Surah Al-Tatfif

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَيْلٌ لِّلْمُطَفِّفِيْنَۙ١
Wailul lil-muṭaffifīn(a).
[1] Cilaka têmên wong kang padha cidra ênggone nraju utawa nakêr.

الَّذِيْنَ اِذَا اكْتَالُوْا عَلَى النَّاسِ يَسْتَوْفُوْنَۖ٢
Allażīna iżaktālū ‘alan-nāsi yastaufūn(a).
[2] Kang manawa nakêr barang kang saka manungsa liya, bakal ditampani, ênggone nakêr kêbak.

وَاِذَا كَالُوْهُمْ اَوْ وَّزَنُوْهُمْ يُخْسِرُوْنَۗ٣
Wa iżā kālūhum au wazanūhum yukhsirūn(a).
[3] Dene manawa nakêr utawa nraju barang bakal [baka...l] ditampakake ing wong liya, panakêre utawa panrajune dikurangi. Dadi gawe kapitunan.

اَلَا يَظُنُّ اُولٰۤىِٕكَ اَنَّهُمْ مَّبْعُوْثُوْنَۙ٤
Alā yaẓunnu ulā'ika annahum mab‘ūṡūn(a).
[4] Wong mangkono mau apa padha ora duwe kira yèn ing têmbe bakal diuripake saka ing pati.

لِيَوْمٍ عَظِيْمٍۙ٥
Liyaumin ‘aẓīm(in).
[5] Besuk dina gêdhe kiyamat.

يَّوْمَ يَقُوْمُ النَّاسُ لِرَبِّ الْعٰلَمِيْنَۗ٦
Yauma yaqūmun-nāsu lirabbil-‘ālamīn(a).
[6] Iya iku nalikane manungsa padha mêtu saka ing kubure, disebakake ana ngarsaning Allah, Pangeraning ngalam kabèh.

كَلَّآ اِنَّ كِتٰبَ الْفُجَّارِ لَفِيْ سِجِّيْنٍۗ٧
Kallā inna kitābal-fujjāri lafī sijjīn(in).
[7] Têmên têtulisan, lakune para wong ala iku ana ing sijin.

وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا سِجِّيْنٌۗ٨
Wa mā adrāka mā sijjīn(un).
[8] Sapa kang nuduhake marang sira, apa ta kang aran sijin iku.

كِتٰبٌ مَّرْقُوْمٌۗ٩
Kitābum marqūm(un).
[9] Sijin iku buku kang diêcap, ora kêna diwêruhi, mratelakake lakune para setan lan wong kaphir.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَۙ١٠
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[10] Ing dina iku wong kang padha maido, cilaka bangêt.

الَّذِيْنَ يُكَذِّبُوْنَ بِيَوْمِ الدِّيْنِۗ١١
Allażīna yukażżibūna biyaumid-dīn(i).
[11] Kang padha maido dina kiyamat.

وَمَا يُكَذِّبُ بِهٖٓ اِلَّا كُلُّ مُعْتَدٍ اَثِيْمٍۙ١٢
Wa mā yukażżibu bihī illā kullu mu‘tadin aṡīm(in).
[12] Ora ana wong maido dina kiyamat, kajaba wong kang kêbangêtên ênggone duraka.

اِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِ اٰيٰتُنَا قَالَ اَسَاطِيْرُ الْاَوَّلِيْنَۗ١٣
Iżā tutlā ‘alaihi āyātunā qāla asāṭīrul-awwalīn(a).
[13] Manawa diwacakake Kuran ayat Ingsun, pangucape: Kuran iku gawe-gawene para wong kuna.

كَلَّا بَلْ ۜرَانَ عَلٰى قُلُوْبِهِمْ مَّا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ١٤
Kallā bal…rāna ‘alā qulūbihim mā kānū yaksibūn(a).
[14] Wong kêbangêtên mau măngsa gêlêma pracaya, malah duraka kang dilakoni mau dadi andhêng-andhêng tumrap ing atine.

كَلَّآ اِنَّهُمْ عَنْ رَّبِّهِمْ يَوْمَىِٕذٍ لَّمَحْجُوْبُوْنَۗ١٥
Kallā innahum ‘ar rabbihim yauma'iżil lamaḥjūbūn(a).
[15] Têmên ing dina kiyamat iku, wong kêbangêtên ênggone duraka mau padha kêtutupan, dadi padha ora wêruh ing Allah.

ثُمَّ اِنَّهُمْ لَصَالُوا الْجَحِيْمِۗ١٦
Ṡumma innahum laṣālul-jaḥīm(i).
[16] Sawise mangkono, wong mau banjur padha malêbu ing Naraka Jakhim.

ثُمَّ يُقَالُ هٰذَا الَّذِيْ كُنْتُمْ بِهٖ تُكَذِّبُوْنَۗ١٧
Ṡumma yuqālu hāżal-lażī kuntum bihī tukażżibūn(a).
[17] Banjur didhawuhi: Naraka Jakhim iki kang padha sira paido biyèn.

كَلَّآ اِنَّ كِتٰبَ الْاَبْرَارِ لَفِيْ عِلِّيِّيْنَۗ١٨
Kallā inna kitābal-abrāri lafī ‘illiyyīn(a).
[18] Têmên cathêtan lakune para wong bêcik, mukmin, iku ana ing Ngiliyun.

وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا عِلِّيُّوْنَۗ١٩
Wa mā adrāka mā ‘illiyyūn(a).
[19] Sapa kang nuduhake sira, apa kang aran Ngiliyun iku.

كِتٰبٌ مَّرْقُوْمٌۙ٢٠
Kitābum marqūm(un).
[20] Ngiliyun iku buku kang diêcap, ora [o....ra] kêna diwêruhi, mratelakake lakune para malaikat lan para manungsa lan jin kang padha mukmin.

يَّشْهَدُهُ الْمُقَرَّبُوْنَۗ٢١
Yasyhaduhul-muqarrabūn(a).
[21] Kang mêruhi buku mau mung para malaikat kang padha kacêdhak ing Allah.

اِنَّ الْاَبْرَارَ لَفِيْ نَعِيْمٍۙ٢٢
Innal-abrāra lafī na‘īm(in).
[22] Sarupane wong bêcik iku padha ana ing Suwarga Nangim.

عَلَى الْاَرَاۤىِٕكِ يَنْظُرُوْنَۙ٢٣
‘Alal-arā'iki yanẓurūn(a).
[23] Padha linggih ana ing kanthil, sarta andêlêng ganjaran warna-warna.

تَعْرِفُ فِيْ وُجُوْهِهِمْ نَضْرَةَ النَّعِيْمِۚ٢٤
Ta‘rifu fī wujūhihim naḍratan na‘īm(i).
[24] Sira wêruh raine wong mau, katara wong mêngku kabungahan gêdhe.

يُسْقَوْنَ مِنْ رَّحِيْقٍ مَّخْتُوْمٍۙ٢٥
Yusqauna mir raḥīqim makhtūm(in).
[25] Padha dilarihi sajêng bêning bangêt, wadhahe diêcap.

خِتٰمُهٗ مِسْكٌ ۗوَفِيْ ذٰلِكَ فَلْيَتَنَافَسِ الْمُتَنٰفِسُوْنَۗ٢٦
Khitāmuhū misk(un), wa fī żālika falyatanāfasil-mutanāfisūn(a).
[26] Pangombene kang wêkasan, anggănda kêsturi, mulane wong kang dhêmên ganjaran iku padha tabêria ngabêkti ing Allah.

وَمِزَاجُهٗ مِنْ تَسْنِيْمٍۙ٢٧
Wa mizājuhū min tasnīm(in).
[27] Woworane sajêng mau, banyu kali Tasnim.

عَيْنًا يَّشْرَبُ بِهَا الْمُقَرَّبُوْنَۗ٢٨
‘Ainay yasyrabu bihal-muqarrabūn(a).
[28] Iya iku kali ing suwarga, ombèn-ombène para wong kacêdhak ing Allah.

اِنَّ الَّذِيْنَ اَجْرَمُوْا كَانُوْا مِنَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا يَضْحَكُوْنَۖ٢٩
Innal-lażīna ajramū kānū minal-lażīna āmanū yaḍḥakūn(a).
[29] Sarupane wong kaphir, iku padha anggêguyu [anggêgu...yu] marang para wong mukmin.

وَاِذَا مَرُّوْا بِهِمْ يَتَغَامَزُوْنَۖ٣٠
Wa iżā marrū bihim yatagāmazūn(a).
[30] Manawa padha mlaku barêngan lan wong mukmin, ênggone anggêguyu sarana ngêjèpi kancane.

وَاِذَا انْقَلَبُوْٓا اِلٰٓى اَهْلِهِمُ انْقَلَبُوْا فَكِهِيْنَۖ٣١
Wa iżanqalabū ilā ahlihimunqalabū fakihīn(a).
[31] Manawa bali marang panggonaning kancane, ênggone bali gawe pangeram-eram, nyatur para wong mukmin.

وَاِذَا رَاَوْهُمْ قَالُوْٓا اِنَّ هٰٓؤُلَاۤءِ لَضَاۤلُّوْنَۙ٣٢
Wa iżā ra'auhum qālū inna hā'ulā'i laḍāllūn(a).
[32] Wong kaphir mau manawa andêlêng wong mukmin, pangucape: Wong mukmin iku padha kêsasar.

وَمَآ اُرْسِلُوْا عَلَيْهِمْ حٰفِظِيْنَۗ٣٣
Wa mā ursilū ‘alaihim ḥāfiẓīn(a).
[33] Tur wong kaphir mau ora diutus dening Allah, nyathêti lakune para wong mukmin.

فَالْيَوْمَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مِنَ الْكُفَّارِ يَضْحَكُوْنَۙ٣٤
Fal-yaumal-lażīna āmanū minal kuffāri yaḍḥakūn(a).
[34] Mulane ing dina kiyamat, para wong mukmin padha malês anggêguyu marang para wong kaphir.

عَلَى الْاَرَاۤىِٕكِ يَنْظُرُوْنَۗ٣٥
‘Alal-arā'iki yanẓurūn(a).
[35] Linggih ana ing kanthil, andêlêng sangsarane para wong kaphir.

هَلْ ثُوِّبَ الْكُفَّارُ مَا كَانُوْا يَفْعَلُوْنَ ࣖ٣٦
Hal ṡuwwibal-kuffāru mā kānū yaf‘alūn(a).
[36] Pangandikaning Allah: Wong kaphir ênggone padha anggêguyu biyèn, saiki apa wis tămpa pituwase. Ature wong mukmin: Inggih sampun.