Surah Al-Anfal
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ الْاَنْفَالِۗ قُلِ الْاَنْفَالُ لِلّٰهِ وَالرَّسُوْلِۚ فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَصْلِحُوْا ذَاتَ بَيْنِكُمْ ۖوَاَطِيْعُوا اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗٓ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١
Yas'alūnaka ‘anil-anfāl(i), qulil-anfālu lillāhi war-rasūl(i), fattaqullāha wa aṣliḥū żāta bainikum, wa aṭī‘ullāha wa rasūlahū in kuntum mu'minīn(a).
[1]
(He Mukhammad) para umatira padha nêrang marang sira prakara barang jarahan. Iku sira dhawuha: Barang jarahan iku kagunganing Allah lan kagunganing rasul, mulane kowe padha wêdia ing Allah, (aja padha pasulayan prakara jarahan) lan padha atut runtuta lan para kancanira. Mênawa kowe têmên padha pracaya ing Allah, padha manut mituruta ing Allah lan marang utusaning Allah.
اِنَّمَا الْمُؤْمِنُوْنَ الَّذِيْنَ اِذَا ذُكِرَ اللّٰهُ وَجِلَتْ قُلُوْبُهُمْ وَاِذَا تُلِيَتْ عَلَيْهِمْ اٰيٰتُهٗ زَادَتْهُمْ اِيْمَانًا وَّعَلٰى رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُوْنَۙ٢
Innamal-mu'minūnal-lażīna iżā żukirallāhu wajilat qulūbuhum wa iżā tuliyat ‘alaihim āyātuhū zādathum īmānaw wa ‘alā rabbihim yatawakkalūn(a).
[2]
Wong kang sampurna imane iku sarupaning wong yèn ngrungu wong nyêbut asmaning Allah, banjur konjêm atine, lan manawa ngrungu wong maca ayating Allah, banjur wuwuh kêncêng pracayane ing Allah, sarta padha pasrah nyumanggakake awake marang Pangerane.
الَّذِيْنَ يُقِيْمُوْنَ الصَّلٰوةَ وَمِمَّا رَزَقْنٰهُمْ يُنْفِقُوْنَۗ٣
Al-lażīna yuqīmūnaṣ-ṣalāta wa mimmā razaqnāhum yunfiqūn(a).
[3]
Kang padha nglakoni sêmbayang, lan padha mèwèhake barang kang Ingsun paringake marang wong mau.
اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُؤْمِنُوْنَ حَقًّاۗ لَهُمْ دَرَجٰتٌ عِنْدَ رَبِّهِمْ وَمَغْفِرَةٌ وَّرِزْقٌ كَرِيْمٌۚ٤
Ulā'ika humul-mu'minūna ḥaqqā(n), lahum darajātun ‘inda rabbihim wa magfiratuw wa rizqun karīm(un).
[4]
Dene wong kang mangkono mau, iya iku wong mukmin têmênan. Kabèh iku padha undha- usuk pangkate ana ngarsaning Pangerane, lan padha olèh pangapura, apadene oolèh[12] rijêki kang mulya ana ing suwarga.
كَمَآ اَخْرَجَكَ رَبُّكَ مِنْۢ بَيْتِكَ بِالْحَقِّۖ وَاِنَّ فَرِيْقًا مِّنَ الْمُؤْمِنِيْنَ لَكٰرِهُوْنَ٥
Kamā akhrajaka rabbuka mim baitika bil-ḥaqq(i), wa inna farīqam minal-mu'minīna lakārihūn(a).
[5]
(Barang jarahan iku kagunganing Allah lan utusaning Allah, sanadyan wong mukmin padha ora condhong), padha bae lan karsaning Pangeranira ênggone dhawuh marang sira, ingandikakake mêtu saka ngomahira, nêtêpi bênêr, mapagake mungsuh wong kaphir, iku iya ora dicondhongi dening wong mukmin sagolongan.
يُجَادِلُوْنَكَ فِى الْحَقِّ بَعْدَمَا تَبَيَّنَ كَاَنَّمَا يُسَاقُوْنَ اِلَى الْمَوْتِ وَهُمْ يَنْظُرُوْنَ ۗ٦
Yujādilūnaka fil-ḥaqqi ba‘da mā tabayyana ka'annamā yusāqūna ilal-mauti wa hum yanẓurūn(a).
[6]
Wong mukmin kang padha ora condhong mau, sanadyan wis olèh katêrangan saka wahyu, yèn ênggone arêp mapagake mungsuh mêsthi mênang, ewadene iya mêksa madoni marang sira Mukhammad, arêbut bênêr, (apa mapagake mungsuh apa nyimpang ngoyak jarahan) atine padha abot mapagake mungsuh, rasane prasasat digiring bakal dipatèni, pati iku [i...ku] prasasat wis kasat mata.
وَاِذْ يَعِدُكُمُ اللّٰهُ اِحْدَى الطَّاۤىِٕفَتَيْنِ اَنَّهَا لَكُمْ وَتَوَدُّوْنَ اَنَّ غَيْرَ ذَاتِ الشَّوْكَةِ تَكُوْنُ لَكُمْ وَيُرِيْدُ اللّٰهُ اَنْ يُّحِقَّ الْحَقَّ بِكَلِمٰتِهٖ وَيَقْطَعَ دَابِرَ الْكٰفِرِيْنَۙ٧
Wa iż ya‘idukumullāhu iḥdaṭ-ṭā'ifataini annahā lakum wa tawaddūna anna gaira żātisy-syaukati takūnu lakum wa yurīdullāhu ay yuḥiqqal-ḥaqqa bikalimātihī wa yaqṭa‘a dābiral-kāfirīn(a).
[7]
Sira padha elinga nalikane Allah nyaguhi marang sira kabèh, sira bakal diparingi salah sijine rong prakara, (kang siji olèh jarahan, sijine mênang ênggonira mapagake mungsuh) sira padha milih kang tanpa okol pupu kantar bau tăndha santosa, (iya iku amburu mungsuh kang anggawa barang jarahan) nanging karsane Allah kudu anggêlar barang kang bênêr sarana ayat kaelokaning Allah, lan kudu nyirnakake wong kang padha kaphir.
لِيُحِقَّ الْحَقَّ وَيُبْطِلَ الْبَاطِلَ وَلَوْ كَرِهَ الْمُجْرِمُوْنَۚ٨
Liyuḥiqqal-ḥaqqa wa yubṭilal-bāṭila wa lau karihal-mujrimūn(a).
[8]
Supaya barang kang bênêr kanyataan gumêlar, sarta barang kang luput iku jugara, sanadyan kang mangkono mau wong duraka ora padha condhong.
اِذْ تَسْتَغِيْثُوْنَ رَبَّكُمْ فَاسْتَجَابَ لَكُمْ اَنِّيْ مُمِدُّكُمْ بِاَلْفٍ مِّنَ الْمَلٰۤىِٕكَةِ مُرْدِفِيْنَ٩
Iż tastagīṡūna rabbakum fastajāba lakum annī mumiddukum bi'alfim minal-malā'ikati murdifīn(a).
[9]
Dhèk samana sira padha nyuwun pitulunging Pangeranira, Pangeranira banjur nêmbadani panyuwunira. Ing kono Ingsun anulungi marang sira kabèh, sarana malaikat sèwu kang têkane gumrudug.
وَمَا جَعَلَهُ اللّٰهُ اِلَّا بُشْرٰى وَلِتَطْمَىِٕنَّ بِهٖ قُلُوْبُكُمْۗ وَمَا النَّصْرُ اِلَّا مِنْ عِنْدِ اللّٰهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ ࣖ١٠
Wa mā ja‘alahullāhu illā busyrā wa litaṭma'inna bihī qulūbukum, wa man-naṡru illā min ‘indillāh(i), innallāha ‘azīzun ḥakīm(un).
[10]
Allah ênggone paring pitulung mau karsane ora liya mung diênggo ambêbungah marang sira, [si...ra,] supaya têntrêma atinira. Dene pitulung mau ora saka sapa-sapa, satêmêne saka ngarsaning Allah piyambak, Allah iku mulya tur wicaksana.
اِذْ يُغَشِّيْكُمُ النُّعَاسَ اَمَنَةً مِّنْهُ وَيُنَزِّلُ عَلَيْكُمْ مِّنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً لِّيُطَهِّرَكُمْ بِهٖ وَيُذْهِبَ عَنْكُمْ رِجْزَ الشَّيْطٰنِ وَلِيَرْبِطَ عَلٰى قُلُوْبِكُمْ وَيُثَبِّتَ بِهِ الْاَقْدَامَۗ١١
Iż yugasysyīkumun-nu‘āsa amanatam minhu wa yunazzilu ‘alaikum minas-samā'i mā'al liyuṭahhirakum bihī wa yużhiba ‘ankum rijzasy-syaiṭāni wa liyarbiṭa ‘alā qulūbikum wa yuṡabbita bihil-aqdām(a).
[11]
Nalikane sira pêrang dikarsakake ngantuk dening Allah, saking dening ênggonira wis têntrêm atinira, tanpa kuwatir, sarta Allah anurunake udan saka ing langit, supaya sira sucia sarana udan mau, lan supaya panggodhaning setan birata saka ing sira, lan supaya kukuha têtêg ing atinira, lan supaya têtêpa tumapaking dêlamakanira.
اِذْ يُوْحِيْ رَبُّكَ اِلَى الْمَلٰۤىِٕكَةِ اَنِّيْ مَعَكُمْ فَثَبِّتُوا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْاۗ سَاُلْقِيْ فِيْ قُلُوْبِ الَّذِيْنَ كَفَرُوا الرُّعْبَ فَاضْرِبُوْا فَوْقَ الْاَعْنَاقِ وَاضْرِبُوْا مِنْهُمْ كُلَّ بَنَانٍۗ١٢
Iż yūḥī rabbuka ilal-malā'ikati annī ma‘akum fa ṡabbitul-lażīna āmanū, sa'ulqī fī qulūbil-lażīna kafarur-ru‘ba faḍribū fauqal-a‘nāqi waḍribū minhum kulla banān(in).
[12]
Dhèk samana Pangeranira dhawuh marang para malaikat: Ingsun biyantu ing sira nulungi para wong mukmin, mulane wong mukmin iku padha sira têtêgna atine, dene wong kaphir bakal Ingsun dunungi ati giris. Ing kono wong kaphir mau banjur sira pêdhanga gulune, utawa sira prithilana darijine.
ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ شَاۤقُّوا اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗۚ وَمَنْ يُّشَاقِقِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ فَاِنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ١٣
Żālika bi'annahum syāqqullāha wa rasūlah(ū), wa may yusyāqiqillāha wa rasūlahū fa innallāha syadīdul-‘iqāb(i).
[13]
Mulane wong kaphir padha Ingsun sirnakake iku, amarga kabèh mau padha nandhingi ing Allah lan Rasulullah. Dene sing sapa nandhingi ing Allah lan Rasulullah, iku wêruha yèn siksa kang samono mau durung sapira yèn tinimbang siksa besuk ana ing akhirat, satêmêne Allah iku siksane abot bangêt.
ذٰلِكُمْ فَذُوْقُوْهُ وَاَنَّ لِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابَ النَّارِ١٤
Żālikum fa żūqūhu wa anna lil-kāfirīna ‘ażāban-nār(i).
[14]
(He wong kaphir kabèh) siksa kang samono iku padha sira rasakna, lan padha wêruha yèn besuk ana ing akhirat, sarupane wong kaphir bakal padha Ingsun patrapi siksa naraka.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا لَقِيْتُمُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا زَحْفًا فَلَا تُوَلُّوْهُمُ الْاَدْبَارَۚ١٥
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā laqītumul-lażīna kafarū zaḥfan falā tuwallūhumul-adbār(a).
[15]
He wong kang padha mukmin, mênawa sira wêruh wong kaphir padha golong nêja ngayoni marang sira, sira aja pisan banjur ngucira lumayu marang ing buri.
وَمَنْ يُّوَلِّهِمْ يَوْمَىِٕذٍ دُبُرَهٗٓ اِلَّا مُتَحَرِّفًا لِّقِتَالٍ اَوْ مُتَحَيِّزًا اِلٰى فِئَةٍ فَقَدْ بَاۤءَ بِغَضَبٍ مِّنَ اللّٰهِ وَمَأْوٰىهُ جَهَنَّمُ ۗ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ١٦
Wa may yuwallihim yauma'iżin duburahū illā mutaḥarrifal liqitālin au mutaḥayyizan ilā fi'atin faqad bā'a bigaḍabim minallāhi wa ma'wāhu jahannam(u), wa bi'sal-maṣīr(u).
[16]
Ing dina iku sing sapa ngucira, lumayu marang ing burine, iku têtêp wong nuduhake marang mungsuh yèn awake ninggal paprangan, utawa ngumpul marang pabarisan Islam liyane, wong mangkono iku bakal kêna bêbênduning Allah. Dene panggonane wong mangkono mau, ana ing naraka Jahanam. Iba alane kawusanan kang mangkono iku.
فَلَمْ تَقْتُلُوْهُمْ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ قَتَلَهُمْۖ وَمَا رَمَيْتَ اِذْ رَمَيْتَ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ رَمٰىۚ وَلِيُبْلِيَ الْمُؤْمِنِيْنَ مِنْهُ بَلَاۤءً حَسَنًاۗ اِنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ١٧
Falam taqtulūhum wa lākinnallāha qatalahum, wa mā ramaita iż ramaita wa lākinallāha ramā, wa liyubliyal-mu'minīna minhu balā'an ḥasanā(n), innallāha samī‘un ‘alīm(un).
[17]
Kang matèni mungsuh kaphir iku dudu sira, wruhanira, Allah piyambak kang matèni mungsuh kaphir mau. (He Mukhammad) nalikane sira nguculake panah iku kang manah dudu sira, wruhanira Allah piyambak kang anjêmparing. Ananing [A...naning] pitulung mau dumunung pêparinging Allah marang para wong mukmin, diparingi barang kang bêcik, satêmêne Allah iku miyarsa tur nguningani.
ذٰلِكُمْ وَاَنَّ اللّٰهَ مُوْهِنُ كَيْدِ الْكٰفِرِيْنَ١٨
Żālikum wa annallāha mūhinu kaidil-kāfirīn(a).
[18]
Pitulung kang kasêbut mau wis kalêksanan, sira padha wêruha yèn Allah iku ngrèmèhake kajuligane para wong kaphir.
اِنْ تَسْتَفْتِحُوْا فَقَدْ جَاۤءَكُمُ الْفَتْحُۚ وَاِنْ تَنْتَهُوْا فَهُوَ خَيْرٌ لَّكُمْۚ وَاِنْ تَعُوْدُوْا نَعُدْۚ وَلَنْ تُغْنِيَ عَنْكُمْ فِئَتُكُمْ شَيْـًٔا وَّلَوْ كَثُرَتْۙ وَاَنَّ اللّٰهَ مَعَ الْمُؤْمِنِيْنَ ࣖ١٩
In tastaftiḥū faqad jā'akumul-fatḥ(u), wa in tantahū fa huwa khairul lakum, wa in ta‘ūdū na‘ud, wa lan tugniya ‘ankum fi'atukum syai'aw wa lau kaṡurat, wa anallāha ma‘al-mu'minīn(a).
[19]
(He para wong mukmin) mênawa sira padha nyuwun pitulung Ingsun, amêsthi Ingsun paringi pitulung. (He para wong kaphir) mênawa sira padha marèni ênggonira balela marang Rasulullah, iku luwih dening bêcik tumrap ing sira, dene yèn sira bali padha nyatru manèh marang Rasulullah, Ingsun iya bali nulungi wong mukmin, ngalahake ing sira, dene ênggonira sayuk nyatru marang Rasulullah, iku sanadyan kancanira luwih dening akèh, iya ora bisa nulak bêbênduningsun sathithik-thithika, satêmêne Allah iku anjangkung para wong mukmin.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَطِيْعُوا اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ وَلَا تَوَلَّوْا عَنْهُ وَاَنْتُمْ تَسْمَعُوْنَ٢٠
Yā ayyuhal-lażīna āmanū aṭī‘ullāha wa rasūlahū wa lā tawallau ‘anhu wa antum tasma‘ūn(a).
[20]
He para wong mukmin kabèh, sira padha manut mituruta ing Allah lan Rasulullah, lan aja padha malengos, lumuh ngèstokake parentahing Allah lan Rasulullah, sira wis [wi..s] padha krungu dhawuhing Kuran.
وَلَا تَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ قَالُوْا سَمِعْنَا وَهُمْ لَا يَسْمَعُوْنَۚ٢١
Wa lā takūnū kal-lażīna qālū sami‘nā wa hum lā yasma‘ūn(a).
[21]
Sira aja padha kaya wong munapèk, padha matur: Kula punika sami ngèstokakên dhawuhing Allah, nanging satêmêne padha ora ngèstokake.
۞ اِنَّ شَرَّ الدَّوَاۤبِّ عِنْدَ اللّٰهِ الصُّمُّ الْبُكْمُ الَّذِيْنَ لَا يَعْقِلُوْنَ٢٢
Inna syarrad-dawābbi ‘indallāhiṣ-ṣummul-bukmul-lażīna lā ya‘qilūn(a).
[22]
Mungguhing Allah, ala-alaning gêgrêmêtan (kang urip) iku wong kang budhêg, ora krungu pitutur bênêr, tur kang bisu ora tau ngucap kang bênêr, kang prasasat tanpa akal budi.
وَلَوْ عَلِمَ اللّٰهُ فِيْهِمْ خَيْرًا لَّاَسْمَعَهُمْۗ وَلَوْ اَسْمَعَهُمْ لَتَوَلَّوْا وَّهُمْ مُّعْرِضُوْنَ٢٣
Wa lau ‘alimallāhu fīhim khairal la'asma‘ahum, wa lau asma‘ahum latawallau wa hum mu‘riḍūn(a).
[23]
Saupama Allah nguningani yèn wong mangkono mau ana bêcike, amêsthi dikêlèngi kupinge nganti ngêrti pitutur bênêr, lan saupama wong mangkono mau dikêlèngi, mêsthi padha malengos, madoni lan maido.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اسْتَجِيْبُوْا لِلّٰهِ وَلِلرَّسُوْلِ اِذَا دَعَاكُمْ لِمَا يُحْيِيْكُمْۚ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ يَحُوْلُ بَيْنَ الْمَرْءِ وَقَلْبِهٖ وَاَنَّهٗٓ اِلَيْهِ تُحْشَرُوْنَ٢٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanustajībū lillāhi wa lir-rasūli iżā da‘ākum limā yuḥyīkum, wa‘lamū annallāha yaḥūlu bainal-mar'i wa qalbihī wa annahū ilaihi tuḥsyarūn(a).
[24]
He para wong mukmin kabèh, mênawa Allah lan Rasulullah dhawuh nglakoni pranataning agama kang marakake urip marang sira, iku sira banjur ngèstokna dhawuhing Allah lan dhawuhing Rasulullah mau. Lan sira padha wêruha yèn Allah iku nyilahake antaraning manungsa lan atine, apadene besuk dina kiyamat, wong iku padha diimpun marang pangayunaning Allah.
وَاتَّقُوْا فِتْنَةً لَّا تُصِيْبَنَّ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مِنْكُمْ خَاۤصَّةً ۚوَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ٢٥
Wattaqū fitnatal lā tuṣībannal-lażīna ẓalamū minkum khāṣṣah(tan), wa‘lamū annallāha syadīdul-‘iqāb(i).
[25]
Lan sira padha nyingkirana panggodha, kang mênawa sira nganti kêna ing panggodha mau, patrapane ora ngamungake tumrap marang kang kêna ing panggodha bae, malah mrèntèk marang wong akèh kang ora apa-apa. Sira padha wêruha yèn Allah iku siksane abot.
وَاذْكُرُوْٓا اِذْ اَنْتُمْ قَلِيْلٌ مُّسْتَضْعَفُوْنَ فِى الْاَرْضِ تَخَافُوْنَ اَنْ يَّتَخَطَّفَكُمُ النَّاسُ فَاٰوٰىكُمْ وَاَيَّدَكُمْ بِنَصْرِهٖ وَرَزَقَكُمْ مِّنَ الطَّيِّبٰتِ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ٢٦
Ważkurū iż antum qalīlum mustaḍ‘afūna fil-arḍi takhāfūna ay yatakhaṭṭafakumun-nāsu fa āwākum wa ayyadakum binaṣrihī wa razaqakum minaṭ-ṭayyibāti la‘allakum tasykurūn(a).
[26]
Lan sira padha elinga nalikane kancanira isih sathithik tur padha apês ana ing bumi Mêkah, sira padha kuwatir bokmênawa ditutup ing wong kaphir, sira banjur diparingi panggonan ana ing Madinah, apadene Allah anyantosakake marang sira kabèh, sarana sira ditulungi nalika pêrang ana ing Badar, lan sira padha diparingi jarahan, minăngka rijêki kang ngrêsêpake, supaya sira padha munjuka bangêt panuwunira ing Allah.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَخُوْنُوا اللّٰهَ وَالرَّسُوْلَ وَتَخُوْنُوْٓا اَمٰنٰتِكُمْ وَاَنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٢٧
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā takhūnullāha war-rasūla wa takhūnū amānātikum wa antum ta‘lamūn(a).
[27]
He para wong mukmin kabèh, sira aja padha cidra tumrap barang titipan kang ana ing tanganira, kang măngka sira wêruh yèn iku barang titipan.
وَاعْلَمُوْٓا اَنَّمَآ اَمْوَالُكُمْ وَاَوْلَادُكُمْ فِتْنَةٌ ۙوَّاَنَّ اللّٰهَ عِنْدَهٗٓ اَجْرٌ عَظِيْمٌ ࣖ٢٨
Wa‘lamū annamā amwālukum wa aulādukum fitnah(tun), wa annallāha ‘indahū ajrun ‘aẓīm(un).
[28]
Sira padha wêruha yèn sakèhing bandhanira lan anakira iku kabèh dadi coba, lan satêmêne Allah iku kagungan ganjaran kang gêdhe.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنْ تَتَّقُوا اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّكُمْ فُرْقَانًا وَّيُكَفِّرْ عَنْكُمْ سَيِّاٰتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْۗ وَاللّٰهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيْمِ٢٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanū in tattaqullāha yaj‘al lakum furqānaw wa yukaffir ‘ankum sayyi'ātikum wa yagfir lakum, wallāhu żul-faḍlil-‘aẓīm(i).
[29]
He para wong mukmin kabèh, mênawa sira wêdi ingAllah, Allah maringi padhang atinira, dadi sira banjur bisa ambedakake kang bênêr lan kang luput, lan manèh Allah nyirnakake dosanira kang cilik, apadene ngapura dosanira kang gêdhe. Allah iku kagungan kanugrahan kang gêdhe.
وَاِذْ يَمْكُرُ بِكَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لِيُثْبِتُوْكَ اَوْ يَقْتُلُوْكَ اَوْ يُخْرِجُوْكَۗ وَيَمْكُرُوْنَ وَيَمْكُرُ اللّٰهُ ۗوَاللّٰهُ خَيْرُ الْمٰكِرِيْنَ٣٠
Wa iż yamkuru bikal-lażīna kafarū liyuṡbitūka au yaqtulūka au yukhrijūk(a), wa yamkurūna wa yamkurullāh(u), wallāhu khairul-mākirīn(a).
[30]
Samăngsa wong kaphir padha maeka ing sira, nêja ambănda utawa ngunjara utawa matèni marang sira, utawa arêp nundhung sira saka ing Mêkah, padha nindakake paekan kang alus, Allah iya maeka marang si kaphir mau, ALlah iku paekane luwih dening patitis, ngungkuli paekane wong kang padha baud maeka.
وَاِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِمْ اٰيٰتُنَا قَالُوْا قَدْ سَمِعْنَا لَوْ نَشَاۤءُ لَقُلْنَا مِثْلَ هٰذَآ ۙاِنْ هٰذَآ اِلَّآ اَسَاطِيْرُ الْاَوَّلِيْنَ٣١
Wa iżā tutlā ‘alaihim āyātunā qālū qad sami‘nā lau nasyā'u laqulnā miṡla hāżā, in hāżā illā asāṭīrul-awwalīn(a).
[31]
Wong kaphir mau mênawa diwacakake ayat Ingsun Kuran, banjur padha matur mangkene: Kula sampun mirêng cariyos ingkang kados makatên punika. Upami kula puruna, tamtu kula sagêd ngandhar ingkang kados Kuran punika. Pamanggih kula Kuran punika dede punapa-punapa, sayêktosipun cariyos dora saking damêl-damêlipun para tiyang kina.
وَاِذْ قَالُوا اللّٰهُمَّ اِنْ كَانَ هٰذَا هُوَ الْحَقَّ مِنْ عِنْدِكَ فَاَمْطِرْ عَلَيْنَا حِجَارَةً مِّنَ السَّمَاۤءِ اَوِ ائْتِنَا بِعَذَابٍ اَلِيْمٍ٣٢
Wa iż qālullāhumma in kāna hāżā huwal-ḥaqqa min ‘indika fa amṭir ‘alainā ḥijāratam minas-samā'i awi'tinā bi‘ażābin alīm(in).
[32]
Dhèk samana wong kaphir ing Mêkah padha munjuk [mu....njuk] mangkene: Dhuh Allah, mênawi Kuran punika têmên saking ngarsa Tuwan, kawula mugi Tuwan krutug ing jawah sela saking ing langit, utawi kula mugi Tuwan turuni siksa ingkang nyakiti.
وَمَا كَانَ اللّٰهُ لِيُعَذِّبَهُمْ وَاَنْتَ فِيْهِمْۚ وَمَا كَانَ اللّٰهُ مُعَذِّبَهُمْ وَهُمْ يَسْتَغْفِرُوْنَ٣٣
Wa mā kānallāhu liyu‘ażżibahum wa anta fīhim, wa mā kānallāhu mu‘ażżibahum wa hum yastagfirūn(a).
[33]
(Pangandikaning Allah: He Mukhammad) Allah ora karsa niksa marang para wong kaphir ing Mêkah, awit sira manggon awor lan wong kaphir mau. Apadene Alah ora karsa niksa wong kaphir ing Mêkah, awit ing kono ana wong kang padha nyuwun pangapura ing Allah.
وَمَا لَهُمْ اَلَّا يُعَذِّبَهُمُ اللّٰهُ وَهُمْ يَصُدُّوْنَ عَنِ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ وَمَا كَانُوْٓا اَوْلِيَاۤءَهٗۗ اِنْ اَوْلِيَاۤؤُهٗٓ اِلَّا الْمُتَّقُوْنَ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ٣٤
Wa mā lahum allā yu‘ażżibahumullāhu wa hum yaṣuddūna ‘anil-masjidil-ḥarāmi wa mā kānū auliyā'ah(ū), in auliyā'uhū illal-muttaqūna wa lākinna akṡarahum lā ya‘lamūn(a).
[34]
Yagene wong kaphir mau ora disiksa dening Allah, (mêsthi disiksa) awit wong kaphir mau makewuhi wong kang padha arêp ngabêkti ing Allah ana ing Masjidilkaram, wong kaphir iku dudu kang nuwasani Masjidilkaram. Kang ngusawani Masjidil Kharam iku mung wong Islam kang padha wêdi ing Allah, ewadene wong kaphir iku kang akèh padha ora wêruh kang mangkono mau.
وَمَا كَانَ صَلَاتُهُمْ عِنْدَ الْبَيْتِ اِلَّا مُكَاۤءً وَّتَصْدِيَةًۗ فَذُوْقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنْتُمْ تَكْفُرُوْنَ٣٥
Wa mā kāna ṣalātuhum ‘indal-baiti illā mukā'aw wa taṣdiyah(tan), fa żūqul-‘ażāba bimā kuntum takfurūn(a).
[35]
Sêmbayange wong kaphir ing Mêkah ana sacêdhaking Kakbah, iku ora sêmbayang têmênan, mung maligi nyuwara, lan prasasat kumandhang, (he wong kaphir) mulane sira padha ngrasakna siksa marga ênggonira padha [pa...dha] kaphir.
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا يُنْفِقُوْنَ اَمْوَالَهُمْ لِيَصُدُّوْا عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗفَسَيُنْفِقُوْنَهَا ثُمَّ تَكُوْنُ عَلَيْهِمْ حَسْرَةً ثُمَّ يُغْلَبُوْنَ ەۗ وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِلٰى جَهَنَّمَ يُحْشَرُوْنَۙ٣٦
Innal-lażīna kafarū yunfiqūna amwālahum liyaṣuddū ‘an sabīlillāh(i), fa sayunfiqūnahā ṡumma takūnu ‘alaihim ḥasratan ṡumma yuglabūn(a), wal-lażīna kafarū ilā jahannama yuḥsyarūn(a).
[36]
Sarupane wong kaphir iku padha mêtokake bandhane diênggo makewuhi tumindaking agama dalaning Allah. Wong kaphir ing Mêkah iya bakal padha mêtokake bandhane kaya mangkono mau. Ing têmbe iya ora wurung dadi kapitunan lan kaduwung, lan uga ora wurung digawe kalah.
لِيَمِيْزَ اللّٰهُ الْخَبِيْثَ مِنَ الطَّيِّبِ وَيَجْعَلَ الْخَبِيْثَ بَعْضَهٗ عَلٰى بَعْضٍ فَيَرْكُمَهٗ جَمِيْعًا فَيَجْعَلَهٗ فِيْ جَهَنَّمَۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ ࣖ٣٧
Liyamīzallāhul-khabīṡa minaṭ-ṭayyibi wa yaj‘alal-khabīṡa ba‘ḍahū ‘alā ba‘ḍin fa yarkumahū jamī‘an fa yaj‘alahū fī jahannam(a), ulā'ika humul-khāsirūn(a).
[37]
Sarupane wong kaphir besuk ana ing akhirat, mêsthi padha digiring dicêmplungake ing naraka Jahanam.
قُلْ لِّلَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِنْ يَّنْتَهُوْا يُغْفَرْ لَهُمْ مَّا قَدْ سَلَفَۚ وَاِنْ يَّعُوْدُوْا فَقَدْ مَضَتْ سُنَّتُ الْاَوَّلِيْنَ٣٨
Qul lil-lażīna kafarū in yantahū yugfar lahum mā qad salaf(a), wa iy ya‘ūdū faqad maḍat sunnatul-awwalīn(a).
[38]
Karsaning Allah kang mangkono mau supaya wong iku kang ala lan kang bêcik pisaha, dene wong kang ala iku padha ditumpuk, sawênèh ana ing dhuwur lan ana ngisor, nuli padha dicêmplungake ing naraka Jahanam, wong mangkono iku têtêp padha cilaka.
وَقَاتِلُوْهُمْ حَتّٰى لَا تَكُوْنَ فِتْنَةٌ وَّيَكُوْنَ الدِّيْنُ كُلُّهٗ لِلّٰهِۚ فَاِنِ انْتَهَوْا فَاِنَّ اللّٰهَ بِمَا يَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ٣٩
Wa qātilūhum ḥattā lā takūna fitnatuw wa yakunad-dīnu kulluhū lillāh(i),fa inintahau fa innallāha bimā ya‘malūna baṣīr(un).
[39]
(He Mukhammad) sira dhawuha marang wong kaphir ing Mêkah kabèh, mênawa si kaphir mau padha tobat, dosane kang wis kêlakon mêsthi diapura, dene sawise tobat, mênawa banjur ambalik kaphir manèh, iku bakal Ingsun [Ingsu....n] tindakake kaya lêlakone wong kaphir ing jaman kuna, padha Ingsun rusak.
وَاِنْ تَوَلَّوْا فَاعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ مَوْلٰىكُمْ ۗنِعْمَ الْمَوْلٰى وَنِعْمَ النَّصِيْرُ ۔٤٠
Wa in tawallau fa‘lamū annallāha maulākum, ni‘mal-maulā wa ni‘man-naṣīr(u).
[40]
Lan manèh sira wong Islam padha ngayonana pêrang marang wong kaphir ing Mêkah kabèh: nganti têntrêm, ora ana paekan apa-apa, sarta agama iku golong dadi siji agamaning Allah Islam. Dene yèn wong kaphir mau banjur padha marèni kaphir, (iku Allah mêsthi maringi ganjaran) satêmêne Allah iku mirsani samubarang kang padha dilakoni si kaphir kabèh.
۞ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّمَا غَنِمْتُمْ مِّنْ شَيْءٍ فَاَنَّ لِلّٰهِ خُمُسَهٗ وَلِلرَّسُوْلِ وَلِذِى الْقُرْبٰى وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنِ وَابْنِ السَّبِيْلِ اِنْ كُنْتُمْ اٰمَنْتُمْ بِاللّٰهِ وَمَآ اَنْزَلْنَا عَلٰى عَبْدِنَا يَوْمَ الْفُرْقَانِ يَوْمَ الْتَقَى الْجَمْعٰنِۗ وَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٤١
Wa‘lamū annamā ganimtum min syai'in fa anna lillāhi khumusahū wa lir-rasūli wa liżil-qurbā wal-yatāmā wal-masākīni wabnis-sabīli in kuntum āmantum billāhi wa mā anzalnā ‘alā ‘abdinā yaumal-furqāni yaumal-taqal-jam‘ān(i), wallāhu ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[41]
Dene yèn si kaphir mau padha malengos, sira aja kuwatir, sira padha sumurupa yèn Allah iku bandaranira kang nulungi sira. Bêcik-bêciking bandara lan bêcik-bêcike kang têtulung iku Allah.
اِذْ اَنْتُمْ بِالْعُدْوَةِ الدُّنْيَا وَهُمْ بِالْعُدْوَةِ الْقُصْوٰى وَالرَّكْبُ اَسْفَلَ مِنْكُمْۗ وَلَوْ تَوَاعَدْتُّمْ لَاخْتَلَفْتُمْ فِى الْمِيْعٰدِۙ وَلٰكِنْ لِّيَقْضِيَ اللّٰهُ اَمْرًا كَانَ مَفْعُوْلًا ەۙ لِّيَهْلِكَ مَنْ هَلَكَ عَنْۢ بَيِّنَةٍ وَّيَحْيٰى مَنْ حَيَّ عَنْۢ بَيِّنَةٍۗ وَاِنَّ اللّٰهَ لَسَمِيْعٌ عَلِيْمٌۙ٤٢
Iż antum bil-‘udwatid-dun-yā wa hum bil-‘udwatil-quṣwā war-rakbu asfala minkum, wa lau tawā‘attum lakhtalaftum fil-mī‘ād(i), wa lākil liyaqḍiyallāhu amran kāna maf‘ūlā(n), liyahlika man halaka ‘am bayyinatiw wa yaḥyā may ḥayya ‘am bayyinah(tin), wa innallāha lasamī‘un ‘alīm(un).
[42]
(He wong Islam kabèh) sira padha sumurupa, karsaning Allah barang jarahan iku kang sapara liman dadi kagunganing Allah, pangêdume dipara lima manèh, kang saduman diparingake dadi darbèkingra[1] sapuluh, kang saduman manèh diparingake para santanane Rasulullah, kang saduman manèh diparingake[2] [diparinga....ke] para bocah yatim, kang saduman manèh diparingake para wong miskin, kang saduman manèh diparingake anaking dêdalan (wong kang pinuju ana ing paran) manawa sira padha têmên pracaya ing Allah, sarta pracaya marang ayat utawa tăndha yêkti kang wis Ingsun paringake marang kawulaningsun Nabi Mukhammad sajrone pêrang ana ing Badar, nalika campuh ing baris loro Islam lan kaphir, parentahing Allah bab pangêduming barang jarahan mau padha sira èstokna. Dene Allah iku nguwasani samubarang.
اِذْ يُرِيْكَهُمُ اللّٰهُ فِيْ مَنَامِكَ قَلِيْلًاۗ وَلَوْ اَرٰىكَهُمْ كَثِيْرًا لَّفَشِلْتُمْ وَلَتَنَازَعْتُمْ فِى الْاَمْرِ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ سَلَّمَۗ اِنَّهٗ عَلِيْمٌۢ بِذَاتِ الصُّدُوْرِ٤٣
Iż yurīkahumullāhu fī manāmika qalīlā(n), wa lau arākahum kaṡīral lafasyiltum wa latanāza‘tum fil-amri wa lākinnallāha sallam(a), innahū ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[43]
Iya iku nalikane sira ana pèrènging jurang kang cêdhak lan Madinah, mungsuh wong kaphir ana ing pèrèng sisihe, kang adoh lan Madinah, dene unta kang bakal dijarah, ana ing panggonan ngisor. Dhèk samana upama sira lan wong kaphir ing Mêkah banjur campuh pêrang, amêsthi cidra saka rantamanira, (awit wong Islam kudu ngrayah jarahan unta, wong kaphir banjur nêmpuh nêdya ambilaèni) nanging Allah angguyubake ing sira kabèh, dadi sayuk tinggal rantaman, iku karsaning Allah supaya kêlakona prakara kang ditindakake dening Allah anulungi kêkasihe.
وَاِذْ يُرِيْكُمُوْهُمْ اِذِ الْتَقَيْتُمْ فِيْٓ اَعْيُنِكُمْ قَلِيْلًا وَّيُقَلِّلُكُمْ فِيْٓ اَعْيُنِهِمْ لِيَقْضِيَ اللّٰهُ اَمْرًا كَانَ مَفْعُوْلًا ۗوَاِلَى اللّٰهِ تُرْجَعُ الْاُمُوْرُ ࣖ٤٤
Wa iż yurīkumūhum iżil-taqaitum fī a‘yunikum qalīlaw wa yuqallilukum fī a‘yunihim liyaqḍiyallāhu amran kāna maf‘ūlā(n), wa ilallāhi turja‘ul-umūr(u).
[44]
Supaya wong kang pinêsthi rusak marga maidotăndha yêkti, kêlakona rusak, apadene wong kang pinêsthi urip marga ngandêl tăndha yêkti, kêlakona urip, sarta lêstari. Satêmêne Allah iku miyarsa tur nguningani.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا لَقِيْتُمْ فِئَةً فَاثْبُتُوْا وَاذْكُرُوا اللّٰهَ كَثِيْرًا لَّعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَۚ٤٥
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā laqītum fi'atan faṡbutū ważkurullāha kaṡīral la‘allakum tufliḥūn(a).
[45]
(He Mukhammad) sira elinga utawa nyaritakna nalikane Allah anontonake ing sira, ditontonake mungsuhingra[3] wong kaphir ana sajroning pangimpènanira kancane mung sathithik, iku banjur dadi panggugahing kawanènanira. Upama Ingsun anontonake ing sira, mungshira wong kaphir iku kancane katon akèh, amêsthi sira banjur giris, sarta banjur padha kanggêg ênggonira arêp mapagake pêranging mungsuh, ewadene Allah ngarsakake sira kalisa saka ing kanggêg. Satêmêne Allah iku nguningani sakarêntêging ati.
وَاَطِيْعُوا اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ وَلَا تَنَازَعُوْا فَتَفْشَلُوْا وَتَذْهَبَ رِيْحُكُمْ وَاصْبِرُوْاۗ اِنَّ اللّٰهَ مَعَ الصّٰبِرِيْنَۚ٤٦
Wa aṭī‘ullāha wa rasūlahū wa lā tanāza‘ū fa tafsyalū wa tażhaba rīḥukum waṣbirū, innallāha ma‘aṣ-ṣābirīn(a).
[46]
Lan manèh nalikane sira padha adu arêp lan mungsuhira kaphir, Allah anontonake sira, pandêlêngira marang mungsuh kasat mata kancane mung sathithik, mangkono uga pandêlênge mungsuh kaphir marang kancanira iya mung sathithik. Kang mongkono[4] iku karsaning Allah supaya kêlakona prakara kang ditindakake dening Allah ênggone nulungi [nulung...i] wong Islam lan ngrusak wong kaphir. Samubarang prakara iku karampungane ana panguwasaning Allah.
وَلَا تَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ خَرَجُوْا مِنْ دِيَارِهِمْ بَطَرًا وَّرِئَاۤءَ النَّاسِ وَيَصُدُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗوَاللّٰهُ بِمَايَعْمَلُوْنَ مُحِيْطٌ٤٧
Wa lā takūnū kal-lażīna kharajū min diyārihim baṭaraw wa ri'ā'an-nāsi wa yaṣuddūna ‘an sabīlillāh(i), wallāhu bimā ya‘malūna muḥīṭ(un).
[47]
He para wong mukmin kabèh, mênawa sira adu arêp lan mungsuh wong kaphir kanggo golongan, ditêtêg atinira, lan ngakèhna eling nyêbut asmaning Allah, supaya sira padha bêgja.
وَاِذْ زَيَّنَ لَهُمُ الشَّيْطٰنُ اَعْمَالَهُمْ وَقَالَ لَا غَالِبَ لَكُمُ الْيَوْمَ مِنَ النَّاسِ وَاِنِّيْ جَارٌ لَّكُمْۚ فَلَمَّا تَرَاۤءَتِ الْفِئَتٰنِ نَكَصَ عَلٰى عَقِبَيْهِ وَقَالَ اِنِّيْ بَرِيْۤءٌ مِّنْكُمْ اِنِّيْٓ اَرٰى مَا لَا تَرَوْنَ اِنِّيْٓ اَخَافُ اللّٰهَ ۗوَاللّٰهُ شَدِيْدُ الْعِقَابِ ࣖ٤٨
Wa iż zayyana lahumusy-syaiṭānu a‘mālahum wa qāla lā gāliba lakumul-yauma minan-nāsi wa innī jārul lakum, falammā tarā'atil-fi'atāni nakaṣa ‘alā ‘aqibaihi wa qāla innī barī'um minkum innī arā mā lā tarauna innī akhāfullāh(a), wallāhu syadīdul-‘iqāb(i).
[48]
Lan padha manut mituruta parentahing Allah lan parentahing Rasulullah prakara mangsah pêrang, lan aja padha diya-diniya, mundhak nukulake wêdi, iku bakal ngabarake gandaning sakhabat Rasul, lan padha têtêga atinira. Satêmêne Allah iku anjangkung wong kang padha têtêg atine.
اِذْ يَقُوْلُ الْمُنٰفِقُوْنَ وَالَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ غَرَّ هٰٓؤُلَاۤءِ دِيْنُهُمْۗ وَمَنْ يَّتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ فَاِنَّ اللّٰهَ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ٤٩
Iż yaqūlul-munāfiqūna wal-lażīna fī qulūbihim maraḍun garra hā'ulā'i dīnuhum, wa may yatawakkal ‘alallāhi fa innallāha ‘azīzun ḥakīm(un).
[49]
Lan sira aja padha kaya si kaphir Abu Jahal sakancane, padha mêtu saka nagarane ing Mêkah (anjampangi untane, sawise slamêt, ora banjur padha mulih) kurang panarima, kudu ngungasake gagah prakosane, murih dialêma ing wong, lan ngrusuhi tumindaking agama dêdalaning Allah, dene Allah iku nguningani samubarang kang padha dilakoni si kaphir.
وَلَوْ تَرٰٓى اِذْ يَتَوَفَّى الَّذِيْنَ كَفَرُوا الْمَلٰۤىِٕكَةُ يَضْرِبُوْنَ وُجُوْهَهُمْ وَاَدْبَارَهُمْۚ وَذُوْقُوْا عَذَابَ الْحَرِيْقِ٥٠
Wa lau tarā iż yatawaffal-lażīna kafarul-malā'ikatu yaḍribūna wujūhahum wa adbārahum, wa żūqū ‘ażābal-ḥarīq(i).
[50]
(He para wong mukmin) sira padha elinga nalikane [na...likane] setan anggodha marang si kaphir, murih padha ngantêpana samubarang kang wis padha dilakoni, pangucape setan: Aja padha kuwatir, aku kang anjampangi ing kowe, ing saiki măngsa anaa manungsa bisa ngalahake kowe. Barêng baris loro Islam lan kaphir wis arêp-arêpan, setan banjur lumayu anggêndring, pangucape: Aku saiki ora milu-milu prakaramu iku, aku wêruh barang kang ora kowêruhi, (iya iku wadyabalaning Allah) satêmêne aku wêdi ing Allah, Allah iku siksane abot bangêt.
ذٰلِكَ بِمَا قَدَّمَتْ اَيْدِيْكُمْ وَاَنَّ اللّٰهَ لَيْسَ بِظَلَّامٍ لِّلْعَبِيْدِۙ٥١
Żālika bimā qaddamat aidīkum wa annallāha laisa biẓallāmil lil-‘abīd(i).
[51]
Dhèk samana wong kang padha munaphèk (lamis) lan wong kang atine ana larane mamang, padha ngucap mangkene: Wong Islam iku padha kêlorop marga ênggone ngantêpi agamane Islam, (pangucap mangkono iku luput) dene sing sapa pasrah marang Allah, Allah mêsthi nulungi marang wong mau, satêmêne Allah iku mulya tur wicaksana.
كَدَأْبِ اٰلِ فِرْعَوْنَۙ وَالَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۗ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِ اللّٰهِ فَاَخَذَهُمُ اللّٰهُ بِذُنُوْبِهِمْۗ اِنَّ اللّٰهَ قَوِيٌّ شَدِيْدُ الْعِقَابِ٥٢
Kada'bi āli fir‘aun(a), wal-lażīna min qablihim, kafarū bi'āyātillāhi fa akhażahumullāhu biżunūbihim, innallāha qawiyyun syadīdul-‘iqāb(i).
[52]
(He Mukhammad) mênawa sira andêlêng malaikat pati, nalikane matèni wong kang padha kaphir, malaikat mau anggitiki rai lan bokonge [bo...konge] si kaphir, pangucape: He kaphir, kowe padha ngrasakna siksa kang anggosongake.
ذٰلِكَ بِاَنَّ اللّٰهَ لَمْ يَكُ مُغَيِّرًا نِّعْمَةً اَنْعَمَهَا عَلٰى قَوْمٍ حَتّٰى يُغَيِّرُوْا مَا بِاَنْفُسِهِمْۙ وَاَنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌۙ٥٣
Żālika bi'annallāha lam yaku mugayyiran ni‘matan an‘amahā ‘alā qaumin ḥattā yugayyirū mā bi'anfusihim, wa annallāha samī‘un ‘alīm(un).
[53]
Kang mangkono mau marga saka panggawe kang wis padha kolakoni kalawan tanganmu biyèn. Kowe padha sumurupa yèn mangkono iku Allah ora nganiaya marang kawulane.
كَدَأْبِ اٰلِ فِرْعَوْنَۙ وَالَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۚ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِ رَبِّهِمْ فَاَهْلَكْنٰهُمْ بِذُنُوْبِهِمْ وَاَغْرَقْنَآ اٰلَ فِرْعَوْنَۚ وَكُلٌّ كَانُوْا ظٰلِمِيْنَ٥٤
Kada'bi āli fir‘aun(a), wal-lażīna min qablihim, każżabū bi'āyāti rabbihim fa ahlaknāhum biżunūbihim wa agraqnā āla fir‘aun(a), wa kullun kānū ẓālimīn(a).
[54]
Mungguh laku-lakune wong kaphir ing Mêkah iku mèmpêr laku-lakune Raja Phirngon sabalane lan wong kaphir sadurunge Raja Phirngon, kabèh padha maido ayating Allah, Allah banjur matrapi siksa marang wong kaphir mau kabèh. Satêmêne Allah iku santosa, tur siksane abot bangêt.
اِنَّ شَرَّ الدَّوَاۤبِّ عِنْدَ اللّٰهِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فَهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَۖ٥٥
Inna syarrad-dawābbi ‘indallāhil-lażīna kafarū fahum lā yu'minūn(a).
[55]
Kalakone aniksa mau Allah ora pisan ngawiti ngowahi pêparinge kabungahan marang manungsa, kang wis diparingake, nanging manungsane kang ngawiti ngowahi sêsanggêman kang tumrap ing awake. Satêmêne Allah iku miyarsa tur nguningani.
الَّذِيْنَ عَاهَدْتَّ مِنْهُمْ ثُمَّ يَنْقُضُوْنَ عَهْدَهُمْ فِيْ كُلِّ مَرَّةٍ وَّهُمْ لَا يَتَّقُوْنَ٥٦
Allażīna ‘āhatta minhum ṡumma yanquḍūna ‘ahdahum fī kulli marratiw wa hum lā yattaqūn(a).
[56]
Laku-lakune wong kaphir kang padha mati nalika pêrang ing Badar, iku mèmpêr laku-lakune Raja Phirngon sabalane lan wong kaphir sadurunge Raja Phirngon, kabèh padha maido ayating [a...yating] Pangerane, mulane banjur padha Ingsun sirnakake marga saka dosane, dene Raja Phirngon sabalane padha Ingsun kêlêm ana ing sêgara, kabèh mau têtêp padha nganiaya awake dhewe.
فَاِمَّا تَثْقَفَنَّهُمْ فِى الْحَرْبِ فَشَرِّدْ بِهِمْ مَّنْ خَلْفَهُمْ لَعَلَّهُمْ يَذَّكَّرُوْنَ٥٧
Fa immā taṡqafannahum fil-ḥarbi fa syarrid bihim man khalfahum la‘allahum yażżakkarūn(a).
[57]
Mungguhing Allah, ala-alaning gêgrêmêtan, (kang urip) iku wong kang padha kaphir, kabèh iku ora pracaya ing Allah.
وَاِمَّا تَخَافَنَّ مِنْ قَوْمٍ خِيَانَةً فَانْۢبِذْ اِلَيْهِمْ عَلٰى سَوَاۤءٍۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ الْخَاۤىِٕنِيْنَ ࣖ٥٨
Wa immā takhāfanna min qaumin khiyānatan fambiż ilaihim ‘alā sawā'(in), innallāha lā yuḥibbul-khā'inīn(a).
[58]
Iya iku sarupane wong kang wis sira pundhut sêsanggêmane nganti rambah-rambah, wong mangkono iku têtêp ora wêdi ing Allah.
وَلَا يَحْسَبَنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا سَبَقُوْاۗ اِنَّهُمْ لَا يُعْجِزُوْنَ٥٩
Wa lā yaḥsabannal-lażīna kafarū sabaqū, innahum lā yu‘jizūn(a).
[59]
Mênawa ana ing pêpêrangan sira kêtêmu lan wong kaphir kang padha nyidrani sêsanggêman, iku banjur sira patènana kalawan siya, supaya ing buri wong padha wêdia nyidrani sêsanggêmane. Lan supaya wong kaphir ing Mêkah padha elinga.
وَاَعِدُّوْا لَهُمْ مَّا اسْتَطَعْتُمْ مِّنْ قُوَّةٍ وَّمِنْ رِّبَاطِ الْخَيْلِ تُرْهِبُوْنَ بِهٖ عَدُوَّ اللّٰهِ وَعَدُوَّكُمْ وَاٰخَرِيْنَ مِنْ دُوْنِهِمْۚ لَا تَعْلَمُوْنَهُمْۚ اَللّٰهُ يَعْلَمُهُمْۗ وَمَا تُنْفِقُوْا مِنْ شَيْءٍ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ يُوَفَّ اِلَيْكُمْ وَاَنْتُمْ لَا تُظْلَمُوْنَ٦٠
Wa a‘iddū lahum mastaṭa‘tum min quwwatiw wa mir ribāṭil-khaili turhibūna bihī ‘aduwwallāhi wa ‘aduwwakum wa ākharīna min dūnihim, lā ta‘lamūnahum, allāhu ya‘lamuhum, wa mā tunfiqū min syai'in fī sabīlillāhi yuwaffa ilaikum wa antum lā tuẓlamūn(a).
[60]
(He Mukhammad) mênawa sira wêruh ana wong padha nyidrani sêsanggêmane, iku sudurunge sira ayoni pêrang, sira dhawuhana dhisik, dhawuh rampak, yèn prajanjiane padha disuwak. Satêmêne Allah iku ora rêmên wong kang padha cidra ing janji.
۞ وَاِنْ جَنَحُوْا لِلسَّلْمِ فَاجْنَحْ لَهَا وَتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ ۗاِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ٦١
Wa in janaḥū lis-salmi fajnaḥ lahā wa tawakkal ‘alallāh(i), innahū huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[61]
(He Mukhammad) sira aja ngira yèn mungsuhira kaphir ana pêpêrangan ing Badar iku bisa oncat ngrêbut uripe, satêmêne wong kaphir mau, ora ana bisa ngapêsake ing Allah ênggone karsa niksa marang si kaphir.
وَاِنْ يُّرِيْدُوْٓا اَنْ يَّخْدَعُوْكَ فَاِنَّ حَسْبَكَ اللّٰهُ ۗهُوَ الَّذِيْٓ اَيَّدَكَ بِنَصْرِهٖ وَبِالْمُؤْمِنِيْنَۙ٦٢
Wa iy yurīdū ay yakhda‘ūka fa inna ḥasbakallāh(u), huwal-lażī ayyadaka binaṣrihī wa bil-mu'minīn(a).
[62]
(He para wong Islam) ênggonira mapagake pêranging mungsuh kaphir kang padha cidra ing janji, asikêpa gêgaman lan piranti saanane, sarta nungganga jaran kang disadhiyakake kanggo pêrang sabilullah, ênggonira samêkta ing piranti iku dadi sarana mêdèkake mungsuhing Allah, lan uga mungsuhira, iya iku wong kaphir ing Mêkah lan liya-liyane kang ora sira wêruhi, Allah nguningani marang mungsuh mau kabèh. Dene samubarang kang sira ênggo mragadi pêrang sabilullah, iku sira bakal dilironi dening Allah, sira ora bakal dikaniaya.
وَاَلَّفَ بَيْنَ قُلُوْبِهِمْۗ لَوْاَنْفَقْتَ مَا فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًا مَّآ اَلَّفْتَ بَيْنَ قُلُوْبِهِمْ وَلٰكِنَّ اللّٰهَ اَلَّفَ بَيْنَهُمْۗ اِنَّهٗ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ٦٣
Wa allafa baina qulūbihim, lau anfaqta mā fil-arḍi jamī‘am mā allafta baina qulūbihim wa lākinnallāha allafa bainahum, innahū ‘azīzun ḥakīm(un).
[63]
Dene mênawa wong kaphir ing Mêkah padha ngajak rukun, iku sira turutana, (aja kuwatir) sira mung pasraha ing Allah bae. Satêmêne Allah iku miyarsa tur nguningani.
يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ حَسْبُكَ اللّٰهُ وَمَنِ اتَّبَعَكَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ ࣖ٦٤
Yā ayyuhan-nabiyyu ḥasbukallāhu wa manittaba‘aka minal-mu'minīn(a).
[64]
Dene mênawi[5] si kaphir ênggone padha ngajak rukun mau karêpe mung nêdya ngapusi marang sira bae, (aja kuwatir) satêmêne Allah piyambak kang mêsthi nulungi ing sira, iya iku kang nyantosakake ing sira sarana pitulunge lan sarana para wong mukmin. Lan uga kuwasa anggolongake atine wong kaphir ing Mêkah kabèh. Saupama saisining jagad iki kabèh sira ênggo mragadi murih golonga atine wong kaphir ing Mêkah, mêsthi ora bisa golong, mung Allah kang kuwasa anggolongake. Satêmêne Allah iku Mulya tur Wicaksana.
يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ حَرِّضِ الْمُؤْمِنِيْنَ عَلَى الْقِتَالِۗ اِنْ يَّكُنْ مِّنْكُمْ عِشْرُوْنَ صٰبِرُوْنَ يَغْلِبُوْا مِائَتَيْنِۚ وَاِنْ يَّكُنْ مِّنْكُمْ مِّائَةٌ يَّغْلِبُوْٓا اَلْفًا مِّنَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِاَنَّهُمْ قَوْمٌ لَّا يَفْقَهُوْنَ٦٥
Yā ayyuhan-nabiyyu ḥarriḍil-mu'minīna ‘alal-qitāl(i), iy yakum minkum ‘isyrūna ṣabirūna yaglibū mi'atain(i), wa iy yakum minkum mi'atuy yaglibū alfam minal-lażīna kafarū bi'annahum qaumul lā yafqahūn(a).
[65]
He Nabi Mukhammad, kancanira para wong mukmin padha sira wêwania mangsah pêrang, mênawa kancanira ana wong rong puluh kang padha têtêg atine, mêsthi ngalahake wong kaphir rong atus. Dene yèn kancanira ana wong satus kang padha têtêg atine, mêsthi ngalahake wong kaphir sèwu, amarga wong kaphir iku padha ora ngêrti pitulunging Allah. (Dhèk samana parentahing agama Islam[6] [I.slam] bab pêrang, abot bangêt. Wong Islam siji yèn lagi tandhing wong kaphir sapuluh bae, ora kêna mlayu, sarèhning parentah mangkono mau ora kêlar dilakoni, mulane Allah banjur andhawuhake ayat ing ngisor iki.
اَلْـٰٔنَ خَفَّفَ اللّٰهُ عَنْكُمْ وَعَلِمَ اَنَّ فِيْكُمْ ضَعْفًاۗ فَاِنْ يَّكُنْ مِّنْكُمْ مِّائَةٌ صَابِرَةٌ يَّغْلِبُوْا مِائَتَيْنِۚ وَاِنْ يَّكُنْ مِّنْكُمْ اَلْفٌ يَّغْلِبُوْٓا اَلْفَيْنِ بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗوَاللّٰهُ مَعَ الصّٰبِرِيْنَ٦٦
Al'āna khaffafallāhu ‘ankum wa ‘alima anna fīkum ḍa‘fā(n), fa iy yakum minkum mi'atun ṣābiratuy yaglibū mi'atain(i), wa iy yakum minkum alfuy yaglibū alfaini bi'iżnillāh(i), wallāhu ma‘aṣ-ṣābirīn(a).
[66]
Saiki Allah paring kamayaran marang sira wong Islam kabèh, sarta wis nguningani yèn sira iku tipis. (Mulane saiki mung Ingsun tamtokake tandhing apit bae) mênawa kancanira ana wong satus kang padha têtêg atine, mêsthi mênang lan wong kaphir rongatus. Dene yèn kancanira ana wong sèwu kang padha têtêg atine, mêsthi mênang lan wong kaphir rong èwu. Iku kabèh kalawan idining Allah, dene Allah iku ngrewangi wong kang padha têtêg atine.
مَاكَانَ لِنَبِيٍّ اَنْ يَّكُوْنَ لَهٗٓ اَسْرٰى حَتّٰى يُثْخِنَ فِى الْاَرْضِۗ تُرِيْدُوْنَ عَرَضَ الدُّنْيَاۖ وَاللّٰهُ يُرِيْدُ الْاٰخِرَةَۗ وَاللّٰهُ عَزِيْزٌحَكِيْمٌ٦٧
Mā kāna linabiyyin ay yakūna lahū asrā ḥattā yuṡkhina fil-arḍ(i), turīdūna ‘araḍad-dun-yā, wallāhu yurīdul-ākhirah(ta), wallāhu ‘azīzun ḥakīm(un).
[67]
Nabi iku ora kêna ngunjara mungsuh kaphir kang wis kacêkêl, sarta wis dikuwasani pêrlu dipundhuti têbusan utawa diboyong, kajaba yèn wis akèh bangkene wong kaphir ana ing bumi. He para sakabating [saka....bating] Rasul, sira padha amriha kauntungan ing dunya, nanging karsaning Allah kudu paring ganjaran maring sira ana ing akhirat, dene Allah iku Mulya tur Wicaksana.
لَوْلَاكِتٰبٌ مِّنَ اللّٰهِ سَبَقَ لَمَسَّكُمْ فِيْمَآ اَخَذْتُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌ٦٨
Lau lā kitābum minallāhi sabaqa lamassakum fīmā akhażtum ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[68]
Upama durung kêbanjur Allah nulis anggêr ana ing Lomahphul, yèn barang jarahan iku khalal, amêsthi ênggonira padha mêrlokake jarahan iku dipatrapi siksa kang gêdhe.
فَكُلُوْا مِمَّاغَنِمْتُمْ حَلٰلًا طَيِّبًاۖ وَّاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٦٩
Fa kulū mimmā ganimtum ḥalālan ṭayyibā(n), wattaqullāh(a), innallāha gafūrur raḥīm(un).
[69]
Saiki sira padha mangana barang ênggonira anjêjarah kalawan khalal sarta rêsêp, lan sira padha wêdia ing Allah, satêmêne Allah iku ngapura tur Maha-asih.
يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ قُلْ لِّمَنْ فِيْٓ اَيْدِيْكُمْ مِّنَ الْاَسْرٰٓىۙ اِنْ يَّعْلَمِ اللّٰهُ فِيْ قُلُوْبِكُمْ خَيْرًا يُّؤْتِكُمْ خَيْرًا مِّمَّآ اُخِذَ مِنْكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ ࣖ٧٠
Yā ayyuhan-nabiyyu qul liman fī aidīkum minal-asrā, iy ya‘lamillāhu fī qulūbikum khairay yu'tikum khairam mimmā ukhiża minkum wa yagfir lakum, wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[70]
He Nabi Mukhammad, sira dhawuha marang para wong boyongan kang ana ing tanganira, mênawa Allah nguningani yèn atinira iku saiki bêcik, mêsthi Allah iya bakal maringi marang sira barang kang luwih bêcik, ngungkuli raja darbèkira kang wis dijarah, lan uga ngapura marang sira. Dene Allah iku ngapura tur Maha-asih.
وَاِنْ يُّرِيْدُوْا خِيَانَتَكَ فَقَدْ خَانُوا اللّٰهَ مِنْ قَبْلُ فَاَمْكَنَ مِنْهُمْ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ٧١
Wa iy yurīdū khiyānataka faqad khānullāha min qablu fa amkana minhum wallāhu ‘alīmun ḥakim(un).
[71]
Dene mênawa wong boyongan mau sumêja cidra marang sira Mukhammad, dhasar biyèn mula sadurunge dadi boyongan, wis padha cidra ing Allah, [A...llah,] saiki wis padha dilungake dening Allah marang tanganira, apa sakarêpira dadi, dene Allah iku nguningani tur wicaksana.
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَهَاجَرُوْا وَجَاهَدُوْا بِاَمْوَالِهِمْ وَاَنْفُسِهِمْ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَالَّذِيْنَ اٰوَوْا وَّنَصَرُوْٓا اُولٰۤىِٕكَ بَعْضُهُمْ اَوْلِيَاۤءُ بَعْضٍۗ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَلَمْ يُهَاجِرُوْا مَا لَكُمْ مِّنْ وَّلَايَتِهِمْ مِّنْ شَيْءٍ حَتّٰى يُهَاجِرُوْاۚ وَاِنِ اسْتَنْصَرُوْكُمْ فِى الدِّيْنِ فَعَلَيْكُمُ النَّصْرُ اِلَّا عَلٰى قَوْمٍۢ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَهُمْ مِّيْثَاقٌۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ٧٢
Innal-lażīna āmanū wa hājarū wa jāhadū bi'amwālihim wa anfusihim fī sabīlillāhi wal-lażīna āwaw wa naṣarū ulā'ika ba‘ḍuhum auliyā'u ba‘ḍ(in), wal-lażīna āmanū wa lam yuhājirū mā lakum miw walāyatihim min syai'in ḥattā yuhājirū, wa inistanṣarūkum fid-dīni fa ‘alaikumun naṣru illā ‘alā qaumim bainakum wa bainahum mīṡāq(un), wallāhu bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[72]
Sarupane wong kang padha pracaya lan ngèstokake parentahing Allah lan Rasulullah, lan ninggal bale omahe, milu ngalih mênyang Madinah, lan sêtya tuhu kalawan ngêtohake bandhane sarta nyawane, kanggo mulyakake dalan agamaning Allah, lan sarupane wong kang padha nyaosi pondhokan lan têtulung marang Rasulullah sakancane, wong kang mangkono iku padha tulung-tinulung, (siji-sijining wong padha olèh panduman waris barang têtinggalaning liyane) dene wong kang mung maligi mukmin bae, ora milu ngalih mênyang Madinah, iku ora milu olèh panduman waris, kajaba yèn banjur nusul, milu ngalih mênyang Madihan. Wong mangkono mau mênawa sambat anjaluk tulung marang sira prakara tumindaking agama, sira kabèh padha wajib nulungi, kêjaba yèn mêmungsuhan lan wong kaphir kang wis prajanjian lan sira, iku sira ora wajib nulungi. Dene Allah iku amirsani samubarang kang padha sira lakoni.
وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا بَعْضُهُمْ اَوْلِيَاۤءُ بَعْضٍۗ اِلَّا تَفْعَلُوْهُ تَكُنْ فِتْنَةٌ فِى الْاَرْضِ وَفَسَادٌ كَبِيْرٌۗ٧٣
Wal-lażīna kafarū ba‘ḍuhum auliyā'u ba‘ḍ(in), illā taf‘alūhu takun fitnatun fil-arḍi wa fasādun kabīr(un).
[73]
Dene sarupane wong kaphir iku padha tulung-tinulung lan waris-winaris padha kancane kaphir, mênawa sira ora nindakake kaya parentahingsun, waris-winaris padha wong wong Islam bae, ora kêna waris-winaris lan wong kaphir, iku bakal nganakake paekan gêdhe, lan gawe rusak ana ing bumi.
وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَهَاجَرُوْا وَجَاهَدُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَالَّذِيْنَ اٰوَوْا وَّنَصَرُوْٓا اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُؤْمِنُوْنَ حَقًّاۗ لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّرِزْقٌ كَرِيْمٌ٧٤
Wal-lażīna āmanū wa hājarū wa jāhadū fī sabīlillāhi wal-lażīna āwaw wa naṣarū ulā'ika humul-mu'minūna ḥaqqā(n), lahum magfirtuw wa rizqun karīm(un).
[74]
Dene wong kang padha pracaya lan ngèstokake parentahing Allah lan Rasulullah, lan padha ninggal bale omahe milu ngalih mênyang Madinah, sarta sêtya tuhu ênggone ngambah dalan agamaning Allah, mangsah pêrang sabilullah, apadene wong kang padha awèh pondhokan lan têtulung marang Rasulullah sakancane, wong kang mangkono iku têtêp wong mukmin têmênan, mêsthi olèh pangapuraning Allah, lan ing têmbe ana ing suwarga padha diparingi rijêki kang mulya.
وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مِنْۢ بَعْدُ وَهَاجَرُوْا وَجَاهَدُوْا مَعَكُمْ فَاُولٰۤىِٕكَ مِنْكُمْۗ وَاُولُوا الْاَرْحَامِ بَعْضُهُمْ اَوْلٰى بِبَعْضٍ فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ ࣖ٧٥
Wal-lażīna āmanū mim ba‘du wa hājarū wa jāhadū ma‘akum fa ulā'ika minkum, wa ulul-arḥāmi ba‘ḍuhum aulā biba‘ḍin fī kitābillāh(i), innallāha bikulli syai'in ‘alīm(un).
[75]
Sawise kalakon Rasulullah ngalih mênyang Madinah, sarupane wong kang nusul pracaya lan ngèstokake[8] [ngè...stokake] parentahing Allah lan Rasulullah, apadene banjur nusul milu ngalih mênyang Madinah, lan banjur sêtya tuhu milu pêrang lan sira, wong kang mangkono iku têtêp kagolong dadi kancanira. Wong mau lan dhawul arkham (Dhawul Arkham iku sanak kang ora duwe panduman waris.) padha olèh panduman waris, sakaro-karone undha-usuk pandumane, kasêbut ana ing kitabing Allah: Kuran, satêmêne Allah iku nguningani samubarang.