Surah Al-Fajr
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالْفَجْرِۙ١
Wal-fajr(i).
[1]
Dêmi wayah bangun esuk ing sabên dina, dêmi malêm tanggal ping sapuluh sabên sasi Bêsar.
وَلَيَالٍ عَشْرٍۙ٢
Wa layālin ‘asyr(in).
[2]
Dêmi cacah ganêp lan cacah ganjil.
وَّالشَّفْعِ وَالْوَتْرِۙ٣
Wasy-syaf‘i wal-watr(i).
[3]
Dêmi wêngi kang kawitan lan kang wêkasan, wong kaphir ing Mêkah iku mêsthi Ingsun siksa.
وَالَّيْلِ اِذَا يَسْرِۚ٤
Wal-laili iżā yasr(i).
[4]
Enggon Ingsun supata mangkono mau, apa iku supatane wong kang ana ngakale. Iya mangkono.
هَلْ فِيْ ذٰلِكَ قَسَمٌ لِّذِيْ حِجْرٍۗ٥
Hal fī żālika qasamul liżī ḥijr(in).
[5]
(He Mukhammad) sira apa ora andêlêng Allah Pangeranira ênggone numpês wong Ngad.
اَلَمْ تَرَ كَيْفَ فَعَلَ رَبُّكَ بِعَادٍۖ٦
Alam tara kaifa fa‘ala rabbuka bi‘ād(in).
[6]
Turune Iram, tur padha gagah prakosa lan gêdhe dhuwur.
اِرَمَ ذَاتِ الْعِمَادِۖ٧
Irama żātil-‘imād(i).
[7]
Wong ing nagara liya-liyane, ora ana kang diparingi gagah prakosa samono.
الَّتِيْ لَمْ يُخْلَقْ مِثْلُهَا فِى الْبِلَادِۖ٨
Allatī lam yukhlaq miṡluhā fil-bilād(i).
[8]
Lan ênggone numpês wong Samud kang padha mecoki watu ana pèrèng-pèrènging gunung ginawe omah.
وَثَمُوْدَ الَّذِيْنَ جَابُوا الصَّخْرَ بِالْوَادِۖ٩
Wa ṡamūdal-lażīna jābuṣ-ṣakhra bil-wād(i).
[9]
Lan ênggone numpês Raja Phirngon, tur Raja Phirngon mau sugih bala, lan duwe piranti kanggo matrapi wong.
وَفِرْعَوْنَ ذِى الْاَوْتَادِۖ١٠
Wa fir‘auna żil-autād(i).
[10]
Kabèh mau padha gumêdhe ana ing nagara.
الَّذِيْنَ طَغَوْا فِى الْبِلَادِۖ١١
Allażīna ṭagau fil-bilād(i).
[11]
Bangêt ênggone gawe rusak ana ing nagarane, mêmatèni wong lan liya- liyane.
فَاَكْثَرُوْا فِيْهَا الْفَسَادَۖ١٢
Fa akṡarū fīhal-fasād(a).
[12]
Allah Pangeranira banjur nurunake siksa warna-warna marang wong kaphir mau.
فَصَبَّ عَلَيْهِمْ رَبُّكَ سَوْطَ عَذَابٍۖ١٣
Fa ṣabba ‘alaihim rabbuka sauṭa ‘ażāb(in).
[13]
Satêmêne Allah Pangeranira ngulat-ulatake.
اِنَّ رَبَّكَ لَبِالْمِرْصَادِۗ١٤
Inna rabbaka labil-mirṣād(i).
[14]
Wong kaphir iku manawa dicoba dening Pangerane, sarana diparingi kabêgjan lan kabungahan.
فَاَمَّا الْاِنْسَانُ اِذَا مَا ابْتَلٰىهُ رَبُّهٗ فَاَكْرَمَهٗ وَنَعَّمَهٗۙ فَيَقُوْلُ رَبِّيْٓ اَكْرَمَنِۗ١٥
Fa ammal-insānu iżā mabtalāhu rabbuhū fa akramahū wa na‘‘amah(ū), fa yaqūlu rabbī akraman(i).
[15]
Banjur ngucap: Pangeranku gawe bêcik marang aku.
وَاَمَّآ اِذَا مَا ابْتَلٰىهُ فَقَدَرَ عَلَيْهِ رِزْقَهٗ ەۙ فَيَقُوْلُ رَبِّيْٓ اَهَانَنِۚ١٦
Wa ammā iżā mabtalāhu fa qadara ‘alaihi rizqah(ū), fa yaqūlu rabbī ahānan(i).
[16]
Dene yèn dicoba sarana dikurangi ênggone paring rijêki.
كَلَّا بَلْ لَّا تُكْرِمُوْنَ الْيَتِيْمَۙ١٧
Kallā bal lā tukrimūnal-yatīm(a).
[17]
Banjur ngucap: Pangeranku ora gawe bêcik marang aku.
وَلَا تَحٰۤضُّوْنَ عَلٰى طَعَامِ الْمِسْكِيْنِۙ١٨
Wa lā taḥāḍḍūna ‘alā ṭa‘āmil-miskīn(i).
[18]
Pangucape wong kaphir mau luput, Allah ênggone gawe bêcik, ora sarana paring kabungahan ing dunya, ênggone nginakake ora sarana ngurangi paringe rijêki. Malah sira wong kaphir, iku padha ora gêlêm wêlas marang bocah yatim.
وَتَأْكُلُوْنَ التُّرَاثَ اَكْلًا لَّمًّاۙ١٩
Wa ta'kulūnat-turāṡa aklal lammā(n).
[19]
Lan ora akon awèh pangan marang wong miskin.
وَّتُحِبُّوْنَ الْمَالَ حُبًّا جَمًّاۗ٢٠
Wa tuḥibbūnal-māla ḥubban jammā(n).
[20]
Lan padha ngukup barang tinggalane wong mati kalawan bangêt.
كَلَّآ اِذَا دُكَّتِ الْاَرْضُ دَكًّا دَكًّاۙ٢١
Kallā iżā dukkatil-arḍu dakkan dakkā(n).
[21]
Lan padha dhêmên băndha, dhêmên bangêt.
وَّجَاۤءَ رَبُّكَ وَالْمَلَكُ صَفًّا صَفًّاۚ٢٢
Wa jā'a rabbuka wal-malaku ṣaffan ṣaffā(n).
[22]
Wong kaphir mau luput, besuk dina kiyamat, nalikane ing bumi lindhu gêdhe, nganti gunung-gunung padha ajur.
وَجِايْۤءَ يَوْمَىِٕذٍۢ بِجَهَنَّمَۙ يَوْمَىِٕذٍ يَّتَذَكَّرُ الْاِنْسَانُ وَاَنّٰى لَهُ الذِّكْرٰىۗ٢٣
Wa jī'a yauma'iżim bijahannam(a), yauma'iżiy yatażakkarul-insānu wa annā lahuż-żikrā.
[23]
Parentahe Pangeranira kalêksanan, lan malaikat padha baris sap-sapan.
يَقُوْلُ يٰلَيْتَنِيْ قَدَّمْتُ لِحَيَاتِيْۚ٢٤
Yaqūlu yā laitanī qaddamtu liḥayātī.
[24]
Ing dina iku Naraka Jahanam ditêkakake, ing dina iku wong kaphir padha eling ênggone padha nêmaha maido rasul, lan anglakonana ala, nanging elinge mau ora migunani apa-apa.
فَيَوْمَىِٕذٍ لَّا يُعَذِّبُ عَذَابَهٗٓ اَحَدٌ ۙ٢٥
Fa yauma'iżil lā yu‘ażżibu ‘ażābahū aḥad(un).
[25]
Pangucape: Adhuh, bok iya biyèn nalika aku urip ana ing dunya, aku nglakoni panggawe bêcik lan pracaya ing Allah, supaya slamêt ênggonku urip ana ing akhirat, ing dina iki ora ana wong bisa nguwasani siksaning Allah.
وَّلَا يُوْثِقُ وَثَاقَهٗٓ اَحَدٌ ۗ٢٦
Wa lā yūṡiqu waṡāqahū aḥad(un).
[26]
Lan ora ana wong bisa nyantosani kaya Allah ênggone nyantosani.
يٰٓاَيَّتُهَا النَّفْسُ الْمُطْمَىِٕنَّةُۙ٢٧
Yā ayyatuhan-nafsul-muṭma'innah(tu).
[27]
He awak kang têntrêm.
ارْجِعِيْٓ اِلٰى رَبِّكِ رَاضِيَةً مَّرْضِيَّةً ۚ٢٨
Irji‘ī ilā rabbiki rāḍiyatam marḍiyyah(tan).
[28]
Sira balia seba ing ngarsaning Pangeranira, kalawan lêga tămpa ganjaran, tur karilan marga saka lakunira bêcik.
فَادْخُلِيْ فِيْ عِبٰدِيْۙ٢٩
Fadkhuli fī ‘ibādī.
[29]
Sira malêbua golongane para kawulaningsun kang bêcik.
وَادْخُلِيْ جَنَّتِيْ ࣖࣖ٣٠
Wadkhulī jannatī.
[30]
Lan malêbua ing suwarganingsun.