Surah Al-Insan
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
هَلْ اَتٰى عَلَى الْاِنْسَانِ حِيْنٌ مِّنَ الدَّهْرِ لَمْ يَكُنْ شَيْـًٔا مَّذْكُوْرًا١
Hal atāka ‘alal-insāni ḥīnum minad-dahri lam yakun syai'am mażkūrā(n).
[1]
Manungsa (Nabi Adam) sadurunge dipanjingi roh, arupa êndhut, lawase patang puluh taun, êndhut mau dudu barang kang dicaritakake.
اِنَّا خَلَقْنَا الْاِنْسَانَ مِنْ نُّطْفَةٍ اَمْشَاجٍۖ نَّبْتَلِيْهِ فَجَعَلْنٰهُ سَمِيْعًاۢ بَصِيْرًا٢
Innā khalaqnal-insāna min nuṭfatin amsyājin nabtalīhi fa ja‘alnāhu samī‘am baṣīrā(n).
[2]
Ingsun gawe manungsa, turune Nabi Adam, saka ing mani woworan manine wong lanang lan wong wadon, bakal Ingsun coba ngèstokake parentah Ingsun, mulane Ingsun paringi bisa ngrungu lan bisa andêlêng.
اِنَّا هَدَيْنٰهُ السَّبِيْلَ اِمَّا شَاكِرًا وَّاِمَّا كَفُوْرًا٣
Innā hadaināhus-sabīla immā syākiraw wa immā kafūrā(n).
[3]
Manungsa mau Ingsun tuduhake dalan bênêr, ewadene ana kang pracaya lan ana uga kang maido.
اِنَّآ اَعْتَدْنَا لِلْكٰفِرِيْنَ سَلٰسِلَا۟ وَاَغْلٰلًا وَّسَعِيْرًا٤
Innā a‘tadnā lil-kāfirīna salāsila wa aglālaw wa sa‘īrā(n).
[4]
Ingsun nyadhiyani rante lan balênggu marang para wong kaphir, apadene Ingsun sadhiyani Naraka Sangir.
اِنَّ الْاَبْرَارَ يَشْرَبُوْنَ مِنْ كَأْسٍ كَانَ مِزَاجُهَا كَافُوْرًاۚ٥
Innal-abrāra yasyrabūna min ka'sin kāna mizājuhā kāfūrā(n).
[5]
Sarupane wong kang padha ngèstokake dhawuhing Allah, iku ana ing suwarga, padha ngombe sajêng ing gêlas, arum gandane kaya kaphur.
عَيْنًا يَّشْرَبُ بِهَا عِبَادُ اللّٰهِ يُفَجِّرُوْنَهَا تَفْجِيْرًا٦
‘Ainay yasyrabu bihā ‘ibādullāhi yufajjirūnahā tafjīrā(n).
[6]
Para kêkasihing Allah padha ngombe banyu sumbêr, kang diilèkake kalawan gampang.
يُوْفُوْنَ بِالنَّذْرِ وَيَخَافُوْنَ يَوْمًا كَانَ شَرُّهٗ مُسْتَطِيْرًا٧
Yūfūna bin-nażri wa yakhāfūna yauman kāna syarruhū mustaṭīrā(n).
[7]
Mulane tămpa ganjaran samono, awit para kêkasih mau, padha nêtêpi kawajibane ngabêkti ing Allah, lan padha wêdi dina kiyamat, kang wartane ngorêgake bumi lan langit.
وَيُطْعِمُوْنَ الطَّعَامَ عَلٰى حُبِّهٖ مِسْكِيْنًا وَّيَتِيْمًا وَّاَسِيْرًا٨
Wa yuṭ‘imūnaṭ-ṭa‘āma ‘alā ḥubbihī miskīnaw wa yatīmaw wa asīrā(n).
[8]
Lan padha mèwèhake panganan marang wong miskin lan bocah yatim, apadene marang wong kang kinunjara. Tur awake dhewe dhêmên marang pêpanganan iku.
اِنَّمَا نُطْعِمُكُمْ لِوَجْهِ اللّٰهِ لَا نُرِيْدُ مِنْكُمْ جَزَاۤءً وَّلَا شُكُوْرًا٩
Innamā nuṭ‘imukum liwajhillāhi lā nurīdu minkum jazā'aw wa lā syukūrā(n).
[9]
Para kêkasih mau upama kawêtua, calathune mangkene: Enggonku awèh pangan marang kowe iki, mung murih ganjaraning Allah, ora pisan ngarêp- arêp wêwalês utawi panarima saka ing kowe.
اِنَّا نَخَافُ مِنْ رَّبِّنَا يَوْمًا عَبُوْسًا قَمْطَرِيْرًا١٠
Innā nakhāfu mir rabbinā yauman ‘abūsan qamṭarīrā(n).
[10]
Aku wêdi ing Allah Pangeranku, besuk ing dina kiyamat kang anggêgirisi, ambiyasake ulat.
فَوَقٰىهُمُ اللّٰهُ شَرَّ ذٰلِكَ الْيَوْمِ وَلَقّٰىهُمْ نَضْرَةً وَّسُرُوْرًاۚ١١
Fa waqāhumullāhu syarra żālikal-yaumi wa laqqāhum naḍrataw wa surūrā(n).
[11]
Mulane Allah ngrêksa para kêkasihe mau, didohake saka sarupane ala ing dina kiyamat, padha diparingi rupa bagus, lan ulat bingar, apadene ati bungah.
وَجَزٰىهُمْ بِمَا صَبَرُوْا جَنَّةً وَّحَرِيْرًاۙ١٢
Wa jazāhum bimā ṣabarū jannataw wa ḥarīrā(n).
[12]
Lan manèh Allah angganjar suwarga lan panganggo sutra marang para kêkasihe, marga ênggone padha têtêg lan kukuh atine ora nglakoni duraka.
مُّتَّكِـِٕيْنَ فِيْهَا عَلَى الْاَرَاۤىِٕكِۚ لَا يَرَوْنَ فِيْهَا شَمْسًا وَّلَا زَمْهَرِيْرًاۚ١٣
Muttaki'īna fīhā ‘alal-arā'ik(i), lā yarauna fīhā syamsaw wa lā zamharīrā(n).
[13]
Ana ing suwarga padha linggih sèndhèn ing risban, ora krasa panas lan adhêm, padhang tanpa srêngenge lan rêmbulan.
وَدَانِيَةً عَلَيْهِمْ ظِلٰلُهَا وَذُلِّلَتْ قُطُوْفُهَا تَذْلِيْلًا١٤
Wa dāniyatan ‘alaihim ẓilāluhā wa żullilat quṭūfuhā tażlīlā(n).
[14]
Kêkayoning suwarga padha cêndhèk-cêndhèk, wohe gampang bangêt dipêthik.
وَيُطَافُ عَلَيْهِمْ بِاٰنِيَةٍ مِّنْ فِضَّةٍ وَّاَكْوَابٍ كَانَتْ قَوَارِيْرَا۠١٥
Wa yuṭāfu ‘alaihim bi'āniyatim min fiḍḍatiw wa akwābin kānat qawārīrā.
[15]
Para kêkasihing Allah padha dilarihi wadhah salaka lan kêndhi gogok utawa hèr gêlèk.
قَوَارِيْرَا۟ مِنْ فِضَّةٍ قَدَّرُوْهَا تَقْدِيْرًا١٦
Qawārīra min fiḍḍatin qaddarūhā taqdīrā(n).
[16]
Hèr gêlèk salaka kang bêning kaya gêlas. Panakawan kang nglarihake bisa duga-duga sêgêre kang ngombe.
وَيُسْقَوْنَ فِيْهَا كَأْسًا كَانَ مِزَاجُهَا زَنْجَبِيْلًاۚ١٧
Wa yusqauna fīhā ka'san kāna mizājuhā zanjabīlā(n).
[17]
Lan padha dilarihi sajêng kang kaya diwori jae.
عَيْنًا فِيْهَا تُسَمّٰى سَلْسَبِيْلًا١٨
‘Ainan fīhā tusammā salsabīlā(n).
[18]
Kang rasa kaya jae mau banyu sumbêr sajroning suwarga, arane Salsabil.
۞ وَيَطُوْفُ عَلَيْهِمْ وِلْدَانٌ مُّخَلَّدُوْنَۚ اِذَا رَاَيْتَهُمْ حَسِبْتَهُمْ لُؤْلُؤًا مَّنْثُوْرًا١٩
Wa yaṭūfu ‘alaihim wildānum mukhalladūn(a), iżā ra'aitahum ḥasibtahum lu'lu'am manṡūrā(n).
[19]
Para kêkasihing Allah padha diladèni ing para wildan, iya iku panakawan ing suwarga, wantèg ora mundhak tuwa, warnane bagus-bagus, pandêlêngira marang para wildan mau saking dening bagus-baguse, prasasat mutyara durung dironce.
وَاِذَا رَاَيْتَ ثَمَّ رَاَيْتَ نَعِيْمًا وَّمُلْكًا كَبِيْرًا٢٠
Wa iżā ra'aita ṡamma ra'aita na‘īmaw wa mulkan kabīrā(n).
[20]
Manawi[9] sira andêlêng suwarga, iya andêlêng sarupaning kabungahan lan karaton gêdhe.
عٰلِيَهُمْ ثِيَابُ سُنْدُسٍ خُضْرٌ وَّاِسْتَبْرَقٌۖ وَّحُلُّوْٓا اَسَاوِرَ مِنْ فِضَّةٍۚ وَسَقٰىهُمْ رَبُّهُمْ شَرَابًا طَهُوْرًا٢١
‘Āliyahum ṡiyābu sundusin khuḍruw wa istabraq(un), wa ḥullū asāwira min fiḍḍah(tin), wa saqāhum rabbuhum syarāban ṭahūrā(n).
[21]
Ing dhuwur ana panganggo sutra tipis lan kandêl, ijo, para kêkasihing Allah padha dirêngga kalawan gêlang salaka, sarta padha diparingi inuman sajêng kang suci dening Pangerane.
اِنَّ هٰذَا كَانَ لَكُمْ جَزَاۤءً وَّكَانَ سَعْيُكُمْ مَّشْكُوْرًا ࣖ٢٢
Inna hāżā kāna lakum jazā'aw wa kāna sa‘yukum masykūrā(n).
[22]
Dhawuhing Allah: Suwarga saisine iki diparingake marang sira, minăngka pituwase kangèlanira, dene lakunira kang bêcik, wis ditarima.
اِنَّا نَحْنُ نَزَّلْنَا عَلَيْكَ الْقُرْاٰنَ تَنْزِيْلًاۚ٢٣
Innā naḥnu nazzalnā ‘alaikal-qur'āna tanzīlā(n).
[23]
Ingsun wis andhawuhake Kuran marang sira.
فَاصْبِرْ لِحُكْمِ رَبِّكَ وَلَا تُطِعْ مِنْهُمْ اٰثِمًا اَوْ كَفُوْرًاۚ٢٤
Faṣbir liḥukmi rabbika wa lā tuṭi‘ minhum āṡiman au kafūrā(n).
[24]
Mulane sira narimaa khukume Pangeranira, lan aja manut marang wong duraka utawa wong kaphir.
وَاذْكُرِ اسْمَ رَبِّكَ بُكْرَةً وَّاَصِيْلًاۚ٢٥
Ważkurisma rabbika bukrataw wa aṣīlā(n).
[25]
Lan nêbuta asmaning Allah Pangeranira, ana sajroning sêmbayang wayah esuk lan sore.
وَمِنَ الَّيْلِ فَاسْجُدْ لَهٗ وَسَبِّحْهُ لَيْلًا طَوِيْلًا٢٦
Wa minal-laili fasjud lahū wa sabbiḥhu lailan ṭawīlā(n).
[26]
Lan ing wayah wêngi sêmbayanga lan sujuda ing Allah, apadene nêbuta Mahasuci ing Allah, ana ing wayah wêngi kang dawa.
اِنَّ هٰٓؤُلَاۤءِ يُحِبُّوْنَ الْعَاجِلَةَ وَيَذَرُوْنَ وَرَاۤءَهُمْ يَوْمًا ثَقِيْلًا٢٧
Inna hā'ulā'i yuḥibbūnal-‘ājilata wa yażarūna warā'ahum yauman ṡaqīlā(n)
[27]
Awit satêmêne wong kaphir iku padha dhêmên olèh kabungahan kêncengan, lan ora pêrduli dina kiyamat, kang bakal kêlakon ing buri, kacarita akèh pakewuh kang abot.
نَحْنُ خَلَقْنٰهُمْ وَشَدَدْنَآ اَسْرَهُمْۚ وَاِذَا شِئْنَا بَدَّلْنَآ اَمْثَالَهُمْ تَبْدِيْلًا٢٨
Naḥnu khalaqnāhum wa syadadnā asrahum, wa iżā syi'nā baddalnā amṡālahum tabdīlā(n).
[28]
Ingsun wis gawe wong kaphir mau, sarta awake Ingsun gawe gagah prakosa, nanging manawa ana parênge karsaningsun, wong kaphir mau Ingsun gawèkake tandhing kang dadi mungsuhe, kang timbang gagah prakosane, bakal numpês wong kaphir mau.
اِنَّ هٰذِهٖ تَذْكِرَةٌ ۚ فَمَنْ شَاۤءَ اتَّخَذَ اِلٰى رَبِّهٖ سَبِيْلًا٢٩
Inna hāżihī tażkirah(tun), faman syā'attakhaża ilā rabbihī sabīlā(n).
[29]
Surat iki dadi wêwulang, sing sapa dhêmên, wulang mau diênggoa wêwaton ngabêkti ing Allah Pangerane.
وَمَا تَشَاۤءُوْنَ اِلَّآ اَنْ يَّشَاۤءَ اللّٰهُ ۗاِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلِيْمًا حَكِيْمًاۖ٣٠
Wa mā tasyā'ūna illā ay yasyā'allāh(u), innallāha kāna ‘alīman ḥakīmā(n).
[30]
Wong kaphir padha ora gêlêm anglakoni wêwulang mau, kajaba yèn dikarsakake dening Allah gêlêm anglakoni, satêmêne Allah iku nguningani tur wicaksana.
يُّدْخِلُ مَنْ يَّشَاۤءُ فِيْ رَحْمَتِهٖۗ وَالظّٰلِمِيْنَ اَعَدَّ لَهُمْ عَذَابًا اَلِيْمًا ࣖ٣١
Yudkhilu may yasyā'u fī raḥmatih(ī), waẓ-ẓālimīna a‘adda lahum ‘ażāban alīmā(n).
[31]
Allah angganjar wong kang dadi parênging karsane, dilêbokake ing suwarga rahmating Allah, lan angancam siksa kang nglarani marang para wong kaphir.