Surah Al-Insyiqaq
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِذَا السَّمَاۤءُ انْشَقَّتْۙ١
Iżas-samā'unsyaqqat.
[1]
Besuk dina kiyamat, nalikane langit iku pêcah.
وَاَذِنَتْ لِرَبِّهَا وَحُقَّتْۙ٢
Wa ażinat lirabbihā wa ḥuqqat.
[2]
Ngèstokake karsaning Pangerane, wis bênêre kudu dièstokake.
وَاِذَا الْاَرْضُ مُدَّتْۙ٣
Wa iẓal-arḍu muddat.
[3]
Lan nalikane bumi dirata.
وَاَلْقَتْ مَا فِيْهَا وَتَخَلَّتْۙ٤
Wa alqat mā fīhā wa takhallat.
[4]
Lan mêtokake isèn-isène wong kang wis padha mati, nganti rêsik gêmêt.
وَاَذِنَتْ لِرَبِّهَا وَحُقَّتْۗ٥
Wa ażinat lirabbihā wa ḥuqqat.
[5]
Bumi ngèstokake karsaning Pangerane, wis bênêre kudu dièstokake. Ing kono manungsa padha wêruh lêlakone dhewe-dhewe.
يٰٓاَيُّهَا الْاِنْسَانُ اِنَّكَ كَادِحٌ اِلٰى رَبِّكَ كَدْحًا فَمُلٰقِيْهِۚ٦
Yā ayyuhal-insānu innaka kādiḥun ilā rabbika kadḥan fa mulāqīh(i).
[6]
He manungsa, sira iku tansah lumaku seba ing ngarsaning Allah Pangeranira, ing mêngko sira olèh pituwase lakunira, ala lan bêcik.
فَاَمَّا مَنْ اُوْتِيَ كِتٰبَهٗ بِيَمِيْنِهٖۙ٧
Fa ammā man ūtiya kitābahū biyamīnih(ī).
[7]
Sing sapa dipasrahi layang cathêtaning lêlakone saka ing têngên, iya iku para wong mukmin.
فَسَوْفَ يُحَاسَبُ حِسَابًا يَّسِيْرًاۙ٨
Fa saufa yuḥāsabu ḥisābay yasīrā(n).
[8]
Iku bakal ditimbang kalawan ènthèng.
وَّيَنْقَلِبُ اِلٰٓى اَهْلِهٖ مَسْرُوْرًاۗ٩
Wa yanqalibu ilā ahlihī masrūrā(n).
[9]
Lan bali marang panggonaning kancane ana ing suwarga kalawan suka bungah.
وَاَمَّا مَنْ اُوْتِيَ كِتٰبَهٗ وَرَاۤءَ ظَهْرِهٖۙ١٠
Wa ammā man ūtiya kitābahū warā'a ẓahrih(ī).
[10]
Dene sing sapa dipasrahi layang cathêtaning lakune saka ing buri, iya iku para wong kaphir.
فَسَوْفَ يَدْعُوْا ثُبُوْرًاۙ١١
Fa saufa yad‘ū ṡubūrā(n).
[11]
Iku bakal dilokake wong cilaka lan rusak.
وَّيَصْلٰى سَعِيْرًاۗ١٢
Wa yaṣlā sa‘īrā(n).
[12]
Lan banjur dicêmplungake ing Naraka Sangir.
اِنَّهٗ كَانَ فِيْٓ اَهْلِهٖ مَسْرُوْرًاۗ١٣
Innahū kāna fī ahlihī masrūrā(n).
[13]
Wong kaphir mau nalika ana ing dunya bungah-bungah lan kancane.
اِنَّهٗ ظَنَّ اَنْ لَّنْ يَّحُوْرَ ۛ١٤
Innahū ẓanna allay yaḥūr(a).
[14]
Panyanane ora bakal bali, disebakake ana ngarsaning Allah.
بَلٰىۛ اِنَّ رَبَّهٗ كَانَ بِهٖ بَصِيْرًاۗ١٥
Balā, inna rabbahū kāna bihī baṣīrā(n).
[15]
Luput panyanane, Allah Pangerane mirsani marang si kaphir.
فَلَآ اُقْسِمُ بِالشَّفَقِۙ١٦
Falā uqsimu bisy-syafaq(i).
[16]
Ingsun supata, dêmi mega abang.
وَالَّيْلِ وَمَا وَسَقَۙ١٧
Wal-laili wa mā wasaq(a).
[17]
Dêmi wêngi, lan barang kang lèrèn ing wêngi.
وَالْقَمَرِ اِذَا اتَّسَقَۙ١٨
Wal-qamari iżattasaq(a).
[18]
Dêmi rêmbulan nalikane purnama.
لَتَرْكَبُنَّ طَبَقًا عَنْ طَبَقٍۗ١٩
Latarkabunna ṭabaqan ‘an ṭabaq(in).
[19]
He manungsa, sira mêsthi nglakoni tingkah kang solan-salin.
فَمَا لَهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَۙ٢٠
Famā lahum lā yu'minūn(a).
[20]
Yagene manungsa padha ora pracaya ing Allah.
وَاِذَا قُرِئَ عَلَيْهِمُ الْقُرْاٰنُ لَا يَسْجُدُوْنَ ۗ ۩٢١
Wa iżā quri'a ‘alaihimul-qur'ānu lā yasjudūn(a).
[21]
Nalika diwacakake Kuran, padha ora gêlêm sujud.
بَلِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا يُكَذِّبُوْنَۖ٢٢
Balil-lażīna kafarū yukażżibūn(a).
[22]
Wong kaphir malah padha maido Kuran.
وَاللّٰهُ اَعْلَمُ بِمَا يُوْعُوْنَۖ٢٣
Wallāhu a‘lamu bimā yū‘ūn(a).
[23]
Allah nguningani luguning atine si kaphir ênggone maido.
فَبَشِّرْهُمْ بِعَذَابٍ اَلِيْمٍۙ٢٤
Fa basysyirhum bi‘ażābin alīm(in).
[24]
Wong kaphir mangkono iku sira surup-surupna, bakal dipatrapi siksa kang nglarani.
اِلَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَهُمْ اَجْرٌ غَيْرُ مَمْنُوْنٍ ࣖ٢٥
Illal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti lahum ajrun gairu mamnūn(in).
[25]
Kajaba para wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, iku padha diganjar suwarga salawas-lawase tanpa pêdhot.