Surah An-Naba’
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
عَمَّ يَتَسَاۤءَلُوْنَۚ١
‘Amma yatasā'alūn(a).
[1]
Para wong kaphir ing Mêkah padha takon-tinakon bab apa.
عَنِ النَّبَاِ الْعَظِيْمِۙ٢
‘Anin naba'il-‘aẓīm(i).
[2]
Padha takon-tinakon bab pawarta gêdhe, iya iku Kuran kang mratelakake bakal tangine wong kang wis padha mati.
الَّذِيْ هُمْ فِيْهِ مُخْتَلِفُوْنَۗ٣
Allażī hum fīhi mukhtalifūn(a).
[3]
Para wong kaphir ing Mêkah panêmune bab pawarta mau beda-beda.
كَلَّا سَيَعْلَمُوْنَۙ٤
Kallā saya‘lamūn(a).
[4]
Panêmune wong kang padha pasulayan mau, luput [lu...put] kabèh, besuk dina kiyamat, wong mau bakal padha wêruh dhewe nyatane.
ثُمَّ كَلَّا سَيَعْلَمُوْنَ٥
Ṡumma kallā saya‘lamūn(a).
[5]
Panêmune wong kang padha pasulayan mau luput têmênan, besuk dina kiyamat, wong mau mêsthi wêruh dhewe nyatane.
اَلَمْ نَجْعَلِ الْاَرْضَ مِهٰدًاۙ٦
Alam naj‘alil-arḍa mihādā(n).
[6]
Ingsun apa ora wis gawe bumi dadi panggonan.
وَّالْجِبَالَ اَوْتَادًاۖ٧
Wal-jibāla autādā(n).
[7]
Lan gunung-gunung padha dadi ugêr- ugêr.
وَّخَلَقْنٰكُمْ اَزْوَاجًاۙ٨
Wa khalaqnākum azwājā(n).
[8]
Lan Ingsun gawe awakira jodhon-jodhon.
وَّجَعَلْنَا نَوْمَكُمْ سُبَاتًاۙ٩
Wa ja‘alnā naumakum subātā(n).
[9]
Lan Ingsun andadèkake ênggonira turu kapenak.
وَّجَعَلْنَا الَّيْلَ لِبَاسًاۙ١٠
Wa ja‘alnal-laila libāsā(n).
[10]
Lan Ingsun andadèkake wêngi iku minăngka tutup, nutupi samubarang, marga saka pêtênge.
وَّجَعَلْنَا النَّهَارَ مَعَاشًاۚ١١
Wa ja‘alnan-nahāra ma‘āsyā(n).
[11]
Lan Ingsun andadèkake awan iku wayahe ngupa jiwa.
وَبَنَيْنَا فَوْقَكُمْ سَبْعًا شِدَادًاۙ١٢
Wa banainā fauqakum sab‘an syidādā(n).
[12]
Lan Ingsun ngêdêgake langit sap pitu luwih dening santosa ana ing dhuwurira.
وَّجَعَلْنَا سِرَاجًا وَّهَّاجًاۖ١٣
Wa ja‘alnā sirājaw wahhājā(n).
[13]
Lan Ingsun gawe cahya kang madhangi lan panas, iya iku srêngenge.
وَّاَنْزَلْنَا مِنَ الْمُعْصِرٰتِ مَاۤءً ثَجَّاجًاۙ١٤
Wa anzalnā minal-mu‘ṣirāti mā'an ṡajjājā(n).
[14]
Lan Ingsun nurunake banyu udan kang dêrês, saka ing mêndhung.
لِّنُخْرِجَ بِهٖ حَبًّا وَّنَبَاتًاۙ١٥
Linukhrija bihī ḥabbaw wa nabātā(n).
[15]
Ingsun ênggo nukulake thêthukulan sarta nganakake woh lan wiji.
وَّجَنّٰتٍ اَلْفَافًاۗ١٦
Wa jannātin alfāfā(n).
[16]
Apadene palêmahan kang kêbak têtanduran.
اِنَّ يَوْمَ الْفَصْلِ كَانَ مِيْقَاتًاۙ١٧
Inna yaumal-faṣli kāna mīqātā(n).
[17]
Dina pancasaning prakara iku wayahe maringi ganjaran lan matrapi siksa.
يَّوْمَ يُنْفَخُ فِى الصُّوْرِ فَتَأْتُوْنَ اَفْوَاجًاۙ١٨
Yauma yunfakhu fiṣ-ṣūri fa ta'tūna afwājā(n).
[18]
Dina pancasaning prakara iku nalikane Malaikat Israphil andamu sêmpronge, sira banjur padha têka panthan- panthan.
وَّفُتِحَتِ السَّمَاۤءُ فَكَانَتْ اَبْوَابًاۙ١٩
Wa futiḥatis-samā'u fa kānat abwābā(n).
[19]
Langit padha sigar, banjur dadi lawang pirang-pirang.
وَّسُيِّرَتِ الْجِبَالُ فَكَانَتْ سَرَابًاۗ٢٠
Wa suyyiratil-jibālu fa kānat sarābā(n).
[20]
Sarupaning gunung padha mlaku, ènthènge kaya êndhêk-êndhêk amun-amun.
اِنَّ جَهَنَّمَ كَانَتْ مِرْصَادًاۙ٢١
Inna jahannama kānat mirṣādā(n).
[21]
Naraka Jahanam iku disadhiyakake.
لِّلطّٰغِيْنَ مَاٰبًاۙ٢٢
Liṭ-ṭāgīna ma'ābā(n).
[22]
Dadi panggonan têtêp tumrap para wong kaphir.
لّٰبِثِيْنَ فِيْهَآ اَحْقَابًاۚ٢٣
Lābiṡīna fīhā aḥqābā(n).
[23]
Wong kaphir padha manggon ana ing naraka, têtaunan tanpa wêkasan.
لَا يَذُوْقُوْنَ فِيْهَا بَرْدًا وَّلَا شَرَابًاۙ٢٤
Lā yażūqūna fīhā bardaw wa lā syarābā(n).
[24]
Ana ing naraka padha ora wêruh rasane turu utawa ngombe.
اِلَّا حَمِيْمًا وَّغَسَّاقًاۙ٢٥
Illā ḥamīmaw wa gassāqā(n).
[25]
Kajaba ngombe wedang kang luwih dening panas, lan nanah.
جَزَاۤءً وِّفَاقًاۗ٢٦
Jazā'aw wifāqā(n).
[26]
Iku patrapan kang murwat lan kaluputane.
اِنَّهُمْ كَانُوْا لَا يَرْجُوْنَ حِسَابًاۙ٢٧
Innahum kānū lā yarjūna ḥisābā(n).
[27]
Amarga wong kaphir mau padha maido bakal kêlakone dina kiyamat, dadi ora pisan wêdi bakal ditimbang ala lan bêcike.
وَّكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا كِذَّابًاۗ٢٨
Wa każżabū bi'āyātinā kiżżābā(n).
[28]
Wong kaphir mau padha maido Kuran ayat Ingsun.
وَكُلَّ شَيْءٍ اَحْصَيْنٰهُ كِتٰبًاۙ٢٩
Wa kulla syai'in aḥṣaināhu kitābā(n).
[29]
Samubarang lêlakoning manungsa, Ingsun cacahake gênêp, tinulisan ana ing Lohmahphul.
فَذُوْقُوْا فَلَنْ نَّزِيْدَكُمْ اِلَّا عَذَابًا ࣖ٣٠
Fa żūqū falan nazīdakum illā ‘ażābā(n)
[30]
Mulane para wong kaphir padha ngrasakna siksa, sira ora bakal Ingsun wuwuhi apa-apa, mung Ingsun wuwuhi siksa.
اِنَّ لِلْمُتَّقِيْنَ مَفَازًاۙ٣١
Inna lil-muttaqīna mafāzā(n).
[31]
Para wong wêdi ing Allah padha olèh panggonan kabêgjan.
حَدَاۤىِٕقَ وَاَعْنَابًاۙ٣٢
Ḥadā'iqa wa a‘nābā(n).
[32]
Iya iku palêmahan lan wit anggur pirang-pirang.
وَّكَوَاعِبَ اَتْرَابًاۙ٣٣
Wa kawā‘iba atrābā(n).
[33]
Lan widadari pirang-pirang kang padha nêdhênge birai. [bi..rai.]
وَّكَأْسًا دِهَاقًاۗ٣٤
Wa ka'san dihāqā(n).
[34]
Apadene gêlas kang kêbak isi sajêng.
لَا يَسْمَعُوْنَ فِيْهَا لَغْوًا وَّلَا كِذّٰبًا٣٥
Lā yasma‘ūna fīhā lagwaw wa lā kiżżābā(n).
[35]
Ana ing suwarga ora tau krungu pangucap ala utawa pamaido.
جَزَاۤءً مِّنْ رَّبِّكَ عَطَاۤءً حِسَابًاۙ٣٦
Jazā'am mir rabbika ‘aṭā'an ḥisābā(n).
[36]
Iku sumurup ganjaran saka Pangeranira, murwat lan pangabêktinira.
رَّبِّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا الرَّحْمٰنِ لَا يَمْلِكُوْنَ مِنْهُ خِطَابًاۚ٣٧
Rabbis-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumar-raḥmāni lā yamlikūna minhu khiṭābā(n).
[37]
Allah Pangeranira iku Pangeraning bumi lan langit, lan kang ana antarane bumi lan langit, Pangeran kang Mahamurah, ora ana kang wênang munjuk ing Allah yèn ora dadi parênging karsane.
يَوْمَ يَقُوْمُ الرُّوْحُ وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ صَفًّاۙ لَّا يَتَكَلَّمُوْنَ اِلَّا مَنْ اَذِنَ لَهُ الرَّحْمٰنُ وَقَالَ صَوَابًا٣٨
Yauma yaqūmur-rūḥu wal-malā'ikatu ṣaffā(n), lā yatakallamūna illā man ażina lahur-raḥmānu wa qāla ṣawābā(n).
[38]
Ing dina kiyamat, nalikane Malaikat Jabarail lan para malaikat liya-liyane padha ngadêg sap-sapan, iku padha ora wani munjuk ing Allah, kajaba kang diparêngake dening Pangeran kang Mahamurah, lan unjuke ing Allah kalawan bênêr.
ذٰلِكَ الْيَوْمُ الْحَقُّۚ فَمَنْ شَاۤءَ اتَّخَذَ اِلٰى رَبِّهٖ مَاٰبًا٣٩
Żālikal-yaumul-ḥaqq(u), faman syā'attakhaża ilā rabbihī ma'ābā(n).
[39]
Iya iku dina kiyamat kang mêsthi kêlakone, sing sapa gêlêm, ngabêktia ing Allah Pangerane, supaya ora disiksa.
اِنَّآ اَنْذَرْنٰكُمْ عَذَابًا قَرِيْبًا ەۙ يَّوْمَ يَنْظُرُ الْمَرْءُ مَا قَدَّمَتْ يَدَاهُ وَيَقُوْلُ الْكٰفِرُ يٰلَيْتَنِيْ كُنْتُ تُرٰبًا ࣖ٤٠
Innā anżarnākum ‘ażāban qarībā(n), yauma yanẓurul-mar'u mā qaddamat yadāhu wa yaqūlul-kāfiru yā laitanī kuntu turābā(n).
[40]
Ingsun wis mêmêdèni marang sira, kalawan siksa [si....ksa] kang wis cêdhak. Ing dina kiyamat nalikane wong padha andêlêng barang kang wis padha dilakoni nalika ana ing dunya, ala utawa bêcik, ing kono pangucape wong kaphir: Dhuh bok iya aku iki dadi lêmah bae.