Surah Al-Infitar
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِذَا السَّمَاۤءُ انْفَطَرَتْۙ١
Iżas-samā'unfaṭarat.
[1]
Besuk dina kiyamat, nalikane langit iku sigar.
وَاِذَا الْكَوَاكِبُ انْتَثَرَتْۙ٢
Wa iżal-kawākibuntaṡarat.
[2]
Lan nalikane lintang padha coplok, runtuh marang bumi.
وَاِذَا الْبِحَارُ فُجِّرَتْۙ٣
Wa iżal-biḥāru fujjirat.
[3]
Lan nalikane sagara iku kumpul dadi siji.
وَاِذَا الْقُبُوْرُ بُعْثِرَتْۙ٤
Wa iżal-qubūru bu‘ṡirat.
[4]
Lan nalikane pakuburan iku winalik.
عَلِمَتْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ وَاَخَّرَتْۗ٥
‘Alimat nafsum mā qaddamat wa akhkharat.
[5]
Ing kono siji-sijining wong padha wêruh barang kang wis dilakoni lan kang bakal dilakoni.
يٰٓاَيُّهَا الْاِنْسَانُ مَا غَرَّكَ بِرَبِّكَ الْكَرِيْمِۙ٦
Yā ayyuhal-insānu mā garraka birabbikal-karīm(i).
[6]
He manungsa kaphir, sapa kang anjalomprongake sira, nganti duraka ing Pangeranira kang mulya.
الَّذِيْ خَلَقَكَ فَسَوّٰىكَ فَعَدَلَكَۙ٧
Allażī khalaqaka fa sawwāka fa ‘adalak(a).
[7]
Kang wis gawe awakira, gênêp, waras lan patut.
فِيْٓ اَيِّ صُوْرَةٍ مَّا شَاۤءَ رَكَّبَكَۗ٨
Fī ayyi ṣūratim mā syā'a rakkabak(a).
[8]
Allah namtokake rupanira, miturut sakarsane.
كَلَّا بَلْ تُكَذِّبُوْنَ بِالدِّيْنِۙ٩
Kallā bal tukażżibūna bid-dīn(i).
[9]
He wong kaphir ing Mêkah, aja padha kajalomprong, sira têka padha maido yèn laku iku ana wêwalêse.
وَاِنَّ عَلَيْكُمْ لَحٰفِظِيْنَۙ١٠
Wa inna ‘alaikum laḥāfiẓīn(a).
[10]
Satêmêne ana malaikat kang nyathêti ala lan bêcikira.
كِرَامًا كٰتِبِيْنَۙ١١
Kirāman kātibīn(a).
[11]
Malaikat Mahamulya mungguhing Allah, padha nulisi lakunira.
يَعْلَمُوْنَ مَا تَفْعَلُوْنَ١٢
Ya‘lamūna mā taf‘alūn(a).
[12]
Padha wêruh samubarang kang padha sira lakoni.
اِنَّ الْاَبْرَارَ لَفِيْ نَعِيْمٍۙ١٣
Innal-abrāra lafī na‘īm(in).
[13]
Satêmêne para wong mukmin iku padha ana ing Suwarga Nangim.
وَّاِنَّ الْفُجَّارَ لَفِيْ جَحِيْمٍ١٤
Wa innal-fujjāra lafī jaḥīm(in).
[14]
Dene para wong kaphir, iku padha ana ing nara[4] Jakim.[5]
يَصْلَوْنَهَا يَوْمَ الدِّيْنِ١٥
Yaṣlaunahā yaumad-dīn(i).
[15]
Besuk dina kiyamat, wong kaphir padha nyêmplung ing naraka mau.
وَمَا هُمْ عَنْهَا بِغَاۤىِٕبِيْنَۗ١٦
Wa mā hum ‘anhā bigā'ibīn(a).
[16]
Enggone ana ing naraka langgêng, ora mêtu salawas-lawase.
وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا يَوْمُ الدِّيْنِۙ١٧
Wa mā adrāka mā yaumud-dīn(i).
[17]
Sapa kang mêruhake sira, dina kiyamat iku apa.
ثُمَّ مَآ اَدْرٰىكَ مَا يَوْمُ الدِّيْنِۗ١٨
Ṡumma mā adrāka mā yaumud-dīn(i).
[18]
Gêdhe têmên dina kiyamat iku, sapa kang mêruhake sira, dina kiyamat iku apa.
يَوْمَ لَا تَمْلِكُ نَفْسٌ لِّنَفْسٍ شَيْـًٔا ۗوَالْاَمْرُ يَوْمَىِٕذٍ لِّلّٰهِ ࣖ١٩
Yauma lā tamliku nafsul linafsin syai'ā(n), wal-amru yauma'iżil lillāh(i).
[19]
Dina kiyamat iku ora ana wong bisa makolèhake wong liyane, ing dina iku sarupaning prakara kagunganing Allah.