Surah Nuh

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِنَّآ اَرْسَلْنَا نُوْحًا اِلٰى قَوْمِهٖٓ اَنْ اَنْذِرْ قَوْمَكَ مِنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ١
Innā arsalnā nūḥan ilā qaumihī an anżir qaumaka min qabli ay ya'tiyahum ‘ażābun alīm(un).
[1] Ingsun wis ngutus Nabi Nuh, nyurup-nyurupake marang para umate: He Nuh, sira mêmêdènana marang para umatira, padha nglakonana panggawe bêcik, mupung durung katêkan siksaning Allah kang nglarani, ana ing dunya lan ing akhirat.

قَالَ يٰقَوْمِ اِنِّيْ لَكُمْ نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌۙ٢
Qāla yā qaumi innī lakum nażīrum mubīn(un).
[2] Dhawuhe Nabi Nuh: He para umatku, aku iki nyurup-nyurupake lan mêmêdèni marang kowe.

اَنِ اعْبُدُوا اللّٰهَ وَاتَّقُوْهُ وَاَطِيْعُوْنِۙ٣
Ani‘budullāha wattaqūhu wa aṭī‘ūn(i).
[3] Kowe padha nêmbaha lan wêdia ing Allah, apadene padha manut mituruta marang pituturku.

يَغْفِرْ لَكُمْ مِّنْ ذُنُوْبِكُمْ وَيُؤَخِّرْكُمْ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّىۗ اِنَّ اَجَلَ اللّٰهِ اِذَا جَاۤءَ لَا يُؤَخَّرُۘ لَوْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٤
Yagfir lakum min żunūbikum wa yu'akhkhirkum ilā ajalim musammā(n), inna ajalallāhi iżā jā'a lā yu'akhkhar(u), lau kuntum ta‘lamūn(a).
[4] Allah bakal ngapura sakèhe dosamu, lan bakal nyarantèkake kowe nganti têkan wêwangên kang wis tinamtokake, iya iku têkan ing pati. Manawa kowe padha wêruh, wêwangêning Allah iku yèn wis pundhat, ora kêna disarantèkake manèh. Nanging para umat mau padha maido.

قَالَ رَبِّ اِنِّيْ دَعَوْتُ قَوْمِيْ لَيْلًا وَّنَهَارًاۙ٥
Qāla rabbi innī da‘atu qaumī lailaw wa nahārā(n).
[5] Nabi Nuh munjuk ing Allah, dhuh Pangeran kawula, kawula punika ing rintên dalu tansah ngajak-ajak para umat kawula, kawula ajak pitados ing Tuwan. Nanging pangajak kawula wau namung mêwahi girasipun para umat kawula, sami botên purun manut.

فَلَمْ يَزِدْهُمْ دُعَاۤءِيْٓ اِلَّا فِرَارًا٦
Falam yazidhum du‘ā'ī illā firārā(n).
[6] Kawula punika sabên ngajak-ajak pitados ing Tuwan dhumatêng para umat kawula supados Tuwan ngapura dhumatêng para umat kawula, para umat wau lajêng sami nutupi kupingipun mawi darijinipun, sarta sirahipun dipun karukub mawi sinjangipun, supados sampun ngantos [nganto...s] mirêng utawi sumêrêp, para umat wau sami puguh anggènipun khaphir sarta sami gumêdhe botên purun pitados ing Tuwan.1

وَاِنِّيْ كُلَّمَا دَعَوْتُهُمْ لِتَغْفِرَ لَهُمْ جَعَلُوْٓا اَصَابِعَهُمْ فِيْٓ اٰذَانِهِمْ وَاسْتَغْشَوْا ثِيَابَهُمْ وَاَصَرُّوْا وَاسْتَكْبَرُوا اسْتِكْبَارًاۚ٧
Wa innī kullamā da‘autuhum litagfira lahum ja‘alū aṣābi‘ahum fī āżānihim wastagsyau ṡiyābahum wa aṣarrū wastakbarustikbārā(n).
[7] Sasampunipun makatên, para umat wau sami kawula pituturi kalayan sora.

ثُمَّ اِنِّيْ دَعَوْتُهُمْ جِهَارًاۙ٨
Ṡumma innī da‘autuhum jihārā(n).
[8] Lajêng sami kawula pituturi kalayan sora saha kalayan lirih.

ثُمَّ اِنِّيْٓ اَعْلَنْتُ لَهُمْ وَاَسْرَرْتُ لَهُمْ اِسْرَارًاۙ٩
Ṡumma innī a‘lantu lahum wa asrartu lahum isrārā(n).
[9] Dhawuh kawula makatên: He para umatku, kowe padha nyuwuna pangapura ing Allah Pangeranmu, awit Allah iku kaparêng ngapura.

فَقُلْتُ اسْتَغْفِرُوْا رَبَّكُمْ اِنَّهٗ كَانَ غَفَّارًاۙ١٠
Faqultustagfirū rabbakum innahū kāna gaffārā(n).
[10] Yèn wis paring ngapura, banjur nurunake banyu udan dêrês saka ing langit marang kowe.

يُّرْسِلِ السَّمَاۤءَ عَلَيْكُمْ مِّدْرَارًاۙ١١
Yursilis-samā'a ‘alaikum midrārā(n).
[11] Apadene paring wuwuh băndha lan anak marang kowe, lan maringi palêmahan sarta kali kanggo ngoncori palêmahan mau marang kowe.

وَّيُمْدِدْكُمْ بِاَمْوَالٍ وَّبَنِيْنَ وَيَجْعَلْ لَّكُمْ جَنّٰتٍ وَّيَجْعَلْ لَّكُمْ اَنْهٰرًاۗ١٢
Wa yumdidkum bi'amwāliw wa banīna wa yaj‘al lakum jannātiw wa yaj‘al lakum anhārā(n).
[12] Yagene kowe têka padha ora pracaya ing Allah, ora ngarêp-arêp pêparinging Allah ganjaran ana ing akhirat.

مَا لَكُمْ لَا تَرْجُوْنَ لِلّٰهِ وَقَارًاۚ١٣
Mā lakum lā tarjūna lillāhi waqārā(n).
[13] Allah wis gawe awakmu pirang-pirang rambahan kang tumaruntun. Dadi mani, nuli dadi gêtih kênthêl sabanjure.

وَقَدْ خَلَقَكُمْ اَطْوَارًا١٤
Wa qad khalaqakum aṭwārā(n).
[14] Apa kowe ora padha andêlêng Allah ênggone gawe langit pitu kang sap-sapan.

اَلَمْ تَرَوْا كَيْفَ خَلَقَ اللّٰهُ سَبْعَ سَمٰوٰتٍ طِبَاقًاۙ١٥
Alam tara kaifa khalaqallāhu sab‘a samāwātin ṭibāqā(n).
[15] Lan ênggone andadèkake rêmbulan amadhangi ing langit kabèh, apadene ênggone andadèkake srêngenge minăngka damar.

وَّجَعَلَ الْقَمَرَ فِيْهِنَّ نُوْرًا وَّجَعَلَ الشَّمْسَ سِرَاجًا١٦
Wa ja‘alal-qamara fīhinna nūraw wa ja‘alasy-syamsa sirājā(n).
[16] Lan manèh Allah gawe awakmu asal saka ing lêmah.

وَاللّٰهُ اَنْۢبَتَكُمْ مِّنَ الْاَرْضِ نَبَاتًاۙ١٧
Wallāhu ambatakum minal-arḍi nabātā(n).
[17] Sawise dadi manungsa, Allah banjur ambalèkake awakmu dadi lêmah manèh, sawise dadi lêmah, Allah nguripake kowe lan diwêtokake saka ing kubur.

ثُمَّ يُعِيْدُكُمْ فِيْهَا وَيُخْرِجُكُمْ اِخْرَاجًا١٨
Ṡumma yu‘īdukum fīhā wa yukhrijukum ikhrājā(n).
[18] Apadene Allah andadèkake bumi iki warata, migunani marang kowe.

وَاللّٰهُ جَعَلَ لَكُمُ الْاَرْضَ بِسَاطًاۙ١٩
Wallāhu ja‘ala lakumul-arḍa bisāṭā(n).
[19] Supaya kowe padha bisa mlaku ana ing dalan kang jêmbar.

لِّتَسْلُكُوْا مِنْهَا سُبُلًا فِجَاجًا ࣖ٢٠
Litaslukū minhā subulan fijājā(n).
[20] Nabi Nuh munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, para umat kawula punika sami botên [bo....tên] manut miturut dhumatêng parentah kawula, sami manut tiyang ingkang asor budinipun, kasugihanipun arta saha anak, namung badhe andadosakên kacilakan saha kapitunanipun.

قَالَ نُوْحٌ رَّبِّ اِنَّهُمْ عَصَوْنِيْ وَاتَّبَعُوْا مَنْ لَّمْ يَزِدْهُ مَالُهٗ وَوَلَدُهٗٓ اِلَّا خَسَارًاۚ٢١
Qāla nūḥur rabbi innahum ‘aṣaunī wattaba‘ū mal lam yazidhu māluhū wa waladuhū illā khasārā(n).
[21] Para umat wau sami damêl pakèwêd agêng dhumatêng tiyang mukmin.

وَمَكَرُوْا مَكْرًا كُبَّارًاۚ٢٢
Wa makarū makran kubbārā(n).
[22] Pangucapipun tiyang asor budinipun dhumatêng para sor-soranipun: Aja padha tinggal nyêmbah sêsêmbahanmu brahala, rêca wad lan rêca suwak, iku aja padha kotogake bae, aku wajib kudu padha nyêmbah.

وَقَالُوْا لَا تَذَرُنَّ اٰلِهَتَكُمْ وَلَا تَذَرُنَّ وَدًّا وَّلَا سُوَاعًا ەۙ وَّلَا يَغُوْثَ وَيَعُوْقَ وَنَسْرًاۚ٢٣
Wa qālū lā tażarunna ālihatakum wa lā tażarunna waddaw wa lā suwā‘ā(n), wa lā yagūṡa wa ya‘ūqa wa nasrā(n).
[23] Mangkono uga rêca Yaghut, rêca Yangug, lan rêca Nasêr, iku wajib padha kosêmbah, aja kotogake bae.

وَقَدْ اَضَلُّوْا كَثِيْرًا ەۚ وَلَا تَزِدِ الظّٰلِمِيْنَ اِلَّا ضَلٰلًا٢٤
Wa qad aḍallū kaṡīrā(n), wa lā tazidiẓ-ẓālimīna illā ḍalālā(n).
[24] Tiyang asor ing budi wau, sami nasarakên tiyang kathah, mila panyuwun kawula, tiyang kaphir wau mugi Tuwan tumpês kemawon.

مِمَّا خَطِيْۤـٰٔتِهِمْ اُغْرِقُوْا فَاُدْخِلُوْا نَارًا ەۙ فَلَمْ يَجِدُوْا لَهُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ اَنْصَارًا٢٥
Mimmā khaṭī'ātihim ugriqū fa'udkhilū nārā(n), falam yajidū lahum min dūnillāhi anṣārā(n).
[25] Sarèhning para umate Nabi Nuh mau gêdhe kaluputane, mulane padha dikêlêm kalawan banjir topan, ana sajroning banyu diobong ing gêni.

وَقَالَ نُوْحٌ رَّبِّ لَا تَذَرْ عَلَى الْاَرْضِ مِنَ الْكٰفِرِيْنَ دَيَّارًا٢٦
Wa qāla nūḥur rabbi lā tażar ‘alal-arḍi minal-kāfirīna dayyārā(n).
[26] Liyane Allah ora ana kang bisa nulungi para umat mau.

اِنَّكَ اِنْ تَذَرْهُمْ يُضِلُّوْا عِبَادَكَ وَلَا يَلِدُوْٓا اِلَّا فَاجِرًا كَفَّارًا٢٧
Innaka in tażarhum yuḍillū ‘ibādaka wa lā yalidū illā fājiran kaffārā(n).
[27] Nabi Nuh munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, tiyang kaphir wau mugi Tuwan têlasakên, sampun ngantos wontên ingkang kantun gêsang wontên ing bumi, manggèn wontên ing griya.

رَبِّ اغْفِرْ لِيْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِمَنْ دَخَلَ بَيْتِيَ مُؤْمِنًا وَّلِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِۗ وَلَا تَزِدِ الظّٰلِمِيْنَ اِلَّا تَبَارًا ࣖ٢٨
Rabbigfir lī wa liwālidayya wa liman dakhala baitiya mu'minaw wa lil-mu'minīna wal-mu'mināt(i), wa lā tazidiẓ-ẓālimīna illā tabārā(n).
[28] Manawi tiyang kaphir wau Tuwan kèndêlakên kemawon, tamtu badhe nasarakên para kawula Tuwan, manawi ing têmbe mêdal anakipun, anak wau tamtu dados tiyang awon utawi kaphir.