Surah An-Nazi’at

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالنّٰزِعٰتِ غَرْقًاۙ١
Wan-nāzi‘āti garqā(n).
[1] Dêmi para malaikat kang mêthoti nyawane para wong kaphir kalawan siya.

وَّالنّٰشِطٰتِ نَشْطًاۙ٢
Wan-nāsyiṭāti nasyṭā(n).
[2] Dêmi para malaikat kang padha nglolosi nyawane para wong mukmin kalawan alon.

وَّالسّٰبِحٰتِ سَبْحًاۙ٣
Was-sābiḥāti sabḥā(n).
[3] Dêmi para malaikat kang tumurun saka ing langit, arêp anglolosi nyawane para wong mukmin.

فَالسّٰبِقٰتِ سَبْقًاۙ٤
Fas-sābiqāti sabqā(n).
[4] Dêmi para malaikat kang anggawa nyawane para wong mukmin, marang ing suwarga.

فَالْمُدَبِّرٰتِ اَمْرًاۘ٥
Fal-mudabbirāti amrā(n).
[5] Dêmi para malaikat kang padha ngopèni kaananing dunya. He para wong kaphir ing Mêkah, sira mêsthi Ingsun tangèkake saka ing pati.

يَوْمَ تَرْجُفُ الرَّاجِفَةُۙ٦
Yauma tarjufur-rājifah(tu).
[6] Besuk dina orêg-orêgan, pandamune sêmprong Malaikat Israphil kang sapisan, iku matèni samubarang ing dunya.

تَتْبَعُهَا الرَّادِفَةُ ۗ٧
Tatba‘uhar-rādifah(tu).
[7] Nuli ditungka orêg-orêgan manèh, pandamune sêmprong Malaikat Israphil kang kapindho, samubarang kang wis mati urip manèh.

قُلُوْبٌ يَّوْمَىِٕذٍ وَّاجِفَةٌۙ٨
Qulūbuy yauma'iżiw wājifah(tun).
[8] Ing kono atine wong kang padha maido dina kiyamat, padha têrataban.

اَبْصَارُهَا خَاشِعَةٌ ۘ٩
Abṣāruhā khāsyi‘ah(tun).
[9] Pandêlênge padha konjêm, wêdi kang didêlêng.

يَقُوْلُوْنَ ءَاِنَّا لَمَرْدُوْدُوْنَ فِى الْحَافِرَةِۗ١٠
Yaqūlūna a'innā lamardūdūna fil-ḥāfirah(ti).
[10] Padha calathu: Apa aku iki dibalèkake urip manèh.

ءَاِذَا كُنَّا عِظَامًا نَّخِرَةً ۗ١١
A'iżā kunnā ‘iẓāman nakhirah(tan).
[11] Apa aku iki sawise dadi balung kang pisah- pisah, urip manèh.

قَالُوْا تِلْكَ اِذًا كَرَّةٌ خَاسِرَةٌ ۘ١٢
Qālū tilka iżan karratun khāsirah(tun).
[12] Wong kang maido dina kiyamat padha calathu: Yèn nyata mangkono, baliku urip manèh iku bali kapitunan.

فَاِنَّمَا هِيَ زَجْرَةٌ وَّاحِدَةٌۙ١٣
Fa innamā hiya zajratuw wāḥidah(tun).
[13] Pandamuning sêmprong kang nguripake wong mati, iku ingatase Allah gampang bangêt, sapisan bae cukup.

فَاِذَا هُمْ بِالسَّاهِرَةِۗ١٤
Fa iżā hum bis-sāhirah(ti).
[14] Sanalika saisining jagad urip kabèh.

هَلْ اَتٰىكَ حَدِيْثُ مُوْسٰىۘ١٥
Hal atāka ḥadīṡu mūsā.
[15] (He Mukhammad) sira wis Ingsun têrangake caritane Nabi Musa.

اِذْ نَادٰىهُ رَبُّهٗ بِالْوَادِ الْمُقَدَّسِ طُوًىۚ١٦
Iż nādāhu rabbuhū bil-wādil-muqaddasi ṭuwā(n).
[16] Nalikane dipangandikani ing Pangerane ana ing jurang kang aran tuwa.

اِذْهَبْ اِلٰى فِرْعَوْنَ اِنَّهٗ طَغٰىۖ١٧
Iżhab ilā fir‘auna innahū ṭagā.
[17] Sira lungaa marang panggonane Raja Phirngon, awit Raja Phirngon iku kêbangêtên ênggone kaphir.

فَقُلْ هَلْ لَّكَ اِلٰٓى اَنْ تَزَكّٰىۙ١٨
Fa qul hal laka ilā an tazakkā.
[18] Raja Phirngon sira dhawuhana mangkene: Punapa sampeyan kaparêng rêsik ing panggalih, botên malih tingal.

وَاَهْدِيَكَ اِلٰى رَبِّكَ فَتَخْشٰىۚ١٩
Wa ahdiyaka ilā rabbika fa takhsyā.
[19] Sarta sampeyan kula saosi pitêdah, sumêrêp dhatêng Pangeran sampeyan, salajêngipun sampeyan tamtu ajrih ing Allah.

فَاَرٰىهُ الْاٰيَةَ الْكُبْرٰىۖ٢٠
Fa arāhul-āyatal-kubrā.
[20] Sawise dhawuh mangkono, Nabi Musa nuli anggêlarake mukjijat kaelokan gêdhe.

فَكَذَّبَ وَعَصٰىۖ٢١
Fa każżaba wa ‘aṣā.
[21] Raja Phirngon maido marang Nabi Musa lan duraka ing Allah.

ثُمَّ اَدْبَرَ يَسْعٰىۖ٢٢
Ṡumma adbara yas‘ā.
[22] Banjur mungkur suthik pracaya, malah gawe rusak ana ing bumi.

فَحَشَرَ فَنَادٰىۖ٢٣
Fa ḥasyara fanādā.
[23] Banjur ngalumpukake juru sikhir, nuli dhawuh:

فَقَالَ اَنَا۠ رَبُّكُمُ الْاَعْلٰىۖ٢٤
Fa qāla ana rabbukumul-a‘lā.
[24] Calathune: Aku iki Pangeranmu kang Mahaluhur.

فَاَخَذَهُ اللّٰهُ نَكَالَ الْاٰخِرَةِ وَالْاُوْلٰىۗ٢٥
Fa akhażahullāhu nakālal-ākhirati wal-ūlā.
[25] Allah banjur numpês Raja Phirngon kabalabag ana ing sagara, iku siksa ing dunya, lan dicêmplungake ing naraka, iku siksa ing akhirat.

اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَعِبْرَةً لِّمَنْ يَّخْشٰى ۗ ࣖ٢٦
Inna fī żālika la‘ibratal limay yakhsyā.
[26] Lêlakone Raja Phirngon kang wis kasêbut mau, mêsthi dadi wêwulang tumrap wong kang wêdi ing Allah.

ءَاَنْتُمْ اَشَدُّ خَلْقًا اَمِ السَّمَاۤءُ ۚ بَنٰىهَاۗ٢٧
A'antum asyaddu khalqan amis-samā'u banāhā.
[27] He wong kaphir ing Mêkah, apa Allah ênggone nguripake sira saka ing pati iku luwih angèl tinimbang ênggone yasa lan ngadêgake langit.

رَفَعَ سَمْكَهَا فَسَوّٰىهَاۙ٢٨
Rafa‘a samkahā fa sawwāhā.
[28] Allah andhuwurake payoning langit, banjur dadi warata tanpa cacad.

وَاَغْطَشَ لَيْلَهَا وَاَخْرَجَ ضُحٰىهَاۖ٢٩
Wa agṭasya lailahā wa akhraja ḍuḥāhā.
[29] Lan agawe pêtêng wayahe wêngi, sarta gawe padhang wayahe awan.

وَالْاَرْضَ بَعْدَ ذٰلِكَ دَحٰىهَاۗ٣٠
Wal-arḍa ba‘da żālika daḥāhā.
[30] Sawise mangkono, Allah anggêlar bumi.

اَخْرَجَ مِنْهَا مَاۤءَهَا وَمَرْعٰىهَاۖ٣١
Akhraja minhā mā'ahā wa mar‘āhā.
[31] Allah mêtokake banyu lan thêthukulan [thêthu...kulan] saka ing bumi.

وَالْجِبَالَ اَرْسٰىهَاۙ٣٢
Wal-jibāla arsāhā.
[32] Lan ngukuhake gunung ana ing bumi.

مَتَاعًا لَّكُمْ وَلِاَنْعَامِكُمْۗ٣٣
Matā‘al lakum wa li'an‘āmikum.
[33] Kabèh iku dadi bêbungah marang sira lan marang ingon-ingonira rajakaya.

فَاِذَا جَاۤءَتِ الطَّاۤمَّةُ الْكُبْرٰىۖ٣٤
Fa iżā jā'atiṭ-ṭāmmatul-kubrā.
[34] Ing besuk têkaning orêg-orêgan gêdhe, iya iku pandamuning sêmprong Malaikat Israphil kang kapindho.

يَوْمَ يَتَذَكَّرُ الْاِنْسَانُ مَا سَعٰىۙ٣٥
Yauma yatażakkarul-insānu mā sa‘ā.
[35] Nalikane manungsa padha eling barang kang wis padha dilakoni, nalika ana ing dunya, ala utawa bêcik.

وَبُرِّزَتِ الْجَحِيْمُ لِمَنْ يَّرٰى٣٦
Wa burrizatil-jaḥīmu limay yarā.
[36] Lan Naraka Jakhim ditontonake marang wong kang andêlêng.

فَاَمَّا مَنْ طَغٰىۖ٣٧
Fa ammā man ṭagā.
[37] Ing kono sing sapa kaphir.

وَاٰثَرَ الْحَيٰوةَ الدُّنْيَاۙ٣٨
Wa āṡaral-ḥayātad-dun-yā.
[38] Lan nguja kabungahan ing dunya kang kharam.

فَاِنَّ الْجَحِيْمَ هِيَ الْمَأْوٰىۗ٣٩
Fa innal-jaḥīma hiyal-ma'wā.
[39] Iku panggonane ana ing Naraka Jakhim.

وَاَمَّا مَنْ خَافَ مَقَامَ رَبِّهٖ وَنَهَى النَّفْسَ عَنِ الْهَوٰىۙ٤٠
Wa ammā man khāfa maqāma rabbihī wa nahan-nafsa ‘anil-hawā.
[40] Dene sing sapa wêdi ênggone bakal seba ana ngarsaning Pangerane, pêrlu dipancasi prakarane, nêpak awake, aja nganti nglakoni kêkarêpane kang ala.

فَاِنَّ الْجَنَّةَ هِيَ الْمَأْوٰىۗ٤١
Fa innal-jannata hiyal-ma'wā.
[41] Iku panggonane ana ing suwarga.

يَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ السَّاعَةِ اَيَّانَ مُرْسٰىهَاۗ٤٢
Yas'alūnaka ‘anis-sā‘ati ayyāna mursāhā.
[42] (He Mukhammad) wong kaphir ing Mêkah padha takon ing sira, besuk apa kêlakone dina kiyamat.

فِيْمَ اَنْتَ مِنْ ذِكْرٰىهَاۗ٤٣
Fīma anta min żikrāhā.
[43] Prakara iku sira ora wêruh sathithik-thithika.

اِلٰى رَبِّكَ مُنْتَهٰىهَاۗ٤٤
Ilā rabbika muntahāhā.
[44] Katoge mung Allah Pangeranira, kang nguningani titimăngsa kêlakone dina kiyamat.

اِنَّمَآ اَنْتَ مُنْذِرُ مَنْ يَّخْشٰىهَاۗ٤٥
Innamā anta munżiru may yakhsyāhā.
[45] Enggonira mêmêdèni dina kiyamat iku, kang migunani mung tumrap wong kang wêdi dina kiyamat.

كَاَنَّهُمْ يَوْمَ يَرَوْنَهَا لَمْ يَلْبَثُوْٓا اِلَّا عَشِيَّةً اَوْ ضُحٰىهَا ࣖ٤٦
Ka'annahum yauma yaraunahā lam yalbaṡū illā ‘asyiyyatan au ḍuḥāhā.
[46] Wong kaphir nalikane andêlêng dina kiyamat, pangrasane ênggone ana ing dunya, prasasat mung sasore utawa sakesuk.