Surah Al-Muddassir

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا الْمُدَّثِّرُۙ١
Yā ayyuhal-muddaṡṡir(u).
[1] He wong kang mujung (Nabi Mukhammad).

قُمْ فَاَنْذِرْۖ٢
Qum fa'anżir.
[2] Sira ngadêga, mêmêdènana marang para wong ing Mêkah.

وَرَبَّكَ فَكَبِّرْۖ٣
Wa rabbaka fakabbir.
[3] Lan nêbuta Maha-agung ing Allah Pangeranira.

وَثِيَابَكَ فَطَهِّرْۖ٤
Wa ṡiyābaka faṭahhir.
[4] Jaritira sira sucènana.

وَالرُّجْزَ فَاهْجُرْۖ٥
War-rujza fahjur.
[5] Lan tulus salawase ênggonira nyingkiri brahala.

وَلَا تَمْنُنْ تَسْتَكْثِرُۖ٦
Wa lā tamnun tastakṡir(u).
[6] Lan aja wèwèh kalawan murih wêwalês kang luwih akèh.

وَلِرَبِّكَ فَاصْبِرْۗ٧
Wa lirabbika faṣbir.
[7] Lan sabara karana nglakoni parentahe [parentah....e] Pangeranira.

فَاِذَا نُقِرَ فِى النَّاقُوْرِۙ٨
Fa iżā nuqira fin-nāqūr(i).
[8] Ing besuk dina kiyamat, nalika Malaikat Israphil andamu sêmpronge.

فَذٰلِكَ يَوْمَىِٕذٍ يَّوْمٌ عَسِيْرٌۙ٩
Fa żālika yauma'iżiy yaumun ‘asīr(un).
[9] Ing dina iku kêna diarani dina rêkasa.

عَلَى الْكٰفِرِيْنَ غَيْرُ يَسِيْرٍ١٠
‘Alal-kāfirīna gairu yasīr(in).
[10] Tumrap ingatase para wong kaphir ora pisan gampang.

ذَرْنِيْ وَمَنْ خَلَقْتُ وَحِيْدًاۙ١١
Żarnī wa man khalaqtu waḥīdā(n).
[11] Ingsun lan wong kang Ingsun gawe pribadi, iya iku Walid, anake Mugirah, sira togna bae.

وَّجَعَلْتُ لَهٗ مَالًا مَّمْدُوْدًاۙ١٢
Wa ja‘altu lahū mālam mamdūdā(n).
[12] Ingsun maringi băndha kang sêmpulur marang Walid mau.

وَّبَنِيْنَ شُهُوْدًاۙ١٣
Wa banīna syuhūdā(n).
[13] Lan uga Ingsun paringi anak lanang akèh padha ngalumpuk.

وَّمَهَّدْتُّ لَهٗ تَمْهِيْدًاۙ١٤
Wa mahhattu lahū tamhīdā(n).
[14] Walid mau Ingsun paringi sêmpulur bandhane, ngumure lan anak-anake.

ثُمَّ يَطْمَعُ اَنْ اَزِيْدَۙ١٥
Ṡumma yaṭma‘u an azīd(a).
[15] Walid mau ngăngsa, ngarêp-arêp Ingsun wuwuh ana manèh.

كَلَّاۗ اِنَّهٗ كَانَ لِاٰيٰتِنَا عَنِيْدًاۗ١٦
Kallā, innahū kāna li'āyātinā ‘anīdā(n).
[16] Luput pangarêp-arêpe, awit Walit mau madoni Kuran ayat Ingsun.

سَاُرْهِقُهٗ صَعُوْدًاۗ١٧
Sa'urhiquhū ṣa‘ūdā(n).
[17] Ing têmbe Ingsun pêksa ngrasakake siksa kang abot.

اِنَّهٗ فَكَّرَ وَقَدَّرَۙ١٨
Innahū fakkara wa qaddar(a).
[18] Walid mau anggagas ênggone ngrungokake Kuran.

فَقُتِلَ كَيْفَ قَدَّرَۙ١٩
Faqutila kaifa qaddar(a).
[19] Mulane Walid mau disiksa ana ing dunya, têtêp kaya gagasane.

ثُمَّ قُتِلَ كَيْفَ قَدَّرَۙ٢٠
Ṡumma qutila kaifa qaddar(a).
[20] Sawise mati, banjur disiksa manèh, têtêp kaya gagasane.

ثُمَّ نَظَرَۙ٢١
Ṡumma naẓar(a).
[21] Banjur mêrês budi ênggone arêp nacad lan nampik Kuran.

ثُمَّ عَبَسَ وَبَسَرَۙ٢٢
Ṡumma ‘abasa wa basar(a).
[22] Banjur marêngut lan biyas ulate.

ثُمَّ اَدْبَرَ وَاسْتَكْبَرَۙ٢٣
Ṡumma adbara wastakbar(a).
[23] Banjur ngungkurake kapracayan, diajak pracaya ing Kuran, suthik lan gumêdhe.

فَقَالَ اِنْ هٰذَآ اِلَّا سِحْرٌ يُّؤْثَرُۙ٢٤
Faqāla in hāżā illā siḥruy yu'ṡar(u).
[24] Pangucape: Kuran iki ora liya ukara kang ditular saka juru sikhir.

اِنْ هٰذَآ اِلَّا قَوْلُ الْبَشَرِۗ٢٥
In hāżā illā qaulul-basyar(i).
[25] Kuran iki ora liya mung pangucaping manungsa bae, dudu dhawuh Allah têmênan.

سَاُصْلِيْهِ سَقَرَ٢٦
Sa'uṣlīhi saqar(a).
[26] Ing têmbe Walid iku Ingsun cêmplungake ing Naraka Sakar.

وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا سَقَرُۗ٢٧
Wa mā adrāka mā saqar(a).
[27] Kapriye panêmunira, apa kang aran Sakar iku.

لَا تُبْقِيْ وَلَا تَذَرُۚ٢٨
Lā tubqī wa lā tażar(u).
[28] Naraka Sakar mau ora ngawètake, sadhengah kang kacêmplung ing kono mêsthi rusak.

لَوَّاحَةٌ لِّلْبَشَرِۚ٢٩
Lawwāḥatul lil-basyar(i).
[29] Tur anggosongake kulit.

عَلَيْهَا تِسْعَةَ عَشَرَۗ٣٠
‘Alaihā tis‘ata ‘asyar(a).
[30] Kang anjaga naraka Sakar mau, malaikat sangalas.

وَمَا جَعَلْنَآ اَصْحٰبَ النَّارِ اِلَّا مَلٰۤىِٕكَةً ۖوَّمَا جَعَلْنَا عِدَّتَهُمْ اِلَّا فِتْنَةً لِّلَّذِيْنَ كَفَرُوْاۙ لِيَسْتَيْقِنَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ وَيَزْدَادَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِيْمَانًا وَّلَا يَرْتَابَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ وَالْمُؤْمِنُوْنَۙ وَلِيَقُوْلَ الَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ وَّالْكٰفِرُوْنَ مَاذَآ اَرَادَ اللّٰهُ بِهٰذَا مَثَلًاۗ كَذٰلِكَ يُضِلُّ اللّٰهُ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَمَا يَعْلَمُ جُنُوْدَ رَبِّكَ اِلَّا هُوَۗ وَمَا هِيَ اِلَّا ذِكْرٰى لِلْبَشَرِ ࣖ٣١
Wa mā ja‘alnā aṣḥāban-nāri illā malā'ikah(tan), wa mā ja‘alnā ‘iddatahum illā fitnatal lil-lażīna kafarū, liyastaiqinal-lażīna ūtul-kitāba wa yazdādal-lażīna āmanū īmānaw wa lā yartābal-lażīna ūtul-kitāba wal-mu'minūn(a), wa liyaqūlal-lażīna fī qulūbihim maraḍuw wal-kāfirūna māżā arādallāhu bihāżā maṡalā(n), każālika yuḍillullāhu may yasyā'u wa yahdī may yasyā'(u), wa mā ya‘lamu junūda rabbika illā huw(a), wa mā hiya illā żikrā lil-basyar(i).
[31] Ingsun ora matah jaga naraka kajaba malaikat, dene cacahe mung sangalas iku, nyêngkolong marang para wong kaphir, supaya wong kaphir kang padha nganggo wêwaton Kitab Torèt, padha sumurupa yèn Kuran iku têrang saka Ingsun, dene cocog lan kang kasêbut ing Kitab Torèt utawa Injil, lan supaya wong mau kang wis Islam padha wuwuha pracayane.

كَلَّا وَالْقَمَرِۙ٣٢
Kallā wal-qamar(i).
[32] Lan supaya wong mukmin lan wong kang padha duwe wêwaton Kitab Injil, aja padha mamang.

وَالَّيْلِ اِذْ اَدْبَرَۙ٣٣
Wal-laili iż adbar(a).
[33] Lan supaya para wong kaphir ing Mêkah lan wong kaphir kang atine ana lêlarane, mamang, calathu mangkene: Apa karsaning Allah têka gawe upama cacah sangalas iki.

وَالصُّبْحِ اِذَآ اَسْفَرَۙ٣٤
Waṣ-ṣubḥi iżā asfar(a).
[34] Sarèhne wong kang maido cacah sangalas iku kêsasar, dadi wong kang ngandêl iku olèh pituduh bênêr, Allah ênggone mratelakake cacah sangalas mau, kanggo nasarake wong kang dadi parênging karsane, lan kanggo nuduhake dalan bênêr marang wong kang dadi parênging karsane. Ora ana wong kang wêruh cacahe malaikat balaning Allah Pangeranira, kajaba mung Allah piyambak kang wuninga. Enggone mratelakake malaikat kang jaga naraka sangalas iku, kanggo wêwulang marang manungsa.

اِنَّهَا لَاِحْدَى الْكُبَرِۙ٣٥
Innahā la'iḥdal-kubar(i).
[35] Dêmi rêmbulan, wong Mêkah ora pisan ngèstokake wêwulanging Kuran.

نَذِيْرًا لِّلْبَشَرِۙ٣٦
Nażīral lil-basyar(i).
[36] Dêmi wêngi nalikane mungkur.

لِمَنْ شَاۤءَ مِنْكُمْ اَنْ يَّتَقَدَّمَ اَوْ يَتَاَخَّرَۗ٣٧
Liman syā'a minkum ay yataqaddama au yata'akhkhar(a).
[37] Dêmi wayah Subuh nalikane padhang.

كُلُّ نَفْسٍۢ بِمَا كَسَبَتْ رَهِيْنَةٌۙ٣٨
Kullu nafsim bimā kasabat rahīnah(tun).
[38] Têmên Naraka Sakar iku ewone bêbaya kang gêdhe.

اِلَّآ اَصْحٰبَ الْيَمِيْنِ ۛ٣٩
Illā aṣḥābal-yamīn(i).
[39] Kanggo mêmêdèni marang manungsa.

فِيْ جَنّٰتٍ ۛ يَتَسَاۤءَلُوْنَۙ٤٠
Fī jannātin - yatasā'alūn(a).
[40] Tumrap wong kancanira kang arêp maju pracaya marang Kuran, utawa mundur ora pracaya.

عَنِ الْمُجْرِمِيْنَۙ٤١
‘Anil-mujrimīn(a).
[41] Sarupaning awak iku dadi gadhèn kalawan barang kang wis dilakoni, mung wong kang têtulisane diulungake saka ing têngên, iku ora dadi gadhèn.

مَا سَلَكَكُمْ فِيْ سَقَرَ٤٢
Mā salakakum fī saqar(a).
[42] Padha manggon ana ing suwarga, padha takon-tinakon, ngrasani lêlakone para wong kaphir, sawise wong Islam kang dosa padha diwêtokake saka ing naraka.

قَالُوْا لَمْ نَكُ مِنَ الْمُصَلِّيْنَۙ٤٣
Qālū lam naku minal-muṣallīn(a).
[43] Kang ditakoni mangsuli: Kula takèn dhatêng tiyang kaphir: Yagene Allah nyêmplungake kowe ana ing Naraka Sakar.

وَلَمْ نَكُ نُطْعِمُ الْمِسْكِيْنَۙ٤٤
Wa lam naku nuṭ‘imul-miskīn(a).
[44] Tiyang kaphir sami mangsuli, awit kula punika dede tiyang nglampahi sêmbayang.

وَكُنَّا نَخُوْضُ مَعَ الْخَاۤىِٕضِيْنَۙ٤٥
Wa kunnā nakhūḍu ma‘al-khā'iḍīn(a).
[45] Lan kula botên purun nyukani têdha dhatêng tiyang kamlaratan.

وَكُنَّا نُكَذِّبُ بِيَوْمِ الدِّيْنِۙ٤٦
Wa kunnā nukażżibu biyaumid-dīn(i).
[46] Lan malih kula punika nglampahi awon, kalihan tiyang ingkang sami nglampahi awon.

حَتّٰىٓ اَتٰىنَا الْيَقِيْنُۗ٤٧
Ḥattā atānal-yaqīn(u).
[47] Sarta kula punika maibên badhe kalampahanipun dintên kiyamat.

فَمَا تَنْفَعُهُمْ شَفَاعَةُ الشّٰفِعِيْنَۗ٤٨
Famā tanfa‘uhum syafā‘atusy-syāfi‘īn(a).
[48] Ngantos kula pêjah.

فَمَا لَهُمْ عَنِ التَّذْكِرَةِ مُعْرِضِيْنَۙ٤٩
Famā lahum ‘anit-tażkirati mu‘riḍīn(a).
[49] Pangandikaning Allah: Mulane saphangate sapa-sapa, ora migunani marang wong kang maido Kuran mau.

كَاَنَّهُمْ حُمُرٌ مُّسْتَنْفِرَةٌۙ٥٠
Ka'annahum ḥumurum mustanfirah(tun).
[50] Apa pakolèhe ênggone wong mau [ma.....u] padha lumuh ngèstokake wêwulanging Kuran.

فَرَّتْ مِنْ قَسْوَرَةٍۗ٥١
Farrat min qaswarah(tin).
[51] Padha lan khimar alasan, mlayu wêdi macan.

بَلْ يُرِيْدُ كُلُّ امْرِئٍ مِّنْهُمْ اَنْ يُّؤْتٰى صُحُفًا مُّنَشَّرَةًۙ٥٢
Bal yurīdu kullumri'im minhum ay yu'tā ṣuḥufam munasysyarah(tan).
[52] Malah panjaluke wong mau, siji-sijining wong padha tămpaa layang dhewe-dhewe, saka ing Allah, mratelakake yèn Nabi Mukhammad iku, têmên utusaning Allah, sarupaning wong padha dikarsakake manut. Yèn kalakon mangkono, wong mau saguh ngèstokake Kuran.

كَلَّاۗ بَلْ لَّا يَخَافُوْنَ الْاٰخِرَةَۗ٥٣
Kallā, bal lā yakhāfūnal-ākhirah(ta).
[53] Ora bakal dipituruti panjaluke wong mau, malah wong mau têtêp padha ora kapengin kabêgjan ing akhirat.

كَلَّآ اِنَّهٗ تَذْكِرَةٌ ۚ٥٤
Kallā innahū tażkirah(tun).
[54] Têmên Kuran iku wêwulang gêdhe, sing sapa gêlêm, iya ngèstokna.

فَمَنْ شَاۤءَ ذَكَرَهٗۗ٥٥
Faman syā'a żakarah(ū).
[55] Ewadene wong kang ngèstokake Kuran, iku mung wong kang dadi parênge karsaning Allah, Allah iku wis bênêre dièstokake parentahe, lan wis bênêre ngapura dosane wong kang ngèstokake.

وَمَا يَذْكُرُوْنَ اِلَّآ اَنْ يَّشَاۤءَ اللّٰهُ ۗهُوَ اَهْلُ التَّقْوٰى وَاَهْلُ الْمَغْفِرَةِ ࣖ٥٦
Wa mā yażkurūna illā ay yasyā'allāh(u), huwa ahlut-taqwā wa ahlul-magfirah(ti).
[56]