Surah Al-Buruj
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالسَّمَاۤءِ ذَاتِ الْبُرُوْجِۙ١
Was-samā'i żātil-burūj(i).
[1]
Dêmi langit kang ana buruje, buruj iku sapara rolase buwêngan dalaning srêngenge.
وَالْيَوْمِ الْمَوْعُوْدِۙ٢
Wal-yaumil-mau‘ūd(i).
[2]
Dêmi dina kiyamat kang tinamtokake mêsthi kêlakon.
وَشَاهِدٍ وَّمَشْهُوْدٍۗ٣
Wa syāhidiw wa masyhūd(in).
[3]
Dêmi sêksi lan kang dèn sêksèni.
قُتِلَ اَصْحٰبُ الْاُخْدُوْدِۙ٤
Qutila aṣḥābul-ukhdūd(i).
[4]
Wong kang padha duwe jugangan utawa biyantu, padha kêna bêbênduning Allah.
النَّارِ ذَاتِ الْوَقُوْدِۙ٥
An-nāri żātil-waqūd(i).
[5]
Jugangan mau isi gêni murub, kanggo ngobong.
اِذْ هُمْ عَلَيْهَا قُعُوْدٌۙ٦
Iż hum ‘alaihā qu‘ūd(un).
[6]
Wong kang duwe jugangan lan kang biyantu mau, padha linggih kursi ana saubênging jugangan.
وَّهُمْ عَلٰى مَا يَفْعَلُوْنَ بِالْمُؤْمِنِيْنَ شُهُوْدٌ ۗ٧
Wa hum ‘alā mā yaf‘alūna bil-mu'minīna syuhūd(un).
[7]
Padha nyumurupi ênggone milara lan matèni wong mukmin.
وَمَا نَقَمُوْا مِنْهُمْ اِلَّآ اَنْ يُّؤْمِنُوْا بِاللّٰهِ الْعَزِيْزِ الْحَمِيْدِۙ٨
Wa mā naqamū minhum illā ay yu'minū billāhil-‘azīzil-ḥamīd(i).
[8]
Enggone milara mau, dumèh wong mukmin iku padha pracaya ing Allah kang Mahamulya tur pantês pinuji.
الَّذِيْ لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ ۗوَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ شَهِيْدٌ ۗ٩
Allażī lahū mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), wallāhu ‘alā kulli syai'in syahīd(un).
[9]
Kang kagungan karaton langit lan bumi, Allah iku mirsani samubarang.
اِنَّ الَّذِيْنَ فَتَنُوا الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِ ثُمَّ لَمْ يَتُوْبُوْا فَلَهُمْ عَذَابُ جَهَنَّمَ وَلَهُمْ عَذَابُ الْحَرِيْقِۗ١٠
Innal-lażīna fatanul-mu'minīna wal-mu'mināti ṡumma lam yatūbū fa lahum ‘ażābu jahannama wa lahum ‘ażābul-ḥarīq(i).
[10]
Sarupane wong kang maeka utawa milara wong mukmin, lananga wadona, sarana diobong, kang măngka ora tobat, iku padha dipatrapi siksa ana ing Naraka Jahanam, minăngka patrapan ênggone ngobong wong mukmin.
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَهُمْ جَنّٰتٌ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ ەۗ ذٰلِكَ الْفَوْزُ الْكَبِيْرُۗ١١
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti lahum jannātun tajrī min taḥtihal-anhār(u), żālikal-fauzul-kabīr(u).
[11]
Sarupane wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, iku bakal padha tămpa ganjaran suwarga kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon. Kang mangkono iku aran kabêgjan gêdhe.
اِنَّ بَطْشَ رَبِّكَ لَشَدِيْدٌ ۗ١٢
Inna baṭsya rabbika lasyadīd(un).
[12]
Satêmêne siksaning Allah Pangeranira iku abot.
اِنَّهٗ هُوَ يُبْدِئُ وَيُعِيْدُۚ١٣
Innahū huwa yubdi'u wa yu‘īd(u).
[13]
Allah iku kang murwani gawe mahluk, sawise padha dipatèni, Allah banjur nguripake manèh.
وَهُوَ الْغَفُوْرُ الْوَدُوْدُۙ١٤
Wa huwal-gafūrul-wadūd(u).
[14]
Allah iku kaparêng ngapura, tur asih marang kawulane.
ذُو الْعَرْشِ الْمَجِيْدُۙ١٥
Żul-‘arsyil-majīd(i).
[15]
Kang gawe ngaras, tur Mahaluhur.
فَعَّالٌ لِّمَا يُرِيْدُۗ١٦
Fa‘‘ālul limā yurīd(u).
[16]
Kang nindakake samubarang kang dadi karsane.
هَلْ اَتٰىكَ حَدِيْثُ الْجُنُوْدِۙ١٧
Hal atāka ḥadīṡul-junūd(i).
[17]
Sira wis tămpa dhawuh carita tumpêse bala akèh.
فِرْعَوْنَ وَثَمُوْدَۗ١٨
Fir‘auna wa ṡamūd(a).
[18]
Iya iku Raja Phirngon lan Raja Samud sabalane kabèh.
بَلِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فِيْ تَكْذِيْبٍۙ١٩
Balil-lażīna kafarū fī takżīb(in).
[19]
Dene para umatira kang padha kaphir, iku siksane marga kaluputan ênggone padha maido Kuran.
وَّاللّٰهُ مِنْ وَّرَاۤىِٕهِمْ مُّحِيْطٌۚ٢٠
Wallāhu miw warā'ihim muḥīṭ(un).
[20]
Allah iku kawruh lan kawasane nglimputi [nglimpu...ti] wong kaphir kabèh.
بَلْ هُوَ قُرْاٰنٌ مَّجِيْدٌۙ٢١
Bal huwa qur'ānum majīd(un).
[21]
[8] Kuran iku kitabing Allah kang agung.
فِيْ لَوْحٍ مَّحْفُوْظٍ ࣖ٢٢
Fī lauḥim maḥfūẓ(in).
[22]
Katulis ana ing Lohmahphul.