Surah Al-Jinn
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
قُلْ اُوْحِيَ اِلَيَّ اَنَّهُ اسْتَمَعَ نَفَرٌ مِّنَ الْجِنِّ فَقَالُوْٓا اِنَّا سَمِعْنَا قُرْاٰنًا عَجَبًاۙ١
Qul ūḥiya ilayya annahustama‘a nafarum minal-jinni fa qālū innā sami‘nā qur'ānan ‘ajabā(n).
[1]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Aku tămpa dhawuhing Allah paring pirsa, ana jin sagolongan, padha ngrungokake ênggonku andhawuhake Kuran. Jin mau banjur maratakake Kuran marang para kancane, calathune: Aku krungu ênggone Nabi Mukhammad andhawuhake Kuran kang elok.
يَّهْدِيْٓ اِلَى الرُّشْدِ فَاٰمَنَّا بِهٖۗ وَلَنْ نُّشْرِكَ بِرَبِّنَآ اَحَدًاۖ٢
Yahdī ilar-rusydi fa'āmannā bih(ī), wa lan nusyrika birabbinā aḥadā(n).
[2]
Kuran mau nuduhake dalan bênêr, kapracayan marang Allah, aku banjur pracaya marang Kuran lan marang Allah, ora pisan maro tingal marang sapa -sapa ênggonku sumungkêm marang Allah Pangeranku.
وَّاَنَّهٗ تَعٰلٰى جَدُّ رَبِّنَا مَا اتَّخَذَ صَاحِبَةً وَّلَا وَلَدًاۖ٣
Wa annahū ta‘ālā jaddu rabbinā mattakhaża ṣāḥibataw wa lā waladā(n).
[3]
Satêmêne Allah Pangeranku kang Mahaluhur lan Maha-agung, iku tanpa garwa lan ora kagungan putra.
وَّاَنَّهٗ كَانَ يَقُوْلُ سَفِيْهُنَا عَلَى اللّٰهِ شَطَطًاۖ٤
Wa annahū kāna yaqūlu safīhunā ‘alallāhi syaṭaṭā(n).
[4]
Satêmêne kancaku kang bodho ngucap kang ora patut marang Allah, ngarani Allah iku kagungan garwa lan putra.
وَّاَنَّا ظَنَنَّآ اَنْ لَّنْ تَقُوْلَ الْاِنْسُ وَالْجِنُّ عَلَى اللّٰهِ كَذِبًاۙ٥
Wa annā ẓanannā allan taqūlal-insu wal-jinnu ‘alallāhi każibā(n).
[5]
Maune panyanaku, ora ana jin lan manung[7] calathu goroh ngarani Allah kang ora patut.
وَّاَنَّهٗ كَانَ رِجَالٌ مِّنَ الْاِنْسِ يَعُوْذُوْنَ بِرِجَالٍ مِّنَ الْجِنِّ فَزَادُوْهُمْ رَهَقًاۖ٦
Wa annahū kāna rijālum minal insi ya‘ūżūna birijālim minal-jinni fa zādūhum rahaqā(n).
[6]
Ing jaman kuna akèh wong lanang manawa ana ing panggonan kang dikira angkêr, banjur anjaluk pitulung marang para jin lanang, kang mangkono mau banjur muwuhi kêsasar marang para jin, awit jin kang dijaluki pitulung mau banjur calathu: Aku iki disêbut kang prakosa dhewe, ngungkuli jin liya-liyane, bisa masesa jin liya-liyane.
وَّاَنَّهُمْ ظَنُّوْا كَمَا ظَنَنْتُمْ اَنْ لَّنْ يَّبْعَثَ اللّٰهُ اَحَدًاۖ٧
Wa annahum ẓannū kamā ẓanantum allay yab‘aṡallāhu aḥadā(n).
[7]
He para wong kaphir ing Mêkah, jin mau kang kaphir uga padha nyana kaya panyanamu, ing têmbe Allah ora bakal nguripake wong siji kang wis mati.
وَّاَنَّا لَمَسْنَا السَّمَاۤءَ فَوَجَدْنٰهَا مُلِئَتْ حَرَسًا شَدِيْدًا وَّشُهُبًاۖ٨
Wa annā lamasnas-samā'a fa wajadnāhā muli'at ḥarasan syadīdaw wa syuhubā(n).
[8]
Jin mau calathu: Aku nêja munggah marang langit ngrungokake gunême kang padha ana ing kono, barêng mèh têkan ing langit, ing kono kêbak malaikat kang jaga, padha gagah prakosa lan gêdhe dhuwur, apadene akèh lintang kang ginawe balang.
وَّاَنَّا كُنَّا نَقْعُدُ مِنْهَا مَقَاعِدَ لِلسَّمْعِۗ فَمَنْ يَّسْتَمِعِ الْاٰنَ يَجِدْ لَهٗ شِهَابًا رَّصَدًاۖ٩
Wa annā kunnā naq‘udu minhā maqā‘ida lis-sam‘(i), famay yastami‘il-āna yajid lahū syihābar raṣadā(n).
[9]
Biyèn aku bisa linggih ana ing langit, kang ora ana malaikate jaga, ngrungokake gunême para malaikat saiki ora bisa babar pisan, awit kêbak para malaikat jaga. Sing sapa ngrungokake gunêm, mêsthi konangan, banjur dibalang kalawan lintang.
وَّاَنَّا لَا نَدْرِيْٓ اَشَرٌّ اُرِيْدَ بِمَنْ فِى الْاَرْضِ اَمْ اَرَادَ بِهِمْ رَبُّهُمْ رَشَدًاۙ١٠
Wa annā lā nadrī asyarrun urīda biman fil-arḍi am arāda bihim rabbuhum rasyadā(n).
[10]
Aku ora wêruh mungguh ênggonku ora kaparêng ngrungokake gunême para malaikat mau, tumrape wong kang manggon ana ing bumi, apa bêcik apa ala.
وَّاَنَّا مِنَّا الصّٰلِحُوْنَ وَمِنَّا دُوْنَ ذٰلِكَۗ كُنَّا طَرَاۤىِٕقَ قِدَدًاۙ١١
Wa annā minnaṣ-ṣāliḥūna wa minnā dūna żālik(a), kunnā ṭarā'iqa qidadā(n).
[11]
Kancaku jin iki sawise padha krungu Kuran, ana kang banjur bêcik, dadi Islam, lan ana kang ora bêcik dadi kaphir, kaananing jin padha beda- beda panêmune.
وَّاَنَّا ظَنَنَّآ اَنْ لَّنْ نُّعْجِزَ اللّٰهَ فِى الْاَرْضِ وَلَنْ نُّعْجِزَهٗ هَرَبًاۖ١٢
Wa annā ẓanannā allan nu‘jizallāha fil-arḍi wa lan nu‘jizahū harabā(n).
[12]
Panêmuku, aku ora bisa ngoncati siksaning Allah ana ing bumi, sanadyan aku oncat saka ing bumi, munggah marang langit, iya ora bisa ngoncati siksa.
وَّاَنَّا لَمَّا سَمِعْنَا الْهُدٰىٓ اٰمَنَّا بِهٖۗ فَمَنْ يُّؤْمِنْۢ بِرَبِّهٖ فَلَا يَخَافُ بَخْسًا وَّلَا رَهَقًاۖ١٣
Wa annā lammā sami‘nal-hudā āmannā bih(ī), famay yu'mim birabbihī falā yakhāfu bakhsaw wa lā rahaqā(n).
[13]
Aku barêng krungu pituduhing Kuran, banjur ngandêl marang Kuran lan marang Allah, sing sapa pracaya marang Allah Pangerane, mêsthi ora kuwatir suda kabêcikane, lan ora kuwatir wuwuh alane.
وَّاَنَّا مِنَّا الْمُسْلِمُوْنَ وَمِنَّا الْقٰسِطُوْنَۗ فَمَنْ اَسْلَمَ فَاُولٰۤىِٕكَ تَحَرَّوْا رَشَدًا١٤
Wa annā minnal-muslimūna wa minnal-qāsiṭūn(a), faman aslama fa ulā'ika taḥarrau rasyadā(n).
[14]
Kancaku jin iki ana kang Islam, lan ana kang luput dadi kaphir, sing sapa Islam, iku padha nêja golèk pituduh bênêr.
وَاَمَّا الْقٰسِطُوْنَ فَكَانُوْا لِجَهَنَّمَ حَطَبًاۙ١٥
Wa ammal-qāsiṭūna fa kānū lijahannama ḥaṭabā(n).
[15]
Dene jin kang padha kaphir, iku padha dadi urub-urube Naraka Jahanam.
وَّاَنْ لَّوِ اسْتَقَامُوْا عَلَى الطَّرِيْقَةِ لَاَسْقَيْنٰهُمْ مَّاۤءً غَدَقًاۙ١٦
Wa allawistaqāmū ‘alaṭ-ṭarīqati la'asqaināhum mā'an gadaqā(n).
[16]
Lan satêmêne, upama wong kaphir iku banjur padha Islam, sarta nêtêpi dalan bênêr kalawan têmên-têmên, mêsthi padha Ingsun turuni banyu udan kang dêrês, lan Ingsun paringi rijêki kang akèh.
لِّنَفْتِنَهُمْ فِيْهِۗ وَمَنْ يُّعْرِضْ عَنْ ذِكْرِ رَبِّهٖ يَسْلُكْهُ عَذَابًا صَعَدًاۙ١٧
Linaftinahum fīh(i), wa may yu‘riḍ ‘an żikri rabbihī yasluk-hu ‘ażāban ṣa‘adā(n).
[17]
Iku Ingsun ênggo nyoba apa wong Islam mau padha sukur apa ora, dene sing sapa suthik ngèstokake Kuran dhawuhing Pangerane, iku bakal Ingsun cêmplungake ing naraka, siksa kang abot bangêt.
وَّاَنَّ الْمَسٰجِدَ لِلّٰهِ فَلَا تَدْعُوْا مَعَ اللّٰهِ اَحَدًاۖ١٨
Wa annal-masājida lillāhi falā tad‘ū ma‘allāhi aḥadā(n).
[18]
Lan satêmêne sarupaning masjid panggonan sêmbayang, iku kabèh kagunganing Allah, mulane ênggonmu padha nêmbah ing Allah, aja kowori nêmbah liyane.
وَّاَنَّهٗ لَمَّا قَامَ عَبْدُ اللّٰهِ يَدْعُوْهُ كَادُوْا يَكُوْنُوْنَ عَلَيْهِ لِبَدًاۗ ࣖ١٩
Wa annahū lammā qāma ‘abdullāhi yad‘ūhu kādū yakūnūna ‘alaihi libadā(n).
[19]
Lan satêmêne, barêng kawulaning Allah Nabi Mukhammad ngadêg nêmbah ing Allah sarta maca Kuran, para jin padha rêbut dhucung mèh tunggang-tinunggang [tunggang-ti.....nunggang] ênggone nyêdhak kudu ngrungokake Kuran.
قُلْ اِنَّمَآ اَدْعُوْا رَبِّيْ وَلَآ اُشْرِكُ بِهٖٓ اَحَدًا٢٠
Qul innamā ad‘ū rabbī wa lā usyriku bihī aḥadā(n).
[20]
(He Mukhammad) sira dhawuha: Satêmêne aku iki nêmbah ing Allah Pangeranku, ora pisan tak wori nyêmbah ing Allah.
قُلْ اِنِّيْ لَآ اَمْلِكُ لَكُمْ ضَرًّا وَّلَا رَشَدًا٢١
Qul innī lā amliku lakum ḍarraw wa lā rasyadā(n).
[21]
Sira dhawuha: Aku iki ora nguwasani marang kowe, dadi kêsasar utawa dadi bêgja iku atas karsaning Allah.
قُلْ اِنِّيْ لَنْ يُّجِيْرَنِيْ مِنَ اللّٰهِ اَحَدٌ ەۙ وَّلَنْ اَجِدَ مِنْ دُوْنِهٖ مُلْتَحَدًا ۙ٢٢
Qul innī lay yujīranī minallāhi aḥad(un), wa lan ajida min dūnihī multaḥadā(n).
[22]
Sira dhawuha manèh: Manawa aku duraka ing Allah, ora ana wong siji kang bisa nulak siksaning Allah marang aku.
اِلَّا بَلٰغًا مِّنَ اللّٰهِ وَرِسٰلٰتِهٖۗ وَمَنْ يَّعْصِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ فَاِنَّ لَهٗ نَارَ جَهَنَّمَ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًاۗ٢٣
Illā balāgam minallāhi wa risālātih(ī), wa may ya‘ṣillāha wa rasūlahū fa inna lahū nāra jahannama khālidīna fīhā abadā(n).
[23]
Lan aku ora olèh pangungsèn, liyane ngungsi marang Allah.
حَتّٰىٓ اِذَا رَاَوْا مَا يُوْعَدُوْنَ فَسَيَعْلَمُوْنَ مَنْ اَضْعَفُ نَاصِرًا وَّاَقَلُّ عَدَدًاۗ٢٤
Ḥattā iżā ra'au mā yū‘adūna fasaya‘lamūna man aḍ‘afu nāṣiraw wa aqallu ‘adadā(n).
[24]
Kuwasaku mung maratakake dhawuh saka Allah marang kowe kabèh, nêtêpi anggonku dadi utusan. Sing sapa ambangkang parentahing Allah lan dhawuhe Rasulullah, ora pracaya marang Allah, iku bakal disiksa ana ing Naraka Jahanam, langgêng salawas-lawase.
قُلْ اِنْ اَدْرِيْٓ اَقَرِيْبٌ مَّا تُوْعَدُوْنَ اَمْ يَجْعَلُ لَهٗ رَبِّيْٓ اَمَدًا٢٥
Qul in adrī aqarībum mā tū‘adūna am yaj‘alu lahū rabbī amadā(n).
[25]
Enggone kaphir mau puguh, nganti padha andêlêng siksa kang diancamake: Wong kaphir mau mêsthi ora lawas bakal padha andêlêng ana papêrangan ing Badar, sapa kang andêl-andêle apês lan sapa kang sathithik balane.
عٰلِمُ الْغَيْبِ فَلَا يُظْهِرُ عَلٰى غَيْبِهٖٓ اَحَدًاۙ٢٦
‘Ālimul-gaibi falā yuẓhiru ‘alā gaibihī aḥadā(n).
[26]
Lan sira dhawuha: Aku ora wêruh mungguh siksa kang diancamake marang si kaphir mau, apa wis cêdhak utawa isih lawas kalakone. Allah iku nguningani barang kang samar kang ora diwêruhi ing manungsa, Allah ora karsa mêdharake barang kang samar mau marang sawijining wong.
اِلَّا مَنِ ارْتَضٰى مِنْ رَّسُوْلٍ فَاِنَّهٗ يَسْلُكُ مِنْۢ بَيْنِ يَدَيْهِ وَمِنْ خَلْفِهٖ رَصَدًاۙ٢٧
Illā manirtaḍā mir rasūlin fa innahū yasluku mim baini yadaihi wa min khalfihī raṣadā(n).
[27]
Kajaba rasul kang wus diparêngake dening Allah nyumurupi barang kang samar sawatara, nalikane Allah karsa misikake barang kang samar marang rasul mau, rasul dijaga para malaikat ana ing ngarêp, ing buri lan ing kiwa têngên.
لِّيَعْلَمَ اَنْ قَدْ اَبْلَغُوْا رِسٰلٰتِ رَبِّهِمْ وَاَحَاطَ بِمَا لَدَيْهِمْ وَاَحْصٰى كُلَّ شَيْءٍ عَدَدًا ࣖ٢٨
Liya‘lama an qad ablagū risālāti rabbihim wa aḥāṭa bimā ladaihim wa aḥṣā kulla syai'in ‘adadā(n).
[28]
Supaya Allah nguningani kalawan gumêlar, yèn para rasul mau têmên wis ngundhangake dhawuhing Allah Pangerane, kawruhing Allah nglimputi kawruhing para rasul kabèh, lan bisa nacahake samubarang.