Surah At-Takwir
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِذَا الشَّمْسُ كُوِّرَتْۖ١
Iżasy-syamsu kuwwirat.
[1]
Ing besuk dina kiyamat, nalikane srêngenge dilêmpit.
وَاِذَا النُّجُوْمُ انْكَدَرَتْۖ٢
Wa iżan-nujūmunkadarat.
[2]
Nalikane lintang padha coplok, runtuh ing bumi.
وَاِذَا الْجِبَالُ سُيِّرَتْۖ٣
Wa iżal-jibālu suyyirat.
[3]
Lan nalikane gunung padha manut, dadi êndhêg -êndhêg amun-amun.
وَاِذَا الْعِشَارُ عُطِّلَتْۖ٤
Wa iżal-‘isyāru ‘uṭṭilat.
[4]
Lan nalikane unta mêtêng padha ditinggal, tanpa dingon.
وَاِذَا الْوُحُوْشُ حُشِرَتْۖ٥
Wa iżal-wuḥūsy ḥusyirat.
[5]
Lan nalikane khewan dharatan padha dikalumpukake.
وَاِذَا الْبِحَارُ سُجِّرَتْۖ٦
Wa iżal-biḥāru sujjirat.
[6]
Lan nalikane sagara digênèni, banjur dadi gêni.
وَاِذَا النُّفُوْسُ زُوِّجَتْۖ٧
Wa iżan-nufūsu zuwwijat.
[7]
Lan nalikane nyawa dibalèkake marang wadhage.
وَاِذَا الْمَوْءٗدَةُ سُىِٕلَتْۖ٨
Wa iżal-mau'ūdatu su'ilat.
[8]
Lan nalikane wong wadon kang dipatèni sarana dipêndhêm urip-uripan, padha didangu.
بِاَيِّ ذَنْۢبٍ قُتِلَتْۚ٩
Bi'ayyi żambin qutilat.
[9]
Dosa apa ênggone dipatèni mau.
وَاِذَا الصُّحُفُ نُشِرَتْۖ١٠
Wa iżaṣ-ṣuḥufu nusyirat.
[10]
Lan nalikane buku cathêtan lêlakone siji-sijining wong ginêlar.
وَاِذَا السَّمَاۤءُ كُشِطَتْۖ١١
Wa iżas-samā'u kusyiṭat.
[11]
Lan nalikane langit disingkirake.
وَاِذَا الْجَحِيْمُ سُعِّرَتْۖ١٢
Wa iżal-jaḥīmu su‘‘irat.
[12]
Lan nalikane Naraka Jakhim diurubake.
وَاِذَا الْجَنَّةُ اُزْلِفَتْۖ١٣
Wa iżal-jannatu uzlifat.
[13]
Lan nalikane suwarga dicêpakake.
عَلِمَتْ نَفْسٌ مَّآ اَحْضَرَتْۗ١٤
‘Alimat nafsum mā aḥḍarat.
[14]
Ing kono siji-sijining wong padha wêruh barang kang wis padha dilakoni, ala lan bêcik.
فَلَآ اُقْسِمُ بِالْخُنَّسِۙ١٥
Falā uqsimu bil-khunnas(i).
[15]
Ingsun supata: Dêmi lintang Durari kang lakune kalangan.
الْجَوَارِ الْكُنَّسِۙ١٦
Al-jawāril-kunnas(i).
[16]
Kang mlaku banjur surup.
وَالَّيْلِ اِذَا عَسْعَسَۙ١٧
Wal-laili iżā ‘as‘as(a).
[17]
Dêmi wêngi nalikane ngarêpake utawa ngungkurake pêtêng.
وَالصُّبْحِ اِذَا تَنَفَّسَۙ١٨
Waṣ-ṣubḥi iżā tanaffas(a).
[18]
Dêmi wayah bangun nalika tumarontong padhange.
اِنَّهٗ لَقَوْلُ رَسُوْلٍ كَرِيْمٍۙ١٩
Innahū laqaulu rasūlin karīm(in).
[19]
Kuran iku pangucape rasul kang mulya, ngêmban timbalaning Allah, lantaran saka Malaikat Jabarail.
ذِيْ قُوَّةٍ عِنْدَ ذِى الْعَرْشِ مَكِيْنٍۙ٢٠
Żī quwwatin ‘inda żil-‘arsyi makīn(in).
[20]
Gagah prakosa, mungguhing Allah kang kagungan ngaras, pinaringan pangkat luhur.
مُّطَاعٍ ثَمَّ اَمِيْنٍۗ٢١
Muṭā‘in ṡamma amīn(in).
[21]
Kèdhêp dening para malaikat ing langit, tur pinracaya nurunake wahyu.
وَمَا صَاحِبُكُمْ بِمَجْنُوْنٍۚ٢٢
Wa mā ṣāḥibukum bimajnūn(in).
[22]
Kancanira Nabi Mukhammad iku dudu wong edan kaya panêrkanira.
وَلَقَدْ رَاٰهُ بِالْاُفُقِ الْمُبِيْنِۚ٢٣
Wa laqad ra'āhu bil-ufuqil-mubīn(i).
[23]
Nabi Mukhammad andêlêng rupane Malaikat Jabarail kang sayêkti, ana sikiling langit kang wetan, cêtha wela-wela.
وَمَا هُوَ عَلَى الْغَيْبِ بِضَنِيْنٍۚ٢٤
Wa mā huwa ‘alal-gaibi biḍanīn(in).
[24]
Nabi Mukhammad mau ora gawe angèl mêdharake wahyu.
وَمَا هُوَ بِقَوْلِ شَيْطٰنٍ رَّجِيْمٍۚ٢٥
Wa mā huwa biqauli syaiṭānir rajīm(in).
[25]
Kuran iku dudu pangucaping setan kang patut dibalangi.
فَاَيْنَ تَذْهَبُوْنَۗ٢٦
Fa aina tażhabūn(a).
[26]
Marang ngêndi ênggonira arêp maido Kuran. [Kur....an.]
اِنْ هُوَ اِلَّا ذِكْرٌ لِّلْعٰلَمِيْنَۙ٢٧
In huwa illā żikrul lil-‘ālamīn(a).
[27]
Ora liwat Kuran iku wêwulang marang isining jagad.
لِمَنْ شَاۤءَ مِنْكُمْ اَنْ يَّسْتَقِيْمَۗ٢٨
Liman syā'a minkum ay yastaqīm(a).
[28]
Tumrap marang kancanira kang gêlêm manut agama bênêr.
وَمَا تَشَاۤءُوْنَ اِلَّآ اَنْ يَّشَاۤءَ اللّٰهُ رَبُّ الْعٰلَمِيْنَ ࣖ٢٩
Wa mā tasyā'ūna illā ay yasyā'allāhu rabbul-‘ālamīn(a).
[29]
Ewadene manungsa padha suthik manut, kajaba yèn wis dadi parênge karsaning Allah Pangeraning alam kabèh.