Surah `Abasa
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
عَبَسَ وَتَوَلّٰىٓۙ١
‘Abasa wa tawallā.
[1]
Nabi Mukhammad marêngut lan malengos.
اَنْ جَاۤءَهُ الْاَعْمٰىۗ٢
An jā'ahul-a‘mā.
[2]
Amarga katêkan wong picak, aran Ngabdullah Ibnu Umi Maktum.
وَمَا يُدْرِيْكَ لَعَلَّهٗ يَزَّكّٰىٓۙ٣
Wa mā yudrīka la‘allahū yazzakkā.
[3]
Saka apa sira wêruh karêpe si picak mau, bokmanawa bakal suci atine, marga krungu wêwulang, kêna uga mangkono.
اَوْ يَذَّكَّرُ فَتَنْفَعَهُ الذِّكْرٰىۗ٤
Au yażżakkaru fatanfa‘ahuż-żikrā.
[4]
Utawa nganggêp wêwulang, dadi wêwulang mau migunani.
اَمَّا مَنِ اسْتَغْنٰىۙ٥
Ammā manistagnā.
[5]
Dene wong kang sugih băndha.
فَاَنْتَ لَهٗ تَصَدّٰىۗ٦
Fa anta lahū taṣaddā.
[6]
Sira rêsêp marang wong mau.
وَمَا عَلَيْكَ اَلَّا يَزَّكّٰىۗ٧
Wa mā ‘alaika allā yazzakkā.
[7]
Wong kang sugih băndha mau ênggone ora rêsik atine, ora makewuhi apa-apa marang sira.
وَاَمَّا مَنْ جَاۤءَكَ يَسْعٰىۙ٨
Wa ammā man jā'aka yas‘ā.
[8]
Dene wong picak kang gêgancangan seba marang sira.
وَهُوَ يَخْشٰىۙ٩
Wa huwa yakhsyā.
[9]
Iku wong wêdi ing Alah.[1]
فَاَنْتَ عَنْهُ تَلَهّٰىۚ١٠
Fa anta ‘anhu talahhā.
[10]
Sira têka klewa-klewa marang wong picak mau.
كَلَّآ اِنَّهَا تَذْكِرَةٌ ۚ١١
Kallā innahā tażkirah(tun).
[11]
Aja mangkono ta, surat iku wêwulang marang para kang dumadi.
فَمَنْ شَاۤءَ ذَكَرَهٗ ۘ١٢
Faman syā'a żakarah(ū).
[12]
Sing sapa gêlêm, nyathêtana lan ngèstokna.
فِيْ صُحُفٍ مُّكَرَّمَةٍۙ١٣
Fī ṣuḥufim mukarrmah(tin).
[13]
Kasêbut ana ing Kitab Kuran kang mulya.
مَّرْفُوْعَةٍ مُّطَهَّرَةٍ ۢ ۙ١٤
Marfū‘atim muṭahharah(tin).
[14]
Kang diluhurake, tur suci ora digêpok ing setan.
بِاَيْدِيْ سَفَرَةٍۙ١٥
Bi'aidī safarah(tin).
[15]
Dicêkêl ing para malaikat kang mulya tur wêdi ing Allah, kang padha nurut kitab mau saka Lohmahphul. [Loh....mahphul.]
كِرَامٍۢ بَرَرَةٍۗ١٦
Kirāmim bararah(tin).
[16]
Wong kang maido Kuran iku anggumunake, mêsthi kêna bêbênduning Allah.
قُتِلَ الْاِنْسَانُ مَآ اَكْفَرَهٗۗ١٧
Qutilal-insānu mā akfarah(ū).
[17]
Allah ênggone gawe manungsa mau, bakale saka apa ta.
مِنْ اَيِّ شَيْءٍ خَلَقَهٗۗ١٨
Min ayyi syai'in khalaqah(ū).
[18]
Bakale saka mani.
مِنْ نُّطْفَةٍۗ خَلَقَهٗ فَقَدَّرَهٗۗ١٩
Min nuṭfah(tin), khalaqahū fa qaddarah(ū).
[19]
Allah ênggone gawe manungsa nganti pirang-pirang rambahan, dadi mani, nuli dadi gêtih kênthêl, nuli dadi daging sabanjure.
ثُمَّ السَّبِيْلَ يَسَّرَهٗۙ٢٠
Ṡummas-sabīla yassarah(ū).
[20]
Allah banjur paring gampang mêtune bayi saka guwa garbaning biyung.
ثُمَّ اَمَاتَهٗ فَاَقْبَرَهٗۙ٢١
Ṡumma amātahū fa aqbarah(ū).
[21]
Sawise dadi manungsa, Allah banjur matèni manungsa mau, nuli dipêndhêm ing pakuburan.
ثُمَّ اِذَا شَاۤءَ اَنْشَرَهٗۗ٢٢
Ṡumma iżā syā'a ansyarah(ū).
[22]
Ing têmbe mênawa Allah wis ngarsakake, banjur nguripake wong kang wis mati mau.
كَلَّا لَمَّا يَقْضِ مَآ اَمَرَهٗۗ٢٣
Kallā lammā yaqḍi mā amarah(ū).
[23]
Têmên wong kaphir iku padha ora ngèstokake parentahing Allah.
فَلْيَنْظُرِ الْاِنْسَانُ اِلٰى طَعَامِهٖٓ ۙ٢٤
Falyanẓuril-insānu ilā ṭa‘āmih(ī).
[24]
Manungsa padha andêlêng pêpanganane kang padha dipangan.
اَنَّا صَبَبْنَا الْمَاۤءَ صَبًّاۙ٢٥
Annā ṣababnal-mā'a ṣabbā(n).
[25]
Ingsun ngêsokake banyu udan saka ing mega.
ثُمَّ شَقَقْنَا الْاَرْضَ شَقًّاۙ٢٦
Ṡumma syaqaqnal-arḍa syaqqā(n).
[26]
Sawise udan tumurun, bumi banjur padha pêcah mêtu thêthukulane.
فَاَنْۢبَتْنَا فِيْهَا حَبًّاۙ٢٧
Fa'ambatnā fīhā ḥabbā(n).
[27]
Ingsun banjur nukulake wiji ana ing bumi.
وَّعِنَبًا وَّقَضْبًاۙ٢٨
Wa ‘inabaw wa qaḍbā(n).
[28]
Lan anggur, lan anggur garing.
وَّزَيْتُوْنًا وَّنَخْلًاۙ٢٩
Wa zaitūnaw wa nakhlā(n).
[29]
Lan uwit jaitun, apadene wit kurma.
وَّحَدَاۤىِٕقَ غُلْبًا٣٠
Wa ḥadā'iqa gulbā(n).
[30]
Lan palêmahan kang ana kêkayone gêdhe.
وَفَاكِهَةً وَّاَبًّا٣١
Wa fākihataw wa abbā(n).
[31]
Lan wowohan warna-warna, lan sukêt panganing rajakaya.
مَتَاعًا لَّكُمْ وَلِاَنْعَامِكُمْۗ٣٢
Matā‘al lakum wa li'an‘āmikum.
[32]
Iku kabèh dadi bêbungah, panganira lan pangane rajakayanira.
فَاِذَا جَاۤءَتِ الصَّاۤخَّةُ ۖ٣٣
Fa iżā jā'atiṣ-ṣākhkhah(tu).
[33]
Ing besuk nalika têka pêtaking dina kiyamat, iya iku pandamune sêmprong Malaikat Israphil kang kapindho.
يَوْمَ يَفِرُّ الْمَرْءُ مِنْ اَخِيْهِۙ٣٤
Yauma yafirrul-mar'u min akhīh(i).
[34]
Nalikane wong padha mlayu, suthik cêdhak sadulure.
وَاُمِّهٖ وَاَبِيْهِۙ٣٥
Wa ummihī wa abīh(i).
[35]
Lan ngêdohi bapa biyunge.
وَصَاحِبَتِهٖ وَبَنِيْهِۗ٣٦
Wa ṣāḥibatihī wa banīh(i).
[36]
Lan ngêdohi bojone, apadene anak putune.
لِكُلِّ امْرِئٍ مِّنْهُمْ يَوْمَىِٕذٍ شَأْنٌ يُّغْنِيْهِۗ٣٧
Likullimri'im minhum yauma'iżin sya'nuy yugnīh(i).
[37]
[2] Ing dina iku siji-sijining wong padha golèk salamête awake dhewe-dhewe, ora mikir marang liyane.
وُجُوْهٌ يَّوْمَىِٕذٍ مُّسْفِرَةٌۙ٣٨
Wujūhuy yauma'iżim musfirah(tun).
[38]
Ing dina iku, uga akèh rai kang mancorong cahyane.
ضَاحِكَةٌ مُّسْتَبْشِرَةٌ ۚ٣٩
Ḍāḥikatum mustabsyirah(tun).
[39]
Gumuyu tur katon bungah, iya iku para wong mukmin.
وَوُجُوْهٌ يَّوْمَىِٕذٍ عَلَيْهَا غَبَرَةٌۙ٤٠
Wa wujūhuy yauma'iżin ‘alaihā gabarah(tun).
[40]
Lan ing dina iku uga akèh rai kang kaya galuprut lêmah.
تَرْهَقُهَا قَتَرَةٌ ۗ٤١
Tarhaquhā qatarah(tun).
[41]
Saking dening irêng lan pêtênging ulate.
اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْكَفَرَةُ الْفَجَرَةُ ࣖ٤٢
Ulā'ika humul-kafaratul-fajarah(tu).
[42]
Iya iku wong kang padha kaphir lan anglakoni panggawe ala.