Surah Al-Ma’arij
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
سَاَلَ سَاۤىِٕلٌۢ بِعَذَابٍ وَّاقِعٍۙ١
Sa'ala sā'ilum bi‘ażābiw wāqi‘(in).
[1]
Kyai Nalar bin Kharêt, anggêdhag têkaning siksa.
لِّلْكٰفِرِيْنَ لَيْسَ لَهٗ دَافِعٌۙ٢
Lil-kāfirīna laisa lahū dāfi‘(un).
[2]
Marang para wong kaphir, kang dipratelakake, ora ana kang bisa nulak.
مِّنَ اللّٰهِ ذِى الْمَعَارِجِۗ٣
Minallāhi żil-ma‘ārij(i).
[3]
Siksa saka Allah kang kagungan langit, iya iku panggonan munggahe para malaikat.
تَعْرُجُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ وَالرُّوْحُ اِلَيْهِ فِيْ يَوْمٍ كَانَ مِقْدَارُهٗ خَمْسِيْنَ اَلْفَ سَنَةٍۚ٤
Ta‘rujul-malā'ikatu war-rūḥu ilaihi fī yaumin kāna miqdāruhū khamsīna alfa sanah(tin).
[4]
Para malaikat lan roh, iya iku Malaikat Jabarail, padha munggah marang panggonan tumurune parentahing Allah. Kalakone siksa mau tinamtokake ana ing dina kiyamat, iya iku dina kang dawane padha lan sèkêt èwu taun.
فَاصْبِرْ صَبْرًا جَمِيْلًا٥
Faṣbir ṣabran jamīlā(n).
[5]
(He Mukhammad) sira sabara kalawan têntrêm.
اِنَّهُمْ يَرَوْنَهٗ بَعِيْدًاۙ٦
Innahum yaraunahū ba‘īdā(n).
[6]
Pangrasane si kaphir, siksa iku isih lawas bangêt kalakone, utawa mokhal kalakone.
وَّنَرٰىهُ قَرِيْبًاۗ٧
Wa narāhu qarībā(n).
[7]
Nanging Ingsun ngarani wis cêdhak lan mêsthi kalakon. [kala..kon.]
يَوْمَ تَكُوْنُ السَّمَاۤءُ كَالْمُهْلِۙ٨
Yauma takūnus-samā'u kal-muhl(i).
[8]
Ing dina kiyamat iku, warnaning langit kaya jèr-jèran salaka.
وَتَكُوْنُ الْجِبَالُ كَالْعِهْنِۙ٩
Wa takūnul-jibālu kal-‘ihn(i).
[9]
Dene gunung-gunung iku kaya kapuk diwusoni.
وَلَا يَسْـَٔلُ حَمِيْمٌ حَمِيْمًاۚ١٠
Wa lā yas'alu ḥamīmun ḥamīmā(n).
[10]
Lan ora ana wong têtakon marang sanake, saking dening wêdine.
يُبَصَّرُوْنَهُمْۗ يَوَدُّ الْمُجْرِمُ لَوْ يَفْتَدِيْ مِنْ عَذَابِ يَوْمِىِٕذٍۢ بِبَنِيْهِۙ١١
Yubaṣṣarūnahum, yawaddul-mujrimu lau yaftadī min ‘ażābi yaumi'iżim bibanīh(i).
[11]
Para wong mau padha andêlêng marang sanake, nanging ora wani têtakon, pangarêp-arêpe wong kaphir, siksa ing dina kiyamat iku wurunga sarana si kaphir mau nyaosake anak-anake.
وَصَاحِبَتِهٖ وَاَخِيْهِۙ١٢
Wa ṣāḥibatihī wa akhīh(i).
[12]
Lan nyaosake rabine lan sadulure.
وَفَصِيْلَتِهِ الَّتِيْ تُـْٔوِيْهِۙ١٣
Wa faṣīlatihil-latī tu'wīh(i).
[13]
Lan nyaosake batihe kang dadi wêwêngkone.
وَمَنْ فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًاۙ ثُمَّ يُنْجِيْهِۙ١٤
Wa man fil-arḍi jamī‘ā(n), ṡumma yunjīh(i).
[14]
Upama wong kaphir mau duwea saisining bumi, kaduga nyaosake kabèh, panyuwune mung dislamêtna saka ing siksa.
كَلَّاۗ اِنَّهَا لَظٰىۙ١٥
Kallā, innahā laẓā.
[15]
Allah ora kaparêng, satêmêne siksa naraka iku Naraka Ladza arane.
نَزَّاعَةً لِّلشَّوٰىۚ١٦
Nazzā‘atal lisy-syawā.
[16]
Nglonyomake kulit.
تَدْعُوْا مَنْ اَدْبَرَ وَتَوَلّٰىۙ١٧
Tad‘ū man adbara wa tawallā.
[17]
Naraka mau ngundang-undang wong kaphir, kang mungkur suthik pracaya ing Allah, lan malengos marang bênêr.
وَجَمَعَ فَاَوْعٰى١٨
Wa jama‘a fa'au‘ā.
[18]
Lan ngalumpukake băndha mung disimpên ing kanthong bae, suthik bayar jakat.
۞ اِنَّ الْاِنْسَانَ خُلِقَ هَلُوْعًاۙ١٩
Innal-insāna khuliqa halu‘ā(n).
[19]
Satêmêne manungsa iku dititahake murka.
اِذَا مَسَّهُ الشَّرُّ جَزُوْعًاۙ٢٠
Iżā massahusy-syarru jazū‘ā(n).
[20]
Lire, mênawa kambah ing lara ngêrsula.
وَّاِذَا مَسَّهُ الْخَيْرُ مَنُوْعًاۙ٢١
Wa iżā massahul-khairu manū‘ā(n).
[21]
Lan mênawa kambah ing bêcik, nêmu kabêgjan, banjur kumêd.
اِلَّا الْمُصَلِّيْنَۙ٢٢
Illal-muṣallīn(a).
[22]
Kajaba para wong mukmin.
الَّذِيْنَ هُمْ عَلٰى صَلَاتِهِمْ دَاۤىِٕمُوْنَۖ٢٣
Allażīna hum ‘alā ṣalātihim dā'imūn(a).
[23]
Kang padha nêtêpi sêmbayang.
وَالَّذِيْنَ فِيْٓ اَمْوَالِهِمْ حَقٌّ مَّعْلُوْمٌۖ٢٤
Wal-lażīna fī amwālihim ḥaqqum ma‘lūm(un).
[24]
Lan kang padha bayar jakating bandhane, apa bênêre kang ditamtokake.
لِّلسَّاۤىِٕلِ وَالْمَحْرُوْمِۖ٢٥
Lis-sā'ili wal-maḥrūm(i).
[25]
Dibayarake marang wong kang gêlêm anjaluk, lan kang ora gêlêm anjaluk.
وَالَّذِيْنَ يُصَدِّقُوْنَ بِيَوْمِ الدِّيْنِۖ٢٦
Wal-lażīna yuṣaddiqūna biyaumid-dīn(i).
[26]
Lan kang padha ngandêl bakal anane dina kiyamat.
وَالَّذِيْنَ هُمْ مِّنْ عَذَابِ رَبِّهِمْ مُّشْفِقُوْنَۚ٢٧
Wal-lażīna hum min ‘ażābi rabbihim musyfiqūn(a).
[27]
Lan kang padha wêdi siksaning Pangerane.
اِنَّ عَذَابَ رَبِّهِمْ غَيْرُ مَأْمُوْنٍۖ٢٨
Inna ‘ażāba rabbihim gairu ma'mūn(in).
[28]
Awit ora ana wong kawasa, mêsthi kalis [ka....lis] saka siksaning Pangerane.
وَّالَّذِيْنَ هُمْ لِفُرُوْجِهِمْ حٰفِظُوْنَۙ٢٩
Wal-lażīna hum lifurūjihim ḥāfiẓūn(a).
[29]
Lan kang padha ngati-ati ênggone rumêksa pêrjine (kawirangane).
اِلَّا عَلٰٓى اَزْوَاجِهِمْ اَوْ مَا مَلَكَتْ اَيْمَانُهُمْ فَاِنَّهُمْ غَيْرُ مَلُوْمِيْنَۚ٣٠
Illā ‘alā azwājihim au mā malakat aimānuhum fa innahum gairu malūmīn(a).
[30]
Kajaba tumrap marang bojone dhewe, utawa wong kang dadi darbèke, iku dudu larangan.
فَمَنِ ابْتَغٰى وَرَاۤءَ ذٰلِكَ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْعَادُوْنَۚ٣١
Fa manibtagā warā'a żālika fa ulā'ika humul-‘ādūn(a).
[31]
Dene sing sapa narajang cumbana lan liyane rong prakara iku, têtêp wong nampik barang kang khalal, milih kang kharam.
وَالَّذِيْنَ هُمْ لِاَمٰنٰتِهِمْ وَعَهْدِهِمْ رٰعُوْنَۖ٣٢
Wal-lażīna hum li'amānātihim wa ‘ahdihim rā'ūn(a).
[32]
Lan kang padha tuhu, ora nyidrani sêsanggêmane lan rumêksa barang titipan.
وَالَّذِيْنَ هُمْ بِشَهٰدٰتِهِمْ قَاۤىِٕمُوْنَۖ٣٣
Wal-lażīna hum bisyahādātihim qā'imūn(a).
[33]
Lan kang padha nêksèni ana ing pangadilan kalawan satêmêne bae.
وَالَّذِيْنَ هُمْ عَلٰى صَلَاتِهِمْ يُحَافِظُوْنَۖ٣٤
Wal-lażīna hum ‘alā ṣalātihim yuḥāfiẓūn(a).
[34]
Lan kang padha nglakoni sêmbayang têtêp ana ing waktune.
اُولٰۤىِٕكَ فِيْ جَنّٰتٍ مُّكْرَمُوْنَ ۗ ࣖ٣٥
Ulā'ika fī jannātim mukramūn(a).
[35]
Wong mangkono mau bakal padha manggon ana ing suwarga lan diaji-aji.
فَمَالِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا قِبَلَكَ مُهْطِعِيْنَۙ٣٦
Famālil-lażīna kafarū qibalaka muhṭi‘īn(a).
[36]
Wong kaphir padha rêbut dhucung ngrungokake pituturira, iku apa gunane, têka ora makolèhi awake.
عَنِ الْيَمِيْنِ وَعَنِ الشِّمَالِ عِزِيْنَ٣٧
‘Anil-yamīni wa ‘anisy-syimāli ‘izīn(a).
[37]
Padha krompolan ngrungokake pituturira, ana ing kiwanira lan têngênira.
اَيَطْمَعُ كُلُّ امْرِئٍ مِّنْهُمْ اَنْ يُّدْخَلَ جَنَّةَ نَعِيْمٍۙ٣٨
Ayaṭma‘u kullumri'im minhum ay yudkhala jannata na‘īm(in).
[38]
Apa siji-sijine wong kaphir mau padha kapengin dilêbokake ing Suwarga Nangim.
كَلَّاۗ اِنَّا خَلَقْنٰهُمْ مِّمَّا يَعْلَمُوْنَ٣٩
Kallā, innā khalaqnāhum mimmā ya‘malūn(a).
[39]
Tangèh yèn kêlakona, manungsa padha Ingsun gawe saka mani, manungsa iya wis padha wêruh. Iku dudu bênêre duwe pangarêp-arêp malêbu ing suwarga, kajaba yèn wêdi ing Allah.
فَلَآ اُقْسِمُ بِرَبِّ الْمَشٰرِقِ وَالْمَغٰرِبِ اِنَّا لَقٰدِرُوْنَۙ٤٠
Falā uqsimu birabbil-masyāriqi wal-magāribi innā laqādirūn(a).
[40]
Ingsun supata, dêmi Pangeraning panggonan surupe sakèhing lintang, lan dêmi Pangeraning panggonan mêtune lintang kabèh, Ingsun iki kawasa têmênan.
عَلٰٓى اَنْ نُّبَدِّلَ خَيْرًا مِّنْهُمْۙ وَمَا نَحْنُ بِمَسْبُوْقِيْنَ٤١
‘Alā an nubaddila khairam minhum, wa mā naḥnu bimasbūqīn(a).
[41]
Bisa gawe manungsa liya, kang bêciking ngungkuli wong kaphir iku, manut miturut parentahing Allah, gagah prakosa bandhu-băndha, mokhal yèn Ingsun ora bisa.
فَذَرْهُمْ يَخُوْضُوْا وَيَلْعَبُوْا حَتّٰى يُلٰقُوْا يَوْمَهُمُ الَّذِيْ يُوْعَدُوْنَۙ٤٢
Fa żarhum yakhūḍū wa yal‘abū ḥattā yulāqū yaumahumul-lażī yū‘adūn(a)
[42]
Mulane wong kaphir iku sira togna bae, karêbèn padha salulup ana ing panasaran, lan karêbèn padha tutug ênggone padha girang-girang, nganti têkan dina kiyamat, wêwangêne ênggone padha diancam siksa naraka.
يَوْمَ يَخْرُجُوْنَ مِنَ الْاَجْدَاثِ سِرَاعًا كَاَنَّهُمْ اِلٰى نُصُبٍ يُّوْفِضُوْنَۙ٤٣
Yauma yakhrujūna minal-ajdāṡi sirā‘an ka'annahum ilā nuṣubiy yūfiḍūn(a).
[43]
Iya iku dina nalikane wong kaphir padha [pa.....dha] mêtu saka ing kubure, padha rêrikatan marani malaikat kang ngundang-undang, kaya ênggone rêrikatan marani brahala sêsêmbahane.
خَاشِعَةً اَبْصَارُهُمْ تَرْهَقُهُمْ ذِلَّةٌ ۗذٰلِكَ الْيَوْمُ الَّذِيْ كَانُوْا يُوْعَدُوْنَ ࣖ٤٤
Khāsyi‘atan abṣāruhum tarhaquhum żillah(tun), żālikal-yaumul-lażī kānū yū‘adūn(a).
[44]
Pandêlênge padha tumungkul saking dening asore. Dina iku dina kiyamat, kang diancamake marang para wong kaphir nalika ana ing dunya.