Surah Al-A’la

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
سَبِّحِ اسْمَ رَبِّكَ الْاَعْلَىۙ١
Sabbiḥisma rabbikal-a‘lā.
[1] (He Mukhammad) sira sakancanira nêbuta Mahasuci tumrap asmaning Allah Pangeranira kang Mahaluhur.

الَّذِيْ خَلَقَ فَسَوّٰىۖ٢
Allażī khalaqa fasawwā.
[2] Kang wis gawe samubarang kalawan prayoga.

وَالَّذِيْ قَدَّرَ فَهَدٰىۖ٣
Wal-lażī qaddara fahadā.
[3] Lan amêsthi kaananing samubarang mau, ala lan bêcik, atas karsane pribadi, nuli nuduhake barang kang amrih bêcik.

وَالَّذِيْٓ اَخْرَجَ الْمَرْعٰىۖ٤
Wal-lażī akhrajal-mar‘ā.
[4] Lan mêtokake sukêt, kanggo panganing rajakaya.

فَجَعَلَهٗ غُثَاۤءً اَحْوٰىۖ٥
Fa ja‘alahū guṡā'an aḥwā.
[5] Sukêt mau sawise ijo, dikarsakake garing, warnane abang.

سَنُقْرِئُكَ فَلَا تَنْسٰىٓ ۖ٦
Sanuqri'uka falā tansā.
[6] Ingsun bakal mulang Kuran marang sira Mukhammad, lan sira bakal ora lali unining Kuran.

اِلَّا مَا شَاۤءَ اللّٰهُ ۗاِنَّهٗ يَعْلَمُ الْجَهْرَ وَمَا يَخْفٰىۗ٧
Illā mā syā'allāh(u), innahū ya‘lamul-jahra wa mā yakhfā.
[7] Kajaba yèn ana parênge karsaning Allah, satêmêne Allah iku nguningani panggawe [pangga...we] lan pangucap, kang sêru lan kang samar.

وَنُيَسِّرُكَ لِلْيُسْرٰىۖ٨
Wa nuyassiruka lil-yusrā.
[8] Lan Ingsun nulungi sira nglakoni dalan kang gampang, iya iku sarengat.

فَذَكِّرْ اِنْ نَّفَعَتِ الذِّكْرٰىۗ٩
Fa żakkir in nafa‘atiż-żikrā.
[9] Sira mêmulanga Kuran, sanadyan wulang mau migunani utawa ora.

سَيَذَّكَّرُ مَنْ يَّخْشٰىۙ١٠
Sayażżakkaru may yakhsyā.
[10] Wong kang wêdi ing Allah bakal ngèstokake wulanging Kuran.

وَيَتَجَنَّبُهَا الْاَشْقَىۙ١١
Wa yatajannabuhal-asyqā.
[11] Dene wong kang cilaka, iya iku wong kaphir, iku padha suthik ngèstokake wulanging Kuran.

الَّذِيْ يَصْلَى النَّارَ الْكُبْرٰىۚ١٢
Allażī yaṣlan-nāral-kubrā.
[12] Iku têtêp wong cilaka, kacêmplung ing naraka gêdhe.

ثُمَّ لَا يَمُوْتُ فِيْهَا وَلَا يَحْيٰىۗ١٣
Ṡumma lā yamūtu fīhā wa lā yaḥyā.
[13] Ana ing naraka wong kaphir mau ora mati ora urip.

قَدْ اَفْلَحَ مَنْ تَزَكّٰىۙ١٤
Qad aflaḥa man tazakkā.
[14] Wong kang rêsik atine pracaya ing Allah iku têtêp wong bêgja.

وَذَكَرَ اسْمَ رَبِّهٖ فَصَلّٰىۗ١٥
Wa żakarasma rabbihī fa ṣallā.
[15] Wong mau nêbut asmaning Pangerane lan anglakoni sêmbayang.

بَلْ تُؤْثِرُوْنَ الْحَيٰوةَ الدُّنْيَاۖ١٦
Bal tu'ṡirūnal-ḥayātad-dun-yā.
[16] (He wong kaphir) sira padha milih kabungahan ing dunya.

وَالْاٰخِرَةُ خَيْرٌ وَّاَبْقٰىۗ١٧
Wal-ākhiratu khairuw wa abqā.
[17] Kabêgjan ing akhirat iku luwih bêcik, [bê...cik,] tur langgêng, ngungkuli kabungahan ing dunya.

اِنَّ هٰذَا لَفِى الصُّحُفِ الْاُوْلٰىۙ١٨
Inna hāżā lafiṣ-ṣuḥufil-ūlā.
[18] Wêwulang kang wis kasêbut mau, uga kasêbut ana ing kitab kang kuna-kuna.

صُحُفِ اِبْرٰهِيْمَ وَمُوْسٰى ࣖ١٩
Ṣuḥufi ibrāhīma wa mūsā.
[19] Kitabe Nabi Ibrahim lan kitabe Nabi Musa.