Surah Al-Qiyamah
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
لَآ اُقْسِمُ بِيَوْمِ الْقِيٰمَةِۙ١
Lā uqsimu biyaumil-qiyāmah(ti).
[1]
Ingsun supata: Dêmi dina kiyamat.
وَلَآ اُقْسِمُ بِالنَّفْسِ اللَّوَّامَةِ٢
Wa lā uqsimu bin nafsil-lawwāmah(ti).
[2]
Lan uga supata, dêmi nêpsu luwamah.
اَيَحْسَبُ الْاِنْسَانُ اَلَّنْ نَّجْمَعَ عِظَامَهٗ ۗ٣
Ayaḥsabul-insānu allan najma‘a ‘iẓāmah(ū).
[3]
Yagene wong kaphir padha nyana yèn Ingsun ora bisa ngalumpukake balunge kang wis pisah-pisah sawise mati, sabanjure Ingsun uripake manèh.
بَلٰى قٰدِرِيْنَ عَلٰٓى اَنْ نُّسَوِّيَ بَنَانَهٗ٤
Balā qādirīna ‘alā an nusawwiya banānah(ū).
[4]
Luput panyanane wong kaphir, Ingsun kawasa ngalumpukake balunge, malah kawasa mulihake sakèhing darijine, kaya mau-maune.
بَلْ يُرِيْدُ الْاِنْسَانُ لِيَفْجُرَ اَمَامَهٗۚ٥
Bal yurīdul-insānu liyafjura amāmah(ū).
[5]
Karêpe wong kaphir mau, mung kudu maido dina kiyamat.
يَسْـَٔلُ اَيَّانَ يَوْمُ الْقِيٰمَةِۗ٦
Yas'alu ayyāna yaumul-qiyāmah(ti).
[6]
Pitakone besuk apa ta dina kiyamat iku.
فَاِذَا بَرِقَ الْبَصَرُۙ٧
Fa iżā bariqal-baṣar(u).
[7]
Ing besuk nalika wong kaphir bingung dening andêlêng barang kang maune dipaido.
وَخَسَفَ الْقَمَرُۙ٨
Wa khasafal-qamar(u).
[8]
Lan rêmbulan ilang pancoronge.
وَجُمِعَ الشَّمْسُ وَالْقَمَرُۙ٩
Wa jumi‘asy-syamsu wal-qamar(u).
[9]
Apadene srêngenge lan rêmbulan padha mêtu saka kulon.
يَقُوْلُ الْاِنْسَانُ يَوْمَىِٕذٍ اَيْنَ الْمَفَرُّۚ١٠
Yaqūlul-insānu yauma'iżin ainal-mafarr(u).
[10]
Ing kono pangucape wong kaphir: Ing dina iki aku mlayu ngungsi marang ngêndi.
كَلَّا لَا وَزَرَۗ١١
Kallā lā wazar(a).
[11]
Măngsa olèha pangungsèn, ing dina iku ora ana pangungsèn.
اِلٰى رَبِّكَ يَوْمَىِٕذِ ِۨالْمُسْتَقَرُّۗ١٢
Ilā rabbika yauma'iżinil-mustaqarr(u).
[12]
Ing dina iku panggonaning mahluk kumambang ana karsaning Allah Pangeranira, ana ing suwarga utawa ing naraka.
يُنَبَّؤُا الْاِنْسَانُ يَوْمَىِٕذٍۢ بِمَا قَدَّمَ وَاَخَّرَۗ١٣
Yunabba'ul-insānu yauma'iżim bimā qaddama wa akhkhar(a).
[13]
Ing dina iku manungsa padha dijalèntrèhi barang kang wis dilakoni nalika ana ing dunya, lan kang ora dilakoni.
بَلِ الْاِنْسَانُ عَلٰى نَفْسِهٖ بَصِيْرَةٌۙ١٤
Balil-insānu ‘alā nafsihī baṣīrah(tun).
[14]
Siji-sijining manungsa padha wêruh lakune dhewe-dhewe.
وَّلَوْ اَلْقٰى مَعَاذِيْرَهٗۗ١٥
Wa lau alqā ma‘āżīrah(ū).
[15]
Sanadyan manungsa mau anggêlar sarupaning alangan ênggone ora ngèstokake parentah, iya tanpa gawe.
لَا تُحَرِّكْ بِهٖ لِسَانَكَ لِتَعْجَلَ بِهٖۗ١٦
Lā tuḥarrik bihī lisānaka lita‘jala bih(ī).
[16]
Lesanira aja kumêcap ngunèkake Kuran sadurunge rampung pamacane Malaikat Jabarail, murih gêlis apal Kuran mau.
اِنَّ عَلَيْنَا جَمْعَهٗ وَقُرْاٰنَهٗ ۚ١٧
Inna ‘alainā jam‘ahū wa qur'ānah(ū).
[17]
Marga Ingsun kang bakal ngalumpukake Kuran mau ana ing atinira, dalah sawacane pisan.
فَاِذَا قَرَأْنٰهُ فَاتَّبِعْ قُرْاٰنَهٗ ۚ١٨
Fa iżā qara'nāhu fattabi‘ qur'ānah(ū).
[18]
Nalikane Ingsun macakake Kuran marang sira, lantaran Malaikat Jabarail, aja sira barêngi, nanging yèn wis rampung, nuli sira macaa, nuruta wacane Malaikat Jabarail mau.
ثُمَّ اِنَّ عَلَيْنَا بَيَانَهٗ ۗ١٩
Ṡumma inna ‘alainā bayānah(ū).
[19]
Sawise mangkono, Ingsun kang mêsthi paring mangêrti surasaning Kuran marang sira.
كَلَّا بَلْ تُحِبُّوْنَ الْعَاجِلَةَۙ٢٠
Kallā bal tuḥibbūnal-‘ājilah(ta).
[20]
Têmên sira wong kaphir ing Mêkah padha dhêmên kabêgjan kêncengan ana ing dunya.
وَتَذَرُوْنَ الْاٰخِرَةَۗ٢١
Wa tażarūnal-‘ākhirah(ta).
[21]
Lan suthik kangelan murih kabêgjan ing akhirat.
وُجُوْهٌ يَّوْمَىِٕذٍ نَّاضِرَةٌۙ٢٢
Wujūhuy yauma'iżin nāḍirah(tun).
[22]
Ing dina iku, akèh wong kang raine bagus lan manis.
اِلٰى رَبِّهَا نَاظِرَةٌ ۚ٢٣
Ilā rabbihā nāẓirah(tun).
[23]
Padha andêlêng ing Allah Pangerane.
وَوُجُوْهٌ يَّوْمَىِٕذٍۢ بَاسِرَةٌۙ٢٤
Wa wujūhuy yauma'iżim bāsirah(tun).
[24]
Lan uga akèh rai ala tur biyas.
تَظُنُّ اَنْ يُّفْعَلَ بِهَا فَاقِرَةٌ ۗ٢٥
Taẓunnu ay yuf‘ala bihā fāqirah(tun).
[25]
Sira mêsthèkake wong kang biyas mau bakal dipatrapi siksa gêdhe kang anggêgirisi. [anggê...girisi.]
كَلَّآ اِذَا بَلَغَتِ التَّرَاقِيَۙ٢٦
Kallā iżā balagatit-tarāqiy(a).
[26]
Têmên nalika roh tinarik têkan ing gurung.
وَقِيْلَ مَنْ ۜرَاقٍۙ٢٧
Wa qīla man…rāq(in).
[27]
Wong kang ana ing kiwa têngêne, calathu: Sapa kang bisa mantrani murih warase.
وَّظَنَّ اَنَّهُ الْفِرَاقُۙ٢٨
Wa ẓanna annahul-firāq(u).
[28]
Wong kang tinarik rohe mau masthèkake oncat saka ing dunya.
وَالْتَفَّتِ السَّاقُ بِالسَّاقِۙ٢٩
Waltaffatis-sāqu bis-sāq(i).
[29]
Sikile kang siji dhèmpèt lan sikil sijine.
اِلٰى رَبِّكَ يَوْمَىِٕذِ ِۨالْمَسَاقُ ۗ ࣖ٣٠
Ilā rabbika yauma'iżinil-masāq(u).
[30]
Ing dina iku wayahe ditonton marang ngarsaning Pangeranira.
فَلَا صَدَّقَ وَلَا صَلّٰىۙ٣١
Falā ṣaddaqa wa lā ṣallā.
[31]
Wis ora bisa pracaya ing nabi lan Kuran, lan ora bisa sêmbayang kang migunani.
وَلٰكِنْ كَذَّبَ وَتَوَلّٰىۙ٣٢
Wa lākin każżaba wa tawallā.
[32]
Nanging tulus nêtêpi kang wis dilakoni ana ing dunya. Maido Kuran lan suthik pracaya ing Allah.
ثُمَّ ذَهَبَ اِلٰٓى اَهْلِهٖ يَتَمَطّٰىۗ٣٣
Ṡumma żahaba ilā ahlihī yatamaṭṭā.
[33]
33. Banjur mênyang ngomahe sanake, lakune gambelengan.
اَوْلٰى لَكَ فَاَوْلٰىۙ٣٤
Aulā laka fa'aulā.
[34]
34. Ala têmên, tur rambah-rambah, tumrap sira wong kaphir.
ثُمَّ اَوْلٰى لَكَ فَاَوْلٰىۗ٣٥
Ṡumma aulā laka fa'aulā.
[35]
35. Nuli ala têmên, tur rambah-rambah, tumrap sira wong kaphir.
اَيَحْسَبُ الْاِنْسَانُ اَنْ يُّتْرَكَ سُدًىۗ٣٦
Ayaḥsabul-insānu ay yutraka sudā(n).
[36]
اَلَمْ يَكُ نُطْفَةً مِّنْ مَّنِيٍّ يُّمْنٰى٣٧
Alam yaku nuṭfatam mim maniyyiy yumnā.
[37]
[8] Apa manungsa iku dudu mani kang malêbu ing pranakan.
ثُمَّ كَانَ عَلَقَةً فَخَلَقَ فَسَوّٰىۙ٣٨
Ṡumma kāna ‘alaqatan fa khalaqa fa sawwā.
[38]
Ana ing pranakan banjur dadi gêtih kênthêl, sawise dadi gêtih kênthêl banjur didadèkake manungsa.
فَجَعَلَ مِنْهُ الزَّوْجَيْنِ الذَّكَرَ وَالْاُنْثٰىۗ٣٩
Fa ja‘ala minhuz-zaujainiż-żakara wal-unṡā.
[39]
Allah nuli andadèkake manungsa mau jodhon-jodhon, têgêse ana kang lanang, lan ana kang wadon.
اَلَيْسَ ذٰلِكَ بِقٰدِرٍ عَلٰٓى اَنْ يُّحْيِ َۧ الْمَوْتٰى ࣖ٤٠
Alaisa żālika biqādirin ‘alā ay yuḥyiyal-mautā.
[40]
Pangeran kang pintêr mangkono mau, apa ora kawasa mung nguripake wong kang wis padha mati bae (kawasa bangêt).