Surah At-Tariq

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالسَّمَاۤءِ وَالطَّارِقِۙ١
Was-samā'i waṭ-ṭāriq(i).
[1] Dêmi langit, dêmi tarig.

وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا الطَّارِقُۙ٢
Wa mā adrāka maṭ-ṭāriq(u).
[2] Sapa kang mêruhake sira, apa kang aran tarig iku.

النَّجْمُ الثَّاقِبُۙ٣
An-najmuṡ-ṡāqib(u).
[3] Kang aran tarig iku lintang wuluh.

اِنْ كُلُّ نَفْسٍ لَّمَّا عَلَيْهَا حَافِظٌۗ٤
In kullu nafsil lammā ‘alaihā ḥāfiẓ(un).
[4] Siji-sijining awak mêsthi ana malaikate kang rumêksa.

فَلْيَنْظُرِ الْاِنْسَانُ مِمَّ خُلِقَ٥
Falyanẓuril-insānu mimma khuliq(a).
[5] Manungsa padha mikira, awake iku kadadian saka apa.

خُلِقَ مِنْ مَّاۤءٍ دَافِقٍۙ٦
Khuliqa mim mā'in dāfiq(in).
[6] Awake iku kadadian saka mani kang crut-crutan.

يَّخْرُجُ مِنْۢ بَيْنِ الصُّلْبِ وَالتَّرَاۤىِٕبِۗ٧
Yakhruju mim bainiṣ-ṣulbi wat-tarā'ib(i).
[7] Mêtu saka iga wêkase wong lanang lan wong wadon.

اِنَّهٗ عَلٰى رَجْعِهٖ لَقَادِرٌۗ٨
Innahū ‘alā raj‘ihī laqādir(un).
[8] Allah kuwasa nguripake manungsa sawise mati.

يَوْمَ تُبْلَى السَّرَاۤىِٕرُۙ٩
Yauma tublas-sarā'ir(u).
[9] Iya iku besuk dina kiyamat, nalikane iku sarupaning wadi padha kêwiyak.

فَمَا لَهٗ مِنْ قُوَّةٍ وَّلَا نَاصِرٍۗ١٠
Famā lahū min quwwatiw wa lā nāṣir(in).
[10] Wong kang maido dina kiyamat, ora kêlar nulak siksa lan ora ana kang bisa nulungi.

وَالسَّمَاۤءِ ذَاتِ الرَّجْعِۙ١١
Was-samā'i żātir-raj‘(i).
[11] Dêmi langit kang ana udane.

وَالْاَرْضِ ذَاتِ الصَّدْعِۙ١٢
Wal-arḍi żātiṣ-ṣad‘(i).
[12] Dêmi bumi kang ambalêdhag mêtu thêthukulane.

اِنَّهٗ لَقَوْلٌ فَصْلٌۙ١٣
Innahū laqaulun faṣl(un).
[13] Têmên Kuran iku pangandikaning Allah, kang ambedakake bênêr lan luput.

وَّمَا هُوَ بِالْهَزْلِۗ١٤
Wa mā huwa bil-hazl(i).
[14] Dudu sêmbranan lan jalomprongan.

اِنَّهُمْ يَكِيْدُوْنَ كَيْدًاۙ١٥
Innahum yakīdūna kaidā(n).
[15] Wong kaphir padha nandukake paekan marang Nabi Mukhammad.

وَّاَكِيْدُ كَيْدًاۖ١٦
Wa akīdu kaidā(n).
[16] Ingsun uga malês paekane si kaphir mau.

فَمَهِّلِ الْكٰفِرِيْنَ اَمْهِلْهُمْ رُوَيْدًا ࣖ١٧
Fa mahhilil-kāfirīna amhilhum ruwaidā(n).
[17] (He Mukhammad) sira kantia, Ingsun uga nyarantèkake sawatara rusake si kaphir mau.