in tābū wa aqāmuṣ-ṣalāta wa ātawuz-zakāta fa khallū sabīlahum, innallāha gafūrur raḥīm(un).
[5] Samăngsa sasi Kharam papat mau wis pundhat, para wong musrik mau ing ngêndi bae ênggone kêtêmu, banjur sira patènana, utawa sira boyonga, utawa sira kunjaraa. Apadene sira padha ngadhanga wong kaphir ana ing ngêndi-êndi dalan. Dene mênawa wong kaphir mau banjur padha tobat, lan padha nglakoni sêmbayang apadene padha bayar jakat, iya banjur lêstarèkna kalawan slamêt, satêmêne Allah iku ngapura tur Maha-asih.

وَاِنْ اَحَدٌ مِّنَ الْمُشْرِكِيْنَ اسْتَجَارَكَ فَاَجِرْهُ حَتّٰى يَسْمَعَ كَلٰمَ اللّٰهِ ثُمَّ اَبْلِغْهُ مَأْمَنَهٗ ۗذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ قَوْمٌ لَّا يَعْلَمُوْنَ ࣖ٦
Wa in aḥadum minal-musyrikīnastajāraka fa ajirhu ḥattā yasma‘a kalāmallāhi ṡumma ablighu ma'manah(ū), żālika bi'annahum qaumul lā ya‘lamūn(a).
[6] Para wong musrik kang wis Ingsun dhawuhake matèni mau, mênawa ana kang durung tau prajanjian lan sira, banjur jaluk lilah arêp ngrungokake dhawuhing Allah, iku sira lilanana, sawise krungu dhawuhing Allah kalawan têrang, banjur sira lilanana mulih marang omahe. Mulane mangkono amarga wong kaphir mau durung wêruh kaananing agama Islam.

كَيْفَ يَكُوْنُ لِلْمُشْرِكِيْنَ عَهْدٌ عِنْدَ اللّٰهِ وَعِنْدَ رَسُوْلِهٖٓ اِلَّا الَّذِيْنَ عَاهَدْتُّمْ عِنْدَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِۚ فَمَا اسْتَقَامُوْا لَكُمْ فَاسْتَقِيْمُوْا لَهُمْ ۗاِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُتَّقِيْنَ٧
Kaifa yakūnu lil-musyrikīna ‘ahdun ‘indallāhi wa ‘inda rasūlihī illal-lażīna ‘āhattum ‘indal-masjidil-ḥarām(i), famastaqāmū lakum fastaqīmū lahum, innallāha yuḥibbul-muttaqīn(a).
[7] Para wong musrik iku amêsthi ora duwejanji apa-apa ana ngarsaning Allah lan Rasulullah, kajaba kang wis padha prajanjian lan sira wong Islam kabèh ana ing Masjidil Kharam, iku sing sapa nuhoni janjine marang sira, iya sira timbangana tuhu ing janji uga. Satêmêne Allah iku rêmên wong kang padha wêdi ing Allah.

كَيْفَ وَاِنْ يَّظْهَرُوْا عَلَيْكُمْ لَا يَرْقُبُوْا فِيْكُمْ اِلًّا وَّلَا ذِمَّةً ۗيُرْضُوْنَكُمْ بِاَفْوَاهِهِمْ وَتَأْبٰى قُلُوْبُهُمْۚ وَاَكْثَرُهُمْ فٰسِقُوْنَۚ٨
Kaifa wa iy yaẓharū ‘alaikum lā yarqubū fīkum illaw wa lā żimmah(tan), yurḍūnakum bi'afwāhihim wa ta'bā qulūbuhum, wa akṡaruhum fāsiqūn(a).
[8] Kapriye ênggonira arêp ngarani yèn wong musrik iku tuhu ing janji, awit upama si musrik iku mênanga, wis mêsthi ora nuhoni janjine, ora ngrungkêbi supatane lan ora nolèh sadulur. Sarèhne kalah, mung gawe gêlar lamis, cangkême muni manut, batine suthik manut. Dene wong musrik mau kang akèh padha phasèk, nyidrani janji.

اِشْتَرَوْا بِاٰيٰتِ اللّٰهِ ثَمَنًا قَلِيْلًا فَصَدُّوْا عَنْ سَبِيْلِهٖۗ اِنَّهُمْ سَاۤءَ مَاكَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٩
Isytarau bi'āyātillāhi ṡaman qalīlan fa ṣaddū ‘an sabīlih(ī), innahum sā'a mā kānū ya‘malūn(a).
[9] Wong musrik mau padha nampik ayating Allah, milih barang kang sapele, iya iku kabungahan ing dunya, nuruti kêkarêpane, banjur padha makewuhi tumidak ing dalan agamaning Allah, wong mangkono mau iba alane kang padha dilakoni.

لَا يَرْقُبُوْنَ فِيْ مُؤْمِنٍ اِلًّا وَّلَا ذِمَّةً ۗوَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُعْتَدُوْنَ١٠
Lā yarqubūna fī mu'minin illaw wa lā żimmah(tan),ulā'ika humul-mu‘tadūn(a)
[10] Wong mangkono mau upama mênanga, mêsthi ora nuhoni janjine marang wong mukmin, ora ngrungkêbi supatane lan ora nolèh marang sadulur. Wong mangkono iku têtêp wong andaluya.

فَاِنْ تَابُوْا وَاَقَامُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتَوُا الزَّكٰوةَ فَاِخْوَانُكُمْ فِى الدِّيْنِ ۗوَنُفَصِّلُ الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يَّعْلَمُوْنَ١١
Fa in tābū wa aqāmuṣ-ṣalāta wa ātawuz-zakāta fa ikhwānukum fid-dīn(i), wa nufaṣṣīlul-āyāti liqaumiy ya‘lamūn(a).
[11] Dene wong mangkono mau mênawa banjur padha tobat, padha nglakoni sêmbayang, lan padha bayar jakat, iku padha têtêp dadi sadulurira tunggal agama, iki Ingsun anjalèntrèhake ayat pirang-pirang marang wong kang padha bisa ngêrti.

وَاِنْ نَّكَثُوْٓا اَيْمَانَهُمْ مِّنْۢ بَعْدِ عَهْدِهِمْ وَطَعَنُوْا فِيْ دِيْنِكُمْ فَقَاتِلُوْٓا اَىِٕمَّةَ الْكُفْرِۙ اِنَّهُمْ لَآ اَيْمَانَ لَهُمْ لَعَلَّهُمْ يَنْتَهُوْنَ١٢
Wa in nakaṡū aimānahum mim ba‘di ‘ahdihim wa ṭa‘anū fī dīnikum fa qātilū a'immatal-kufr(i), innahum lā aimāna lahum la‘allahum yantahūn(a).
[12] Wong kaphir mau sawise padha nyanggêmi prajanjian, mênawa banjur padha nyidrani janjine, nêrak supatane, lan padha nacad agamanira Islam, ing kono para pangarêpe wong kaphir mau banjur padha sira patènana, awit kabèh mau têtêp wong ora tuhu marang supatane, iku supaya wong kaphir mau padha marènana ênggone cidra ing janji.

اَلَا تُقَاتِلُوْنَ قَوْمًا نَّكَثُوْٓا اَيْمَانَهُمْ وَهَمُّوْا بِاِخْرَاجِ الرَّسُوْلِ وَهُمْ بَدَءُوْكُمْ اَوَّلَ مَرَّةٍۗ اَتَخْشَوْنَهُمْ ۚفَاللّٰهُ اَحَقُّ اَنْ تَخْشَوْهُ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٣
Alā tuqātilūna qauman nakaṡū aimānahum wa hammū bi'ikhrājir-rasūli wa hum bada'ūkum awwala marrah(tin), atakhsyaunahum, fallāhu aḥaqqu an takhsyauhu in kuntum mu'minīn(a).
[13] Apa sababe yèn sira ora gêlêma pêrang ngayoni wong kang padha nyidrani janjine lan nêrak supatane, apadene padha ngrantam nêja nglungakake Rasulullah saka ing Mêkah, wong mau padha miwiti kêrêngan lan sira dhèk pêrang anaing Badar biyèn. Yèn sira têmên pracaya ing Allah, yagene sira wêdi marang wong kaphir, bênêre sira luwih wêdi marang Allah tinimbang marang wong kaphir mau.

قَاتِلُوْهُمْ يُعَذِّبْهُمُ اللّٰهُ بِاَيْدِيْكُمْ وَيُخْزِهِمْ وَيَنْصُرْكُمْ عَلَيْهِمْ وَيَشْفِ صُدُوْرَ قَوْمٍ مُّؤْمِنِيْنَۙ١٤
Qātilūhum yu‘ażżibhumullāhu bi'aidīkum wa yukhzihim wa yanṣurkum ‘alaihim wa yasyfi ṣudūra qaumim mu'minīn(a).
[14] Sira padha mangsaha pêrang ngayoni wong kaphir mau, Allah bakal niksa wong kaphir sarana tanganira, lan bakal ngasorake pêrange wong kaphir mau, lan bakal nulungi sira, ngalahake wong kaphir, lan bakal anglipur para wong mukmin ênggone lara atine, marang wong kaphir mau.

وَيُذْهِبْ غَيْظَ قُلُوْبِهِمْۗ وَيَتُوْبُ اللّٰهُ عَلٰى مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ١٥
Wa yużhib gaiẓa qulūbihim, wa yatūbullāhu ‘alā may yasyā'(u), wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[15] Lan bakal ngilangake kasusahane para wong mukmin, lan bakal ngapura wong kang dadi parênging karsane, dene Allah iku nguningani tur wicaksana.

اَمْ حَسِبْتُمْ اَنْ تُتْرَكُوْا وَلَمَّا يَعْلَمِ اللّٰهُ الَّذِيْنَ جَاهَدُوْا مِنْكُمْ وَلَمْ يَتَّخِذُوْا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَلَا رَسُوْلِهٖ وَلَا الْمُؤْمِنِيْنَ وَلِيْجَةً ۗوَاللّٰهُ خَبِيْرٌۢ بِمَا تَعْمَلُوْنَ ࣖ١٦
Am ḥasibtum an tutrakū wa lammā ya‘lamillāhul-lażīna jāhadū minkum wa lam yattakhiżū min dūnillāhi wa lā rasūlihī wa lal-mu'minīna walījah(tan), wallāhu khabīrum bimā ta‘malūn(a).
[16] (He para wong mukmin) apa sira ngira yèn sira iku ditogake bae dening Allah, ora diwajibake mangsah pêrang. Wruhanira, sadurunge sira mangsah pêrang, Allah durung nguningani kalawan gumêlar, êndi kancanira wong Islam kang padha sêtya tuhu, ora apèk sadulur sinarawèdi marang liyane Allah lan Rasulullah lan para wong mukmin. Tur Allah iku waspada marang sajatine kang padha sira lakoni.

مَا كَانَ لِلْمُشْرِكِيْنَ اَنْ يَّعْمُرُوْا مَسٰجِدَ اللّٰهِ شٰهِدِيْنَ عَلٰٓى اَنْفُسِهِمْ بِالْكُفْرِۗ اُولٰۤىِٕكَ حَبِطَتْ اَعْمَالُهُمْۚ وَ فِى النَّارِ هُمْ خٰلِدُوْنَ١٧
Mā kāna lil-musyrikīna ay ya‘murū masājidallāhi syāhidīna ‘alā anfusihim bil-kufr(i), ulā'ika ḥabiṭat a‘māluhum, wa fin-nāri hum khālidūn(a).
[17] Sarupane wong musrik dilarangi ora kêna ngrêgêngake masjiding Allah, (Masjidil Kharam) lawan ngakoni utawa ngêdhèng ênggone kaphir. Wong mangkono iku lakune kang bêcik: sirna larut kabèh, sarta bakal padha langgêng ana ing naraka.

اِنَّمَا يَعْمُرُ مَسٰجِدَ اللّٰهِ مَنْ اٰمَنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَاَقَامَ الصَّلٰوةَ وَاٰتَى الزَّكٰوةَ وَلَمْ يَخْشَ اِلَّا اللّٰهَ ۗفَعَسٰٓى اُولٰۤىِٕكَ اَنْ يَّكُوْنُوْا مِنَ الْمُهْتَدِيْنَ١٨
Innamā ya‘muru masājidallāhi man āmana billāhi wal-yaumil-ākhiri wa aqāmaṣ-ṣalāta wa ātaz-zakāta wa lam yakhsya illallāh(a), fa ‘asā ulā'ika ay yakūnū minal-muhtadīn(a).
[18] Kang mêsthi kêna ngrêgêngake masjiding Allah iku mung wong kang pracaya ing Allah lan pracaya bakal anane dina kiyamat, sarta nglakoni sêmbayang lan bayar jakat, ora wêdi sapa-sapa, mung wêdi ing Allah bae. Wong kang mangkono mau ewone wong olèh pituduh bênêr.

۞ اَجَعَلْتُمْ سِقَايَةَ الْحَاۤجِّ وَعِمَارَةَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ كَمَنْ اٰمَنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَجَاهَدَ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗ لَا يَسْتَوٗنَ عِنْدَ اللّٰهِ ۗوَاللّٰهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَۘ١٩
Aja‘altum siqāyatal-ḥājji wa ‘imāratal-masjidil-ḥarāmi kaman āmana billāhi wal-yaumil-ākhiri wa jāhada fī sabīlillāh(i), lā yastawūna ‘indallāh(i), wallāhu lā yahdil-qaumaẓ-ẓālimīn(a).
[19] Yagene sira padha nganggêp yèn wong nyadhiyani ombèn-ombèn marang wong kang padha nglakoni khaji lan wong ngrêgêngake Masjidil Kharam iku kautamane madhani wong pracaya ing Allah lan pracaya bakal anane dina kiyamat, sarta mangsah pêrang sabilullah. Wruhanira, iku mungguhing Allah ora padha, (luwih utama wong kang pracaya ing Allah lan pracaya bakal anane dina kiyamat, sarta sabilullah). Dene Allah iku ora karsa nuduhake wong kang padha anjarag duraka.

اَلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَهَاجَرُوْا وَجَاهَدُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ بِاَمْوَالِهِمْ وَاَنْفُسِهِمْۙ اَعْظَمُ دَرَجَةً عِنْدَ اللّٰهِ ۗوَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْفَاۤىِٕزُوْنَ٢٠
Allażīna āmanū wa hājarū wa jāhadū fī sabīlillāhi bi'amwālihim wa anfusihim, a‘ẓamu darajatan ‘indallāh(i), wa ulā'ika humul-fā'izūn(a).
[20] Sarupane wong kang pracaya, ngèstokake parentahing Allah, lan padha ninggal bale omahe milu ngalih mênyang Madinah, apadene padha sêtya tuhu mangsah pêrang sabilullah, ngêtohake bandhane lan nyawane, iku kabèh mungguhing Allah luwih gêdhe darajate. Lan wong mangkono iku kabèh padha bêgja.

يُبَشِّرُهُمْ رَبُّهُمْ بِرَحْمَةٍ مِّنْهُ وَرِضْوَانٍ وَّجَنّٰتٍ لَّهُمْ فِيْهَا نَعِيْمٌ مُّقِيْمٌۙ٢١
Yubasysyiruhum rabbuhum biraḥmatim minhu wa riḍwāniw wa jannātil lahum fīhā na‘īmum muqīm(un).
[21] Wong kang mangkono mau padha dibêbungah dening Pangerane, didhawuhi bakal diparingi rahmat lan karilaning Pangeran. Apadene diparingi suwarga, ana ing kono padha olèh nikmat kang langgêng salawase.

خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًا ۗاِنَّ اللّٰهَ عِنْدَهٗٓ اَجْرٌ عَظِيْمٌ٢٢
Khālidīna fīhā abadā(n), innallāha ‘indahū ajrun ‘aẓīm(un).
[22] Wong mau pamanggone ingna[10] ing suwarga padha langgêng salawase, satêmêne Allah iku kagungan ganjaran kang gêdhe.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَتَّخِذُوْٓا اٰبَاۤءَكُمْ وَاِخْوَانَكُمْ اَوْلِيَاۤءَ اِنِ اسْتَحَبُّوا الْكُفْرَ عَلَى الْاِيْمَانِۗ وَمَنْ يَّتَوَلَّهُمْ مِّنْكُمْ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ٢٣
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tattakhiżū ābā'akum wa ikhwānakum auliyā'a inistaḥabbul-kufra ‘alal-īmān(i), wa may yatawallahum minkum fa ulā'ika humuẓ-ẓālimūn(a).
[23] He para wong mukmin, mênawa bapakira utawa para sadulurira milih nêtêpi kaphir, suthik pracaya ing Allah lan marang Rasulullah, iku aja sira ênggo sudarawèdi. Dene sing sapa nganggêp sudarawèdi wong kaphir, dupèh bapakne utawa sadulure, iku têtêp wong duraka, nganiaya marang awake dhewe.

قُلْ اِنْ كَانَ اٰبَاۤؤُكُمْ وَاَبْنَاۤؤُكُمْ وَاِخْوَانُكُمْ وَاَزْوَاجُكُمْ وَعَشِيْرَتُكُمْ وَاَمْوَالُ ِۨاقْتَرَفْتُمُوْهَا وَتِجَارَةٌ تَخْشَوْنَ كَسَادَهَا وَمَسٰكِنُ تَرْضَوْنَهَآ اَحَبَّ اِلَيْكُمْ مِّنَ اللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَجِهَادٍ فِيْ سَبِيْلِهٖ فَتَرَبَّصُوْا حَتّٰى يَأْتِيَ اللّٰهُ بِاَمْرِهٖۗ وَاللّٰهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْفٰسِقِيْنَ ࣖ٢٤
Qul in kāna ābā'ukum wa abnā'ukum wa ikhwānukum wa azwājukum wa ‘asyīratukum wa amwāluniqtaraftumūhā wa tijāratun takhsyauna kasādahā wa masākinu tarḍaunahā aḥabba ilaikum minallāhi wa rasūlihī wa jihādin fī sabīlihī fa tarabbaṣū ḥattā ya'tiyallāhu bi'amrih(ī), wallāhu lā yahdil-qaumal-fāsiqīn(a).
[24] (He Mukhammad) sira dhawuha: Mênawa sira luwih dhêmên marang bapakira, lan marang para anakira, lan marang para sadulurira, lan marang bojonira, lan marang para kancanira, lan marang băndha ênggonira ngupajiwa, lan marang dagangan kang sira kuwatirake ilange, lan marang omah kang sira krasani, ngungkuli dhêmênira marang Allah, lan marang Rasulullah, lan marang pêrang sabilullah, iku sira êntènana sadhela, Allah bakal nêkakake siksa padha sanalika, dene Allah iku ora karsa nuduhake dalan bênêr marang wong kang apdha phasèk (duraka).

لَقَدْ نَصَرَكُمُ اللّٰهُ فِيْ مَوَاطِنَ كَثِيْرَةٍۙ وَّيَوْمَ حُنَيْنٍۙ اِذْ اَعْجَبَتْكُمْ كَثْرَتُكُمْ فَلَمْ تُغْنِ عَنْكُمْ شَيْـًٔا وَّضَاقَتْ عَلَيْكُمُ الْاَرْضُ بِمَا رَحُبَتْ ثُمَّ وَلَّيْتُمْ مُّدْبِرِيْنَۚ٢٥
Laqad naṣarakumullāhu fī mawāṭina kaṡīrah(tin), wa yauma ḥunain(in), iż a‘jabatkum kaṡratukum falam tugni ‘ankum syai'aw wa ḍāqat ‘alaikumul-arḍu bimā raḥubat ṡumma wallaitum mudbirīn(a).
[25] Allah têmên wis nulungi marang sira wong Islam kabèh ana ing panggonan pirang-pirang, apadene nalika pêrang ana ing Khunèn, (Khunèn iku araning jurang ana antarane nagara Mêkah lan Taiph, dohe saka Mêkah wolulas pal. Khazin.) dhèk samana sira padha eram, marga saka kancanira luwih dening akèh, rumăngsa bakal ora kalah, nanging katêmahane kèhe kancanira mau ora bisa anjalari mênang, malah kêsêsêr. Bumi kang jêmbar tumrape ing sira dhèk samana, katon ciyut, (rumăngsa ora olèh pangungsèn) sira banjur padha lumayu ngungkurake mungsuh.

ثُمَّ اَنْزَلَ اللّٰهُ سَكِيْنَتَهٗ عَلٰى رَسُوْلِهٖ وَعَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ وَاَنْزَلَ جُنُوْدًا لَّمْ تَرَوْهَا وَعَذَّبَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۗ وَذٰلِكَ جَزَاۤءُ الْكٰفِرِيْنَ٢٦
Ṡumma anzalallāhu sakīnatahū ‘alā rasūlihī wa ‘alal-mu'minīna wa anzala junūdal lam tarauhā wa ‘ażżabal-lażīna kafarū, wa żālika jazā'ul-kāfirīn(a).
[26] Sawise sira padha kêplayu, Allah banjur paring pitulung marang Rasulullah lan para wong mukmin, kang anjalari têntrême, iya iku Allah nurunake wadyabala malaikat, sira padha ora wêruh, Allah banjur niksa mungsuhira wong kaphir, ana kang mati kasambut ing pêrang lan ana kang kaboyong, kang mangkono iku wêwalêse Allah marang para wong kaphir.

ثُمَّ يَتُوْبُ اللّٰهُ مِنْۢ بَعْدِ ذٰلِكَ عَلٰى مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٢٧
Ṡumma yatūbullāhu mim ba‘di żālika ‘alā may yasyā'(u), wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[27] Sawise mangkon, Allah banjur ngapura marang wong kaphir mau, êndi kang tobat, lan dadi parênging karsane. Dene Allah iku ngapura tur Maha-asih.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنَّمَا الْمُشْرِكُوْنَ نَجَسٌ فَلَا يَقْرَبُوا الْمَسْجِدَ الْحَرَامَ بَعْدَ عَامِهِمْ هٰذَا ۚوَاِنْ خِفْتُمْ عَيْلَةً فَسَوْفَ يُغْنِيْكُمُ اللّٰهُ مِنْ فَضْلِهٖٓ اِنْ شَاۤءَۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ٢٨
Yā ayyuhal-lażīna āmanū innamal-musyrikūna najasun falā yaqrabul-masjidal-ḥarāma ba‘da ‘āmihim hāżā, wa in khiftum ‘ailatan fa saufa yugnīkumullāhu min faḍlihī in syā'(a), innallāha ‘alīmun ḥakīm(un).
[28] He para wong mukmin, para wong musrik iku kabèh padha najis, (rêgêd) mulane sawise taun ăngka sanga iki, aja awèh cêdhak- cêdhak Masjidil Kharam, mênawa sira padha kuwatir anggombal, kang marga dioncati wong musrik kang padha laku dagang, Allah kang bakal paring sugih marang sira saka sih kanugrahaning Allah, mênawa dadi parênging karsane. Satêmêne Allah iku nguningani tur wicaksana.

قَاتِلُوا الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَلَا بِالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَلَا يُحَرِّمُوْنَ مَا حَرَّمَ اللّٰهُ وَرَسُوْلُهٗ وَلَا يَدِيْنُوْنَ دِيْنَ الْحَقِّ مِنَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ حَتّٰى يُعْطُوا الْجِزْيَةَ عَنْ يَّدٍ وَّهُمْ صٰغِرُوْنَ ࣖ٢٩
Qātilul-lażīna lā yu'minūna billāhi wa lā bil-yaumil-ākhiri wa lā yuḥarrimūna mā ḥarramallāhu wa rasūluhū wa lā yadīnūna dīnal-ḥaqqi minal-lażīna ūtul-kitāba ḥattā yu‘ṭul-jizyata ‘ay yadiw wa hum ṣāgirūn(a).
[29] Sira padha mangsaha pêrang, ngayoni wong kaphir [ka....phir] kang padha duwe cêcêkêlan kitab, kang padha ora ngèstokake dhawuhing Allah, lan ora pracaya bakal anane dina kiyamat, lan ora ngaramake barang kang dikharamake dening Allah lan Rasulullah, lan ora nglakoni agama kang bênêr, (iya iku agama Islam) kajaba yèn wong kaphir mau bayar pajêg kalawan paksa, samono mau wong kaphir kudu digawe asor.

وَقَالَتِ الْيَهُوْدُ عُزَيْرُ ِۨابْنُ اللّٰهِ وَقَالَتِ النَّصٰرَى الْمَسِيْحُ ابْنُ اللّٰهِ ۗذٰلِكَ قَوْلُهُمْ بِاَفْوَاهِهِمْۚ يُضَاهِـُٔوْنَ قَوْلَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ قَبْلُ ۗقَاتَلَهُمُ اللّٰهُ ۚ اَنّٰى يُؤْفَكُوْنَ٣٠
Wa qālatil-yahūdu ‘uzairunibnullāhi wa qālatin-naṣāral-masīḥubnullāh(i), żālika qauluhum bi'afwāhihim, yuḍāhi'ūna qaulal-lażīna kafarū min qabl(u), qātalahumullāh(u), annā yu'fakūn(a).
[30] Wong Yahudi ngucap: Nabi Ngujèr iku putraning Allah, dene wong Nasara iya ngucap: Nabi Ngisa iku putraning Allah. Mungguh pangucape wong kaphir mangkono mau mung unining cangkêm (tanpa wêwaton apa-apa) iku ngèmpêri pangucape wong kaphir sadurunge wong Yahudi mau. Anggumunake. Kapriye ênggone arêp nyelaki bênêr kang tăndha yêktine wis nyata. Allah muga ambêndonana wong kaphir mau.

اِتَّخَذُوْٓا اَحْبَارَهُمْ وَرُهْبَانَهُمْ اَرْبَابًا مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَالْمَسِيْحَ ابْنَ مَرْيَمَۚ وَمَآ اُمِرُوْٓا اِلَّا لِيَعْبُدُوْٓا اِلٰهًا وَّاحِدًاۚ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۗ سُبْحٰنَهٗ عَمَّا يُشْرِكُوْنَ٣١
Ittakhażū aḥbārahum wa ruhbānahum arbābam min dūnillāhi wal-masīḥabna maryam(a), wa mā umirū illā liya‘budū ilāhaw wāḥidā(n), lā ilāha illā huw(a), subḥānahū ‘ammā yusyrikūn(a).
[31] Wong Yahudi lan wong Nasara mau padha ngadêgake pandhitane, diadêgake Pangeran. Nabi Ngisa putrane Maryam uga diadêgake Pangeran, ora mangeran Allah, tur wong Yahudi lan wong Nasara mau ora diparentahi aapa-apa[11] [a.....apa-apa] dening nabine, kajaba diparentahi nêmbah ing Allah Pangeran kang Esa. Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr, kajaba mung Allah. Allah iku Mahasuci. Adoh bangêt karo pangucape wong Yahudi lan wong Nasara ênggone padha maro tingal mau.

يُرِيْدُوْنَ اَنْ يُّطْفِـُٔوْا نُوْرَ اللّٰهِ بِاَفْوَاهِهِمْ وَيَأْبَى اللّٰهُ اِلَّآ اَنْ يُّتِمَّ نُوْرَهٗ وَلَوْ كَرِهَ الْكٰفِرُوْنَ٣٢
Yurīdūna ay yuṭfi'ū nūrallāhi bi'afwāhihim wa ya'ballāhu illā ay yutimma nūrahū wa lau karihal-kāfirūn(a).
[32] Karêpe wong kaphir iku kudu matèni pêpadhang sarengating Allah, dipatèni sarana cangkême, nanging Allah ora parêng. Karsane: Cahyaning Allah mau sumêblak kalawan sampurna. Sanadyan wong kaphir padha ora condhong iya karêbèn.

هُوَ الَّذِيْٓ اَرْسَلَ رَسُوْلَهٗ بِالْهُدٰى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهٗ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهٖۙ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ٣٣
Huwal-lażī arsala rasūlahū bil-hudā wa dīnil-ḥaqqi liyuẓhirahū ‘alad-dīni kullih(ī), wa lau karihal-musyrikūn(a).
[33] Allah iku kang ngutus Rasulullah, ngundhangake pituduh bênêr agama Islam, supaya digêlarake warata, dadia panyirêpe sarupaning agama. Sanadyan wong musrik padha ora condhong iya karêbèn.

۞ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنَّ كَثِيْرًا مِّنَ الْاَحْبَارِ وَالرُّهْبَانِ لَيَأْكُلُوْنَ اَمْوَالَ النَّاسِ بِالْبَاطِلِ وَيَصُدُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗوَالَّذِيْنَ يَكْنِزُوْنَ الذَّهَبَ وَالْفِضَّةَ وَلَا يُنْفِقُوْنَهَا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۙفَبَشِّرْهُمْ بِعَذَابٍ اَلِيْمٍۙ٣٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanū inna kaṡīram minal-aḥbāri war-ruhbāni laya'kulūna amwālan-nāsi bil-bāṭili wa yaṣuddūna ‘an sabīlillāh(i), wal-lażīna yaknizūnaż-żahaba wal-fiḍḍata wa lā yunfiqūnahā fī sabīlillāh(i), fa basysyirhum bi‘ażābin alīm(in).
[34] He para wong mukmin, wruhanira pandhita Yahudi lan pandhita Nasara iku kang akèh nampani bandhaning manungsa kalawan ora bênêr, sarta padha makewuhi manungsa ênggone arêp tumindak anglakoni dalan agamaning Allah. Dene wong kang padha nglumpukake mas lan salaka, ora diênggo bayar jakat, kang wis ditamtokake ing wêwaton dalaning Allah agama Islam, kabèh mau padha sira ancama kalawan siksa kang nglarani.

يَّوْمَ يُحْمٰى عَلَيْهَا فِيْ نَارِ جَهَنَّمَ فَتُكْوٰى بِهَا جِبَاهُهُمْ وَجُنُوْبُهُمْ وَظُهُوْرُهُمْۗ هٰذَا مَا كَنَزْتُمْ لِاَنْفُسِكُمْ فَذُوْقُوْا مَا كُنْتُمْ تَكْنِزُوْنَ٣٥
Yauma yuḥmā ‘alaihā fī nāri jahannama fa tukwā bihā jibāhuhum wa junūbuhum wa ẓuhūruhum, hāżā mā kanaztum li'anfusikum fa żūqū mā kuntum taknizūn(a).
[35] Kalakone siksa iku besuk ana ing akhirat, nalikane sêsimpênan mas lan salaka mau diobong, dadi êmpan-êmpaning gêni nagara,[12] kanggo ngobong rai, lambung lan gêgêre wong kang nglumpukake mas lan salaka mau. Ing kono ana dhawuh: Iki mas lan salaka kang padha sira kalumpukake kanggo kabutuhanira dhewe biyèn. Saiki mara padha sira rasakna mas lan salaka kang padha sira kalumpukake mau.

اِنَّ عِدَّةَ الشُّهُوْرِ عِنْدَ اللّٰهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ مِنْهَآ اَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ۗذٰلِكَ الدِّيْنُ الْقَيِّمُ ەۙ فَلَا تَظْلِمُوْا فِيْهِنَّ اَنْفُسَكُمْ وَقَاتِلُوا الْمُشْرِكِيْنَ كَاۤفَّةً كَمَا يُقَاتِلُوْنَكُمْ كَاۤفَّةً ۗوَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ مَعَ الْمُتَّقِيْنَ٣٦
Inna ‘iddatasy-syuhūri ‘indallāhiṡnā ‘asyara syahran fī kitābillāhi yauma khalaqas-samāwāti wal-arḍa minhā arba‘atun ḥurum(un), żālikad-dīnul-qayyim(u), falā taẓlimū fīhinna anfusakum wa qātilul-musyrikīna kāffatan kamā yuqātilūnakum kāffah(tan), wa‘lamū annallāha ma‘al-muttaqīn(a).
[36] Mungguhing Allah, cacahing sasi iku ing dalêm sataun, rolas sasi, iku wis tinulis ana kitabing Allah (Lohmahphul) nalika dumadining bumi lan langit biyèn. Sasi rolas mau papat kang diarani sasi Kharam, (Sasi Kharam iku sasi Sawal, Dulkangidah, Dulkijah lan sasi Mukharam, mulane diarani sasi Kharam, awit para wong kuna ing Mêkah padha mulyakake sasi papat mau, ênggone mulyakake ing sasi mau wong padha dilarangi pêrang utawa matèni wong, wong kuna iya padha wêdi nêrak larangan mau, sanadyan kêpêthuk wong kang matèni bapakne utawa anake, ora gêlêm munasika, barêng agama Islam wis tumindak, iya nglêstarèkake mulyane sasi papat mau. Khazin) iya iku etungan kang bênêr. Sajrone patang sasi mau sira aja padha nganiaya awakira sarana nglakoni kaluputan. Lan sira padha ngyonana pêrang marang sarupane wong musrik kabèh, kaya wong kaphir ênggone padha ngayoni pêrang marang sira kabèh. Wruhanira Allah iku ngrewangi wong kang padha wêdi ing Allah.

اِنَّمَا النَّسِيْۤءُ زِيَادَةٌ فِى الْكُفْرِ يُضَلُّ بِهِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا يُحِلُّوْنَهٗ عَامًا وَّيُحَرِّمُوْنَهٗ عَامًا لِّيُوَاطِـُٔوْا عِدَّةَ مَا حَرَّمَ اللّٰهُ فَيُحِلُّوْا مَا حَرَّمَ اللّٰهُ ۗزُيِّنَ لَهُمْ سُوْۤءُ اَعْمَالِهِمْۗ وَاللّٰهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْكٰفِرِيْنَ ࣖ٣٧
Innaman-nasī'u ziyādatun fil-kufri yuḍallu bihil-lażīna kafarū yuḥillūnahū ‘āmaw wa yuḥarrimūnahū ‘āmal liyuwāṭi'ū ‘iddata mā ḥarramallāhu fa yuḥillū mā ḥarramallāh(u), zuyyina lahum sū'u a‘mālihim, wallāhu lā yahdil-qaumal-kāfirīn(a).
[37] Wong kaphir kang nyêmayani mulyakake sasi Kharam, iku muwuhi kaphire. Akèh wong kaphir kêsasar marga nyêmayani mulyakake sasi Kharam. Ing sawijining taun, wong kaphir mau ora mulyakake sasi Kharam, nanging banjur nglironi mulyakake ana ing taun liyane. Karêpe supaya ênggone mulyakake sasi mau, bisaa gênêp cacahe, nocogi kaya cacahe sasi Kharam kang wis dihawuhake dening Allah. Dadi satêmêne, wong kaphir mau ngênakake barang kang dilarangi dening Allah, wong kaphir mau padha kêna panggodhaning setan, dhêmên anglakoni ala. Dene Allah iku ora karsa nuduhake bênêr marang wong kang padha kaphir.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَا لَكُمْ اِذَا قِيْلَ لَكُمُ انْفِرُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ اثَّاقَلْتُمْ اِلَى الْاَرْضِۗ اَرَضِيْتُمْ بِالْحَيٰوةِ الدُّنْيَا مِنَ الْاٰخِرَةِۚ فَمَا مَتَاعُ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا فِى الْاٰخِرَةِ اِلَّا قَلِيْلٌ٣٨
Yā ayyuhal-lażīna āmanū mā lakum iżā qīla lakumunfirū fī sabīlillāhiṡ-ṡāqaltum ilal-arḍ(i), araḍītum bil-ḥayātid-dun-yā minal-ākhirah(ti), famā matā‘ul-ḥayātid-dun-yā fil-ākhirati illā qalīl(un).
[38] He para wong mukmin, yagene sira nalikane didhawuhi dening Rasulullah, dikon mangkat anglurug pêrang sabilullah, sira padha abot, kudu andhèprok ana ing bumi kang sira ênggoni. Apa sira luwih dhêmên marang kabungahan ing dunya tinimbang kabungahan ing akhirat. Wruhanira kabungahan ing dunya iku yèn tinimbang kabungahan ing akhirat, sapele bangêt.

اِلَّا تَنْفِرُوْا يُعَذِّبْكُمْ عَذَابًا اَلِيْمًاۙ وَّيَسْتَبْدِلْ قَوْمًا غَيْرَكُمْ وَلَا تَضُرُّوْهُ شَيْـًٔاۗ وَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٣٩
Illā tanfirū yu‘ażżibkum ‘ażāban alīmā(n), wa yastabdil qauman gairakum wa lā taḍurrūhu syai'ā(n), wallāhu ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[39] Mênawa sira padha ora gêlêm mangkat anglurug, Allah bakal niksa marang sira kabèh kalawan siksa kang nglarani. Dene kêlakone pêrang, Allah bakal paring liru bala wong liyanira, kang luwih prayoga, ngungkuli sira. Sira ora bisa gawe kamlaratan apa-apa. Allah iku nguwasani samubarang.

اِلَّا تَنْصُرُوْهُ فَقَدْ نَصَرَهُ اللّٰهُ اِذْ اَخْرَجَهُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا ثَانِيَ اثْنَيْنِ اِذْ هُمَا فِى الْغَارِ اِذْ يَقُوْلُ لِصَاحِبِهٖ لَا تَحْزَنْ اِنَّ اللّٰهَ مَعَنَاۚ فَاَنْزَلَ اللّٰهُ سَكِيْنَتَهٗ عَلَيْهِ وَاَيَّدَهٗ بِجُنُوْدٍ لَّمْ تَرَوْهَا وَجَعَلَ كَلِمَةَ الَّذِيْنَ كَفَرُوا السُّفْلٰىۗ وَكَلِمَةُ اللّٰهِ هِيَ الْعُلْيَاۗ وَاللّٰهُ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ٤٠
Illā tanṣurūhu faqad naṣarahullāhu iż akhrajahul-lażīna kafarū ṡāniyaṡnaini iż humā fil-gāri iż yaqūlu liṣāḥibihī lā taḥzan innallāha ma‘anā, fa anzalallāhu sakīnatahū ‘alaihi wa ayyadahū bijunūdil lam tarauhā wa ja‘ala kalimatal-lażīna kafarus-suflā, wa kalimatullāhi hiyal-‘ulyā, wallāhu ‘azīzun ḥakīm(un).
[40] Mênawa sira ora padha gêlêm biyantu têtulung marang Rasulullah, Allah piyambak kang bakal nulungi Rasulullah. Dhèk samana wis kalêksanan, Rasulullah ênggone pêrang kasêsêr, dioyak [dio....yak] dening para wong kaphir ing Mêkah, Rasulullah mung wong loro lan sakhabat Abu Bakar, dhèk samana wong loro mau padha andhêlik ana ing guwa. Rasulullah calathu marang sakhabate, kowe aja kuwatir, Allah mêsthi ngewangi aku. Allah banjur nurunake katêntrêman marang sakhabat Abu Bakar, lan banjur nyantosakake Nabi Mukhammad, sarana bala malaikat kang ora katon ing manungsa. Apadene karsaning Allah, lêkase para wong kaphir iku digawe asor. Dene karsaning Allah ênggone dhawuh mratakake agama Islam, iku luhur. Dene Allah iku mulya tur wicaksana.

اِنْفِرُوْا خِفَافًا وَّثِقَالًا وَّجَاهِدُوْا بِاَمْوَالِكُمْ وَاَنْفُسِكُمْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗذٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٤١
Infirū khifāfaw wa ṡiqālaw wa jāhidū bi'amwālikum wa anfusikum fī sabīlillāh(i), żālikum khairul lakum in kuntum ta‘lamūn(a).
[41] Sanadyan ènthèng utawa abot, sira mangkata nglurug, lan padha mangsaha pêrang sabilullah kalawan ngêtohake bandhanira lawan nyawanira, yèn sira padha wêruh kawusanan, mêsthi wêruh yèn pêrang sabilullah iku luwih bêcik tumrap ing sira.

لَوْ كَانَ عَرَضًا قَرِيْبًا وَّسَفَرًا قَاصِدًا لَّاتَّبَعُوْكَ وَلٰكِنْۢ بَعُدَتْ عَلَيْهِمُ الشُّقَّةُۗ وَسَيَحْلِفُوْنَ بِاللّٰهِ لَوِ اسْتَطَعْنَا لَخَرَجْنَا مَعَكُمْۚ يُهْلِكُوْنَ اَنْفُسَهُمْۚ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ اِنَّهُمْ لَكٰذِبُوْنَ ࣖ٤٢
Lau kāna ‘araḍan qarībaw wa safaran qāṣidal lattaba‘ūka wa lākim ba‘udat ‘alaihimusy-syuqqah(tu), wa sayaḥlifūna billāhi lawistaṭa‘nā lakharajnā ma‘akum, yuhlikūna anfusahum, wallāhu ya‘lamu innahum lakāżibūn(a).
[42] (He Mukhammad) wong munaphèk iku upama sira jak ngarah jarahan kang gampang kênane, tur cêdhak panggonanane,[13] mêsthi padha sumrinthil, milu ing sira, ananging mungsuh iki adoh panggonane. Mulane mara titènana, wong munaphèk [muna.....phèk] iku bakal padha supata: Dêmi Allah, mênawi kula sagêd, tamtu andhèrèk sampeyan anglurug pêrang. Supatane wong munaphèk mangkono mau bakal ngrusakake awake dhewe. Allah nguningani yèn wong munaphèk mau padha goroh.

عَفَا اللّٰهُ عَنْكَۚ لِمَ اَذِنْتَ لَهُمْ حَتّٰى يَتَبَيَّنَ لَكَ الَّذِيْنَ صَدَقُوْا وَتَعْلَمَ الْكٰذِبِيْنَ٤٣
‘Afallāhu ‘ank(a), lima ażinta lahum ḥattā yatabayyana lakal-lażīna ṣadaqū wa ta‘lamal-kāżibīn(a).
[43] Allah wis muwung ing sira Mukhammad, bab ênggonira banjur nglilani pamite wong munaphèk ora milu nglurug pêrang. Pancène ênggonira nglilani mau sira sarantèkna dhisik, nganti sira wêruh têrang, sapa kang pamite têmên lan sapa kang goroh.

لَا يَسْتَأْذِنُكَ الَّذِيْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ اَنْ يُّجَاهِدُوْا بِاَمْوَالِهِمْ وَاَنْفُسِهِمْۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌۢ بِالْمُتَّقِيْنَ٤٤
Lā yasta'żinukal-lażīna yu'minūna billāhi wal-yaumil-ākhiri ay yujāhidū bi'amwālihim wa anfusihim, wallāhu ‘alīmum bil-muttaqīn(a).
[44] Sarupane wong mukmin, pracaya ing Allah lan ngandêl bakal anane dina kiyamat, ora patut pamit ing sira ora milu nglurug pêrang, eman ngêtohake bandhane lan nyawane. Dene Allah iku nguningani wong kang padha têmên wêdi ing Allah.

اِنَّمَا يَسْتَأْذِنُكَ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَارْتَابَتْ قُلُوْبُهُمْ فَهُمْ فِيْ رَيْبِهِمْ يَتَرَدَّدُوْنَ٤٥
Innamā yasta'żinukal-lażīna lā yu'minūna billāhi wal-yaumil-ākhiri wartābat qulūbuhum fahum fī raibihim yataraddadūn(a).
[45] Wong pamit ora milu pêrang iku kang patut mung wong ora pracaya ing Allah, lan ora ngandêl bakal anane dina kiyamat, sarta atine sêmang, sajrone sêmang wong munaphèk mau padha bingung, (êndi kang prayoga diiloni apa wong Islam apa wong kaphir).

۞ وَلَوْ اَرَادُوا الْخُرُوْجَ لَاَعَدُّوْا لَهٗ عُدَّةً وَّلٰكِنْ كَرِهَ اللّٰهُ انْۢبِعَاثَهُمْ فَثَبَّطَهُمْ وَقِيْلَ اقْعُدُوْا مَعَ الْقٰعِدِيْنَ٤٦
Wa lau arādul-khurūja la'a‘addū lahū ‘uddataw wa lākin karihallāhumbi‘āṡahum fa ṡabbaṭahum wa qīlaq‘udū ma‘al-qā‘idīn(a).
[46] Upama wong munaphèk mau milu nglurug pêrang, mêsthi kudu nyadhiyani ngragadi laku lan pirantining pêrang, nanging rèhning satêmêne padha maro tingal, Allah ora marêngake yèn wong munaphèk mau milua pêrang, mulane Allah banjur ngêndhakake wong munaphèk mau, padha didhawuhi ana sajroning rahsane, sira padha linggiha kapenak ana ing omah bae, karo wong kang padha linggih ora milu pêrang iku.

لَوْ خَرَجُوْا فِيْكُمْ مَّا زَادُوْكُمْ اِلَّا خَبَالًا وَّلَاَوْضَعُوْا خِلٰلَكُمْ يَبْغُوْنَكُمُ الْفِتْنَةَۚ وَفِيْكُمْ سَمّٰعُوْنَ لَهُمْۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌۢ بِالظّٰلِمِيْنَ٤٧
Wa lau kharajū fīkum mā zādūkum illā khabālaw wa la'auḍa‘ū khilālakum yabgūnakumul-fitnah(ta), wa fīkum sammā‘ūna lahum, wallāhu ‘alīmum biẓ-ẓālimīn(a).
[47] Upama wong munaphèk iku padha milu pêrang ing sira Mukhammad, mêsthi ora migunani apa-apa marang sira, dêstun malah makewuhi lan gawe rusak, apadene padha tumbak cucukan, pangarahe supaya wong Islam padha congkraha, lan padha ngrungok-ngrungokake kandhanira, banjur ditêkakake marang kancane. Allah nguningani marang para wong munaphèk kabèh.

لَقَدِ ابْتَغَوُا الْفِتْنَةَ مِنْ قَبْلُ وَقَلَّبُوْا لَكَ الْاُمُوْرَ حَتّٰى جَاۤءَ الْحَقُّ وَظَهَرَ اَمْرُ اللّٰهِ وَهُمْ كٰرِهُوْنَ٤٨
Laqadibtagawul-fitnata min qablu wa qallabū lakal-umūra ḥattā jā'al-ḥaqqu wa ẓahara amrullāhi wa hum kārihūn(a).
[48] Biyèn mula wong munaphèk iku padha kudu gawe paekan, makewuhi tumindaking agama Islam, lan padha mêrês budi murih jugare agamanira. Nganti kanyataan sira ditulungi lan disantosakake dening Allah, apadene parentahing Allah wis kanyataan, agama Islam mênang lan dadi luhur. Ewadene wong munaphèk isih lêstari ora rêna atine.

وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّقُوْلُ ائْذَنْ لِّيْ وَلَا تَفْتِنِّيْۗ اَلَا فِى الْفِتْنَةِ سَقَطُوْاۗ وَاِنَّ جَهَنَّمَ لَمُحِيْطَةٌ ۢ بِالْكٰفِرِيْنَ٤٩
Wa minhum may yaqūlu'żal lī wa lā taftinnī, alā fil-fitnati saqaṭū, wa inna jahannama lamuḥīṭatum bil-kāfirīn(a).
[49] Sawênèhe wong munaphèk ana kang clathu marang Rasulullah, kula mugi kaparênga botên dhèrèk anglurug, lan mugi sampun sampeyan paeka. (Pangandikaning Allah): Wong munaphèk apa ora wis tumiba ing paekan, iya iku ênggone padha kudu nyingkiri pêrang. Satêmêne naraka Jahanam iku bakal nungkêbi wong kaphir kabèh.

اِنْ تُصِبْكَ حَسَنَةٌ تَسُؤْهُمْۚ وَاِنْ تُصِبْكَ مُصِيْبَةٌ يَّقُوْلُوْا قَدْ اَخَذْنَآ اَمْرَنَا مِنْ قَبْلُ وَيَتَوَلَّوْا وَّهُمْ فَرِحُوْنَ٥٠
In tuṣibka ḥasanatun tasu'hum, wa in tuṣibka muṣībatuy yaqūlū qad akhażnā min qablu wa yatawallau wa hum fariḥūn(a).
[50] (He Mukhammad) mênawa sira nêmu kabungahan, iku andadèkake susahe wong munaphèk, dene yèn sira kasandhung kasusahan, wong munaphèk banjur padha ngucap: Sadurunge Nabi Mukhammad kêsandhung kasusahan, aku wis kêncêng panêmuku suthik pêrang, pangucape kanthi malengos, batine padha bungah dene sira kêsandhung kasusahan.

قُلْ لَّنْ يُّصِيْبَنَآ اِلَّا مَا كَتَبَ اللّٰهُ لَنَاۚ هُوَ مَوْلٰىنَا وَعَلَى اللّٰهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُوْنَ٥١
Qul lay yuṣībanā illā mā kataballāhu lanā, huwa maulānā wa ‘alallāhi falyatawakkalil-mu'minūn(a).
[51] (He Mukhammad) sira dhawuha marang wong kang padha bungah yèn sira kêsandhung kasusahan: Mênawa aku kêsandhung kasusahan: [k....asusahan:] Iku ora jalaran saka panggawene sapa-sapa, pancèn wis tinulis dening Allah ana ing Lohmahphul. Allah iku bêndaraku, mulane para wong mukmin padha nyumanggakna samubarange marang Allah.

قُلْ هَلْ تَرَبَّصُوْنَ بِنَآ اِلَّآ اِحْدَى الْحُسْنَيَيْنِۗ وَنَحْنُ نَتَرَبَّصُ بِكُمْ اَنْ يُّصِيْبَكُمُ اللّٰهُ بِعَذَابٍ مِّنْ عِنْدِهٖٓ اَوْ بِاَيْدِيْنَاۖ فَتَرَبَّصُوْٓا اِنَّا مَعَكُمْ مُّتَرَبِّصُوْنَ٥٢
Qul hal tarabbaṣūna binā illā iḥdal-ḥusnayain(i), wa naḥnu natarabbaṣu bikum ay yuṣībakumullāhu bi‘ażābim min ‘indihī au bi'aidīnā, fa tarabbaṣū innā ma‘akum mutarabbiṣūn(a).
[52] Lan sira dhawuha manèh: He wong munaphèk, kowe măngsa bisa angarêp-arêp mungguh gêgantungane ênggonku pêrang iki kajaba salah sijine bêcik rong prakara, (1. mênang lan anjêjarah, 2. mati sahid tur olèh pangapura), nanging kowe padha tak titèni, mêsthi katêmpuh salah sijine bêbaya rong prakara, iya iku kowe ditungkêbi siksa dening Allah piyambak, utawa lantaran saka tanganku, iya padha titèn-titenan bae aku lan kowe.

قُلْ اَنْفِقُوْا طَوْعًا اَوْ كَرْهًا لَّنْ يُّتَقَبَّلَ مِنْكُمْ ۗاِنَّكُمْ كُنْتُمْ قَوْمًا فٰسِقِيْنَ٥٣
Qul anfiqū ṭau‘an au karhal lay yutaqabbala minkum, innakum kuntum qauman fāsiqīn(a).
[53] (He Mukhammad) sira dhawuha marang wong munaphèk: Kowe padha cucula wragad tumrap marang kabêcikan, kalawan sucining ati utawa kalawan pêksan. Allah ora bakal nganggêp kabêcikanamu, awit satêmêne kowe iku padha phasèk (duraka).

وَمَا مَنَعَهُمْ اَنْ تُقْبَلَ مِنْهُمْ نَفَقٰتُهُمْ اِلَّآ اَنَّهُمْ كَفَرُوْا بِاللّٰهِ وَبِرَسُوْلِهٖ وَلَا يَأْتُوْنَ الصَّلٰوةَ اِلَّا وَهُمْ كُسَالٰى وَلَا يُنْفِقُوْنَ اِلَّا وَهُمْ كٰرِهُوْنَ٥٤
Wa mā mana‘ahum an tuqbala minhum nafaqātuhum illā annahum kafarū billāhi wa birasūlihī wa lā ya'tūnaṣ-ṣalāta illā wa hum kusālā wa lā yunfiqūna illā wa hum kārihūn(a).
[54] Enggone cucul băndha wong munaphèk mau mulane ora ditrima dening Allah, sababe [sa...babe] ora liya dupèh wong munaphèk mau satêmêne padha maido ing Allah lan Rasulullah, lan ora padha nglakoni sêmbayang kajaba kalawan aras-arasên, ênggone manjurung wragading pêrang iku pêksan.

فَلَا تُعْجِبْكَ اَمْوَالُهُمْ وَلَآ اَوْلَادُهُمْ ۗاِنَّمَا يُرِيْدُ اللّٰهُ لِيُعَذِّبَهُمْ بِهَا فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَتَزْهَقَ اَنْفُسُهُمْ وَهُمْ كٰفِرُوْنَ٥٥
Falā tu‘jibka amwāluhum wa lā aulāduhum, innamā yurīdullāhu liyu‘ażżibahum bihā fil-ḥayātid-dun-yā wa tazhaqa anfusuhum wa hum kāfirūn(a).
[55] Mulane sira aja ngendahake bandhane lan anake para wong munaphèk. Wruhanira băndha lan anake wong munaphèk iku karsaning Allah: diênggo lantaran ênggone bakal niksa marang si munaphèk ana ing kauripan dunya iki, apadene besuk nalika pêcating nyawane, wong munaphèk iku padha kaphir.

وَيَحْلِفُوْنَ بِاللّٰهِ اِنَّهُمْ لَمِنْكُمْۗ وَمَا هُمْ مِّنْكُمْ وَلٰكِنَّهُمْ قَوْمٌ يَّفْرَقُوْنَ٥٦
Wa yaḥlifūna billāhi innahum laminkum, wa mā hum minkum wa lākinnahum qaumuy yafraqūn(a).
[56] Wong munaphèk mau wis padha supata nêbut asmaning Allah, ngaku yèn awake iku ewoning kancanira wong Islam, satêmênê dudu kancanira wong Islam, nanging satêmêne kabèh iku wong wêdi yèn ngantia kêwiyak ênggone padha maro tingal.

لَوْ يَجِدُوْنَ مَلْجَاً اَوْ مَغٰرٰتٍ اَوْ مُدَّخَلًا لَّوَلَّوْا اِلَيْهِ وَهُمْ يَجْمَحُوْنَ٥٧
Lau yajidūna malja'an au magārātin au muddakhalal lawallau ilaihi wa hum yajmaḥūn(a).
[57] Wong munaphèk mau upama olèha pangungsèn utawa nêmua guwa utawa rong, kanggo andhêlik, mêsthi padha ngungsi mrono, lan iba rikate ênggone mlay andhêlik.

وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّلْمِزُكَ فِى الصَّدَقٰتِۚ فَاِنْ اُعْطُوْا مِنْهَا رَضُوْا وَاِنْ لَّمْ يُعْطَوْا مِنْهَآ اِذَا هُمْ يَسْخَطُوْنَ٥٨
Wa minhum may yalmizuka fiṣ-ṣadaqāt(i), fa in u‘ṭū minhā raḍū wa illam yu‘ṭau minhā iżā hum yaskhaṭūn(a).
[58] Sawênèhe wong munaphèk ana kang nacad marang sira bab ênggonira ngêdum jakat. Wong munaphèk mau mênawa didumi zakat, padha rêna atine. Dene yèn ora didumi: padha marêngut.

وَلَوْ اَنَّهُمْ رَضُوْا مَآ اٰتٰىهُمُ اللّٰهُ وَرَسُوْلُهٗۙ وَقَالُوْا حَسْبُنَا اللّٰهُ سَيُؤْتِيْنَا اللّٰهُ مِنْ فَضْلِهٖ وَرَسُوْلُهٗٓ اِنَّآ اِلَى اللّٰهِ رٰغِبُوْنَ ࣖ٥٩
Wa lau annahum raḍū mā ātāhumullāhu wa rasūluh(ū), wa qālū ḥasbunallāhu sayu'tīnallāhu min faḍlihī wa rasūluhū innā ilallāhi rāgibūn(a).
[59] Saupama wong munaphèk mau padha narima panduming Allah lan panduming Rasulullah, lan padha ngucap: Kang nyukupi aku iki Allah. Ing têmbe Allah lan Rasulullah bakal paring kanugrahan marang aku. Aku iki bangêt dhêmênku ing Allah. Mangkonoa bae luwih bêcik tumraping awake.

۞ اِنَّمَا الصَّدَقٰتُ لِلْفُقَرَاۤءِ وَالْمَسٰكِيْنِ وَالْعٰمِلِيْنَ عَلَيْهَا وَالْمُؤَلَّفَةِ قُلُوْبُهُمْ وَفِى الرِّقَابِ وَالْغٰرِمِيْنَ وَفِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَابْنِ السَّبِيْلِۗ فَرِيْضَةً مِّنَ اللّٰهِ ۗوَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ٦٠
Innamaṣ-ṣadaqātu lil-fuqarā'i wal-masākīni wal-‘āmilīna ‘alaihā wal-mu'allafati qulūbuhum wa fir-riqābi wal-gārimīna wa fī sabīlillāhi wabnis-sabīl(i), farīḍatam minallāh(i), wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[60] Kang ditamtokake olèh panduman zakat iku para wong pêkir, lan para wong miskin, (Wong pêkir iku wong kang ora duwe băndha tur ora duwe pagawean kang ana pamêtune. Dene wong miskin iku wong duwe băndha utawa duwe panggawean kang ana pamêtune, nanging ora nyukupi ing kabutuhane. Phatkhul Karib) lan para kabayan kang gawene nglumpukake lan nanjakake jakat, lan wong kang pêrlu disuprih têntrêming atine (kaya ta wong mlêbu agama Islam anyar-anyaran, kang atine durung têguh). Lan kawula [kawu..la] kang mardikakake sarana cicilan, lan wong kang sugih utang, ora ana jagane kang disaurake, lan wong kang pêrang sabilullah, lan wong kang ana ing paran. Iku pranatan panduming Allah. Dene Allah iku nguningani tur wicaksana.

وَمِنْهُمُ الَّذِيْنَ يُؤْذُوْنَ النَّبِيَّ وَيَقُوْلُوْنَ هُوَ اُذُنٌ ۗقُلْ اُذُنُ خَيْرٍ لَّكُمْ يُؤْمِنُ بِاللّٰهِ وَيُؤْمِنُ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَرَحْمَةٌ لِّلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مِنْكُمْۗ وَالَّذِيْنَ يُؤْذُوْنَ رَسُوْلَ اللّٰهِ لَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٦١
Wa minhumul-lażīna yu'żūnan nabiyya wa yaqūlūna huwa użun(un), qul użunu khairil lakum yu'minu billāhi wa yu'minu lil-mu'minīna wa raḥmatul lil-lażīna āmanū minkum, wal-lażīna yu'żūna rasūlallāhi lahum ‘ażābun alīm(un).
[61] Sawênèhe wong munaphèk ana kang padha nyêrik-nyêrikake Nabi Mukhammad (nyatur kang ora patut) pangucape: Nabi Mukhammad iku kang uwis-uwis, mung nganggêp pangakuning wong kang dirungu ing kupinge dhewe (ora ngandêl wêwadule sapa-sapa, dadi tak catur ala iki ora dadi apa). He Mukhammad, sira dhawuha: Kupinge Nabi Mukhammad iku kuping bêci) (mung ngrungokake kang bêcik, ora ngrungokake kang ala) ngandêl marang Allah, lan ngandêl marang wong mukmin (ora ngandêl marang wong munaphèk).

يَحْلِفُوْنَ بِاللّٰهِ لَكُمْ لِيُرْضُوْكُمْ وَاللّٰهُ وَرَسُوْلُهٗٓ اَحَقُّ اَنْ يُّرْضُوْهُ اِنْ كَانُوْا مُؤْمِنِيْنَ٦٢
Yaḥlifūna billāhi lakum liyurḍūkum wallāhu wa rasūluhū aḥaqqu ay yurḍūhu in kānū mu'minīn(a).
[62] Lan manèh têkane Nabi Mukhammad iki minăngka rahmat tumrap marang para kancanira kang padha mukmin. Dene wong kang padha nyêrik-nyêrikake Rasulullah iku bakal padha dipatrapi siksa kang nglarani.

اَلَمْ يَعْلَمُوْٓا اَنَّهٗ مَنْ يُّحَادِدِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ فَاَنَّ لَهٗ نَارَ جَهَنَّمَ خَالِدًا فِيْهَاۗ ذٰلِكَ الْخِزْيُ الْعَظِيْمُ٦٣
Alam ya‘lamū annahū may yuḥādidillāha wa rasūlahū fa anna lahū nāru jahannama khālidan fīhā, żālikal khizyul-‘aẓīm(u).
[63] Wong munaphèk mau padha supata marang sira, nyêbut asmaning Allah, murih lêganing atinira. Upama wong munaphèk iku padha pracaya ing Allah, mêsthi murih kaparênging Allah lan kaparênging Rasulullah, awit iku kang bênêre kudu dipurih kaparênge.

يَحْذَرُ الْمُنٰفِقُوْنَ اَنْ تُنَزَّلَ عَلَيْهِمْ سُوْرَةٌ تُنَبِّئُهُمْ بِمَا فِيْ قُلُوْبِهِمْۗ قُلِ اسْتَهْزِءُوْاۚ اِنَّ اللّٰهَ مُخْرِجٌ مَّا تَحْذَرُوْنَ٦٤
Yaḥżarul-munāfiqūna an tunazzala ‘alaihim sūratun tunabbi'uhum bimā fī qulūbihim, qulistahzi'ū, innallāha mukhrijum mā taḥżarūn(a).
[64] Wong munaphèk mau apa padha ora sumurup yèn sing nyulayani ing Allah lan Rasulullah, iku satêmêne bakal dicêmplungake ing naraka Jahanam, tur langgêng ana ing kono. Iku minăngka wêwêlèh kang gêdhe.

وَلَىِٕنْ سَاَلْتَهُمْ لَيَقُوْلُنَّ اِنَّمَا كُنَّا نَخُوْضُ وَنَلْعَبُۗ قُلْ اَبِاللّٰهِ وَاٰيٰتِهٖ وَرَسُوْلِهٖ كُنْتُمْ تَسْتَهْزِءُوْنَ٦٥
Wa la'in sa'altahum layaqūlunna innamā kunnā nakhūḍū wa nal‘ab(u), qul abillāhi wa āyātihī wa rasūlihī kuntum tastahzi'ūn(a).
[65] Wong munaphèk iku padha kuwatir bokmênawa dituruni surat kang anjalèntrèhake sakarêntêging atine. (He Mukhammad) sira dhawuha: Mara saiki padha anggêguyua agama Islam. Satêmêne Allah bakal anjalèntrèhake samubarang kang padha kokuwatirake.

لَا تَعْتَذِرُوْا قَدْ كَفَرْتُمْ بَعْدَ اِيْمَانِكُمْ ۗ اِنْ نَّعْفُ عَنْ طَاۤىِٕفَةٍ مِّنْكُمْ نُعَذِّبْ طَاۤىِٕفَةً ۢ بِاَنَّهُمْ كَانُوْا مُجْرِمِيْنَ ࣖ٦٦
Lā ta‘tażirū qad kafartum ba‘da īmānikum, in na‘fu ‘an ṭā'ifatim minkum nu‘ażżib ṭā'ifatam bi'annahum kānū mujrimīn(a).
[66] (He Mukhammad) mênawa wong munaphèk iku padha sira takoni bab ênggone anggêguyu marang sira, mêsthi padha mangsuli mangkene: Anggèn kula wicantên makatên punika namung gêgujêngan kemawon, pêrlu kangge nyalamur sayahing lumampah. (He Mukhammad) sira dhawuha: [d...hawuha:] Yagene kowe padha anggêguyu ing Allah lan ayating Allah, apadene marang Rasulullah.

اَلْمُنٰفِقُوْنَ وَالْمُنٰفِقٰتُ بَعْضُهُمْ مِّنْۢ بَعْضٍۘ يَأْمُرُوْنَ بِالْمُنْكَرِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمَعْرُوْفِ وَيَقْبِضُوْنَ اَيْدِيَهُمْۗ نَسُوا اللّٰهَ فَنَسِيَهُمْ ۗ اِنَّ الْمُنٰفِقِيْنَ هُمُ الْفٰسِقُوْنَ٦٧
Al-munāfiqūna wal-munāfiqātu ba‘ḍuhum mim ba‘ḍ(in), ya'murūna bil-munkari wa yanhauna ‘anil-ma‘rūfi wa yaqbiḍūna aidiyahum, nasullāha fa nasiyahum, innal-munāfiqīna humul-fāsiqūn(a).
[67] (He wong munaphèk) sira aja padha kakehan santolan, satêmêne sira wis têtela kaphir, maune sira padha ngaku mukmin. Mênawa Ingsun ngapura kancanira sawatara kang padha banjur tobat, iya mêsthi niksa kancanira sawatara marga ênggone isih munaphèk.

وَعَدَ اللّٰهُ الْمُنٰفِقِيْنَ وَالْمُنٰفِقٰتِ وَالْكُفَّارَ نَارَ جَهَنَّمَ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ هِيَ حَسْبُهُمْ ۚوَلَعَنَهُمُ اللّٰهُ ۚوَلَهُمْ عَذَابٌ مُّقِيْمٌۙ٦٨
Wa‘adallāhul-munāfiqīna wal-munāfiqāti wal-kuffāra nāra jahannama khālidīna fīhā, hiya ḥasbuhum, wa la‘anahumullāh(u), wa lahum ‘ażābum muqīm(un).
[68] Para wong munaphèk iku lanang lan wadon padha golong, dadi kancanira sakarone, kabèh padha nênuntun marang panggawe ala, lan nyêgah nglakoni kabêcikan, lan padha mêpêt băndha kang dikuwasani ing tangane, (ora pisan gêlêm ambayar jakat uta[14] mragadi pêrang sabilullah) padha ora mraduli ing Allah, Allah uga banjur ora praduli marang si munaphèk. Satêmêne wong munaphèk iku kabèh padha duraka.

كَالَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ كَانُوْٓا اَشَدَّ مِنْكُمْ قُوَّةً وَّاَكْثَرَ اَمْوَالًا وَّاَوْلَادًاۗ فَاسْتَمْتَعُوْا بِخَلَاقِهِمْ فَاسْتَمْتَعْتُمْ بِخَلَاقِكُمْ كَمَا اسْتَمْتَعَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ بِخَلَاقِهِمْ وَخُضْتُمْ كَالَّذِيْ خَاضُوْاۗ اُولٰۤىِٕكَ حَبِطَتْ اَعْمَالُهُمْ فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِ ۚوَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ٦٩
Kal-lażīna min qablikum kānū asyadda minkum quwwataw wa akṡara amwālaw wa aulādā(n), fastamta‘ū bikhalāqihim fastamta‘tum bikhalāqikum kamastamta‘al-lażīna min qablikum bikhalāqihim wa khuḍtum kal-lażī khāḍū, ulā'ika ḥabiṭat a‘māluhum fid-dun-yā wal-ākhirah(ti), ulā'ika humul-khāsirūn(a).
[69] Allah ngancam marang para wong munaphèk, lanang lan wadon, apadene marang para wong kaphir, kabèh bakal padha dipatrapi siksa naraka Jahanam, ana ing kono padha langgêng, iku wis cukup kanggo wêwalêse ênggone padha maro tingal sarta kaphir. Allah ambêndoni marang wong mau kabèh, padha disiksa kang mindêng tanpa kêndhat.

اَلَمْ يَأْتِهِمْ نَبَاُ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ قَوْمِ نُوْحٍ وَّعَادٍ وَّثَمُوْدَ ەۙ وَقَوْمِ اِبْرٰهِيْمَ وَاَصْحٰبِ مَدْيَنَ وَالْمُؤْتَفِكٰتِۗ اَتَتْهُمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنٰتِۚ فَمَا كَانَ اللّٰهُ لِيَظْلِمَهُمْ وَلٰكِنْ كَانُوْٓا اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَ٧٠
Alam ya'tihim naba'ul-lażīna min qablihim qaumi nūḥiw wa ‘ādiw wa ṡamūd(a), wa qaumi ibrāhīma wa aṣḥābi madyana wal-mu'tafikāt(i), atathum rusuluhum bil-bayyināt(i), famā kānallāhu liyaẓlimahum wa lākin kānū anfusahum yaẓlimūn(a).
[70] He wong munaphèk, sira iku padha nglakoni ala kaya wong kaphir sadurunge sira, kang gagah prakosane lan băndha bandhu tuwin sugih anak, padha ngungkuli sira, kabèh padha bungah-bungah marga katutugan sabarang karêpe ana ing dunya. Sira uga padha bungah-bungah marga padha katutugan kêkarêpanira ana ing dunya. Padha lan wong kaphir sadurunge sira ênggone padha bungah-bungah marga katutugan kêkarêpane ana ing dunya. Mangkono manèh sira padha nekad anglakoni barang kang ora bênêr kaya olèhe nekad wong kaphir sadurungira. Wong kaphir mau kabêcikane sirna larut kabèh tumrap ana ing dunya lan ana ing akhirat, lan padha têtêp dadi wong cilaka. Sira iya ora beda lan wong kaphir mau.

وَالْمُؤْمِنُوْنَ وَالْمُؤْمِنٰتُ بَعْضُهُمْ اَوْلِيَاۤءُ بَعْضٍۘ يَأْمُرُوْنَ بِالْمَعْرُوْفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَيُقِيْمُوْنَ الصَّلٰوةَ وَيُؤْتُوْنَ الزَّكٰوةَ وَيُطِيْعُوْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ ۗاُولٰۤىِٕكَ سَيَرْحَمُهُمُ اللّٰهُ ۗاِنَّ اللّٰهَ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ٧١
Wal-mu'minūna wal-mu'minātu ba‘ḍuhum auliyā'u ba‘ḍ(in), ya'murūna bil-ma‘rūfi wa yanhauna ‘anil-munkari wa yuqīmūnaṣ-ṣalāta wa yu'tūnaz-zakāta wa yuṭī‘ūnallāha wa rasūlah(ū), ulā'ika sayarḥamuhumullāh(u), innallāha ‘azīzun ḥakīm(un).
[71] Para wong munaphèk mau apa durung tau krungu carita lêlakone wong kuna (kang padha [pa....dha] ditungkêbi siksaning Allah, kaya ta: para umate Nabi Nuh, Kyai Ngad sakancane, Kyai Thamud sakancane, para umate Nabi Ibrahim, para wong ing desa Madyan lan para umate Nabi Lut kang bumine diwalik, kabèh mau wis padha ditêkani utusaning Allah, kanthi tăndha yêkti kaelokan pirang-pirang, ewadene padha maido, mulane Allah ênggone nungkêbi siksa iku ora aran nganiaya, satêmêne wong kang padha katungkêban siksa mau aran nganiaya marang awake dhewe.

وَعَدَ اللّٰهُ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا وَمَسٰكِنَ طَيِّبَةً فِيْ جَنّٰتِ عَدْنٍ ۗوَرِضْوَانٌ مِّنَ اللّٰهِ اَكْبَرُ ۗذٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ ࣖ٧٢
Wa‘adallāhul-mu'minīna wal-mu'mināti jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā wa masākina ṭayyibatan fī jannāti ‘adn(in), wa riḍwānum minallāhi akbar(u), żālika huwal-fauzul-‘aẓīm(u).
[72] Dene wong mukmin iku kabèh, lanang lan wadon, padha tulung-tinulung kabèh padha nênuntun anglakoni panggawe bêcik, lan padha mênging nglakoni panggawe ala, lan padha nglakoni sêmbang,[15] lan padha bayar jakat, lan padha ngabêkti manut miturut parentahing Allah lan Rasulullah, kabèh iku bakal padha tămpa sihing Allah. Satêmêne Allah iku mulya tur wicaksana.

يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ جَاهِدِ الْكُفَّارَ وَالْمُنٰفِقِيْنَ وَاغْلُظْ عَلَيْهِمْ ۗوَمَأْوٰىهُمْ جَهَنَّمُ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ٧٣
Yā ayyuhan-nabiyyu jāhidil-kuffāra wal-munāfiqīna wagluẓ ‘alaihim, wa ma'wāhum jahannamu wa bi'sal-maṣīr(u).
[73] Allah wis nyagahi marang para wong mukmin, lanang wadon, bakal padha diparingi suwarga kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, ana ing kono padha langgêng, lan padha diparingi omah bêcik ana sajroning suwarga Ngadan. Dene karilaning Allah marang para wong mukmin, iku luwih gêdhe manèh, (luwih dening ambungahake, ngungkuli kabungahan ing suwarga liya-line)[16] kang mangkono iku aran kabêgjan gêdhe.

يَحْلِفُوْنَ بِاللّٰهِ مَا قَالُوْا ۗوَلَقَدْ قَالُوْا كَلِمَةَ الْكُفْرِ وَكَفَرُوْا بَعْدَ اِسْلَامِهِمْ وَهَمُّوْا بِمَا لَمْ يَنَالُوْاۚ وَمَا نَقَمُوْٓا اِلَّآ اَنْ اَغْنٰىهُمُ اللّٰهُ وَرَسُوْلُهٗ مِنْ فَضْلِهٖ ۚفَاِنْ يَّتُوْبُوْا يَكُ خَيْرًا لَّهُمْ ۚوَاِنْ يَّتَوَلَّوْا يُعَذِّبْهُمُ اللّٰهُ عَذَابًا اَلِيْمًا فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِ ۚوَمَا لَهُمْ فِى الْاَرْضِ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا نَصِيْرٍ٧٤
Yaḥlifūna billāhi mā qālū, wa laqad qālū kalimatal-kufri wa kafarū ba‘da islāmihim wa hammū bimā lam yanālū, wa mā naqamū illā an agnāhumullāhu wa rasūluhū min faḍlih(ī), fa iy yatūbū yaku khairal lahum, wa iy yatawallau yu‘ażżibhumullāhu ‘ażāban alīman fid-dun-yā wal-ākhirah(ti), wa mā lahum fil-arḍi miw waliyyiw wa lā naṣīr(in).
[74] He Nabi Mukhammad, sira ngayonana pêrang marang para wong kaphir, lan nyurup-nyurupna wong munaphèk, padha sira wêdènana bakal ginitik ing pêrang. Dene bakal panggonane wong kaphir lan wong munaphèk iku ana ing naraka Jahanam. Iba alane kawusanan kang mangkono iku.

۞ وَمِنْهُمْ مَّنْ عٰهَدَ اللّٰهَ لَىِٕنْ اٰتٰىنَا مِنْ فَضْلِهٖ لَنَصَّدَّقَنَّ وَلَنَكُوْنَنَّ مِنَ الصّٰلِحِيْنَ٧٥
Wa minhum man ‘āhadallāha la'in ātānā min faḍlihī lanaṣṣaddaqanna wa lanakūnanna minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[75] Wong munaphèk iku padha supata nyêbut asmaning Allah, nyelaki ênggone padha nyatur ala marang Rasulullah, nanging satêmêne padha ngucap têtêmbungan kang maratakake kaphir, (ngala-ala marang Rasulullah) maune wong munaphèk iku padha ngaku Islam, saiki kawêtu clathune ênggone kaphir. Lan manèh wong munaphèk iku padha cuwa atine marga ora kalêksanan ênggone padha ngarah maeka ing Rasulullah. Dene kang andadèkake muring-muringe bangêt, iku awit para wong Islam padha diparingi dening Allah lan Rasulullah, ewadene mênawa wong munaphèk mau padha tobat, iku luwih bêcik tumrap ing awake, dene yèn padha tulus wangkote, Allah mêsthi niksa marang wong munaphèk mau kalawan siksa kang nglarani ana ing dunya lan ing akhirat. Salumahing bumi ora ana kang kaconggah têtulung nulak siksaning Allah marang wong munaphèk mau.

فَلَمَّآ اٰتٰىهُمْ مِّنْ فَضْلِهٖ بَخِلُوْا بِهٖ وَتَوَلَّوْا وَّهُمْ مُّعْرِضُوْنَ٧٦
Falammā ātāhum min faḍlihī bakhilū bihī wa tawallau wa hum mu‘riḍūn(a).
[76] Sawênèhe wong munaphèk, ana kang prasêtya marang Allah, calathune: Mênawa Allah paring tăndha akèh marang aku saka sih kanugrahane, aku sanggêm bakal sarêgêp wèwèh, aku bakal mèlu dadi golongane wong bêcik.

فَاَعْقَبَهُمْ نِفَاقًا فِيْ قُلُوْبِهِمْ اِلٰى يَوْمِ يَلْقَوْنَهٗ بِمَآ اَخْلَفُوا اللّٰهَ مَا وَعَدُوْهُ وَبِمَا كَانُوْا يَكْذِبُوْنَ٧٧
Fa a‘qabahum nifāqan fī qulūbihim ilā yaumi yalqaunahū bimā akhlafullāha mā wa‘adūhu wa bimā kānū yakżibūn(a).
[77] Barêng kalêksanan, wong munaphèk mau diparingi băndha akèh dening Allah saka sih kanugrahane, banjur padha nyidrani prasêtyane marang Allah, padha kumêd, ora gêlêm mèwèhake bandhane, sarta padha kêlantur-lantur ênggone padha nyidrani prasêtyane.

اَلَمْ يَعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ سِرَّهُمْ وَنَجْوٰىهُمْ وَاَنَّ اللّٰهَ عَلَّامُ الْغُيُوْبِ٧٨
Alam ya‘lamū annallāha ya‘lamu sirrahum wa najwāhum wa annallāha ‘allāmul-guyūb(i).
[78] Para wong munaphèk mau banjur kêtungka didunungi ati maro tingal dening Allah, lêstari tumêka ing patine, iya iku dina ênggone padha seba ing ngarsaning Allah, mangkono iku marga ênggone padha nyidrani prasêtyane marang Allah, lan marga ênggone padha anggorohi ing Allah.

اَلَّذِيْنَ يَلْمِزُوْنَ الْمُطَّوِّعِيْنَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ فِى الصَّدَقٰتِ وَالَّذِيْنَ لَا يَجِدُوْنَ اِلَّا جُهْدَهُمْ فَيَسْخَرُوْنَ مِنْهُمْ ۗسَخِرَ اللّٰهُ مِنْهُمْ ۖ وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٧٩
Allażīna yalmizūnal-muṭṭawwi‘īna minal-mu'minīna fiṣ-ṣadaqāti wal-lażīna lā yajidūna illā juhdahum fa yaskharūna minhum, sakhirallāhu minhum, wa lahum ‘ażābun alīm(un).
[79] Wong munaphèk apa padha ora sumurup yèn Allah iku nguningani wêwadine wong munaphèk, utawa rantamane lan bakal santolane ênggone madoni, apadene Allah iku nguningani samubarang kang samar.

اِسْتَغْفِرْ لَهُمْ اَوْ لَا تَسْتَغْفِرْ لَهُمْۗ اِنْ تَسْتَغْفِرْ لَهُمْ سَبْعِيْنَ مَرَّةً فَلَنْ يَّغْفِرَ اللّٰهُ لَهُمْ ۗذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ كَفَرُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖۗ وَاللّٰهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْفٰسِقِيْنَ ࣖ٨٠
Istagfir lahum au lā tastagfir lahum, in tastagfir lahum sab‘īna marratan falay yagfirallāhu lahum, żālika bi'annahum kafarū billāhi wa rasūlih(ī), wallāhu lā yahdil-qaumal-fāsiqīn(a).
[80] Sarupane wong kang nacad marang wong mukmin ênggone padha ngabêkti ing Allah sarana wèwèh, lan nacad marang wong kang ora bisa wèwèh akèh, bisane mung sakuwasane bae. Si munaphèk banjur padha ngisin-isin lan anggêguyu, iku Allah mêsthi matrapi marang wong munaphèk mau, awit ênggone padha nacad lan anggêguyu mau, kabèh padha disiksa kang nglarani.

فَرِحَ الْمُخَلَّفُوْنَ بِمَقْعَدِهِمْ خِلٰفَ رَسُوْلِ اللّٰهِ وَكَرِهُوْٓا اَنْ يُّجَاهِدُوْا بِاَمْوَالِهِمْ وَاَنْفُسِهِمْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَقَالُوْا لَا تَنْفِرُوْا فِى الْحَرِّۗ قُلْ نَارُ جَهَنَّمَ اَشَدُّ حَرًّاۗ لَوْ كَانُوْا يَفْقَهُوْنَ٨١
Fariḥal-mukhallafūna bimaq‘adihim khilāfa rasūlillāhi wa karihū ay yujāhidū bi'amwālihim wa anfusihim fī sabīlillāhi wa qālū lā tanfirū fil-ḥarr(i), qul nāru jahannama asyaddu ḥarrā(n), lau kānū yafqahūn(a).
[81] (He Mukhammad) para wong munaphèk iku sira suwunake pangapura utawa ora sira suwunake pangapura. Padha bae, sanadyan sira suwunake pangapura rambah ping pitung puluh, Allah ora karsa ngapura marang wong munaphèk mau. Mangkono ika[17] marga wong munaphèk iku padha maido ing Allah lan Rasulullah. Allah iku ora karsa nuduhake dalan bênêr marang wong pasèk.

فَلْيَضْحَكُوْا قَلِيْلًا وَّلْيَبْكُوْا كَثِيْرًاۚ جَزَاۤءًۢ بِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ٨٢
Falyaḍḥakū qalīlaw walyabkū kaṡīrā(n), jazā'am bimā kānū yaksibūn(a).
[82] Para wong munaphèk padha bungah marga ora milu nglurug pêrang, kari linggih ana ing omah bae, nyulayani karêpe Rasullah,[18] sarta padha suthik sêtya tuhu nglurug pêrang sabilullah ngêtohake bandhane lan nyawane, pangucape: Para kancaku aja padha gêlêm milu nglurug pêrang, mlaku pêpanas, para wong mukmin iku têka padha ora wêgah mlayu pêpanas anglurug pêrang, (ora wêlas marang awake dhewe). He Mukhammad, sira mangsulana marang wong munaphèk: Mênawa kowe padha ngêrti, sêdhiyanmu naraka Jahanam iku luwih panas manèh.

فَاِنْ رَّجَعَكَ اللّٰهُ اِلٰى طَاۤىِٕفَةٍ مِّنْهُمْ فَاسْتَأْذَنُوْكَ لِلْخُرُوْجِ فَقُلْ لَّنْ تَخْرُجُوْا مَعِيَ اَبَدًا وَّلَنْ تُقَاتِلُوْا مَعِيَ عَدُوًّاۗ اِنَّكُمْ رَضِيْتُمْ بِالْقُعُوْدِ اَوَّلَ مَرَّةٍۗ فَاقْعُدُوْا مَعَ الْخٰلِفِيْنَ٨٣
Fa ir raja‘akallāhu ilā ṭā'ifatim minhum fasta'żanūka lil-khurūji faqul lan takhrujū ma‘iya abadaw wa lan tuqātilū ma‘iya ‘aduwwā(n), innakum raḍītum bil-qu‘ūdi awwala marrah(tin), faq‘udū ma‘al-khālifīn(a).
[83] Mulane wong munaphèk mau padha gumuyu bungah-bungah ana ing dunya sadhela, ing têmbe padha nangis ana ing naraka langgêng salawase, iku dumunung wêwalêse barang kang wis padha dilakoni.

وَلَا تُصَلِّ عَلٰٓى اَحَدٍ مِّنْهُمْ مَّاتَ اَبَدًا وَّلَا تَقُمْ عَلٰى قَبْرِهٖۗ اِنَّهُمْ كَفَرُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَمَاتُوْا وَهُمْ فٰسِقُوْنَ٨٤
Wa lā tuṣalli ‘alā aḥadim minhum māta abadaw wa lā taqum ‘alā qabrih(ī), innahum kafarū billāhi wa rasūlihī wa mātū wa hum fāsiqūn(a).
[84] (He Mukhammad) ing têmbe mênawa Allah wis ambalèkake sira mulih saka nglurug, katêmu lan wong kang padha ora milu nglurug mau, mênawa ing têmbe wong mau banjur nêmbung arêp milu pêrang, iku sira wangsulana: Wiwit saiki têkan salawase, kongwe[19] padha ora kêna milu nglurug pêrang dadi kancaku, lan ora kêna ngrewangi pêrang mapagake mungsuhku, awit kowe ing kawitan wis padha bungah linggih ana ing omah bae, mulane saiki iya lêstarèkna ênggonmu padha kari, ora milu nglurug, karo para wong wadon lan wong lara kang padha kari ora milu nglurug.

وَلَا تُعْجِبْكَ اَمْوَالُهُمْ وَاَوْلَادُهُمْۗ اِنَّمَا يُرِيْدُ اللّٰهُ اَنْ يُّعَذِّبَهُمْ بِهَا فِى الدُّنْيَا وَتَزْهَقَ اَنْفُسُهُمْ وَهُمْ كٰفِرُوْنَ٨٥
Wa lā tu‘jibka amwāluhum wa lā aulāduhum, innamā yurīdullāhu ay yu‘ażżibahum bihā fid-dun-yā wa tazhaqa anfusuhum wa hum kāfirūn(a).
[85] (He Mukhammad) sira aja nyêmbayangi sawijining wong munaphèk kang mati, salawase. Lan aja ngadêg milu mêndhêm utawa tilik marang kubure, awit wong munaphèk iku padha maido ing Allah lan marang Rasulullah, sarta padha mati duraka.

وَاِذَآ اُنْزِلَتْ سُوْرَةٌ اَنْ اٰمِنُوْا بِاللّٰهِ وَجَاهِدُوْا مَعَ رَسُوْلِهِ اسْتَأْذَنَكَ اُولُوا الطَّوْلِ مِنْهُمْ وَقَالُوْا ذَرْنَا نَكُنْ مَّعَ الْقٰعِدِيْنَ٨٦
Wa iżā unzilat sūratun an āminū billāhi wa jāhidū ma‘a rasūlihista'żanaka uluṭ-ṭauli minhum wa qālū żarnā nakum ma‘al-qā‘idīn(a).
[86] Sira aja gumun utawa ngendahake bandhane lan anake para wong munaphèk, wruhanira: băndha lan anake wong munaphèk iku, karsaning Allah diênggo lantaran ênggone bakal niksa si munaphèk ana ing dunya iki. Apadene nalika pêcating nyawane wong munaphèk mau padha kaphir.

رَضُوْا بِاَنْ يَّكُوْنُوْا مَعَ الْخَوَالِفِ وَطُبِعَ عَلٰى قُلُوْبِهِمْ فَهُمْ لَا يَفْقَهُوْنَ٨٧
Raḍū bi'ay yakūnū ma‘al-khawālifi wa ṭubi‘a ‘alā qulūbihim fahum lā yafqahūn(a).
[87] Nalika surating Kuran didhawuhake: Sira padha pracayaa ing Allah, lan padha milua pêrang ngrewangi Rasulullah, ing kono wong munaphèk kang sugih băndha padha pamit, ature: Kula punika mugi sampeyan kèndêlakên kemawon, kula kaparênga linggih wontên ing griya kemawon, kalihan tiyang èstri lan tiyang sakit ingkang sami botên dhèrèk pêrang punika, (kula kaparênga namung manjurung wragad kemawon).

لٰكِنِ الرَّسُوْلُ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَهٗ جَاهَدُوْا بِاَمْوَالِهِمْ وَاَنْفُسِهِمْۗ وَاُولٰۤىِٕكَ لَهُمُ الْخَيْرٰتُ ۖوَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ٨٨
Lākinir-rasūlu wal-lażīna āmanū ma‘ahū jāhadū bi'amwālihim wa anfusihim, wa ulā'ika lahumul-khairāt(u), wa ulā'ika humul-mufliḥūn(a).
[88] Wong munaphèk padha bungah ênggone ora beda karo wong wadon utawa wong lara, padha kari ana ing omah ora milu nglurug. Atine padha dicap dening Allah, ora ngêrti karsaning Allah ênggone andhawuhake pêrang.

اَعَدَّ اللّٰهُ لَهُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ ذٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ ࣖ٨٩
A‘addallāhu lahum jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā, żālikal-fauzul-‘aẓīm(u).
[89] Nanging Rasulullah sakancane para wong mukmin kabèh, padha ngèstokake dhawuh pêrang sabilullah, kalawan ngêtohake bandhane lan nyawane, mulane padha olèh kabêcikan pirang-pirang, iya iku wong kang padha bêgja.

وَجَاۤءَ الْمُعَذِّرُوْنَ مِنَ الْاَعْرَابِ لِيُؤْذَنَ لَهُمْ وَقَعَدَ الَّذِيْنَ كَذَبُوا اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ ۗسَيُصِيْبُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٩٠
Wa jā'al-mu‘ażżirūna minal-a‘rābi liyu'żana lahum wa qa‘adal-lażīna każabullāha wa rasūlah(ū), sayuṣībul-lażīna kafarū minhum ‘ażābun alīm(un).
[90] Allah nyagahi bakal maringi suwarga kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, marang wong mukmin kabèh, ênggone ana ing kono padha langgêng, iya iku kabêgjan gêdhe.

لَيْسَ عَلَى الضُّعَفَاۤءِ وَلَا عَلَى الْمَرْضٰى وَلَا عَلَى الَّذِيْنَ لَا يَجِدُوْنَ مَا يُنْفِقُوْنَ حَرَجٌ اِذَا نَصَحُوْا لِلّٰهِ وَرَسُوْلِهٖۗ مَا عَلَى الْمُحْسِنِيْنَ مِنْ سَبِيْلٍ ۗوَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌۙ٩١
Laisa ‘alaḍ-ḍu‘afā'i wa lā ‘alal-marḍā wa lā ‘alal-lażīna lā yajidūna mā yunfiqūna ḥarajun iżā naṣaḥū lillāhi wa rasūlih(ī), mā ‘alal-muḥsinīna min sabīl(in), wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[91] Wong alasan ing Mêkah kang têmên padha ora bisa milu nglurug pêrang seba ing Rasulullah, padha pamit kaparênga ora milu nglurug (Rasulullah iya parêng) dene kang munaphèk, kang anggorohi marang Allah lan Rasulullah, padha kari linggih ana ing omah bae (tanpa pamit) ing têmbe wong alasan kang padha kaphir iku padha ditungkêbi siksa kang nglarani.

وَّلَا عَلَى الَّذِيْنَ اِذَا مَآ اَتَوْكَ لِتَحْمِلَهُمْ قُلْتَ لَآ اَجِدُ مَآ اَحْمِلُكُمْ عَلَيْهِ ۖتَوَلَّوْا وَّاَعْيُنُهُمْ تَفِيْضُ مِنَ الدَّمْعِ حَزَنًا اَلَّا يَجِدُوْا مَا يُنْفِقُوْنَۗ٩٢
Wa lā ‘alal-lażīna iżā mā atauka litaḥmilahum qulta lā ajidu mā aḥmilukum ‘alaih(i), tawallau wa a‘yunuhum tafīḍu minad dam‘i ḥazanan allā yajidū mā yunfiqūn(a).
[92] Sarupane wong kang apês, ora kêlar pêrang lan wong kang nandhang lara lan wong kang ora duwe waragad, iku ora ana pakewuhe kari ana ing omah ora milu nglurug, samono iku mênawa padha biyantu marang Allah lan Rasulullah, awit wong kang padha têmên bêcik [bêci....k] ora ana dalane arêp diluputake. Dene Allah iku ngapura tur Maha-asih.

۞ اِنَّمَا السَّبِيْلُ عَلَى الَّذِيْنَ يَسْتَأْذِنُوْنَكَ وَهُمْ اَغْنِيَاۤءُۚ رَضُوْا بِاَنْ يَّكُوْنُوْا مَعَ الْخَوَالِفِۙ وَطَبَعَ اللّٰهُ عَلٰى قُلُوْبِهِمْ فَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ ۔٩٣
Innamas-sabīlu ‘alal-lażīna yasta'żinūnaka wa hum agniyā'(u), raḍū bi'ay yakūnū ma‘al-khawālif(i), wa ṭaba‘allāhu ‘alā qulūbihim fahum lā ya‘lamūn(a).
[93] Lan ora ana pakewuhe pamit ora milu nglurug, tumrap wong kang nalikane padha seba ing sira, nêmbung supaya sira gawa anglurug pêrang, ing kono sira banjur mangsuli: Aku ora duwe waragad kang tak ênggo anggawa kowe. Wong mau banjur padha mundur kalawan ambrêbês mili matane, cuwa ora duwe wragad diênggo pêrang tumrap awake dhewe.

يَعْتَذِرُوْنَ اِلَيْكُمْ اِذَا رَجَعْتُمْ اِلَيْهِمْ ۗ قُلْ لَّا تَعْتَذِرُوْا لَنْ نُّؤْمِنَ لَكُمْ قَدْ نَبَّاَنَا اللّٰهُ مِنْ اَخْبَارِكُمْ وَسَيَرَى اللّٰهُ عَمَلَكُمْ وَرَسُوْلُهٗ ثُمَّ تُرَدُّوْنَ اِلٰى عٰلِمِ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٩٤
Ya‘tażirūna ilaikum iżā raja‘tum ilaihim, qul lā ta‘tażirū lan nu'mina lakum qad nabba'anallāhu min akhbārikum wa sayarallāhu ‘amalakum wa rasūluhū ṡumma turaddūna ilā ‘ālimil-gaibi wasy-syahādati fa yunabbi'ukum bimā kuntum ta‘malūn(a).
[94] Wong kang mêsthi luput iku wong kang padha pamit ing sira Mukhammad, kang măngka padha sugih, (tur waras lan kuwat) ewadene padha bungah kari ana ing omah bae, kaya wong kang padha diparêngake kari. Allah ngêcap atine wong kang mangkono mau, mulane padha ora wêruh pakolèhe pêrang sabilullah.

سَيَحْلِفُوْنَ بِاللّٰهِ لَكُمْ اِذَا انْقَلَبْتُمْ اِلَيْهِمْ لِتُعْرِضُوْا عَنْهُمْ ۗ فَاَعْرِضُوْا عَنْهُمْ ۗ اِنَّهُمْ رِجْسٌۙ وَّمَأْوٰىهُمْ جَهَنَّمُ جَزَاۤءً ۢبِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ٩٥
Sayaḥlifūna billāhi lakum iżanqalabtum ilaihim litu‘riḍū ‘anhum, fa a‘riḍū ‘anhum, innahum rijs(un), wa ma'wāhum jahannamu jazā'am bimā kānū yaksibūn(a).
[95] (He Mukhammad) samulihira saka nglurug pêrang, para wong munaphèk padha anjaluk dipuwung ênggone ora milu nglurug, kanthi mratelakake pambênge. Iku sira wangsulana. Kowe aja padha nyuwun dipuwung. Aku ora ngandêl ênggonmu mratelakake pambêngmu. Satêmêne Allah wis paring sumurup marang aku bab kaananing awakmu. Ing têmbe Allah lan Rasulullah bakal mirsani sanyatane lakumu. Kowe bakal padha disebakake ana ngarsaning Allah kang nguningani barang kang samar-samar lan kang kasat mata. Ing kono Allah mêlèhake lan matrapi marang kowe samurwating kaluputan kang wis padha sira lakoni.

يَحْلِفُوْنَ لَكُمْ لِتَرْضَوْا عَنْهُمْ ۚفَاِنْ تَرْضَوْا عَنْهُمْ فَاِنَّ اللّٰهَ لَا يَرْضٰى عَنِ الْقَوْمِ الْفٰسِقِيْنَ٩٦
Yaḥlifūna lakum litarḍau ‘anhum, fa in tarḍau ‘anhum fa innallāha lā yarḍā ‘anil-qaumil-fāsiqīn(a).
[96] Ing têmbe sira wis mulih saka nglurug, katêmu karo wong munaphèk kang padha kari ana ing Madinah. Wong munaphèk mau bakal padha supata marang sira kalawan nyêbut asmaning Allah (mratelakake pambênge ênggone padha ora milu nglurug), pamrihe supaya sira nêngna bae, aja nganti sira srêngêni. Ing kono wong munaphèk iku padha sira ewanana bae. Satêmêne wong munaphèk mau padha rêgêd, ing besuk panggonane padha ana ing naraka jahanam, minăngka wêwalêse panggawene kang wis padha dilakoni.

اَلْاَعْرَابُ اَشَدُّ كُفْرًا وَّنِفَاقًا وَّاَجْدَرُ اَلَّا يَعْلَمُوْا حُدُوْدَ مَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ عَلٰى رَسُوْلِهٖ ۗوَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ٩٧
Al-a‘rābu asyaddu kufraw wa nifāqaw wa ajdaru allā ya‘lamū ḥudūda mā anzalallāhu ‘alā rasūlih(ī), wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[97] Wong munaphèk padha supata marang sira, pamrihe supaya sira ngrampèka marang si munaphèk mau. Dene yèn sira gêlêm ngrampèk; iku luput, awit Allah ora pisan karsa ngrampèk marang wong munaphèk duraka.

وَمِنَ الْاَعْرَابِ مَنْ يَّتَّخِذُ مَا يُنْفِقُ مَغْرَمًا وَّيَتَرَبَّصُ بِكُمُ الدَّوَاۤىِٕرَ ۗعَلَيْهِمْ دَاۤىِٕرَةُ السَّوْءِ ۗوَاللّٰهُ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ٩٨
Wa minal-a‘rābi may yattakhiżu mā yunfiqu magramaw wa yatarabbaṣu bikumud-dawā'ir(a), ‘alaihim dā'iratus-sau'(i), wallāhu samī‘un ‘alīm(un).
[98] Wong Arab kang alasan (Baduwi) iku ênggone kaphir lan munaphèk luwih bangêt, ngungkuli wong nagara lan wong padesan, marga padha ora sumurup anggêr-anggêring agama kang didhawuhake dening Allah marang Rasulullah. Dene Allah iku nguningani tur wicaksana.

وَمِنَ الْاَعْرَابِ مَنْ يُّؤْمِنُ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَيَتَّخِذُ مَا يُنْفِقُ قُرُبٰتٍ عِنْدَ اللّٰهِ وَصَلَوٰتِ الرَّسُوْلِ ۗ اَلَآ اِنَّهَا قُرْبَةٌ لَّهُمْ ۗ سَيُدْخِلُهُمُ اللّٰهُ فِيْ رَحْمَتِهٖ ۗاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ ࣖ٩٩
Wa minal-a‘rābi may yu'minu billāhi wal-yaumil-ākhiri wa yattakhiżu mā yunfiqu qurubātin ‘indallāhi wa ṣalawātir-rasūl(i), alā innahā qurbatul lahum, sayudkhiluhumullāhu fī raḥmatih(ī), innallāha gafūrur raḥīm(un).
[99] Sawênèhing wong Arab alasan, ana kang duwe panganggêp yèn ênggone wèwèh, jakat sapanunggalane iku tumănja dhêndhên lan ngarêp-arêp besuk apa cakraning jaman iki ambalik. Wong Islam dadi asor. Nanging luput pangarêp-arêpe. Karsaning Allah ubênganing urak ala iu mandhêg iku têtêp dadi bubuhane wong Baduwi kang munaphèk salawase. Dene Allah iku miyarsa tur nguningani.

وَالسّٰبِقُوْنَ الْاَوَّلُوْنَ مِنَ الْمُهٰجِرِيْنَ وَالْاَنْصَارِ وَالَّذِيْنَ اتَّبَعُوْهُمْ بِاِحْسَانٍۙ رَّضِيَ اللّٰهُ عَنْهُمْ وَرَضُوْا عَنْهُ وَاَعَدَّ لَهُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ تَحْتَهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًا ۗذٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ١٠٠
Was-sābiqūnal-awwalūna minal-muhājirīna wal-anṣāri wal-lażīnattaba‘ūhum bi'iḥsān(in), raḍiyallāhu ‘anhum wa raḍū ‘anhu wa a‘adda lahum jannātin tajrī taḥtahal-anhāru khālidīna fīhā abadā(n), żālikal-fauzul-‘aẓīm(u).
[100] Lan sawênèhe wong Baduwi manèh ana kang pracaya ing Allah lan ngandêl bakal anane dina kiyamat lan nganggêp ênggone wèwèh, jakat sapanunggalane, iku kabèh dadi margane kêcêdhak ing Allah. Lan olèh pangèstune Rasulullah. Wruhanira, wèwèh utawa jakat sapanunggalane, apadene pangèstuning Rasulullah, iku tumrap wong Baduwi mau uga dadi margane kêcêdhak ing Allah. Ing besuk Allah bakal anglêbokake wong Baduwi kang mukmin ana suwarganig Allah. Satêmêne Allah iku ngapura tur Maha-asih.

وَمِمَّنْ حَوْلَكُمْ مِّنَ الْاَعْرَابِ مُنٰفِقُوْنَ ۗوَمِنْ اَهْلِ الْمَدِيْنَةِ مَرَدُوْا عَلَى النِّفَاقِۗ لَا تَعْلَمُهُمْۗ نَحْنُ نَعْلَمُهُمْۗ سَنُعَذِّبُهُمْ مَّرَّتَيْنِ ثُمَّ يُرَدُّوْنَ اِلٰى عَذَابٍ عَظِيْمٍ ۚ١٠١
Wa mimman ḥaulakum minal-a‘rābi munāfiqūn(a),wa min ahlil-madīnati maradū ‘alan nifāq(i), lā ta‘lamuhum, naḥnu na‘lamuhum, sanu‘ażżibuhum marrataini ṡumma yuraddūna ilā ‘ażābin ‘aẓīm(in).
[101] Para sakabate Rasulullah kang padha milu ngalih marang Madinah, utawa kang padha biyantu têtulung marang Rasulullah, tur kang dhisik utawa kang wiwitan ênggone milu ngalih utawa biyantu mau, apadene sarupane wong kang manut, niru kabêcikane para sakhabat mau, iku Allah wis kêparêng nganggêp kabêcikan, dene para sakhabat mau iya padha marêm ênggone padha tămpa nikmat pêparinging Allah. Allah nyaguhi marang marang para sakhabat mau, bakal padha diparingi suwarga kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon. Para sakhabat ênggone ana ing suwarga padha langgêng salawase. Kang mangkono iku aran kabêcikan gêdhe.

وَاٰخَرُوْنَ اعْتَرَفُوْا بِذُنُوْبِهِمْ خَلَطُوْا عَمَلًا صَالِحًا وَّاٰخَرَ سَيِّئًاۗ عَسَى اللّٰهُ اَنْ يَّتُوْبَ عَلَيْهِمْۗ اِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١٠٢
Wa ākharūna‘tarafū biżunūbihim khalaṭū ‘amalan ṣāliḥaw wa ākhara sayyi'ā(n), ‘asallāhu ay yatūba ‘alaihim, innallāha gafūrur raḥīm(un).
[102] Sawênèhe wong Baduwi kang padha manggon ana kiwa têngêne nagara Madinah ana kang padha munaphèk, apadene wong ing nagara [na...gara] Madinah iya ana kang wis lanyah ênggone munaphèk, sira ora wêruh marang munaphek mau, nanging Ingsun anguningani. Ing têmbe Ingsun niksa marang wong munaphèk mau rong rambahan (kang sapisan mati pêrang, kang kapindho siksa ana sajroning kubur). Sawise rong rambahan iku, banjur padha digiring marang naraka, iya iku siksa kang gêdhe.

خُذْ مِنْ اَمْوَالِهِمْ صَدَقَةً تُطَهِّرُهُمْ وَتُزَكِّيْهِمْ بِهَا وَصَلِّ عَلَيْهِمْۗ اِنَّ صَلٰوتَكَ سَكَنٌ لَّهُمْۗ وَاللّٰهُ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ١٠٣
Khuż min amwālihim ṣadaqatan tuṭahhiruhum wa tuzakkīhim bihā wa ṣalli ‘alaihim, inna ṣalātaka sakanul lahum, wallāhu samī‘un ‘alīm(un).
[103] Dene liya-liyane padha ngakoni dosane, padha nyarup laku bêcik lan laku ala (lakune bêcik ênggone ngaku kaluputane, lakune ala ênggone ora milu nglurug pêrang). Cêpake Allah bakal ngapura marang wong kang mangkono mau. Satêmêne Allah iku ngapura tur Maha- asih.

اَلَمْ يَعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ هُوَ يَقْبَلُ التَّوْبَةَ عَنْ عِبَادِهٖ وَيَأْخُذُ الصَّدَقٰتِ وَاَنَّ اللّٰهَ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ١٠٤
Alam ya‘lamū annallāha huwa yaqbalut-taubata ‘an ‘ibādihī wa ya'khużuṣ-ṣadaqāti wa annallāha huwat-tawwābur-raḥīm(u).
[104] (He Mukhammad) bandhane wong munaphèk kang wis padha tobat iku sira tampanana. Sumurup sidêkah kanggo nucèkake lan ngrêsikake awake. Sabanjure wong mau sira dongakake bêcik. Satêmêne donganira iku nêntrêmake atine wong kang sidêkah (rumasa wis diapura dosane). Dene Allah iku miyarsa tur nguningani.

وَقُلِ اعْمَلُوْا فَسَيَرَى اللّٰهُ عَمَلَكُمْ وَرَسُوْلُهٗ وَالْمُؤْمِنُوْنَۗ وَسَتُرَدُّوْنَ اِلٰى عٰلِمِ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَۚ١٠٥
Wa quli‘malū fa sayarallāhu ‘amalakum wa rasūluhū wal-mu'minūn(a), wa saturaddūna ilā ‘ālimil-gaibi wasy-syahādati fa yunabbi'ukum bimā kuntum ta‘malūn(a).
[105] Wong kang padha kuwajiban tobat apa ora sumurup yèn Allah iku nganggêp tobate para kawulane, lan karsa nampani sidêkahe wong kang atine suci. Satêmêne Allah iku nganggêp tobate para kawula tur Maha-asih.

وَاٰخَرُوْنَ مُرْجَوْنَ لِاَمْرِ اللّٰهِ اِمَّا يُعَذِّبُهُمْ وَاِمَّا يَتُوْبُ عَلَيْهِمْۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ١٠٦
Wa ākharūna murjaunal li'amrillāhi immā yu‘ażżibuhum wa immā yatūbu ‘alaihim, wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[106] (He Mukhammad) sira dhawuha marang wong munaphèk kang padha tobat: saiki kowe padha nglakonana bêcik, manut miturut parentahing Allah. Allah bakal mirsani sabarang lakumu apadene Rasulullah lan para wong mukmin iya bakal nitèni. Ing têmbe kowe bakal padha disebakake marang ngarsaning Allah. Kang nguningani barang kang samar-samar lan barang kang kasat mata. Ing kono Allah anjalèntrèhake samubarang kang wis padha kolakoni.

وَالَّذِيْنَ اتَّخَذُوْا مَسْجِدًا ضِرَارًا وَّكُفْرًا وَّتَفْرِيْقًاۢ بَيْنَ الْمُؤْمِنِيْنَ وَاِرْصَادًا لِّمَنْ حَارَبَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ مِنْ قَبْلُ ۗوَلَيَحْلِفُنَّ اِنْ اَرَدْنَآ اِلَّا الْحُسْنٰىۗ وَاللّٰهُ يَشْهَدُ اِنَّهُمْ لَكٰذِبُوْنَ١٠٧
Wal-lażīnattakhażū masjidan ḍirāraw wa kufraw wa tafrīqam bainal-mu'minīna wa irṣādal liman ḥāraballāha wa rasūlahū min qabl(u), wa layaḥlifunna in aradnā illal-ḥusnā, wallāhu yasyhadu innahum lakāżibūn(a).
[107] Lan ana manèh wong munaphèk liyane, kang prakarane lagi mênêng, disumanggakake ing Allah, karampungane nganteni dhawuhing Allah. Disiksa utawa diapura gumantung apa parênge karsaning Allah. Dene Allah iku nguningani sarta wicaksana.

لَا تَقُمْ فِيْهِ اَبَدًاۗ لَمَسْجِدٌ اُسِّسَ عَلَى التَّقْوٰى مِنْ اَوَّلِ يَوْمٍ اَحَقُّ اَنْ تَقُوْمَ فِيْهِۗ فِيْهِ رِجَالٌ يُّحِبُّوْنَ اَنْ يَّتَطَهَّرُوْاۗ وَاللّٰهُ يُحِبُّ الْمُطَّهِّرِيْنَ١٠٨
Lā taqum fīhi abadā(n), lamasjidun ussisa ‘alat-taqwā min awwali yaumin aḥaqqu an taqūma fīh(i), fīhi rijāluy yuḥibbūna ay yataṭahharū, wallāhu yuḥibbul-muṭṭahhirīn(a).
[108] Dene wong munaphêk kang padha ngadêgake masjid, diênggo panggonan milara marang wong Islam, sarta diênggo nyantosakake ênggone kaphir lan munaphèk, apadene diênggo lantaran ambubarake pakumpulane wong mukmin, lan diênggo nyadhiyani panggonan marang kancane kang ing biyèn kêplayu ênggone ngayoni Allah lan Rasulullah. Wong munaphèk mau padha supata, calathune: Enggonku ngadêgake masjid iki karêpku ora liya mung amrih bêcik. Allah wis nguningani yèn pangakune para wong munaphèk iku goroh.

اَفَمَنْ اَسَّسَ بُنْيَانَهٗ عَلٰى تَقْوٰى مِنَ اللّٰهِ وَرِضْوَانٍ خَيْرٌ اَمْ مَّنْ اَسَّسَ بُنْيَانَهٗ عَلٰى شَفَا جُرُفٍ هَارٍ فَانْهَارَ بِهٖ فِيْ نَارِ جَهَنَّمَۗ وَاللّٰهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَ١٠٩
Afaman assasa bun-yānahū ‘alā taqwā minallāhi wa riḍwānin khairun am man assasa bun-yānahū ‘alā syafā jurufin hārin fanhāra bihī fī nāri jahannam(a), wallāhu lā yahdil-qaumaẓ-ẓālimīn(a).
[109] (He Mukhammad) sira aja pisan ngadêg sêmbayang ana ing masjid gaweane wong munaphèk iku salawase. Dene masjid kang bênêre kudu sira ênggo ngadêg sêmbayang, iku masjid kang biyèn mula diadêgake kalawan wêdi ing Allah. Ing kono ana wong lanang pirang-pirang kang padha dhêmên suci lair batine. Dene Allah iku rêmên wong kang padha suci.

لَا يَزَالُ بُنْيَانُهُمُ الَّذِيْ بَنَوْا رِيْبَةً فِيْ قُلُوْبِهِمْ اِلَّآ اَنْ تَقَطَّعَ قُلُوْبُهُمْۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ ࣖ١١٠
Lā yazālu bun-yānuhumul-lażī banau rībatan fī qulūbihim illā an taqaṭṭa‘a qulūbuhum, wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[110] Wong kang nalêsi ênggone ngadêgake masjid, kang sêdyane nêtêpi wêdi ing Allah, nglakoni kaparênge karsane Allah, iku luwih bêcik tinimbang wong kang ngadêgake masjid kang sêdyane diênggo nglakoni barang kang ora bênêr. Adêging masjid mau prasasat mèngkrèng-mèngkrèng ana pinggiring jurang naraka, nguwatiri yèn longsor, katêmahan iya longsor têmênan, banjur kêcêmplung ing naraka jahanam. Apa ora mangkono. Allah iku ora karsa nuduhake wong kang padha duraka, nganiaya awake dhewe.

۞ اِنَّ اللّٰهَ اشْتَرٰى مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ اَنْفُسَهُمْ وَاَمْوَالَهُمْ بِاَنَّ لَهُمُ الْجَنَّةَۗ يُقَاتِلُوْنَ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ فَيَقْتُلُوْنَ وَيُقْتَلُوْنَ وَعْدًا عَلَيْهِ حَقًّا فِى التَّوْرٰىةِ وَالْاِنْجِيْلِ وَالْقُرْاٰنِۗ وَمَنْ اَوْفٰى بِعَهْدِهٖ مِنَ اللّٰهِ فَاسْتَبْشِرُوْا بِبَيْعِكُمُ الَّذِيْ بَايَعْتُمْ بِهٖۗ وَذٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ١١١
Innallāhasytarā minal-mu'minīna anfusahum wa amwālahum bi'anna lahumul-jannah(ta), yuqātilūna fī sabīlillāhi fa yaqtulūna wa yuqtalūna wa‘dan ‘alaihi ḥaqqan fit-taurāti wal-injīli wal-qur'ān(i), wa man aufā bi‘ahdihī minallāhi fastabsyirū bibai‘ikumul-lażī bāya‘tum bih(ī), wa żālika huwal-fauzul-‘aẓīm(u).
[111] Enggone ngadêgake masjid wong munaphèk mau anjalari sêmanging atine ing salawase. Marine yèn wis dicacah-cacah atine (mati). Dene Allah iku nguningani tur wicaksana.

اَلتَّاۤىِٕبُوْنَ الْعٰبِدُوْنَ الْحٰمِدُوْنَ السَّاۤىِٕحُوْنَ الرّٰكِعُوْنَ السّٰجِدُوْنَ الْاٰمِرُوْنَ بِالْمَعْرُوْفِ وَالنَّاهُوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَالْحٰفِظُوْنَ لِحُدُوْدِ اللّٰهِ ۗوَبَشِّرِ الْمُؤْمِنِيْنَ١١٢
At tā'ibūnal-‘ābidul-ḥāmidūnas-sā'iḥūnar-rāki‘ūnas-sājidūnal-āmirūna bil-ma‘rūfi wan-nāhūna ‘anil-munkari wal-ḥāfiẓūna liḥudūdillāh(i), wa basysyiril-mu'minīn(a).
[112] Satêmêne para wong mukmin iki nyawane lan bandhane wis dituku dening Allah. Iya iku ing têmbe bakal padha diparingi suwarga. Para wong mukmin mau padha diangsahake pêrang sabilullah. Iya banjur padha mangsah pêrang. Lan ana uga kang mati kêsambut ing paprangan. Mungguh kasagahaning Allah bakal maringi suwarga mau, mêsthi nyata, sarta wis kasêbut ing kitab Torèt lan kitab Injil apadene Kuran. Wruhanira, ora ana kang luwih tuhu ing janji tinimbang lan Allah. Awit mangkono iku wis aran kabêgjan gêdhe.

مَا كَانَ لِلنَّبِيِّ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَنْ يَّسْتَغْفِرُوْا لِلْمُشْرِكِيْنَ وَلَوْ كَانُوْٓا اُولِيْ قُرْبٰى مِنْۢ بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُمْ اَنَّهُمْ اَصْحٰبُ الْجَحِيْمِ١١٣
Mā kāna lin-nabiyyi wal-lażīna āmanū ay yastagfirū lil-musyrikīna wa lau kānū ulī qurbā mim ba‘di mā tabayyana lahum annahum aṣḥābul-jaḥīm(i).
[113] Para wong mukmin kang wis kasêbut mau, iya iku wong kang padha tobat saka kaluputane. Kang padha ngabêkti lan mêmuji ing Allah. Kang padha puwasa tur padha sêmbayang rukuk lan sujud, kang padha ngajak anglakoni panggawe bêcik, lan padha mênging nglakoni panggawe ala, lan padha nêtêpi sarak pranataning Allah. (He Mukhammad) sira ambêbungaha para wong mukmin kang padha nêtêpi sangang prakara mau (mêsthi bakal padha pinaringan suwarga).

وَمَا كَانَ اسْتِغْفَارُ اِبْرٰهِيْمَ لِاَبِيْهِ اِلَّا عَنْ مَّوْعِدَةٍ وَّعَدَهَآ اِيَّاهُۚ فَلَمَّا تَبَيَّنَ لَهٗٓ اَنَّهٗ عَدُوٌّ لِّلّٰهِ تَبَرَّاَ مِنْهُۗ اِنَّ اِبْرٰهِيْمَ لَاَوَّاهٌ حَلِيْمٌ١١٤
Wa mā kānastigfāru ibrāhīma li'abīhi illā ‘am mau‘idatiw wa‘adahā iyyāh(u), falammā tabayyana lahū annahū ‘aduwwul lillāhi tabarra'a minh(u), inna ibrāhīma la'awwāhun ḥalīm(un).
[114] Ing atase nabi lan para wong mukmin iku ora wênang nyuwunake pangapura tumrap dosane wong musrik [mu.....srik] kang wis têtela bakal kacêmplung ing naraka jakhim (têgêse mati kaphir). sanadyan si Mukmin mau kalêbu sanak sadulure iya ora wênang.

وَمَا كَانَ اللّٰهُ لِيُضِلَّ قَوْمًاۢ بَعْدَ اِذْ هَدٰىهُمْ حَتّٰى يُبَيِّنَ لَهُمْ مَّا يَتَّقُوْنَۗ اِنَّ اللّٰهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ١١٥
Wa mā kānallāhu liyuḍilla qaumam ba‘da iż hadāhum ḥattā yubayyina lahum mā yattaqūn(a), innallāha bikulli syai'in ‘alīm(un).
[115] Dene Nabi Ibrahim ênggone wani-wani nyuwunake pangapura bapakne, iku ora liya dupèh bapakne mau saguh marang Nabi Ibrahim wis sumurup têrang yèn bapakne mau satruning Allah. Iya banjur ora sida nyuwunake pangapura. Satêmêne nabi Brahim iku wong srêgêp nyênyuwun tur wêlasan.

اِنَّ اللّٰهَ لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ يُحْيٖ وَيُمِيْتُۗ وَمَا لَكُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا نَصِيْرٍ١١٦
Innallāha lahū mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), yuḥyī wa yumīt(u), wa mā lakum min dūnillāhi miw waliyyiw wa lā naṣīr(in).
[116] Allah sawise paring pituduh bênêr marang wong mukmin, ora sisan nêtêpake kaluputane wong mukmin, kajaba yèn wis ngundhangake larangan kang wajib disingkiri. Kang măngka wong mukmin mau mêksa nêrak larangan. Satêmêne Allah iku nguningani samubarang.

لَقَدْ تَّابَ اللّٰهُ عَلَى النَّبِيِّ وَالْمُهٰجِرِيْنَ وَالْاَنْصَارِ الَّذِيْنَ اتَّبَعُوْهُ فِيْ سَاعَةِ الْعُسْرَةِ مِنْۢ بَعْدِ مَا كَادَ يَزِيْغُ قُلُوْبُ فَرِيْقٍ مِّنْهُمْ ثُمَّ تَابَ عَلَيْهِمْۗ اِنَّهٗ بِهِمْ رَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ ۙ١١٧
Laqat tāballāhu ‘alan-nabiyyi wal-muhājirīna wal-anṣāril-lażīnattaba‘ūhu fī sā‘atil-‘usrati mim ba‘di mā kāda yazīgu qulūbu farīqim minhum ṡumma tāba ‘alaihim, innahū bihim ra'ūfur raḥīm(un).
[117] Satêmêne Allah iku kagungan lan nguwasani karaton bumi lan langit, kuwasa nguripi lan matèni. Sira kabèh padha ora duwe andêl-andêl, lan ora ana kang kuwasa têtulung ing sira kajaba mung Allah.

وَّعَلَى الثَّلٰثَةِ الَّذِيْنَ خُلِّفُوْاۗ حَتّٰٓى اِذَا ضَاقَتْ عَلَيْهِمُ الْاَرْضُ بِمَا رَحُبَتْ وَضَاقَتْ عَلَيْهِمْ اَنْفُسُهُمْ وَظَنُّوْٓا اَنْ لَّا مَلْجَاَ مِنَ اللّٰهِ اِلَّآ اِلَيْهِۗ ثُمَّ تَابَ عَلَيْهِمْ لِيَتُوْبُوْاۗ اِنَّ اللّٰهَ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ ࣖ١١٨
Wa ‘alaṡ-ṡalāṡatil-lażīna khullifū, ḥattā iżā ḍāqat ‘alaihimul-arḍu bimā raḥubat wa ḍāqat ‘alaihim anfusuhum wa ẓannū allā malja'a minallāhi illā ilaih(i), ṡumma tāba ‘alaihim liyatūbū, innallāha huwat-tawwābur-raḥīm(u).
[118] Satêmêne Allah wis muwung marang nabi Mukhammad ênggone banjur nglilani pamite wong munaphèk ora milu nglurug pêrang. Lan muwung marang para sakhabat kang padha milu ngalih marang Madinah lan kang padha [pa...dha] têtulung marang Rasulullah. Kang padha milu nglurug pêrang kalawan rêkasa lan sangsara. Malah nganti ana sakhabat sawatara mèh kêndho sêtya tuhune, kaduwung ênggone milu nglurug. Sawise mangkono Allah muwung lan ngapura marang para sakhabat mau (marga isih têguh sêtyane). Satêmêne Allah iku wêlas asih marang para sakhabat mau.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَكُوْنُوْا مَعَ الصّٰدِقِيْنَ١١٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanuttaqullāha wa kūnū ma‘aṣ-ṣādiqīn(a).
[119] Allah uga wis ngapura marang sakhabat têlu kang wis padha têtulung marang Rasulullah ênggone padha kaluputan ora milu nglurug pêrang. Sakhabat têlu mau luwih susah, rumasa sêsêg marga disirik dening kănca-kancane, pangrasa sajêmbaring bumi iki sêsêg diênggoni, ciptane: ora ana pangungsèn kang diênggo nyingkiri dêdukaning Allah, kajaba mung ngungsi marang Allah. Sawise katog panalangsane, Allah banjur ngapura marang sakhabat têlu mau, supaya padha tulusa tobate ing salawase, puliha têntrêm kaya mau-maune. Satêmêne Allah iku rêmên ngapura tur Maha-asih.

مَا كَانَ لِاَهْلِ الْمَدِيْنَةِ وَمَنْ حَوْلَهُمْ مِّنَ الْاَعْرَابِ اَنْ يَّتَخَلَّفُوْا عَنْ رَّسُوْلِ اللّٰهِ وَلَا يَرْغَبُوْا بِاَنْفُسِهِمْ عَنْ نَّفْسِهٖۗ ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ لَا يُصِيْبُهُمْ ظَمَاٌ وَّلَا نَصَبٌ وَّلَا مَخْمَصَةٌ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَلَا يَطَـُٔوْنَ مَوْطِئًا يَّغِيْظُ الْكُفَّارَ وَلَا يَنَالُوْنَ مِنْ عَدُوٍّ نَّيْلًا اِلَّا كُتِبَ لَهُمْ بِهٖ عَمَلٌ صَالِحٌۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُضِيْعُ اَجْرَ الْمُحْسِنِيْنَ١٢٠
Mā kāna li'ahlil-madīnati wa man ḥaulahum minal-a‘rābi ay yatakhallafū ‘ar rasūlillāhi wa lā yargabū bi'anfusihim ‘an nafsih(ī), żālika bi'annahum lā yuṣībuhum ẓama'uw wa lā naṣabuw wa lā makhmaṣatun fī sabīlillāhi wa lā yaṭa'ūna mauṭi'ay yagīẓul-kuffāra wa lā yanālūna min ‘aduwwin nailan illā kutiba lahum bihī ‘amalun ṣāliḥ(un), innallāha lā yuḍī‘u ajral-muḥsinīn(a).
[120] He para wong mukmin kabèh, sira padha wêdia ing Allah, lan padha dadia kancane para wong mukmin kang padha sêtya tuhu.

وَلَا يُنْفِقُوْنَ نَفَقَةً صَغِيْرَةً وَّلَا كَبِيْرَةً وَّلَا يَقْطَعُوْنَ وَادِيًا اِلَّا كُتِبَ لَهُمْ لِيَجْزِيَهُمُ اللّٰهُ اَحْسَنَ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ١٢١
Wa lā yunfiqūna nafaqatan ṣagīrataw wa lā kabīrataw wa lā yaqṭa‘ūna wādiyan illā kutiba lahum liyajziyahumullāhu aḥsana mā kānū ya‘malūn(a).
[121] Para sakhabat kang padha manggon ana ing Madinah, apadene wong Baduwi kang padha manggon sakiwa têngêning Madinah, iku mênawa Rasulullah pêrang, ora [o......ra] kêna kari ana ngomah bae, lan ora kêna dhêmên ngapenakake awake dhewe, ora praduli rêkasane Rasulullah. Enggone padha dilarangi kari iku, marga para sakhabat lan wong Baduwi mau samăngsa nglakoni rêkasa, iya iku ngrasakake ngêlak, kangelan, luwe, ngambah ing panggonan kang anjalari nêpsune para wong kaphir, lan ngrasakake abot ènthènge gitiking mungsuh ana sajroning pêrang sabilullah, iku mêsthi wis ditulisi dening Allah wis anglakoni panggawe bêcik. Satêmêne Allah iku ora bakal nyêlêd ganjarane wong kang padha nglakoni panggawe bêcik.

۞ وَمَا كَانَ الْمُؤْمِنُوْنَ لِيَنْفِرُوْا كَاۤفَّةًۗ فَلَوْلَا نَفَرَ مِنْ كُلِّ فِرْقَةٍ مِّنْهُمْ طَاۤىِٕفَةٌ لِّيَتَفَقَّهُوْا فِى الدِّيْنِ وَلِيُنْذِرُوْا قَوْمَهُمْ اِذَا رَجَعُوْٓا اِلَيْهِمْ لَعَلَّهُمْ يَحْذَرُوْنَ ࣖ١٢٢
Wa mā kānal-mu'minūna liyanfirū kāffah(tan), falau lā nafara min kulli firqatim minhum ṭā'ifatul liyatafaqqahū fid-dīni wa liyunżirū qaumahum iżā raja‘ū ilaihim la‘allahum yaḥżarūn(a).
[122] Dene yèn para sakhabat utawa wong Baduwi mau ngragadi pêrang, akèh utawa sathithik, apadene yèn lakune nganggo ngliwati jurang, iku mêsthi ditulis dening Allah. Allah bakal angganjar marang wong mau, kalawan ganjaraning laku kang utama dhewe.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا قَاتِلُوا الَّذِيْنَ يَلُوْنَكُمْ مِّنَ الْكُفَّارِ وَلْيَجِدُوْا فِيْكُمْ غِلْظَةًۗ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ مَعَ الْمُتَّقِيْنَ١٢٣
Yā ayyuhal-lażīna āmanū qātilul-lażīna yalūnakum minal-kuffāri wal-yajidū fīkum gilẓah(tan), wa‘lamū annallāha ma‘al-muttaqīn(a).
[123] Para wong mukmin ora kêna kêbut anglurug pêrang kabèh, mung mangkat anglurug sagolongan bae, dene kang sagolongan, karia ngadhêp Kangjêng Rasul, padha nampanana yèn ana dhawuhing Pangeran prakara agama. Samăngsa kang nglurug mau wis mulih, kang kari mau banjur ngratakna dhawuhing Pangeran marang para kancane kang têka saka nglurug mau, supaya padha wêdia siksaning Allah.

وَاِذَا مَآ اُنْزِلَتْ سُوْرَةٌ فَمِنْهُمْ مَّنْ يَّقُوْلُ اَيُّكُمْ زَادَتْهُ هٰذِهٖٓ اِيْمَانًاۚ فَاَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا فَزَادَتْهُمْ اِيْمَانًا وَّهُمْ يَسْتَبْشِرُوْنَ١٢٤
Wa iżā mā unzilat sūratun fa minhum may yaqūlu ayyukum zādathu hāżihī īmānā(n), fa ammal-lażīna āmanū fa zādathum īmānaw wa hum yastabsyirūn(a).
[124] He para wong mukmin, sira padha mêrangana wong kaphir kang cêdhak nagaranira Madinah, lan padha simpêna kêkêndêlan sarta santosa. Sira padha wêruha yèn Allah iku ngrewangi wong kang padha wêdi ing Allah.

وَاَمَّا الَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ فَزَادَتْهُمْ رِجْسًا اِلٰى رِجْسِهِمْ وَمَاتُوْا وَهُمْ كٰفِرُوْنَ١٢٥
Wa ammal-lażīna fī qulūbihim maraḍun fa zādathum rijsan ilā rijsihim wa mātū wa hum kāfirūn(a).
[125] Nalika ana surating Kuran didhawuhake, ana sawênèhe wong munaphèk kang rêrasan karo kancane. Calathune: Para kancaku kabèh apa ana kang banjur thukul utawa wuwuh pracayane marang Nabi Mukhammad marga ana surating Kuran kang mangkene iki. (Dhawuhing Allah): Sarupane wong mukmin mêsthi padha wuwuh kukuh pracayane, sarta padha bungah ênggone padha didhawuhi surating Kuran.

اَوَلَا يَرَوْنَ اَنَّهُمْ يُفْتَنُوْنَ فِيْ كُلِّ عَامٍ مَّرَّةً اَوْ مَرَّتَيْنِ ثُمَّ لَا يَتُوْبُوْنَ وَلَا هُمْ يَذَّكَّرُوْنَ١٢٦
Awalā yarauna annahum yuftanūna fī kulli ‘āmim marrataini ṡumma lā yatūbūna wa lā hum yażżakkarūn(a).
[126] Dene sarupane wong kang atine ana larane (mamang lan munaphèk), iku surating Kuran mêsthi anjalari wuwuh kaphire, sarta wong mau bakal padha mati kaphir.

وَاِذَا مَآ اُنْزِلَتْ سُوْرَةٌ نَّظَرَ بَعْضُهُمْ اِلٰى بَعْضٍۗ هَلْ يَرٰىكُمْ مِّنْ اَحَدٍ ثُمَّ انْصَرَفُوْاۗ صَرَفَ اللّٰهُ قُلُوْبَهُمْ بِاَنَّهُمْ قَوْمٌ لَّا يَفْقَهُوْنَ١٢٧
Wa iżā mā unzilat sūratun naẓara ba‘ḍuhum ilā ba‘ḍ(in), hal yarākum min aḥadin ṡummanṣarafū, ṣarafallāhu qulūbahum bi'annahum qaumul lā yafqahūn(a).
[127] Wong munaphèk mau apa padha ora rumasa ênggone sabên sataun kambah ing rêribêd sapisan utawa ping pindho. Ewadene têka padha ora gêlêm tobat, lan ora eling sumungkêm ing Allah.

لَقَدْ جَاۤءَكُمْ رَسُوْلٌ مِّنْ اَنْفُسِكُمْ عَزِيْزٌ عَلَيْهِ مَا عَنِتُّمْ حَرِيْصٌ عَلَيْكُمْ بِالْمُؤْمِنِيْنَ رَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ١٢٨
Laqad jā'akum rasūlum min anfusikum ‘azīzun ‘alaihi mā ‘anittum ḥarīṣun ‘alaikum bil-mu'minīna ra'ūfur raḥīm(un).
[128] Nalikane ana surating Kuran didhawuhake, wong munaphèk mau padha pandêng-pinandêng lan kancane. Lan padha nandukake sasmita, surane:[1] samăngsa wong Islam iku padha kêlimpe, ora ana wong siji kang wêruh, ayo padha ambolos saka ngarsane Rasulullah. Barêng wong Islam kêlimpe, wong munaphèk padha ambolos. Mulane Allah banjur nasarake panêmune wong munaphèk mau, amarga si munaphèk iku wong kang ora gêlêm ngrasak-ngrasakake barang kang bakal makolèhi marang awake.

فَاِنْ تَوَلَّوْا فَقُلْ حَسْبِيَ اللّٰهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ ۗ عَلَيْهِ تَوَكَّلْتُ وَهُوَ رَبُّ الْعَرْشِ الْعَظِيْمِ ࣖ١٢٩
Fa in tawallau faqul ḥasbiyallāhu lā ilāha illā huw(a), ‘alaihi tawakkaltu wa huwa rabbul-‘arsyil-‘aẓīm(i).
[129] (He wong Arab kabèh), sira têmên wis padha ditêkani utusan Ingsun (aran Nabi Mukhammad) iku pêthilan saka kancanira dhewe, bangêt ênggone mrihatinake marang sira, aja nganti tumiba ing kasusahan, mulane tanpa uwis ênggone marsudi supaya sira olèha pituduh bênêr. Nabi Mukhammad mau wêlas-asih marang para wong mukmin. Dene yèn wong kaphir padha malengos marang sira Mukhammad, sira banjur dhawuha: Kang nyukupi lan nulungi marang aku iku Allah. Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah. Prakara iki tak sumanggakake ing Allah. Allah iku Pangeraning Aras kang agung.