Surah Al-Muzzammil
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا الْمُزَّمِّلُۙ١
Yā ayyuhal-muzzammil(u).
[1]
He wong kang kêkêmul (Nabi Mukhammad).
قُمِ الَّيْلَ اِلَّا قَلِيْلًاۙ٢
Qumil-laila illā qalīlā(n).
[2]
Sira ngadêga, sêmbayanga ing wayah wêngi, mung kêna lèrèn sadhela kanggo turu.
نِّصْفَهٗٓ اَوِ انْقُصْ مِنْهُ قَلِيْلًاۙ٣
Niṣfahū awinquṣ minhu qalīlā(n).
[3]
Sêmbayanga satêngah wêngi, utawa sira sudaa sithik, dadi mung sapratêlon wêngi.
اَوْ زِدْ عَلَيْهِ وَرَتِّلِ الْقُرْاٰنَ تَرْتِيْلًاۗ٤
Au zid ‘alaihi wa rattilil-qur'āna tartīlā(n).
[4]
Utawa sira wuwuhana, dadi rong pratêlon wêngi, sarta macaa Kuran kang patitis wacanira.
اِنَّا سَنُلْقِيْ عَلَيْكَ قَوْلًا ثَقِيْلًا٥
Innā sanulqī ‘alaika qaulan ṡaqīlā(n).
[5]
Ingsun bakal andhawuhake Kuran kang abot marang sira.
اِنَّ نَاشِئَةَ الَّيْلِ هِيَ اَشَدُّ وَطْـًٔا وَّاَقْوَمُ قِيْلًاۗ٦
Inna nāsyi'atal-laili hiya asyaddu waṭ'aw wa aqwamu qīlā(n).
[6]
Awit satêmêne sêmbayang ing wayah wêngi sawise turu, iku êmpaning păncadriya condhong bangêt lan ati, lan tumraping wêwacan bênêr bangêt.
اِنَّ لَكَ فِى النَّهَارِ سَبْحًا طَوِيْلًاۗ٧
Inna laka fin-nahāri sabḥan ṭawīlā(n).
[7]
Satêmêne sira ing wayah awan, wis nyambut gawe suwe.
وَاذْكُرِ اسْمَ رَبِّكَ وَتَبَتَّلْ اِلَيْهِ تَبْتِيْلًاۗ٨
Ważkurisma rabbika wa tabattal ilaihi tabtīlā(n).
[8]
Sira nêbuta asmaning Allah Pangeranira, sarta mêlênga ngabêkti ing Pangeranira.
رَبُّ الْمَشْرِقِ وَالْمَغْرِبِ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ فَاتَّخِذْهُ وَكِيْلًا٩
Rabbul-masyriqi wal-magribi lā ilāha illā huwa fattakhiżhu wakīlā(n).
[9]
Allah iku Pangeraning panggonan mêtuning srêngenge lan panggonan suruping srêngenge. Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr mung Allah, sira nyumanggakna samubarang prakara marang Allah.
وَاصْبِرْ عَلٰى مَا يَقُوْلُوْنَ وَاهْجُرْهُمْ هَجْرًا جَمِيْلًا١٠
Waṣbir ‘alā mā yaqūlūna wahjurhum hajran jamīlā(n).
[10]
Lan sira sabara marang pangucape wong kaphir ing Mêkah ênggone nglarakake ati, padha sira togna bae kalawan bêcik, aja sira walês.
وَذَرْنِيْ وَالْمُكَذِّبِيْنَ اُولِى النَّعْمَةِ وَمَهِّلْهُمْ قَلِيْلًا١١
Wa żarnī wal-mukażżibīna ulin-na‘mati wa mahhilhum qalīlā(n).
[11]
Ingsun aja sira pikir, lan wong kaphir turun Kurès kang padha maido tur padha kacukupan, iku iya sira togna bae sadhela, nganti têkan pêrang ing Badar, Ingsun kang bakal nyantosani.
اِنَّ لَدَيْنَآ اَنْكَالًا وَّجَحِيْمًاۙ١٢
Inna ladainā ankālaw wa jaḥīmā(n).
[12]
Satêmêne Ingsun kagungan dhadhung kang santosa, lan kagungan Naraka Jakhim.
وَّطَعَامًا ذَا غُصَّةٍ وَّعَذَابًا اَلِيْمًا١٣
Wa ṭa‘āman żā guṣṣatiw wa ‘ażāban alīmā(n).
[13]
Sarta kagungan pêpanganan kang nglêlêgi, lan kagungan siksa kang nglarani.
يَوْمَ تَرْجُفُ الْاَرْضُ وَالْجِبَالُ وَكَانَتِ الْجِبَالُ كَثِيْبًا مَّهِيْلًا١٤
Yauma tarjuful-arḍu wal-jibālu wa kānatil-jibālu kaṡībam mahīlā(n).
[14]
Kalakone mangkono mau besuk dina kiyamat, nalikane bumi lan gunung-gunung padha gonjang-ganjing, gunung-gunung mau padha dadi wêdhi kang mawur- mawur.
اِنَّآ اَرْسَلْنَآ اِلَيْكُمْ رَسُوْلًا ەۙ شَاهِدًا عَلَيْكُمْ كَمَآ اَرْسَلْنَآ اِلٰى فِرْعَوْنَ رَسُوْلًا ۗ١٥
Innā arsalnā ilaikum rasūlā(n), syāhidan ‘alaikum kamā arsalnā ilā fir‘auna rasūlā(n).
[15]
(He wong Mêkah kabèh), Ingsun wis ngutus rasul, nyurup-nyurupake marang sira, iku besuk dina kiyamat, bakal nêksèni ala lan bêcikira. Padha lan ênggon Ingsun ngutus rasul Nabi Musa, nyurup-nyurupake marang Raja Phirngon biyèn.
فَعَصٰى فِرْعَوْنُ الرَّسُوْلَ فَاَخَذْنٰهُ اَخْذًا وَّبِيْلًاۚ١٦
Fa ‘aṣā fir‘aunar-rasūla fa akhażnāhu akhżaw wabīlā(n).
[16]
Nanging Raja Phirngon ambangkang marang parentahe Rasul Nabi Musa, mulane banjur Ingsun patrapi siksa kang abot.
فَكَيْفَ تَتَّقُوْنَ اِنْ كَفَرْتُمْ يَوْمًا يَّجْعَلُ الْوِلْدَانَ شِيْبًاۖ١٧
Fakaifa tattaqūna in kafartum yaumay yaj‘alul-wildāna syībā(n).
[17]
Manawa sira kaphir ana ing dunya iki, kapriye ênggonira arêp nyingkiri siksaning Allah besuk dina kiyamat, nalikane para bocah padha dadi kaki-kaki, saking dening wêdine.
ۨالسَّمَاۤءُ مُنْفَطِرٌۢ بِهٖۗ كَانَ وَعْدُهٗ مَفْعُوْلًا١٨
As-samā'u munfaṭirum bih(ī), kāna wa‘duhū maf‘ūlā(n).
[18]
Ing dina iku sanadyan langit iya sigar. Kang wus ditamtokake dening Allah, iku mêsthi kalêksanan.
اِنَّ هٰذِهٖ تَذْكِرَةٌ ۚ فَمَنْ شَاۤءَ اتَّخَذَ اِلٰى رَبِّهٖ سَبِيْلًا ࣖ١٩
Inna hāżihī tażkirah(tun), faman syā'attakhaża ilā rabbihī sabīlā(n).
[19]
Satêmêne ayat iki dadi wêwulang, sing sapa kapengin slamêt, ngèstokna ayat mau, minăngka dalan marang ngarsaning Allah Pangerane.
۞ اِنَّ رَبَّكَ يَعْلَمُ اَنَّكَ تَقُوْمُ اَدْنٰى مِنْ ثُلُثَيِ الَّيْلِ وَنِصْفَهٗ وَثُلُثَهٗ وَطَاۤىِٕفَةٌ مِّنَ الَّذِيْنَ مَعَكَۗ وَاللّٰهُ يُقَدِّرُ الَّيْلَ وَالنَّهَارَۗ عَلِمَ اَنْ لَّنْ تُحْصُوْهُ فَتَابَ عَلَيْكُمْ فَاقْرَءُوْا مَا تَيَسَّرَ مِنَ الْقُرْاٰنِۗ عَلِمَ اَنْ سَيَكُوْنُ مِنْكُمْ مَّرْضٰىۙ وَاٰخَرُوْنَ يَضْرِبُوْنَ فِى الْاَرْضِ يَبْتَغُوْنَ مِنْ فَضْلِ اللّٰهِ ۙوَاٰخَرُوْنَ يُقَاتِلُوْنَ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۖفَاقْرَءُوْا مَا تَيَسَّرَ مِنْهُۙ وَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَ وَاَقْرِضُوا اللّٰهَ قَرْضًا حَسَنًاۗ وَمَا تُقَدِّمُوْا لِاَنْفُسِكُمْ مِّنْ خَيْرٍ تَجِدُوْهُ عِنْدَ اللّٰهِ ۙهُوَ خَيْرًا وَّاَعْظَمَ اَجْرًاۗ وَاسْتَغْفِرُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ ࣖ٢٠
Inna rabbaka ya‘lamu annaka taqūmu adnā min ṡuluṡayil-laili wa niṣfahū wa ṡuluṡahū wa ṭā'ifatum minal-lażīna ma‘ak(a), wallāhu yuqaddirul-laila wan-nahār(a), ‘alima allan tuḥṣūhu fa tāba ‘alaikum faqra'ū mā tayassara minal-qur'ān(i), ‘alima an sayakūnu minkum marḍā, wa ākharūna yaḍribūna fil-arḍi yabtagūna min faḍlillāh(i), wa ākharūna yuqātilūna fī sabīlillāh(i), faqra'ū mā tayassara minh(u), wa aqīmuṣ-ṣalāta wa ātuz-zakāta wa aqriḍullāha qarḍan ḥasanā(n), wa mā tuqaddimū li'anfusikum min khairin tajidūhu ‘indallāh(i), huwa khairaw wa a‘ẓama ajrā(n), wastagfirullāh(a), innallāha gafūrur raḥīm(un).
[20]
Satêmêne Allah Pangeranira nguningani [nguni...ngani] yèn sira sêmbayang kira-kira rong pratêlon wêngi, lan satêngah wêngi apadene sapratêlon wêngi. Lan sakhabatira sagolongan iya padha mangkono. Allah iku namtokake dawa cêndhaking raina lan wêngi, nguningani yèn sira padha ora kêlar sêmbayang samono suwene mau kajaba kalawan rêkasa, mulane Allah muwung marang sira, sarèhne mangkono, sira macaa Kuran sakuwasanira ana sajroning sêmbayang. Allah nguningani yèn sira iku bakal ana kang nandhang lara, dadi banjur rêkasa sêmbayang ing wayah wêngi, lan ana uga kang padha mlaku lêlungan ana ing bumi, ngupa jiwa golèk rijêki-rijêki kanugrahaning Allah, lan ana uga kang padha pêrang Sabilullah, mulane sira padha macaa Kuran sakuwasanira, lan padha nglakonana sêmbayang, lan padha bayara jakat, apadene padha motangna bêcik marang Allah. Samubarang kabêcikan kang padha sira lakoni, iku sira bakal nêmu ganjarane bêcik ana ngarsaning Allah, ngungkuli ganjarane kabêcikan [kabêci.....kan] kang sira lakoni ing buri, sarta ganjarane mau luwih gêdhe. Lan sira padha nyuwuna pangapuraning Allah, satêmêne Allah iku karsa ngapura tur Maha-asih.