Surah Al-Mursalat

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالْمُرْسَلٰتِ عُرْفًاۙ١
Wal-mursalāti ‘urfā(n).
[1] Dêmi angin kang tanpa pêdhot.

فَالْعٰصِفٰتِ عَصْفًاۙ٢
Fal-‘āṣifāti ‘aṣfā(n).
[2] Dêmi prahara kang gumarubug.

وَّالنّٰشِرٰتِ نَشْرًاۙ٣
Wan-nāsyirāti nasyrā(n).
[3] Dêmi angin kang maratakake mega kang dadi udan.

فَالْفٰرِقٰتِ فَرْقًاۙ٤
Fal-fāriqāti farqā(n).
[4] Dêmi ayating Kuran kang ambedakake bênêr lan luput.

فَالْمُلْقِيٰتِ ذِكْرًاۙ٥
Fal-mulqiyāti żikrā(n).
[5] Dêmi malaikat kang nurunake wahyu marang para nabi lan para rasul, kang padha andhawuhake wahyu marang para umat.

عُذْرًا اَوْ نُذْرًاۙ٦
‘Użran au nużrā(n).
[6] Ngapura marang wong tobat, lan mêmêdèni marang wong kaphir.

اِنَّمَا تُوْعَدُوْنَ لَوَاقِعٌۗ٧
Innamā tū‘adūna lawāqi‘(un).
[7] Siksa kang diancamake marang para wong kaphir iku mêsthi kêlakon.

فَاِذَا النُّجُوْمُ طُمِسَتْۙ٨
Fa iżan-nujūmu ṭumisat.
[8] Besuk nalikane lintang padha ilang cahyane.

وَاِذَا السَّمَاۤءُ فُرِجَتْۙ٩
Wa iżas-samā'u furijat.
[9] Lan nalikane langit sigar.

وَاِذَا الْجِبَالُ نُسِفَتْۙ١٠
Wa iżal-jibālu nusifat.
[10] Lan nalikane gunung padha manculat.

وَاِذَا الرُّسُلُ اُقِّتَتْۗ١١
Wa iżar-rusulu uqqitat.
[11] Lan nalikane para rasul padha dikalumpukake, ing măngsa kang tinamtokake.

لِاَيِّ يَوْمٍ اُجِّلَتْۗ١٢
Li'ayyi yaumin ujjilat.
[12] Dina apa ênggone tinamtokake mau.

لِيَوْمِ الْفَصْلِۚ١٣
Liyaumil-faṣl(i).
[13] Enggone tinamtokake ana ing dina kiyamat, ing kono kêlakon para mahluk padha dipancasi prakarane.

وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا يَوْمُ الْفَصْلِۗ١٤
Wa mā adrāka mā yaumul-faṣl(i).
[14] Kapriye panêmumu, dina pancasan iku apa.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ١٥
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[15] Ing dina iku para wong kaphir kang padha maido Kuran, cilaka bangêt.

اَلَمْ نُهْلِكِ الْاَوَّلِيْنَۗ١٦
Alam nuhlikil-awwalīn(a).
[16] Apa Ingsun ora wis numpês para wong kaphir ing jaman kuna.

ثُمَّ نُتْبِعُهُمُ الْاٰخِرِيْنَ١٧
Ṡumma nutbi‘uhumul-ākhirīn(a).
[17] Wong kaphir ing jaman wêkasan uga bakal padha Ingsun belakake.

كَذٰلِكَ نَفْعَلُ بِالْمُجْرِمِيْنَ١٨
Każālika naf‘alu bil-mujrimīn(a).
[18] Ing têmbe sarupane wong kaphir uga bakal padha Ingsun tindakake kaya mangkono.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ١٩
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[19] Ing dina kiyamat iku wong kaphir kang padha mai[10] Kuran, cilaka bangêt.

اَلَمْ نَخْلُقْكُّمْ مِّنْ مَّاۤءٍ مَّهِيْنٍۙ٢٠
Alam nakhluqkum mim mā'im mahīn(in).
[20] Apa Ingsun ora wis gawe awakira, saka banyu kang limprêk-limprêk, iya iku mani.

فَجَعَلْنٰهُ فِيْ قَرَارٍ مَّكِيْنٍ٢١
Fa ja‘alnāhu fī qarārim makīn(in).
[21] Mani mau Ingsun dokokake ing wadhah kang prêmati, iya iku ana ing pranakane wong wadon.

اِلٰى قَدَرٍ مَّعْلُوْمٍۙ٢٢
Ilā qadarim ma‘lūm(in).
[22] Nganti têkan titimăngsa kang tinamtokake laire jabang bayi.

فَقَدَرْنَاۖ فَنِعْمَ الْقٰدِرُوْنَ٢٣
Fa qadarnā, fani‘mal-qādirūn(a).
[23] Kang namtokake titimăngsa laire mau, Ingsun pribadi, bêcik-bêcike kang namtokake iku Ingsun.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ٢٤
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[24] Ing dina kiyamat iku wong kaphir kang padha maido Kuran, cilaka bangêt.

اَلَمْ نَجْعَلِ الْاَرْضَ كِفَاتًاۙ٢٥
Alam naj‘alil-arḍa kifātā(n).
[25] Ingsun apa ora wis gawe bumi iki dadi wadhah.

اَحْيَاۤءً وَّاَمْوَاتًاۙ٢٦
Aḥyā'aw wa amwātā(n).
[26] Wadhahe wong urip lan wong mati.

وَّجَعَلْنَا فِيْهَا رَوَاسِيَ شٰمِخٰتٍ وَّاَسْقَيْنٰكُمْ مَّاۤءً فُرَاتًاۗ٢٧
Wa ja‘alnā fīhā rawāsiya syāmikhātiw wa asqainākum mā'an furātā(n).
[27] Bumi mau Ingsun dokoki gunung kang dhuwur-dhuwur, lan sira padha Ingsun paringi ombèn-ombèn banyu tawa.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ٢٨
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[28] Ing dina kiyamat iku wong kaphir kang padha maido Kuran, cilaka bangêt.

اِنْطَلِقُوْٓا اِلٰى مَا كُنْتُمْ بِهٖ تُكَذِّبُوْنَۚ٢٩
Inṭaliqū ilā mā kuntum bihī tukażżibūn(a).
[29] Padha didhawuhi: Sira padha nyêmplunga ing naraka, siksa kang padha sira paido biyèn.

اِنْطَلِقُوْٓا اِلٰى ظِلٍّ ذِيْ ثَلٰثِ شُعَبٍ٣٠
Inṭaliqū ilā ẓillin żī ṡalāṡi syu‘ab(in).
[30] Sira padha nyêmplunga ing kukuse Naraka Jahanam, kang êpang têlu.

لَا ظَلِيْلٍ وَّلَا يُغْنِيْ مِنَ اللَّهَبِۗ٣١
Lā ẓalīliw wa lā yugnī minal-lahab(i).
[31] Kukus mau ora pisan bisa ngeyubi saka panase dina iku, lan ora bisa nyuda panase gêni naraka.

اِنَّهَا تَرْمِيْ بِشَرَرٍ كَالْقَصْرِۚ٣٢
Innahā tarmī bisyararin kal-qaṣr(i).
[32] Urube gêni naraka mau mulad-mulad dhuwure padha omah.

كَاَنَّهٗ جِمٰلَتٌ صُفْرٌۗ٣٣
Ka'annahū jimālatun ṣufr(un).
[33] Akèhe lan warnane kaya dhadhung ing prau, irêng sêmu kuning.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ٣٤
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[34] Ing dina kiyamat iku wong kaphir kang padha maido Kuran, cilaka bangêt.

هٰذَا يَوْمُ لَا يَنْطِقُوْنَۙ٣٥
Hāżā yaumu lā yanṭiqūn(a).
[35] Dina kiyamat iki wong kaphir padha ora bisa calathu ana sawênèhing panggonan.

وَلَا يُؤْذَنُ لَهُمْ فَيَعْتَذِرُوْنَ٣٦
Wa lā yu'żanu lahum fa ya‘tażirūn(a).
[36] Lan ora ana kang diparêngake ngaturake sabab kaluputan, dadi ora ana wong ngaturake sababing kaluputan.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ٣٧
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[37] Ing dina kiyamat iku wong kaphir kang padha maido Kuran, cilaka bangêt.

هٰذَا يَوْمُ الْفَصْلِ جَمَعْنٰكُمْ وَالْاَوَّلِيْنَ٣٨
Hāżā yaumul-faṣli jama‘nākum wal-awwalīn(a).
[38] Dina kiyamat iki dina pancasaning prakara, sira lan para wong kuna padha Ingsun kalumpukake.

فَاِنْ كَانَ لَكُمْ كَيْدٌ فَكِيْدُوْنِ٣٩
Fa'in kāna lakum kaidun fakīdūn(i).
[39] Manawa sira bêsilat, nyingkiri siksa mau, mara padha bêsilata.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ ࣖ٤٠
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[40] Ing dina kiyamat iku wong kaphir kang padha maido Kuran, cilaka bangêt.

اِنَّ الْمُتَّقِيْنَ فِيْ ظِلٰلٍ وَّعُيُوْنٍۙ٤١
Innal-muttaqīna fī ẓilāliw wa ‘uyūn(in).
[41] Sarupane wong wêdi ing Allah, iku padha ana ing eyuban ing suwarga, kang ana kaline mili.

وَّفَوَاكِهَ مِمَّا يَشْتَهُوْنَۗ٤٢
Wa fawākiha mimmā yasytahūn(a).
[42] Lan ana wowohane akèh tur warna-warna, kang menginake lan enak.

كُلُوْا وَاشْرَبُوْا هَنِيْۤـًٔا ۢبِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٤٣
Kulū wasyrabū hanī'am bimā kuntum ta‘malūn(a).
[43] Lan padha tămpa dhawuh, mara padha mangana lan ngombea kang enak, minăngka ganjaraning pangabêkti kang wis padha sira lakoni biyèn.

اِنَّا كَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ٤٤
Innā każālika najzil-muḥsinīn(a).
[44] Ingsun paring ganjaran marang wong kang padha nglakoni panggawe bêcik, padha lan ganjarane wong wêdi ing Allah.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ٤٥
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[45] Ing dina kiyamat iku wong kaphir kang padha maido Kuran, cilaka bangêt.

كُلُوْا وَتَمَتَّعُوْا قَلِيْلًا اِنَّكُمْ مُّجْرِمُوْنَ٤٦
Kulū wa tamatta‘ū qalīlan innakum mujrimūn(a).
[46] He para wong kaphir, sira padha mangana lan bungah-bungaha sadhela ana ing dunya iki. Besuk ana ing akhirat bakal cilaka, awit sira padha kaphir.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ٤٧
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[47] Ing dina kiyamat iku wong kaphir kang padha maido Kuran, cilaka bangêt.

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمُ ارْكَعُوْا لَا يَرْكَعُوْنَ٤٨
Wa iżā qīla lahumurka‘ū lā yarka‘ūn(a).
[48] Nalikane padha didhawuhi: Sira padha sêmbayanga, padha mopo ora gêlêm sêmbayang. [sê....mbayang.]

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ٤٩
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[49] Ing dina kiyamat iku wong kaphir kang padha maido Kuran, cilaka bangêt.

فَبِاَيِّ حَدِيْثٍۢ بَعْدَهٗ يُؤْمِنُوْنَ ࣖ ۔٥٠
Fa bi'ayyi ḥadīṡim ba‘dahū yu'minūn(a).
[50] Para wong kaphir pracaya marang carita apa liyane Kuran iki.