Surah Al-A’raf

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤمّۤصۤ ۚ١
Alif lām mīm ṣād.
[1] Aliph, Lam, Mim, Sad. (Aliph, Lam, Mim, Sad, iku kabèh araning aksara Ngarab, kang wêruh têgêse mung Allah piyambak. Sawi). Kuran iki kitab kang wis didhawuhake marang sira Mukhammad, supaya sira ênggoa mêmêdèni lan minăngka pêpeling utawa wêwulang marang para wong mukmin, atinira aja sêsak, wêgah anggêlarake Kuran mau marang wong akèh.

كِتٰبٌ اُنْزِلَ اِلَيْكَ فَلَا يَكُنْ فِيْ صَدْرِكَ حَرَجٌ مِّنْهُ لِتُنْذِرَ بِهٖ وَذِكْرٰى لِلْمُؤْمِنِيْنَ٢
Kitābun unzila ilaika falā yakun fī ṣadrika ḥarajum minhu litunżira bihī wa żikrā lil-mu'minīn(a).
[2] (He manungsa) sira padha ngèstokna Kuran, [Kur..an,] kang wis didhawuhake dening Pangeranira marang sira kabèh, lan aja padha gawe panutan liyane Allah. Eman têmên ênggonira padha mangan pitutur têka mung sadhela bae.

اِتَّبِعُوْا مَآ اُنْزِلَ اِلَيْكُمْ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَلَا تَتَّبِعُوْا مِنْ دُوْنِهٖٓ اَوْلِيَاۤءَۗ قَلِيْلًا مَّا تَذَكَّرُوْنَ٣
Ittabi‘ū mā unzila ilaikum mir rabbikum wa lā tattabi‘ū min dūnihī auliyā'(a), qalīlam mā tażakkarūn(a).
[3] Pira bae kang wis kêlakon, wong ing padhukuhan padha Ingsun rusak sarana katêkan siksaningsun, ing wayah wêngi, utawa wayah awan pinuju padha turu.

وَكَمْ مِّنْ قَرْيَةٍ اَهْلَكْنٰهَا فَجَاۤءَهَا بَأْسُنَا بَيَاتًا اَوْ هُمْ قَاۤىِٕلُوْنَ٤
Wa kam min qaryatin ahlaknāhā fa jā'ahā ba'sunā bayātan au hum qā'ilūn(a).
[4] Wong ing padhukuhan mau nalikane padha katêkan siksaningsun, sêsambate ora ana manèh mung: adhuh, aku iki dhasar padha duraka.

فَمَا كَانَ دَعْوٰىهُمْ اِذْ جَاۤءَهُمْ بَأْسُنَآ اِلَّآ اَنْ قَالُوْٓا اِنَّا كُنَّا ظٰلِمِيْنَ٥
Famā kāna da‘wāhum iż jā'ahum ba'sunā illā an qālū innā kunnā ẓālimīn(a).
[5] Ing besuk Ingsun mêsthi andangu marang para wong kang wis padha katêkan utusaningsun (apa padha ngèstokake utawa ora). Lan Ingsun uga andangu marang para utusaningsun, (apa nyata wis ngundhangake parentah Ingsun).

فَلَنَسْـَٔلَنَّ الَّذِيْنَ اُرْسِلَ اِلَيْهِمْ وَلَنَسْـَٔلَنَّ الْمُرْسَلِيْنَۙ٦
Fa lanas'alannal-lażīna ursila ilaihim wa lanas'alannal-mursalīn(a).
[6] (Mênawa para utusaningsun padha wêdi munjuk) Ingsun bakal anjalèntrèhake samubarang kang wis padha dilakoni dening para umate, awêwaton kawruh, Ingsun mêsthi ora kasamaran.

فَلَنَقُصَّنَّ عَلَيْهِمْ بِعِلْمٍ وَّمَا كُنَّا غَاۤىِٕبِيْنَ٧
Fa lanaquṣṣanna ‘alaihim bi‘ilmiw wa mā kunnā gā'ibīn(a).
[7] Ing dina kiyamat kono mêsthi kanyataan [kanya...taan] ananing traju kang kacarita kanggo nraju ala bêciking wong. Dene sing sapa trajune abot, marga dening akèh kabêcikane: iku aran wong bêgja.

وَالْوَزْنُ يَوْمَىِٕذِ ِۨالْحَقُّۚ فَمَنْ ثَقُلَتْ مَوَازِيْنُهٗ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ٨
Wal-waznu yauma'iżinil-ḥaqq(u), faman ṡaqulat mawāzīnuhū fa ulā'ika humul-mufliḥūn(a).
[8] Dene sing sapa trajune ènthèng awit saka akèh alane, iku aran wong cilaka utawa kapitunan, marga ênggone padha maido ayat Ingsun.

وَمَنْ خَفَّتْ مَوَازِيْنُهٗ فَاُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ خَسِرُوْٓا اَنْفُسَهُمْ بِمَا كَانُوْا بِاٰيٰتِنَا يَظْلِمُوْنَ٩
Wa man khaffat mawāzīnuhū fa ulā'ikal-lażīna khasirū anfusahum bimā kānū bi'āyātinā yaẓlimūn(a).
[9] (He turune Adam) Ingsun wis ngumbar sira kabèh ana ing bumi, kalawan padha Ingsun sadhiyani pangan minăngka panguripan, ewadene sira iku kang sukur marang Ingsun mung sathithik.

وَلَقَدْ مَكَّنّٰكُمْ فِى الْاَرْضِ وَجَعَلْنَا لَكُمْ فِيْهَا مَعَايِشَۗ قَلِيْلًا مَّا تَشْكُرُوْنَ ࣖ١٠
Wa laqad makkannākum fil-arḍi wa ja‘alnā lakum fīhā ma‘āyisy(a), qalīlam mā tasykurūn(a).
[10] Ingsun têmên wis nitahake Nabi Adam lêluhurira, sarta Ingsun tamtokake rupane. Ingsun nuli ngandika marang para malaikat, sira padha sujuda marang Nabi Adam. Para malaikat mau banjur padha sujud marang Nabi Adam, mung iblis mopo ora gêlêm sujud marang Nabi Adam.

وَلَقَدْ خَلَقْنٰكُمْ ثُمَّ صَوَّرْنٰكُمْ ثُمَّ قُلْنَا لِلْمَلٰۤىِٕكَةِ اسْجُدُوْا لِاٰدَمَ فَسَجَدُوْٓا اِلَّآ اِبْلِيْسَۗ لَمْ يَكُنْ مِّنَ السّٰجِدِيْنَ١١
Wa laqad khalaqnākum ṡumma ṣawwarnākum ṡumma qulnā lil-malā'ikatisjudū li'ādama fa sajadū illā iblīs(a), lam yakum minas-sājidīn(a).
[11] Allah nuli andangu marang iblis: Ingsun wis dhawuh marang sira, apa sababe sira têka mopo, ora ngèstokake sujud marang Nabi Adam. Iblis nuli munjuk: Kawula punika langkung sae utawi mulya tinimbang lan Nabi Abi Adam. Anggèn Tuwan nitahakên kawula kadadosan saking latu, wangsul anggèn Tuwan nitahakên Nabi Adam punika, kadadosan saking êndhut.

قَالَ مَا مَنَعَكَ اَلَّا تَسْجُدَ اِذْ اَمَرْتُكَ ۗقَالَ اَنَا۠ خَيْرٌ مِّنْهُۚ خَلَقْتَنِيْ مِنْ نَّارٍ وَّخَلَقْتَهٗ مِنْ طِيْنٍ١٢
Qāla mā mana‘aka allā tasjuda iż amartuk(a), qāla ana khairum minh(u), khalaqtanī min nāriw wa khalaqtahū min ṭīn(in).
[12] Allah nuli ngandika: Samêngko sira mudhuna saka ing langit, sira ora kêna kumaluhur-luhur ana ing langit, dirikat sira mêtua saka ing suwarga, sira iku bangsaning cilik.

قَالَ فَاهْبِطْ مِنْهَا فَمَا يَكُوْنُ لَكَ اَنْ تَتَكَبَّرَ فِيْهَا فَاخْرُجْ اِنَّكَ مِنَ الصّٰغِرِيْنَ١٣
Qāla fahbiṭ minhā famā yakūnu laka an tatakabbara fīhā fakhruj innaka minaṣ-ṣāgirīn(a).
[13] Iblis nuli munjuk: Tuwan mugi nyarantosna kawula ngantès[5] dumugi dintên kiyamat, nalikanipun para manungsa sami tinangèkakên saking pêjah.

قَالَ اَنْظِرْنِيْٓ اِلٰى يَوْمِ يُبْعَثُوْنَ١٤
Qāla anẓirnī ilā yaumi yub‘aṡūn(a).
[14] Allah nuli ngandika: Iya, sira Ingsun sarantèkake nganti têkan dina kiyamat.

قَالَ اِنَّكَ مِنَ الْمُنْظَرِيْنَ١٥
Qāla innaka minal-munẓarīn(a).
[15] Iblis nuli munjuk: Sarèhning Tuwan sampun nasarakên saha dêduka dhatêng kawula, kawula inggih mêsthi ngangkah supados para turunipun Nabi Adam sami kêsasar saking margi Tuwan ingkang lêrês.

قَالَ فَبِمَآ اَغْوَيْتَنِيْ لَاَقْعُدَنَّ لَهُمْ صِرَاطَكَ الْمُسْتَقِيْمَۙ١٦
Qāla fabimā agwaitanī la'aq‘udanna lahum ṣirāṭakal-mustaqīm(a).
[16] Panggodha kawula dhatêng para turunipun Nabi Adam, kawula wêdali saking ngajêngipun saha saking wingkingipun, punapadene saking kiwa utawi saking têngênipun, ing têmbe turunipun Nabi Adam wau, ingkang sukur saha pitados ing Tuwan, botên kathah.

ثُمَّ لَاٰتِيَنَّهُمْ مِّنْۢ بَيْنِ اَيْدِيْهِمْ وَمِنْ خَلْفِهِمْ وَعَنْ اَيْمَانِهِمْ وَعَنْ شَمَاۤىِٕلِهِمْۗ وَلَا تَجِدُ اَكْثَرَهُمْ شٰكِرِيْنَ١٧
Ṡumma la'ātiyannahum mim baini aidīhim wa min khalfihim wa ‘an aimānihim wa ‘an syamā'ilihim, wa lā tajidu akṡarahum syākirīn(a).
[17] Allah nuli ngandika: Aja kasuwèn, sira mêtua saka suwarga, lungaa saka ing langit, kalawan kêdukan tur tinundhung. Dene turune Nabi Adam, sing sapa manut ing sira, amêsthi Ingsun tunggalake lan sira, Ingsun ênggo isèn-isèn, ngêbaki naraka Jahanam, kabèh bae ora beda.

قَالَ اخْرُجْ مِنْهَا مَذْءُوْمًا مَّدْحُوْرًا ۗ لَمَنْ تَبِعَكَ مِنْهُمْ لَاَمْلَـَٔنَّ جَهَنَّمَ مِنْكُمْ اَجْمَعِيْنَ١٨
Qālakhruj minhā maż'ūmam madḥūrā(n), laman tabi‘aka minhum la'amla'anna jahannama minkum ajma‘īn(a).
[18] (Allah angandika): He Adam, sira lan rabinira padha manggona ana ing suwarga, sarta padha mangana apa kang sira karêpake, nanging poma aja padha mangan wohing wit siji iki, cêdhak bae aja, samăngsa sira wani-wani mangan, amêsthi sira kalêbu nganiaya awakira dhewe.

وَيٰٓاٰدَمُ اسْكُنْ اَنْتَ وَزَوْجُكَ الْجَنَّةَ فَكُلَا مِنْ حَيْثُ شِئْتُمَا وَلَا تَقْرَبَا هٰذِهِ الشَّجَرَةَ فَتَكُوْنَا مِنَ الظّٰلِمِيْنَ١٩
Wa yā ādamuskun anta wa zaujukal-jannata fa kulā min ḥaiṡu syi'tumā wa lā taqrabā hāżihisy-syajarata fa takūnā minaẓ-ẓālimīn(a).
[19] Setan kang uga aran iblis, banjur anggodha marang Nabi Adam sakaloron,pamrihe supaya padha katona ngurate, (kawirangane) marga dening gogrog panganggone. (Nabi Adam dalah garwane nalika isih ana sajroning suwarga, pangagêmane rupa kuku, ngêbaki sarirane. Barêng wis padha nêrak laranganing Allah, dhahar woh laranganing Allah, pangagêmane kuku mau padha rontok, mung kari ana ing dariji bae, wusana banjur padha katon kawirangane. Ing kono Nabi Adam lan garwane bangêt kaduwung ênggone padha wis kabanjur nêrak laranganing Allah, sarta padha muwun, sabanjure Nabi Adam mau sabên mirsani kukune banjur kèngêtan nalika kêdukan ing Allah, lan banjur muwun. Kang mangkono mau dadi watêk. Tumurun mara para turune kabèh, sing sapa kudu gumuyu ora kêna diampêt, mênawa banjur andêlêng kukune, amêsthi banjur lêrêm ênggone kudu gumuyu mau. Sawi. Jalalèn.) setan mau atur marang Nabi Adam sakaloron: Sampeyan sami sumêrêpa, Pangeran sampeyan anggènipun ngawisi dhatêng sampeyan, botên kaparêng dhahar wohing wit satunggal [sa...tunggal] punika, karsanipun, supados sampeyan sakalihan sampun ngantos sami dados malaikat, utawi sampun ngantos tulus langgêng anggèn sampeyan sami manggèn wontên ing suwarga ngriki.

فَوَسْوَسَ لَهُمَا الشَّيْطٰنُ لِيُبْدِيَ لَهُمَا مَا وٗرِيَ عَنْهُمَا مِنْ سَوْءٰتِهِمَا وَقَالَ مَا نَهٰىكُمَا رَبُّكُمَا عَنْ هٰذِهِ الشَّجَرَةِ اِلَّآ اَنْ تَكُوْنَا مَلَكَيْنِ اَوْ تَكُوْنَا مِنَ الْخٰلِدِيْنَ٢٠
Fa waswasa lahumasy-syaiṭānu liyubdiya lahumā mā wūriya ‘anhumā min sau'ātihimā wa qāla mā nahākumā rabbukumā ‘an hāżihisy-syajarati illā an takūnā malakaini au takūnā minal-khālidīn(a).
[20] Iblis mau supata marang Nabi Adam sakaloron, ature: Dêmi Allah, kula punika pitutur sayêktos dhatêng sampeyan sakalihan.

وَقَاسَمَهُمَآ اِنِّيْ لَكُمَا لَمِنَ النّٰصِحِيْنَۙ٢١
Wa qāsamahumā innī lakumā laminan-nāṣiḥīn(a).
[21] Iblis ênggone ngapusi mangkono mau, andadèkake kêplorode Nabi Adam sakaloron saka ing pangkate. Têrange mangkene: Barêng Nabi Adam sakaloron wis padha mangan wohing wit laranganing Allah, sanalika (panganggone kuku padha gogrog, mung kari kang ana ing dariji) banjur katon kawirangane. Ing kono Nabi Adam sakaloron banjur padha angganthèti godhongan ing suwarga, diênggo awêr-awêr. Pangerane Nabi Adam banjur andangu: Ingsun apa ora wis anglarangi marang sira sakaloron, ora kêna mangan wohing wit iku, sarta Ingsun apa ora wis paring wêruh marang sira yèn setan iku têtela satrunira.

فَدَلّٰىهُمَا بِغُرُوْرٍۚ فَلَمَّا ذَاقَا الشَّجَرَةَ بَدَتْ لَهُمَا سَوْءٰتُهُمَا وَطَفِقَا يَخْصِفٰنِ عَلَيْهِمَا مِنْ وَّرَقِ الْجَنَّةِۗ وَنَادٰىهُمَا رَبُّهُمَآ اَلَمْ اَنْهَكُمَا عَنْ تِلْكُمَا الشَّجَرَةِ وَاَقُلْ لَّكُمَآ اِنَّ الشَّيْطٰنَ لَكُمَا عَدُوٌّ مُّبِيْنٌ٢٢
Fa dallāhumā bigurūr(in), falammā żāqasy-syajarata badat lahumā sau'ātuhumā wa ṭafiqā yakhṣifāni ‘alaihimā miw waraqil-jannah(ti), wa nādāhumā rabbuhumā alam anhakumā ‘an tilkumasy-syajarati wa aqul lakumā innasy-syaiṭāna lakumā ‘aduwwum mubīn(un).
[22] Nabi Adam sakaloron banjur padha munjuk: Dhuh Pangeran kawula, saèstunipun, kawula punika sami nganiaya dhatêng awak kawula piyambak, saupami Tuwan botên ngapura dhumatêng kawula, utawi botên karsa ngrêntahakên sih palimarma dhumatêng kawula, amêsthi kawula tiyang kalih sami dados tiyang cilaka.

قَالَا رَبَّنَا ظَلَمْنَآ اَنْفُسَنَا وَاِنْ لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ٢٣
Qālā rabbanā ẓalamnā anfusanā wa illam tagfir lanā wa tarḥamnā lanakūnanna minal-khāsirīn(a).
[23] Allah ngandika: Samêngko sira padha mudhuna saka ing suwarga marang ing dunya, ana ing kono turunira bakal padha sêsatron lan padha kancane, lan padha duwe panggonan ana ing bumi, apadene padha duwe kabungahan, nganti têkan dina kiyamat.

قَالَ اهْبِطُوْا بَعْضُكُمْ لِبَعْضٍ عَدُوٌّ ۚوَلَكُمْ فِى الْاَرْضِ مُسْتَقَرٌّ وَّمَتَاعٌ اِلٰى حِيْنٍ٢٤
Qālahbiṭū ba‘ḍukum liba‘ḍin ‘aduww(un), wa lakum fil-arḍi mustaqarruw wa matā‘un ilā ḥīn(in).
[24] Allah ngandika malih: Ana ing dunya sira padha urip lan banjur padha mati, apadene ing têmbe bakal padha diwêtokake saka ing dunya.

قَالَ فِيْهَا تَحْيَوْنَ وَفِيْهَا تَمُوْتُوْنَ وَمِنْهَا تُخْرَجُوْنَ ࣖ٢٥
Qāla fīhā taḥyauna wa fīhā tamūtūna wa minhā tukhrajūn(a).
[25] He para turuning Adam, Ingsun wis maringi bakaling sandhangan marang sira, sandhangan kanggo nutupi [nutu....pi] kawiranganira, lan kanggo pameran, dene sandhangan wêdi ing Allah, iku luwih bêcik, pêparing Ingsun kang mangkono iku kalêbu tăndha yêkti kuwasaning Allah. Dene karsaning Allah ênggone pêparing mau, supaya manungsa padha mikira.

يٰبَنِيْٓ اٰدَمَ قَدْ اَنْزَلْنَا عَلَيْكُمْ لِبَاسًا يُّوَارِيْ سَوْءٰتِكُمْ وَرِيْشًاۗ وَلِبَاسُ التَّقْوٰى ذٰلِكَ خَيْرٌۗ ذٰلِكَ مِنْ اٰيٰتِ اللّٰهِ لَعَلَّهُمْ يَذَّكَّرُوْنَ٢٦
Yā banī ādama qad anzalnā ‘alaikum libāsay yuwārī sau'ātikum wa rīsyā(n), wa libāsut-taqwā żālika khair(un), żālika min āyātillāhi la‘allahum yażżakkarūn(a).
[26] He para turune Adam, sira dingati-ati, aja nganti kêna panggodhaning setan, kaya ênggone anggodha marang lêluhurira Nabi Adam sakaloron, nganti bisa nglungakake Nabi Adam saka ing suwarga. Setan mau andhèdhè[6] panganggone Nabi Adam sakaloron, supaya padha katone kawirangane. Satêmêne setan iku sakancane padha wêruh ing sira, nanging sira padha ora wêruh ing setan sakancane. Ingsun nitahake setan iku padha biyantu marang wong kang padha ora pracaya ing Allah.

يٰبَنِيْٓ اٰدَمَ لَا يَفْتِنَنَّكُمُ الشَّيْطٰنُ كَمَآ اَخْرَجَ اَبَوَيْكُمْ مِّنَ الْجَنَّةِ يَنْزِعُ عَنْهُمَا لِبَاسَهُمَا لِيُرِيَهُمَا سَوْءٰتِهِمَا ۗاِنَّهٗ يَرٰىكُمْ هُوَ وَقَبِيْلُهٗ مِنْ حَيْثُ لَا تَرَوْنَهُمْۗ اِنَّا جَعَلْنَا الشَّيٰطِيْنَ اَوْلِيَاۤءَ لِلَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ٢٧
Yā banī ādama lā yaftinannakumusy-syaiṭānu kamā akhraja abawaikum minal-jannati yanzi‘u ‘anhumā libāsahumā liyuriyahumā sau'ātihimā, innahū yarākum huwa wa qabīluhū min ḥaiṡu lā taraunahum, innā ja‘alnasy-syayāṭīna auliyā'a lil-lażīna lā yu'minūn(a).
[27] Mênawa wong Ngarab ma[7] padha nglakoni ala, pangucape mangkene: Aku iki nêmu klasa gumêlar, para lêluhurku biyèn padha nglakoni mangkene iki, Allah uga parentah [pa....rentah] marang aku nglakoni mangkene iki (he Mukhammad) sira dhawuha marang wong Mêkah kabèh: Satêmêne Allah ora pisan dhawuh nglakoni panggawe ala, yagene kowe padha ngucapake barang kang ora kowêruhi, koawadake têrang dhawuhing Allah.

وَاِذَا فَعَلُوْا فَاحِشَةً قَالُوْا وَجَدْنَا عَلَيْهَآ اٰبَاۤءَنَا وَاللّٰهُ اَمَرَنَا بِهَاۗ قُلْ اِنَّ اللّٰهَ لَا يَأْمُرُ بِالْفَحْشَاۤءِۗ اَتَقُوْلُوْنَ عَلَى اللّٰهِ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ٢٨
Wa iżā fa‘alū fāḥisyatan qālū wajadnā ‘alaihā ābā'anā wallāhu amaranā bihā, qul innallāha lā ya'muru bil-faḥsyā'(i), ataqūlūna ‘alallāhi mā lā ta‘lamūn(a).
[28] Sira dhawuha mangkene: Pangeranku dhawuh marang aku nindakake ngadil, lan dhawuh mangkene: Sira padha nglakonana sêmbayang, padha ngadhêpna rainira marang Allah ana ing sadhengah mêsjid, lan padha nêmbaha ing Allah nêtêpi agama kalawan ati kang rêsik, sarèhning Allah iku kuwasa nitahake sira, mêsthi iya kuwasa nguripake sira saka ing pati. (He manungsa) sira iku kang sagolongan, diparingi pituduh bênêr dening Allah, dene kang sagolongan, ditamtokake padha kêsasar, amarga padha apèk mitra liyane Allah, iya iku setan, digugu sapituture. Pangrasane padha olèh pituduh.

قُلْ اَمَرَ رَبِّيْ بِالْقِسْطِۗ وَاَقِيْمُوْا وُجُوْهَكُمْ عِنْدَ كُلِّ مَسْجِدٍ وَّادْعُوْهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ ەۗ كَمَا بَدَاَكُمْ تَعُوْدُوْنَۗ٢٩
Qul amara rabbī bil-qisṭ(i), wa aqīmū wujūhakum ‘inda kulli masjidiw wad‘ūhu mukhliṣīna lahud-dīn(a), kamā bada'akum ta‘ūdūn(a).
[29] He para turuning Adam, sira padha nganggoa sandhanganira kang bêcik nalikane sêmbayang [sê....mbayang] ana ing masjid, lan sira padha mangana lan ngombea sakarêpira, nanging aja kêladuk, (aja nyirik barang kang khalal, utawa nêrak larangan) satêmêne Allah iku ora rêmên wong kêladuk.

فَرِيْقًا هَدٰى وَفَرِيْقًا حَقَّ عَلَيْهِمُ الضَّلٰلَةُ ۗاِنَّهُمُ اتَّخَذُوا الشَّيٰطِيْنَ اَوْلِيَاۤءَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَيَحْسَبُوْنَ اَنَّهُمْ مُّهْتَدُوْنَ٣٠
Farīqan hadā wa farīqan ḥaqqa ‘alaihimuḍ-ḍalālah(tu), innahumuttakhażusy-syayāṭīna auliyā'a min dūnillāhi wa yaḥsabūna annahum muhtadūn(a).
[30] (He Mukhammad) sira dhawuha: Sapa ta kang wani nglarangi nganggo sandhangan pêparinging Allah kang wis dianakake dening Allah kanggo sandhanganing para kawulane, utawa nglarangi mangan rijêki kang ngrêsêpake. Lan manèh sira dhawuha, sandhangan utawa rijêki mau, karsaning Allah diparingake dadi duwèkke wong kang padha pracaya ing Allah, tumrape ana ing dunya iki wong kaphir milu kaparingan. Dene besuk dina kiyamat, sandhangan lan rijêki mau mung diparingake wong mukmin bae. Mangkono iku ênggon Ingsun mijang-mijangake ayat Ingsun marang wong kang padha wêruh ing bênêr.

۞ يٰبَنِيْٓ اٰدَمَ خُذُوْا زِيْنَتَكُمْ عِنْدَ كُلِّ مَسْجِدٍ وَّكُلُوْا وَاشْرَبُوْا وَلَا تُسْرِفُوْاۚ اِنَّهٗ لَا يُحِبُّ الْمُسْرِفِيْنَ ࣖ٣١
Yā banī ādama khużū zīnatakum ‘inda kulli masjidiw wa kulū wasyrabū wa lā tusrifū, innahū lā yuḥibbul-musrifīn(a).
[31] (He Mukhammad) sira dhawuha: Pangeranku mêsthi nglarangi sarupaning panggawe ala, ala lair lan ala batin, lan anglarangi duraka lan gawe rusak, kang ora kalawan bênêr, lan kowe kabèh padha dilarangi [dila...rangi] maro tingal, nyêmbah liyane Allah, iya iku samubarang kang ora didhawuhake tăndha yêktine yèn iku Pangeran, lan kowe uga padha dilarangi ngucapake barang kang ora kowêruhi koawadake têrang saka Allah.

قُلْ مَنْ حَرَّمَ زِيْنَةَ اللّٰهِ الَّتِيْٓ اَخْرَجَ لِعِبَادِهٖ وَالطَّيِّبٰتِ مِنَ الرِّزْقِۗ قُلْ هِيَ لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا خَالِصَةً يَّوْمَ الْقِيٰمَةِۗ كَذٰلِكَ نُفَصِّلُ الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يَّعْلَمُوْنَ٣٢
Qul man ḥarrama zīnatallāhil-latī akhraja li‘ibādihī waṭ-ṭayyibāti minar-rizq(i), qul hiya lil-lażīna āmanū fil-ḥayātid-dun-yā khāliṣatay yaumal-qiyāmah(ti), każālika nufaṣṣilul-āyāti liqaumiy ya‘lamūn(a).
[32] Siji-sijining umat padha duwe pêpêsthèn dina lan wayahing patine, samăngsa awis têkan wêwangêne, ora bisa maju utawa mundur, sanadyan mung sathithik bae.

قُلْ اِنَّمَا حَرَّمَ رَبِّيَ الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ وَالْاِثْمَ وَالْبَغْيَ بِغَيْرِ الْحَقِّ وَاَنْ تُشْرِكُوْا بِاللّٰهِ مَا لَمْ يُنَزِّلْ بِهٖ سُلْطٰنًا وَّاَنْ تَقُوْلُوْا عَلَى اللّٰهِ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ٣٣
Qul innamā ḥarrama rabbiyal-fawāḥisya mā ẓahara minhā wa mā baṭana wal-iṡma wal-bagya bigairil-ḥaqqi wa an tusyrikū billāhi mā lam yunazzil bihī sulṭānaw wa an taqūlū ‘alallāhi mā lā ta‘lamūn(a).
[33] He para turuning Adam, mênawa sira padha katêkan para utusaningsun, pêthilan saka kancanira, kang nyaritakake ayat Ingsun kun mring sira, iku sing sapa banjur nyingkiri maro tingal, lan banjur ambêcikake kalakuane, ing besuk ana ing akhirat, mêsthi ora kuwatir apa-apa, lan ora kasusahan.

وَلِكُلِّ اُمَّةٍ اَجَلٌۚ فَاِذَا جَاۤءَ اَجَلُهُمْ لَا يَسْتَأْخِرُوْنَ سَاعَةً وَّلَا يَسْتَقْدِمُوْنَ٣٤
Wa likulli ummatin ajal(un), fa iżā jā'a ajaluhum lā yasta'khirūna sā‘ataw wa lā yastaqdimūn(a).
[34] Dene wong kang padha maido ayat Ingsun, lan padha gumêdhe, suthik ngèstokake ayatingsun, iku bakal padha dipatrapi siksa naraka, ana ing kono padha langgêng.

يٰبَنِيْٓ اٰدَمَ اِمَّا يَأْتِيَنَّكُمْ رُسُلٌ مِّنْكُمْ يَقُصُّوْنَ عَلَيْكُمْ اٰيٰتِيْۙ فَمَنِ اتَّقٰى وَاَصْلَحَ فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ٣٥
Yā banī ādama immā ya'tiyannakum rusulum minkum yaquṣṣūna ‘alaikum āyātī, famanittaqā wa aṣlaḥa falā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[35] Ora ona[8] wong kang luwih duraka tinimbang lan wong kang gawe-gawe, calathu goroh diawadake [diawa....dake] têrang saka dhawuhing Allah, utawa maido ayating Allah, wong kang mangkono mau bakal tămpa pandumane siksa kang wis tinulis ana ing Loh Mahphul. Wong mau samăngsa katêkan utusaningsun para malaikat pati kang banjur andangu: Endi Pangeranmu liyane Allah, kang padha kosêmbah, wong mau banjur padha matur: Pangeran kula sapunika ngoncati ing kula. Wusana wong mau banjur padha ngaku yèn awake iku wong kaphir.

وَالَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا وَاسْتَكْبَرُوْا عَنْهَآ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ٣٦
Wal-lażīna każżabū bi'āyātinā wastakbarū ‘anhā ulā'ika aṣḥābun-nār(i), hum fīhā khālidūn(a).
[36] Allah ngandika marang wong mau, sira padha anaa ing naraka, ngumpula gêgolonganing umat ing jaman kuna sadurungira, jin lan manungsa kang padha kaphir. Siji-sijining wong mau barêng malêbu ing naraka, banjur ngêsotake marang kancane tunggal agama, barêng wing malêbu ing naraka kabèh, banjur padha munjuk ing Allah, madulako [9] para wong kuna kang padha dilêluri. Unjuke: Dhuh Pangeran kawula, para tiyang kina punika têtela sami nasarakên dhatêng kawula, mila mugi sami Tuwan patrapi siksa naraka tikêl katimbang kalihan siksa ingkang tumrap dhumatêng kawula. Pangandikaning Allah: [A...llah:] Kabèh bae Ingsun patrapi tikêl. Ewadene wong mau nalika ana ing dunya, ora wêruh yèn bakal mangkono kadadiyane.

فَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًا اَوْ كَذَّبَ بِاٰيٰتِهٖۗ اُولٰۤىِٕكَ يَنَالُهُمْ نَصِيْبُهُمْ مِّنَ الْكِتٰبِۗ حَتّٰٓى اِذَا جَاۤءَتْهُمْ رُسُلُنَا يَتَوَفَّوْنَهُمْۙ قَالُوْٓا اَيْنَ مَا كُنْتُمْ تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۗقَالُوْا ضَلُّوْا عَنَّا وَشَهِدُوْا عَلٰٓى اَنْفُسِهِمْ اَنَّهُمْ كَانُوْا كٰفِرِيْنَ٣٧
Faman aẓlamu mimmaniftarā ‘alallāhi każiban au każżaba bi'āyātih(ī), ulā'ika yanāluhum naṣībuhum minal-kitāb(i), ḥattā iżā jā'athum rusulunā yatawaffaunahum, qālū aina mā kuntum tad‘ūna min dūnillāh(i), qālū ḍallū ‘annā wa syahidū ‘alā anfusihim annahum kānū kāfirīn(a).
[37] Para wong kuna kang padha dilêluri banjur padha mangsuli marang wong mau, kowe lan aku ora ana kacèke, Allah ngandika: Saiki sira padha ngrasakna siksa marga saka panggawenira dhewe kang wis padha sira lakoni.

قَالَ ادْخُلُوْا فِيْٓ اُمَمٍ قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِكُمْ مِّنَ الْجِنِّ وَالْاِنْسِ فِى النَّارِۙ كُلَّمَا دَخَلَتْ اُمَّةٌ لَّعَنَتْ اُخْتَهَا ۗحَتّٰٓى اِذَا ادَّارَكُوْا فِيْهَا جَمِيْعًا ۙقَالَتْ اُخْرٰىهُمْ لِاُوْلٰىهُمْ رَبَّنَا هٰٓؤُلَاۤءِ اَضَلُّوْنَا فَاٰتِهِمْ عَذَابًا ضِعْفًا مِّنَ النَّارِ ەۗ قَالَ لِكُلٍّ ضِعْفٌ وَّلٰكِنْ لَّا تَعْلَمُوْنَ٣٨
Qāladkhulū fī umamin qad khalat min qablikum minal-jinni wal-insi fin-nār(i), kullamā dakhalat ummatul la‘anat ukhtahā, ḥattā iżaddārakū fīhā jamī‘ā(n), qālat ukhrāhum li'ūlāhum rabbanā hā'ulā'i aḍallūnā fa ātihim ‘ażāban ḍi‘fam minan-nār(i), qāla likullin ḍi‘fuw wa lākil lā ta‘lamūn(a).
[38] Sarupane wong kang padha maido ayat Ingsun, sarta padha gumêdhe, suthik ngèstokake ayat Ingsun, iku bakal ora diwêngani lawanging langit, lan padha ora bisa malêbu ing suwarga, kajaba yèn ana jamal (Jamal iku unta lanang, iya iku khewan ing tanah Ngarab kang gêdhe dhewe. Sawi.) bisa malêbu ing bolonganing êdom. Kang mangkono iku wêwalês Ingsun marang wong kang padha duraka kaphir.

وَقَالَتْ اُوْلٰىهُمْ لِاُخْرٰىهُمْ فَمَا كَانَ لَكُمْ عَلَيْنَا مِنْ فَضْلٍ فَذُوْقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنْتُمْ تَكْسِبُوْنَ ࣖ٣٩
Wa qālat ūlāhum li'ukhrāhum famā kāna lakum ‘alainā min faḍlin fa żūqul-‘ażāba bimā kuntum taksibūn(a).
[39] Wong mau lèmèke: naraka Jahanam, lan ing dhuwur ditutupi gêni, kaya mangkono iku wêwalês Ingsun marang wong kang padha duraka.

اِنَّ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا وَاسْتَكْبَرُوْا عَنْهَا لَا تُفَتَّحُ لَهُمْ اَبْوَابُ السَّمَاۤءِ وَلَا يَدْخُلُوْنَ الْجَنَّةَ حَتّٰى يَلِجَ الْجَمَلُ فِيْ سَمِّ الْخِيَاطِ ۗ وَكَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُجْرِمِيْنَ٤٠
Innal-lażīna każżabū bi'āyātinā wastakbarū ‘anhā lā tufattaḥu lahum abwābus-samā'i wa lā yadkhulūnal-jannata ḥattā yalijal-jamalu fī sammil-khiyāṭ(i), wa każālika najzil-mujrimīn(a).
[40] Sarupane wong kang padha pracaya ing Allah, sarta padha nglakoni kalakuan bêcik, iku bakal padha diganjar suwarga, sarta ana ing kono padha langgêng. Sarupane awak, ora dipêksa nglakoni sabarang kajaba mung sakêlare dilakoni.

لَهُمْ مِّنْ جَهَنَّمَ مِهَادٌ وَّمِنْ فَوْقِهِمْ غَوَاشٍۗ وَكَذٰلِكَ نَجْزِى الظّٰلِمِيْنَ٤١
Lahum min jahannama mihāduw wa min fauqihim gawāsy(in), wa każālika najziẓ-ẓālimīn(a).
[41] Lan manèh wong ing suwarga mau padha Ingsun bengkas sumpêging atine. Dene suwarga mau ana bêngawane mili sangisoring kêkayon. Wong ing suwarga mau padha nyêbut asmaning Allah mangkene: Sarupaning pangalêmbana iku konjuk ing Allah, kang wis paring pituduh marang aku, dituduhake lakuning pangabêkti kang ngolèhake ganjaran suwarga iki. Saupama Allah ora paring pituduh marang aku, mokal yèn aku olèha pituduh dhewe. Para utusaning Pangeranku dhawuhe wis nyata kabèh. Ing kono banjur ana dhawuh mangkene: Lah iku suwarga pancèn cawisane wong kaphir, didumake marang sira marga ênggonira padha nglakoni pangabêkti.

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَا نُكَلِّفُ نَفْسًا اِلَّا وُسْعَهَآ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَنَّةِۚ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ٤٢
Wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti lā nukallifu nafsan illā wus‘ahā, ulā'ika aṣḥābul-jannah(ti), hum fīhā khālidūn(a).
[42] Wong ing suwarga padha nguwuh marang wong ing naraka, saiki kapara nyata aku wis nampani ganjaran kang wis diêbangake dening Pangeranku marang aku. Kowe apa iya wis kanyataan ngrasakake siksa kang wis diancamake dening Pangeranmu marang kowe. Wong ing naraka banjur padha mangsuli: Iya mangkono. Ing kono nuli ana malaikat dhawuh mangkene: Bêbênduning Allah iku tumrap marang wong kang padha duraka.

وَنَزَعْنَا مَا فِيْ صُدُوْرِهِمْ مِّنْ غِلٍّ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهِمُ الْاَنْهٰرُۚ وَقَالُوا الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ هَدٰىنَا لِهٰذَاۗ وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَآ اَنْ هَدٰىنَا اللّٰهُ ۚ لَقَدْ جَاۤءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّۗ وَنُوْدُوْٓا اَنْ تِلْكُمُ الْجَنَّةُ اُوْرِثْتُمُوْهَا بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٤٣
Wa naza‘nā mā fī ṣudūrihim min gillin tajrī min taḥtihimul-anhār(u), wa qālul-ḥamdu lillāhil-lażī hadānā lihāżā, wa mā kunnā linahtadiya lau lā an hadānallāh(u), laqad jā'at rusulu rabbinā bil-ḥaqq(i), wa nūdū an tilkumul-jannatu ūriṡtumūhā bimā kuntum ta‘malūn(a).
[43] Kang padha ngalang-alangi tumindaking agama dêdalaning Allah, lan padha ngarah supaya agamaning Allah iku malèncèng, wong mau padha maido bakal ananing akhirat.

وَنَادٰٓى اَصْحٰبُ الْجَنَّةِ اَصْحٰبَ النَّارِ اَنْ قَدْ وَجَدْنَا مَا وَعَدَنَا رَبُّنَا حَقًّا فَهَلْ وَجَدْتُّمْ مَّا وَعَدَ رَبُّكُمْ حَقًّا ۗقَالُوْا نَعَمْۚ فَاَذَّنَ مُؤَذِّنٌۢ بَيْنَهُمْ اَنْ لَّعْنَةُ اللّٰهِ عَلَى الظّٰلِمِيْنَ٤٤
Wa nādā aṣḥābul-jannati aṣḥāban-nāri an qad wajadnā mā wa‘adanā rabbunā ḥaqqan fahal wajattum mā wa‘ada rabbukum ḥaqqā(n), qālū na‘am, fa ażżana mu'ażżinum bainahum al la‘natullāhi ‘alaẓ-ẓālimīn(a).
[44] Ing antarane suwarga lan naraka ana gunung minăngka pagêr, aran gunung Akraph, iku panggonaning wong kang abot ènthènging ala lan bêcike padha bae. Wong kang manggon ing kono padha wêruh wong kang ana ing suwarga lan wong kang ana ing naraka. Wong mau padha kapengin malêbu ing suwarga. Panguwuhe marang wong kang ana ing sawarga: Sampeyan mugi kasugêngana. (Allah ngandika:) wong ing gunung Akraph iku padha ora kêna malêbu ing suwarga.

اَلَّذِيْنَ يَصُدُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَيَبْغُوْنَهَا عِوَجًاۚ وَهُمْ بِالْاٰخِرَةِ كٰفِرُوْنَۘ٤٥
Al-lażīna yaṣuddūna ‘an sabīlillāhi wa yabgūnahā ‘iwajā(n), wa hum bil-ākhirati kāfirūn(a).
[45] Wong ing gunung Akhraph mau mênawa andêlêng wong kang padha ana ing naraka, banjur padha munjuk [munjuk] ing Allah mangkene: Dhuh Pangeran kawula, kawula mugi sampun ngantos Tuwan lêbêtakên ing naraka awor kalihan tiyang ingkang sami duraka punika.

وَبَيْنَهُمَا حِجَابٌۚ وَعَلَى الْاَعْرَافِ رِجَالٌ يَّعْرِفُوْنَ كُلًّا ۢ بِسِيْمٰىهُمْۚ وَنَادَوْا اَصْحٰبَ الْجَنَّةِ اَنْ سَلٰمٌ عَلَيْكُمْۗ لَمْ يَدْخُلُوْهَا وَهُمْ يَطْمَعُوْنَ٤٦
Wa bainahumā ḥijāb(un), wa ‘alal-a‘rāfi rijāluy ya‘rifūna kullam bisīmāhum, wa nādau aṣḥābal-jannati an salāmun ‘alaikum, lam yadkhulūhā wa hum yaṭma‘ūn(a).
[46] Wong ing gunung Akraph padha nguwuh marang wong ing naraka: Kang wis diwêruhi têtêngêre, pangucape, ênggonmu padha nglumpukake băndha lan ênggonmu padha gumêdhe biyèn têka ora bisa nulak siksa naraka.

۞ وَاِذَا صُرِفَتْ اَبْصَارُهُمْ تِلْقَاۤءَ اَصْحٰبِ النَّارِۙ قَالُوْا رَبَّنَا لَا تَجْعَلْنَا مَعَ الْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ ࣖ٤٧
Wa iżā ṣurifat abṣāruhum tilqā'a aṣḥābin-nāri qālū rabbanā lā taj‘alnā ma‘al-qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[47] Biyèn kowe padha supata, ngarani yèn para wong Islam iku bakal ora olèh sihing Allah. Saiki kowe padha wêruh nyatane, para wong Islam padha tămpa dhawuhing Allah mangkene: Saiki sira padha malêbua ing suwarga, ana ing kono sira padha ora kuwatir apa-apa, lan padha ora kambah ing kasusahan.

وَنَادٰٓى اَصْحٰبُ الْاَعْرَافِ رِجَالًا يَّعْرِفُوْنَهُمْ بِسِيْمٰىهُمْ قَالُوْا مَآ اَغْنٰى عَنْكُمْ جَمْعُكُمْ وَمَا كُنْتُمْ تَسْتَكْبِرُوْنَ٤٨
Wa nādā aṣḥābul-a‘rāfi rijālay ya‘rifūnahum bisīmāhum qālū mā agnā ‘ankum jam‘ukum wa mā kuntum tastakbirūn(a).
[48] Wong ing naraka padha nguwuh marang wong ing suwarga: Kula punika bok inggih sampeyan paringi toya sacêgokan utawi têtêdhan pêparingipun Allah dhumatêng sampeyan sakêdhik kemawon. Wong ing suwarga banjur padha mangsuli: Allah ora parêng yèn banyu utawa panganan ing suwarga iki dipangan ing wong kaphir.

اَهٰٓؤُلَاۤءِ الَّذِيْنَ اَقْسَمْتُمْ لَا يَنَالُهُمُ اللّٰهُ بِرَحْمَةٍۗ اُدْخُلُوا الْجَنَّةَ لَا خَوْفٌ عَلَيْكُمْ وَلَآ اَنْتُمْ تَحْزَنُوْنَ٤٩
Ahā'ulā'il-lażīna aqsamtum lā yanāluhumullāhu biraḥmah(tin), udkhulul-jannata lā khaufun ‘alaikum wa lā antum taḥzanūn(a).
[49] Kang padha nganggo dolanan lan siya-siya marang agamane, apadene padha kalimput kabungahan ing dunya. Sarèhne wong kaphir mau padha maido ayat Ingsun, sarta ora praduli bakal têkaning dina kiyamat iki, mulane saiki Ingsun iya ora praduli sêsambate wong kaphir mau, mêsthi padha Ingsun cêmplungake ing naraka.

وَنَادٰٓى اَصْحٰبُ النَّارِ اَصْحٰبَ الْجَنَّةِ اَنْ اَفِيْضُوْا عَلَيْنَا مِنَ الْمَاۤءِ اَوْ مِمَّا رَزَقَكُمُ اللّٰهُ ۗقَالُوْٓا اِنَّ اللّٰهَ حَرَّمَهُمَا عَلَى الْكٰفِرِيْنَۙ٥٠
Wa nādā aṣḥābun-nāri aṣḥābal-jannati an afīḍū ‘alainā minal-mā'i au mimmā razaqakumullāh(u), qālū innallāha ḥarramahumā ‘alal-kāfirīn(a).
[50] Ingsun wis ngundhangake kitab Kuran marang wong ing Mêkah kabèh, sabanjure wong Mêkah padha wêruh wijang-wijanging parentah, iku minăngka pituduh bênêr lan minăngka sih Ingsun marang wong kang padha pracaya.

الَّذِيْنَ اتَّخَذُوْا دِيْنَهُمْ لَهْوًا وَّلَعِبًا وَّغَرَّتْهُمُ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَاۚ فَالْيَوْمَ نَنْسٰىهُمْ كَمَا نَسُوْا لِقَاۤءَ يَوْمِهِمْ هٰذَاۙ وَمَا كَانُوْا بِاٰيٰتِنَا يَجْحَدُوْنَ٥١
Al-lażīnattakhażū dīnahum lahwaw wa la‘ibaw wa garrathumul-ḥayātud-dun-yā, fal-yauma nansāhum kamā nasū liqā'a yaumihim hāżā, wa mā kānū bi'āyātinā yajḥadūn(a).
[51] Wong kaphir padha ora bisa sumingkir saka siksa kang wis diancamake, kasêbut ing Kuran. Ing besuk dina kiyamat, nalikane siksa kang diancamake mau kalêksanan, sarupaning wong kang maune ora praduli marang kawusanan, padha ngucap mangkene: Satêmêne aku wis karawuhan para utusaning Pangeranku, [Pa...ngeranku,] padha andhawuhake barang kang kanyataan iki, saiki kapriye, sapa andêl-andêlku kang bisa ngukuhi utawa nanggung marang aku, utawa aku apa kaparêng nyuwun dibalèkake marang dunya manèh, aku sanggêm bakal ngèstokake dhawuhing para rasul, nglakoni liyane kang wis tak lakoni biyèn (ing kono nuli ana dhawuh: Kabèh iku ora. Pangandikaning Allah:) wong kaphir iku kabèh têtêp cilaka awake. Enggone biyèn padha gawe-gawe, mangeran brahala, dikira bakal bisa naggung awake, saiki cidra.

وَلَقَدْ جِئْنٰهُمْ بِكِتٰبٍ فَصَّلْنٰهُ عَلٰى عِلْمٍ هُدًى وَّرَحْمَةً لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ٥٢
Wa laqad ji'nāhum bikitābin faṣṣalnāhu ‘alā ‘ilmin hudaw wa raḥmatal liqaumiy yu'minūn(a).
[52] Satêmêne Pangeranira iku Allah, kang nganakake bumi lan langit, lawase mung nêm dina, sawise dadi, Allah nuli kèndêl, jumênêng ana ing ngaras (Patrape ênggone jumênêng ora kêna ginagas. Sawi.). Allah andadèkake rina lin[10] wêngi, gêntèn arêbut numpang kalawan gêlis. Lan manèh Allah iku nitahake srêngenge lan rêmbulan, apadene sarupaning lintang, kabèh padha sumungkêm [sumungkê...m] angèstokake parentahing Allah. Pangeran kang mangkono iku apa dudu kang kagungan titah iki kabèh, lan apa iku dudu kang murga masesa sarupaning prakara. Allah iku Maha-agung, mangerani ngalam kabèh.

هَلْ يَنْظُرُوْنَ اِلَّا تَأْوِيْلَهٗۗ يَوْمَ يَأْتِيْ تَأْوِيْلُهٗ يَقُوْلُ الَّذِيْنَ نَسُوْهُ مِنْ قَبْلُ قَدْ جَاۤءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّۚ فَهَلْ لَّنَا مِنْ شُفَعَاۤءَ فَيَشْفَعُوْا لَنَآ اَوْ نُرَدُّ فَنَعْمَلَ غَيْرَ الَّذِيْ كُنَّا نَعْمَلُۗ قَدْ خَسِرُوْٓا اَنْفُسَهُمْ وَضَلَّ عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ ࣖ٥٣
Hal yanẓurūna illā ta'wīlah(ū), yauma ya'tī ta'wīluhū yaqūlul-lażīna nasūhu min qablu qad jā'at rusulu rabbinā bil-ḥaqq(i), fahal lanā min syufa‘ā'a fa yasyfa‘ū lanā au nuraddu fa na‘mala gairal-lażī kunnā na‘mal(u), qad khasirū anfusahum wa ḍalla ‘anhum mā kānū yaftarūn(a).
[53] (He para kawulaning Allah) sira padha nyênyuwuna ing Allah Pangeranira, kalawan konjêm tur lirih. Satêmêne Pangeranira iku ora rêmên wong kang padha nyênyuwun kalawan bêngak-bêngok, kakehan têmbung tur ora têrus ing ati.

اِنَّ رَبَّكُمُ اللّٰهُ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ فِيْ سِتَّةِ اَيَّامٍ ثُمَّ اسْتَوٰى عَلَى الْعَرْشِۗ يُغْشِى الَّيْلَ النَّهَارَ يَطْلُبُهٗ حَثِيْثًاۙ وَّالشَّمْسَ وَالْقَمَرَ وَالنُّجُوْمَ مُسَخَّرٰتٍۢ بِاَمْرِهٖٓ ۙاَلَا لَهُ الْخَلْقُ وَالْاَمْرُۗ تَبٰرَكَ اللّٰهُ رَبُّ الْعٰلَمِيْنَ٥٤
Inna rabbakumullāhul-lażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa fī sittati ayyāmin ṡummastawā ‘alal-‘arsy(i), yugsyil-lailan-nahāra yaṭlubuhū ḥaṡīṡā(n), wasy-syamsa wal-qamara wan-nujūma musakhkharātim bi'amrih(ī), alā lahul-khalqu wal-amr(u), tabārakallāhu rabbul-‘ālamīn(a).
[54] Sawise bumi iki têntrêm, marga Allah ngutus para rasul, sira aja padha rusuh gawe rusak ana ing bumi, lan sira padha nyênyuwuna ing Allah kalawan wêdi siksaning Allah sarta kapengin ganjaraning Allah. Satêmêne sihing Allah iku cêpak diparingake marang wong kang padha bêcik tur ngabêkti.

اُدْعُوْا رَبَّكُمْ تَضَرُّعًا وَّخُفْيَةً ۗاِنَّهٗ لَا يُحِبُّ الْمُعْتَدِيْنَۚ٥٥
Ud‘ū rabbakum taḍarru‘aw wa khufūyah(tan), innahū lā yuḥibbul-mu‘tadīn(a).
[55] Allah iku kang ngididake angin, minăngka bêbungah marang para kawula, angin mau ngiring udan, anggiring mega kang banjur dadi mêndhung, sabanjure dadi udan, iku Ingsun ênggo nyirami palêmahan kang bêra. Ingsun nurunake banyu udan [u...dan] marang palêmahan kang bêra mau, iku Ingsun ênggo mêtokake sarupaning wowohan. Kaya mangkono uga ing têmbe ênggon Ingsun nguripake wong kang wis padha mati, diwêtokake saka ing kubur. Dhumawuhing ayat iki supaya sira padha elinga.

وَلَا تُفْسِدُوْا فِى الْاَرْضِ بَعْدَ اِصْلَاحِهَا وَادْعُوْهُ خَوْفًا وَّطَمَعًاۗ اِنَّ رَحْمَتَ اللّٰهِ قَرِيْبٌ مِّنَ الْمُحْسِنِيْنَ٥٦
Wa lā tufsidū fil-arḍi ba‘da iṣlāḥihā wad‘ūhu khaufaw wa ṭama‘ā(n), inna raḥmatallāhi qarībum minal-muḥsinīn(a).
[56] Palêmahan kang êloh iku thukuling wit-witane lêmu, wohe bêcik-bêcik, kalawan idining Pangerane. Dene palêmahan kang cêngkar iku angèl thukuling wit-witan ana ing kono, wêtuning wowohan prasasat ora kalap. Kaya mangkono iku ênggon Ingsun nêrang-nêrangake ayat marang wong kang padha sukur ing Allah.

وَهُوَ الَّذِيْ يُرْسِلُ الرِّيٰحَ بُشْرًاۢ بَيْنَ يَدَيْ رَحْمَتِهٖۗ حَتّٰٓى اِذَآ اَقَلَّتْ سَحَابًا ثِقَالًا سُقْنٰهُ لِبَلَدٍ مَّيِّتٍ فَاَنْزَلْنَا بِهِ الْمَاۤءَ فَاَخْرَجْنَا بِهٖ مِنْ كُلِّ الثَّمَرٰتِۗ كَذٰلِكَ نُخْرِجُ الْمَوْتٰى لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ٥٧
Wa huwal-lażī yursilur-riyāḥa busyram baina yadai raḥmatih(ī), ḥattā iżā aqallat saḥāban ṡiqālan suqnāhu libaladim mayyitin fa anzalnā bihil-mā'a fa akhrajnā bihī min kulliṡ-ṡamarāt(i), każālika nukhrijul-mautā la‘allakum tażakkarūn(a).
[57] Ingsun têmên wis ngutus Nabi Nuh, Ingsun karsakake andhawuhi marang para kancane. Nabi Nuh banjur dhawuh: He para kancaku kabèh, kowe nêmbaha ing Allah, kowe ora duwe Pangeran sapa-sapa liyane Allah. Ing besuk dina kiyamat mêsthi padha disiksa.

وَالْبَلَدُ الطَّيِّبُ يَخْرُجُ نَبَاتُهٗ بِاِذْنِ رَبِّهٖۚ وَالَّذِيْ خَبُثَ لَا يَخْرُجُ اِلَّا نَكِدًاۗ كَذٰلِكَ نُصَرِّفُ الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يَّشْكُرُوْنَ ࣖ٥٨
Wal-baladuṭ-ṭayyibu yakhruju nabātuhū bi'iżni rabbih(ī), wal-lażī khabuṡa lā yakhruju illā nakidā(n), każālika nuṣarriful-āyāti liqaumiy yasykurūn(a).
[58] Têtungguling wong ing kono banjur mangsuli: Pamanggih kula sampeyan punika têtela kêsasar.

لَقَدْ اَرْسَلْنَا نُوْحًا اِلٰى قَوْمِهٖ فَقَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللّٰهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗۗ اِنِّيْٓ اَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيْمٍ٥٩
Laqad arsalnā nūḥan ilā qaumihī fa qāla yā qaumi‘budullāha mā lakum min ilāhin gairuh(ū), innī akhāfu ‘alaikum ‘ażāba yaumin ‘aẓīm(in).
[59] Nabi Nuh banjur dhawuh manèh: Aku ora pisan kêsasar, wruhanamu, aku iki utusan saka Pangeraning alam kabèh.

قَالَ الْمَلَاُ مِنْ قَوْمِهٖٓ اِنَّا لَنَرٰىكَ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٦٠
Qālal mala'u min qaumihī innā lanarāka fī ḍalālim mubīn(in).
[60] Aku iki ngundhangake parentahe Pangeranku marang kowe kabèh, lan pitutur bêcik marang kowe. Aku iki luwih têrang marang dhawuh-dhawuh utawa pêpacuhing Allah kang padha ora kowêruhi.

قَالَ يٰقَوْمِ لَيْسَ بِيْ ضَلٰلَةٌ وَّلٰكِنِّيْ رَسُوْلٌ مِّنْ رَّبِّ الْعٰلَمِيْنَ٦١
Qāla yā qaumi laisa bī ḍalālatuw wa lākinnī rasūlum mir rabbil-‘ālamīn(a).
[61] Apa kowe padha ngungun, dene têka padha diparingi wêwulang saka Pangeranmu nganggo lantaran sawijining wong lanang kancamu, supaya wong lanang mau mêmêdèni siksa marang kowe, lan supaya kowe padha wêdia ing Allah, murih kowe padha olèh asihing Allah.

اُبَلِّغُكُمْ رِسٰلٰتِ رَبِّيْ وَاَنْصَحُ لَكُمْ وَاَعْلَمُ مِنَ اللّٰهِ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ٦٢
Uballigukum risālāti rabbī wa anṣaḥu lakum wa a‘lamu minallāhi mā lā ta‘lamūn(a).
[62] Para kancane Nabi Nuh mau banjur padha maido dhawuhe Nabi Nuh, dene wong kang padha maido ayat Ingsun iku aran picak atine. Kabèh padha Ingsun sirnakake sarana Ingsun kêlêm ing banjir kang aran: Tuphan. Mung Nabi Nuh sakancane kang padha milu ana ing prau, iku kang Ingsun [Ing.sun] salamêtake.

اَوَعَجِبْتُمْ اَنْ جَاۤءَكُمْ ذِكْرٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ عَلٰى رَجُلٍ مِّنْكُمْ لِيُنْذِرَكُمْ وَلِتَتَّقُوْا وَلَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ٦٣
Awa‘ajibtum an jā'akum żikrum mir rabbikum ‘alā rajulim minkum liyunżirakum wa litattaqū wa la‘allakum turḥamūn(a).
[63] Lan manèh Ingsun iya wis ngutus Nabi Hud, Ingsun karsakake andhawuhi para sanake, iya iku Ngad sakancane. Dhawuhe Nabi Hud mangkene: He para sanakku kabèh, kowe padha nêmbaha ing Allah, kowe ora duwe Pangeran sapa-sapa liyane Allah, yagene kowe padha ora wêdi ing Allah.

فَكَذَّبُوْهُ فَاَنْجَيْنٰهُ وَالَّذِيْنَ مَعَهٗ فِى الْفُلْكِ وَاَغْرَقْنَا الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَاۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا قَوْمًا عَمِيْنَ ࣖ٦٤
Fa każżabūhu fa anjaināhu wal-lażīna ma‘ahū fil-fulki wa agraqnal-lażīna każżabū bi'āyātinā, innahum kānū qauman ‘amīn(a).
[64] Para têtungguling wong kaphir mau mangsuli: Pamanggih kula sampeyan punika bodho, sarta panêrka kula sampeyan punika dora.

۞ وَاِلٰى عَادٍ اَخَاهُمْ هُوْدًاۗ قَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللّٰهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗۗ اَفَلَا تَتَّقُوْنَ٦٥
Wa ilā ‘ādin akhāḥum hūdā(n), qāla yā qaumi‘budullāha mā lakum min ilāhin gairuh(ū), afalā tattaqūn(a).
[65] Nabi Hud banjur dhawuh: He para sanakku, aku ora pisan bodho, aku iki utusan saka Pangeraning alam kabèh.

قَالَ الْمَلَاُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ قَوْمِهٖٓ اِنَّا لَنَرٰىكَ فِيْ سَفَاهَةٍ وَّاِنَّا لَنَظُنُّكَ مِنَ الْكٰذِبِيْنَ٦٦
Qālal-mala'ul-lażīna kafarū min qaumihī innā lanarāka fī safāhatiw wa innā lanaẓunnuka minal-kāżibīn(a).
[66] Aku iki ngundhangake dhawuhing Pangeranku marang kowe kabèh, dene ênggonku pitutur marang kowe iki, mulangake lugune dhawuhing Allah.

قَالَ يٰقَوْمِ لَيْسَ بِيْ سَفَاهَةٌ وَّلٰكِنِّيْ رَسُوْلٌ مِّنْ رَّبِّ الْعٰلَمِيْنَ٦٧
Qāla yā qaumi laisa bī safāhatuw wa lākinnī rasūlum mir rabbil-‘ālamīn(a).
[67] Apa kowe padha ngungun, dene têka padha diparingi wulang saka Pangeranmu. Nganggo lantaran sawijining wong lanang kancamu, supaya wong lanang mau mêmêdèni siksa marang kowe. Dhawuhing [Dhawuhing] Allah kowe padha elinga sapungkure para umate Nabi Nuh, kowe padha digêntèkake manggon ana ing bumi, diwuwuhi gagah prakosa lan gêdhe dhuwur. Mulane padha elinga pêparinging Allah nikmat marang kowe kabèh, supaya kowe padha dadia wong bêgja.

اُبَلِّغُكُمْ رِسٰلٰتِ رَبِّيْ وَاَنَا۠ لَكُمْ نَاصِحٌ اَمِيْنٌ٦٨
Uballigukum risālāti rabbī wa ana lakum nāṣiḥun amīn(un).
[68] Para santanane Nabi Hud mau banjur padha mangsuli: Dados karsa sampeyan punika, kula sami sampeyan dhawuhi nêmbah dhatêng Allah thok, sarta sampeyan dhawuhi mantun anggèn kula sami nyêmbah sêsêmbahanipun para lêluhur kula. Mênawi dhawuh sampeyan punika têmên, têrang saking Allah sayêktos, sumăngga sapunika siksa ingkang sampeyan ancamakên punika sampeyan dhatêngakên.

اَوَعَجِبْتُمْ اَنْ جَاۤءَكُمْ ذِكْرٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ عَلٰى رَجُلٍ مِّنْكُمْ لِيُنْذِرَكُمْۗ وَاذْكُرُوْٓا اِذْ جَعَلَكُمْ خُلَفَاۤءَ مِنْۢ بَعْدِ قَوْمِ نُوْحٍ وَّزَادَكُمْ فِى الْخَلْقِ بَصْۣطَةً ۚفَاذْكُرُوْٓا اٰلَاۤءَ اللّٰهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ٦٩
Awa‘ajibtum an jā'akum żikrum mir rabbikum ‘alā rajulim minkum liyunżirakum, ważkurū iż ja‘alakum khulafā'a mim ba‘di qaumi nūḥiw wa zādakum fil-khalqi basṭah(tan), fażkurū ālā'allāhi la‘allakum tufliḥūn(a).
[69] Nabi Hud banjur dhawuh: Yagene kowe padha madoni marang aku prakara ênggonmu padha anjênêngake Pangeran marang brahala, kang ora didhawuhake dening Allah, lan ora ana tăndha yêktine yèn iku Pangeran, mung maligi nglêluri para lêluhurmu bae. Saiki kowe mêsthi padha tinêmpuh [ti..nêmpuh] ing siksa lan bêbênduning Pangeranmu. Mara êntènana sadhela, aku uga ngêntèni.

قَالُوْٓا اَجِئْتَنَا لِنَعْبُدَ اللّٰهَ وَحْدَهٗ وَنَذَرَ مَا كَانَ يَعْبُدُ اٰبَاۤؤُنَاۚ فَأْتِنَا بِمَا تَعِدُنَآ اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ٧٠
Qālū aji'tanā lina‘budallāha waḥdahū wa nażara mā kāna ya‘budu ābā'unā, fa'tinā bimā ta‘idunā in kunta minaṣ ṣādiqīn(a).
[70] (Pangandikaning Allah:) Wong kang padha maido ayat Ingsun, lan ora pracaya mau banjur padha Ingsun sirnakake kabèh, dene Nabi Hud sakancane kang padha pracaya, padha Ingsun salamêtake sarta padha olèh sih Ingsun.

قَالَ قَدْ وَقَعَ عَلَيْكُمْ مِّنْ رَّبِّكُمْ رِجْسٌ وَّغَضَبٌۗ اَتُجَادِلُوْنَنِيْ فِيْٓ اَسْمَاۤءٍ سَمَّيْتُمُوْهَآ اَنْتُمْ وَاٰبَاۤؤُكُمْ مَّا نَزَّلَ اللّٰهُ بِهَا مِنْ سُلْطٰنٍۗ فَانْتَظِرُوْٓا اِنِّيْ مَعَكُمْ مِّنَ الْمُنْتَظِرِيْنَ٧١
Qāla qad waqa‘a ‘alaikum mir rabbikum rijsuw wa gaḍab(un), atujādilūnanī fī asmā'in sammaitumūhā antum wa ābā'ukum mā nazzalallāhu bihā min sulṭān(in), fantaẓirū innī ma‘akum minal-muntaẓirīn(a).
[71] Lan manèh Ingsun wis ngutus Nabi Salèh, Ingsun karsakake andhawuhi para sanake, iya iku golongane wong Ngarab kang padha turuning Samud, (Samud iku anake Ghabir, Ghabir iku anake Sam, dene Sam iku putrane Nabi Nuh. Dadi Samud iku buyute Nabi Nuh. Khazin.) dhawuhe Nabi Salèh mangkene: He para sanakku kabèh, kowe padha nêmbaha ing Allah, kowe ora duwe Pangeran sapa-sapa liyane Allah, kowe saiki digêlari kaelokan dening Pangeranmu, (minăngka tăndha yêktine yèn aku iki têmên utusaning Allah, têtêp kaya panjalukmu) [panjalu...kmu)] mara padha dêlêngên, iki untaning Allah, mêtu saka ing watu kang kotamtokake, (kaya patrape bayi lair saka guwa garbaning biyung) unta iku padha togna bae, karêbèn mangan ana bumining Allah, aja padha komunasika utawa kosiya-siya, samăngsa kosiya-siya, kowe mêsthi nadhang siksa kang nglarani.

فَاَنْجَيْنٰهُ وَالَّذِيْنَ مَعَهٗ بِرَحْمَةٍ مِّنَّا وَقَطَعْنَا دَابِرَ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا وَمَا كَانُوْا مُؤْمِنِيْنَ ࣖ٧٢
Fa anjaināhu wal-lażīna ma‘ahū biraḥmatim minnā wa qaṭa‘nā dābiral-lażīna każżabū bi'āyātinā wa mā kānū mu'minīn(a).
[72] Lan kowe padha ngrasakna, sapungkure Ngad, kowe padha dikarsakake dening Allah dadi gêgêntine, kowe padha diênggonake ana ing bumi, banjur padha ngadêgake gêdhong ana ing tanah ngare, lan padha ngêpras gunung banjur kodêgi omah. Mulane kowe padha elinga pêparinging Allah nikmat marang kowe kabèh, aja padha rusuh gawe rusak ana ing bumi.

وَاِلٰى ثَمُوْدَ اَخَاهُمْ صٰلِحًاۘ قَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللّٰهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗۗ قَدْ جَاۤءَتْكُمْ بَيِّنَةٌ مِّنْ رَّبِّكُمْۗ هٰذِهٖ نَاقَةُ اللّٰهِ لَكُمْ اٰيَةً فَذَرُوْهَا تَأْكُلْ فِيْٓ اَرْضِ اللّٰهِ وَلَا تَمَسُّوْهَا بِسُوْۤءٍ فَيَأْخُذَكُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٧٣
Wa ilā ṡamūda akhāhum ṣāliḥā(n), qāla yā qaumi‘budullāha mā lakum min ilāhin gairuh(ū), qad jā'atkum bayyinatum mir rabbikum, hāżihī nāqatullāhi lakum āyatan fa żarūhā ta'kul fī arḍillāhi wa lā tamassūhā bisū'in fa ya'khużakum ‘ażābun alīm(un).
[73] Para têtungguling wong mau, kang padha gumêdhe padha ngucap marang para wong cilik kang padha ngandêl marang Nabi Salèh, pangucape mangkene: Kowe apa padha wêruh têrang yèn Nabi Salèh iku têmên diutus Pangerane. Wong kang ditakoni [ditakoni] banjur padha mangsuli: Kula sami ngandêl yèn dhawuhipun Nabi Salèh punika têrang saking timbalaning Pangeran.

وَاذْكُرُوْٓا اِذْ جَعَلَكُمْ خُلَفَاۤءَ مِنْۢ بَعْدِ عَادٍ وَّبَوَّاَكُمْ فِى الْاَرْضِ تَتَّخِذُوْنَ مِنْ سُهُوْلِهَا قُصُوْرًا وَّتَنْحِتُوْنَ الْجِبَالَ بُيُوْتًا ۚفَاذْكُرُوْٓا اٰلَاۤءَ اللّٰهِ وَلَا تَعْثَوْا فِى الْاَرْضِ مُفْسِدِيْنَ٧٤
Ważkurū iż ja‘alakum khulafā'a mim ba‘di ‘ādiw wa bawwa'akum fil-arḍi tattakhiżūna min suhūlihā quṣūraw wa tanḥitūnal-jibāla buyūtā(n), fażkurū ālā'allāhi wa lā ta‘ṡau fil-arḍi mufsidīn(a).
[74] Wong kang padha gumêdhe mau banjur padha ngucap: Kang padha kopracaya iku aku maido.

قَالَ الْمَلَاُ الَّذِيْنَ اسْتَكْبَرُوْا مِنْ قَوْمِهٖ لِلَّذِيْنَ اسْتُضْعِفُوْا لِمَنْ اٰمَنَ مِنْهُمْ اَتَعْلَمُوْنَ اَنَّ صٰلِحًا مُّرْسَلٌ مِّنْ رَّبِّهٖۗ قَالُوْٓا اِنَّا بِمَآ اُرْسِلَ بِهٖ مُؤْمِنُوْنَ٧٥
Qālal-mala'ul-lażīnastakbarū min qaumihī lil-lażīnastuḍ‘ifū liman āmana minhum ata‘lamūna anna ṣāliḥam mursalum mir rabbih(ī), qālū innā bimā ursila bihī mu'minūn(a).
[75] Ing kono wong kang padha gumêdhe mau banjur padha nêrak pêpacuhing Pangeran, ambêlèh unta kagunganing Allah mau, pangucape: He Nabi Salèh, mênawi sampeyan punika têmên utusaning Allah, suwawi sapunika sampeyan dhatêngakên siksa ingkang sampeyan ancamakên punika.

قَالَ الَّذِيْنَ اسْتَكْبَرُوْٓا اِنَّا بِالَّذِيْٓ اٰمَنْتُمْ بِهٖ كٰفِرُوْنَ٧٦
Qālal-lażīnastakbarū innā bil-lażī āmantum bihī kāfirūn(a).
[76] Ing kono nuli ana lindhu apadene balêdhèg nyambêr wong mau, têmah padha krungkêb, mati ngênggon.

فَعَقَرُوا النَّاقَةَ وَعَتَوْا عَنْ اَمْرِ رَبِّهِمْ وَقَالُوْا يٰصٰلِحُ ائْتِنَا بِمَا تَعِدُنَآ اِنْ كُنْتَ مِنَ الْمُرْسَلِيْنَ٧٧
Fa ‘aqarun-nāqata wa ‘atau ‘an amri rabbihim wa qālū yā ṣāliḥu'tinā bimā ta‘idunā in kunta minal-mursalīn(a).
[77] Sawise wong mau padha mati, Nabi Salèh banjur tumênga, sarta ngandika: He para sanakku kang padha mati, aku mau wis andhawuhake parentahing Pangeranku, lan kowe wis padha tak pituturi akèh-akèh, ewadene puluh-puluh kêpriye, kowe kudu ora dhêmên marang kang mituturi.

فَاَخَذَتْهُمُ الرَّجْفَةُ فَاَصْبَحُوْا فِيْ دَارِهِمْ جٰثِمِيْنَ٧٨
Fa akhażathumur-rajfatu fa aṣbaḥū fī dārihim jāṡimīn(a).
[78] (He Mukhammad) sira nyaritakna lêlakone Nabi Lut, nalikane dhawuh marang para umate: (He para umatku kabèh) yagene kowe padha nglakoni ala, (cumbana padha wong lanang) kang măngka wiwit tumitah ing jagad saprene, durung ana sawijining wong anglakoni kaya kowe mangkono.

فَتَوَلّٰى عَنْهُمْ وَقَالَ يٰقَوْمِ لَقَدْ اَبْلَغْتُكُمْ رِسَالَةَ رَبِّيْ وَنَصَحْتُ لَكُمْ وَلٰكِنْ لَّا تُحِبُّوْنَ النّٰصِحِيْنَ٧٩
Fa tawallā ‘anhum wa qāla yā qaumi laqad ablagtukum risālata rabbī wa naṣaḥtu lakum wa lākil lā tuḥibbūnan-nāṣiḥīn(a).
[79] Yagene kowe cumbana padha wong lanang, dhêmên marang wong lanang nampik wong wadon. Dadi kowe iku têtêp wong kêbangêtên, nampik barang kang diwênangake, pilih nêrak larangan.

وَلُوْطًا اِذْ قَالَ لِقَوْمِهٖٓ اَتَأْتُوْنَ الْفَاحِشَةَ مَا سَبَقَكُمْ بِهَا مِنْ اَحَدٍ مِّنَ الْعٰلَمِيْنَ٨٠
Wa lūṭan iż qāla liqaumihī ata'tūnal-fāḥisyata mā sabaqakum bihā min aḥadim minal-‘ālamīn(a).
[80] Wangsulane para umat mau ora ana manèh kajaba mung ngucap marang para kancane: Nabi Lut sakancane iku padha ngaku wong suci, mulane padha tundhungên, wêtokna saka ing desa kene.

اِنَّكُمْ لَتَأْتُوْنَ الرِّجَالَ شَهْوَةً مِّنْ دُوْنِ النِّسَاۤءِۗ بَلْ اَنْتُمْ قَوْمٌ مُّسْرِفُوْنَ٨١
Innakum lata'tūnar-rijāla syahwatam min dūnin-nisā'(i), bal antum qaumum musrifūn(a).
[81] Ingsun anylamêtake Nabi Lut sakancane kang padha pracaya, mung rabine Nabi Lut Ingsun kèrèkake milu Ingsun siksa.

وَمَا كَانَ جَوَابَ قَوْمِهٖٓ اِلَّآ اَنْ قَالُوْٓا اَخْرِجُوْهُمْ مِّنْ قَرْيَتِكُمْۚ اِنَّهُمْ اُنَاسٌ يَّتَطَهَّرُوْنَ٨٢
Wa mā kāna jawāba qaumihī illā an qālū akhrijūhum min qaryatikum, innahum unāsuy yataṭahharūn(a).
[82] Iya iku sarana Ingsun udani watu, (lan Ingsun walik bumine) mulane sira dêlênga, [dêlêng...a,] kapriye kadadiane wong kang padha nandhang dosa.

فَاَنْجَيْنٰهُ وَاَهْلَهٗٓ اِلَّا امْرَاَتَهٗ كَانَتْ مِنَ الْغٰبِرِيْنَ٨٣
Fa anjaināhu wa ahlahū illamra'atahū kānat minal-gābirīn(a).
[83] Lan manèh Ingsun wis ngutus Nabi Sungèb, Ingsun karsakake andhawuhi para sanake ing desa Madyan. Dhawuhe Nabi Sungèb mangkene: He para sanakku kabèh, kowe padha nêmbaha ing Allah, kowe ora duwe Pangeran sapa-sapa liyane Allah, kowe wis padha digêlari tăndha yêkti dening Pangeranmu kang mratandhani yèn aku iki utusaning Pangeran. Saiki kowe anggênêpana takêr lan bobot, aja padha ambalibuk ngêlongi darbèking wong. Ing sawise bumi iki têntrêm sarana ana utusaning Allah, mênawa kowe padha pracaya ing Allah, padha nglakonana kaya pituturku mau, iku tumrape ing kowe bêcik bangêt.

وَاَمْطَرْنَا عَلَيْهِمْ مَّطَرًاۗ فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُجْرِمِيْنَ ࣖ٨٤
Wa amṭarnā ‘alaihim maṭarā(n), fanẓur kaifa kāna ‘āqibatul-mujrimīn(a).
[84] Lan padha marènana ênggonmu padha nyêgat wong ana ing dêdalan, padha koancam sing sapa manut Nabi Sungèb, bakal kopatèni, utawi[11] ênggonmu padha macuhi marang wong kang padha pracaya ing Allah, kolarangi ora kêna [kê..na] nindakake agamaning Allah, pangarahmu supaya agamaning Allah iku malèncèng. Lan kowe padha elinga, biyèn kancamung[12] mung sathithik, saiki diakèhake dening Allah, lan padha andêlênga, kapriye kadidayane wong kang padha rusuh gawe rusak.

وَاِلٰى مَدْيَنَ اَخَاهُمْ شُعَيْبًاۗ قَالَ يٰقَوْمِ اعْبُدُوا اللّٰهَ مَا لَكُمْ مِّنْ اِلٰهٍ غَيْرُهٗۗ قَدْ جَاۤءَتْكُمْ بَيِّنَةٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ فَاَوْفُوا الْكَيْلَ وَالْمِيْزَانَ وَلَا تَبْخَسُوا النَّاسَ اَشْيَاۤءَهُمْ وَلَا تُفْسِدُوْا فِى الْاَرْضِ بَعْدَ اِصْلَاحِهَاۗ ذٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَۚ٨٥
Wa ilā madyana akhāhum syu‘aibā(n), qāla yā qaumi‘budullāha mā lakum min ilāhin gairuh(ū), qad jā'atkum bayyinatum mir rabbikum fa auful-kaila wal-mīzāna wa lā tabkhasun-nāsa asy-yā'ahum wa lā tufsidū fil-arḍi ba‘da iṣlāḥihā, żālikum khairul lakum in kuntum mu'minīn(a).
[85] Dene mênawa kancamu iku kang sapăntha pracaya, ngèstokake dhawuhing Allah kang tak ampil iki, lan kang sapăntha manèh padha ora gêlêm pracaya, iku padha sarantèkna bae, nganti Allah ngadili marang aku. Allah iku luwih bêcik, adile luwih patitis tinimbang lan wong kang padha ngadili prakara.

وَلَا تَقْعُدُوْا بِكُلِّ صِرَاطٍ تُوْعِدُوْنَ وَتَصُدُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ مَنْ اٰمَنَ بِهٖ وَتَبْغُوْنَهَا عِوَجًاۚ وَاذْكُرُوْٓا اِذْ كُنْتُمْ قَلِيْلًا فَكَثَّرَكُمْۖ وَانْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُفْسِدِيْنَ٨٦
Wa lā taq‘udū bikulli ṣirāṭin tū‘idūna wa taṣuddūna ‘an sabīlillāhi man āmana bihī wa tabgūnahā ‘iwajā(n), ważkurū iż kuntum qalīlan fa kaṡṡarakum, wanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-mufsidīn(a).
[86] Para umate Nabi Sungèb mau ana sawatara kang dadi pangarêp, iku padha gumêdhe, amangsuli marang Nabi Sungèb: Sapunika sampeyan sakănca sampeyan tunggil agami sami kula tundhung saking dhusun kula ngriki, mênawi botên purun, sampeyan sakănca sampeyan kêdah sami ambalik manut agami kula. Nabi Sungèb mangsuli: Sanadyan [Sana..dyan] aku kopêksa, iya masa gêlêma ambalik.

وَاِنْ كَانَ طَاۤىِٕفَةٌ مِّنْكُمْ اٰمَنُوْا بِالَّذِيْٓ اُرْسِلْتُ بِهٖ وَطَاۤىِٕفَةٌ لَّمْ يُؤْمِنُوْا فَاصْبِرُوْا حَتّٰى يَحْكُمَ اللّٰهُ بَيْنَنَاۚ وَهُوَ خَيْرُ الْحٰكِمِيْنَ ۔٨٧
Wa in kāna ṭā'ifatum minkum āmanū bil-lażī ursiltu bihī wa ṭā'ifatul lam tu'minū faṣbirū ḥattā yaḥkumallāhu bainanā, wa huwa khairul-ḥākimīn(a).
[87] Aku wis didohake dening Allah saka agamamu iku, upama aku banjur ambalik manut agamamu, dadi aku têtêp wong gawe-gawe, calathu goroh tak awadake têrang dhawuhing Allah, mulane aku ora pisan ambalik manut agamamu, kajaba yèn aku dipêsthi ambalik dening Allah Pangeranku, waspadane Pangeranku têbane jêmbar bangêt anglimputi samubarang, aku sakancaku padha pasrah sakarsaning Allah. (Nabi Sungèb nuli munjuk ing Allah:) Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi ngadilana kalayan lêrês, anggèn kawula diya-diniya kalihan para umat kawula punika. Tuwan punika langkung sae, ngungkuli tiyang ingkang sami andhawahakên lêlêrêsan.

۞ قَالَ الْمَلَاُ الَّذِيْنَ اسْتَكْبَرُوْا مِنْ قَوْمِهٖ لَنُخْرِجَنَّكَ يٰشُعَيْبُ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَكَ مِنْ قَرْيَتِنَآ اَوْ لَتَعُوْدُنَّ فِيْ مِلَّتِنَاۗ قَالَ اَوَلَوْ كُنَّا كٰرِهِيْنَ٨٨
Qālal-mala'ul-lażīnastakbarū min qaumihī lanukhrijannaka yā syu‘aibu wal-lażīna āmanū ma‘aka min qaryatinā au lata‘ūdunna fī millatinā, qāla awalau kunnā kārihīn(a).
[88] Para umate Nabi Sungèb kang padha kaphir tur padha dadi pangarêp, padha ngucap: He para kancaku, mênawa kowe padha manut agamane Nabi Sungèb, amêsthi kowe padha kapitunan. [ka...pitunan.]

قَدِ افْتَرَيْنَا عَلَى اللّٰهِ كَذِبًا اِنْ عُدْنَا فِيْ مِلَّتِكُمْ بَعْدَ اِذْ نَجّٰىنَا اللّٰهُ مِنْهَاۗ وَمَا يَكُوْنُ لَنَآ اَنْ نَّعُوْدَ فِيْهَآ اِلَّآ اَنْ يَّشَاۤءَ اللّٰهُ رَبُّنَاۗ وَسِعَ رَبُّنَا كُلَّ شَيْءٍ عِلْمًاۗ عَلَى اللّٰهِ تَوَكَّلْنَاۗ رَبَّنَا افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفٰتِحِيْنَ٨٩
Qadiftarainā ‘alallāhi każiban in ‘udnā fī millatikum ba‘da iż najjānallāhu minhā, wa mā yakūnu lanā an na‘ūda fīhā illā ay yasyā'allāhu rabbunā, wasi‘a rabbunā kulla syai'in ‘ilmā(n), ‘alallāhi tawakkalnā, rabbanaftaḥ bainanā wa baina qauminā bil-ḥaqqi wa anta khairul-fātiḥīn(a).
[89] Ing kono banjur ana bêbênduning Allah têka, para umate Nabi Sungèb kang padha kaphir padha disambêr ing balêdhèg, mati kabèh.

وَقَالَ الْمَلَاُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ قَوْمِهٖ لَىِٕنِ اتَّبَعْتُمْ شُعَيْبًا اِنَّكُمْ اِذًا لَّخٰسِرُوْنَ٩٠
Wa qālal-mala'ul-lażīna kafarū min qaumihī la'inittaba‘tum syu‘aiban innakum iżal lakhāsirūn(a).
[90] Sarupane wong kang maido Nabi Sungèb padha sirna kabèh, prasasat ora manggon ing kono biyèn mula. Sarupane wong kang maido Nabi Sungèb, têtêp padha kapitunan.

فَاَخَذَتْهُمُ الرَّجْفَةُ فَاَصْبَحُوْا فِيْ دَارِهِمْ جٰثِمِيْنَۙ٩١
Fa akhażathumur-rajfatu fa aṣbaḥū fī dārihim jāṡimīn(a).
[91] Nabi Sungèb banjut nolèh karo tumênga, panutuhe: He para umatku kang padha mati, aku wis ngundhangake parentahe Pangeranku marang kowe kabèh, lan kowe wis padha tak pituturi mêksa maido, saiki kapriye ênggonku anggêtuni wong kang padha kaphir.

الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا شُعَيْبًا كَاَنْ لَّمْ يَغْنَوْا فِيْهَاۚ اَلَّذِيْنَ كَذَّبُوْا شُعَيْبًا كَانُوْا هُمُ الْخٰسِرِيْنَ٩٢
Al-lażīna każżabū syu‘aiban ka'allam yagnau fīhā, al-lażīna każżabū syu‘aiban kānū humul-khāsirīn(a).
[92] Mênawa Ingsun ngutus nabi, Ingsun tuduh mêmulang marang wong ing padesan, kang măngka wong ing padesan mau padha maido, amêsthi wong padesan mau padha Ingsun patrapi pakewuh lan sangsara, supaya wong kang wêruh banjur padha sumungkêm.

فَتَوَلّٰى عَنْهُمْ وَقَالَ يٰقَوْمِ لَقَدْ اَبْلَغْتُكُمْ رِسٰلٰتِ رَبِّيْ وَنَصَحْتُ لَكُمْۚ فَكَيْفَ اٰسٰى عَلٰى قَوْمٍ كٰفِرِيْنَ ࣖ٩٣
Fa tawallā ‘anhum wa qāla yā qaumi laqad ablagtukum risālāti rabbī wa naṣaḥtu lakum, fa kaifa āsā ‘alā qaumin kāfirīn(a).
[93] Sawise padha sumungkêm ing Allah, pakewuh lan sangsara mau banjur Ingsun salini sêmpulur lan kabungahan, nganti andêrbala kasugihane. Ing kono wong mau banjur padha ngucap: Para lêluhurku biyèn iya padha kambah ing pakewuh lan sangsara lan kabungahan, kang mangkono iku dudu barang-barang, dhasar wis lakuning jagad, bungah lan susah iku gênti-gênti têkane. Barêng wong mau wis lali ing Allah, banjur padha Ingsun tungkêb ing siksa kang ngagètake, sarta padha ora kêrasa.

وَمَآ اَرْسَلْنَا فِيْ قَرْيَةٍ مِّنْ نَّبِيٍّ اِلَّآ اَخَذْنَآ اَهْلَهَا بِالْبَأْسَاۤءِ وَالضَّرَّاۤءِ لَعَلَّهُمْ يَضَّرَّعُوْنَ٩٤
Wa mā arsalnā fī qaryatim min nabiyyin illā akhażnā ahlahā bil-ba'sā'i waḍ-ḍarrā'i la‘allahum yaḍḍarra‘ūn(a).
[94] Saupama wong ing padesan mau padha pracaya ing Allah lan utusaning Allah, sarta padha ngati-ati ora nêrak laranganing Allah, amêsthi padha Ingsun wêngani barkah saka ing bumi lan saka ing langit, ewadene têka padha maido, mulane padha Ingsun turuni siksa marga saka panggawene dhewe.

ثُمَّ بَدَّلْنَا مَكَانَ السَّيِّئَةِ الْحَسَنَةَ حَتّٰى عَفَوْا وَّقَالُوْا قَدْ مَسَّ اٰبَاۤءَنَا الضَّرَّاۤءُ وَالسَّرَّاۤءُ فَاَخَذْنٰهُمْ بَغْتَةً وَّهُمْ لَا يَشْعُرُوْنَ٩٥
Ṡumma baddalnā makānas-sayyi'atil-ḥasanata ḥattā ‘afau wa qālū qad massa ābā'anaḍ-ḍarrā'u was-sarrā'u fa akhażnāhum bagtataw wa hum lā yasy‘urūn(a).
[95] Wong kaphir ing Mêkah lan sakiwa têngêne mênawa katungkêban siksaningsun ing wayah wêngi pinuju padha turu, apa bisa oncat saka siksaningsun.

وَلَوْ اَنَّ اَهْلَ الْقُرٰٓى اٰمَنُوْا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكٰتٍ مِّنَ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِ وَلٰكِنْ كَذَّبُوْا فَاَخَذْنٰهُمْ بِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ٩٦
Wa lau anna ahlal-qurā āmanū wattaqau lafataḥnā ‘alaihim barakātim minas-samā'i wal ardḍi wa lākin każżabū fa akhażnāhum bimā kānū yaksibūn(a).
[96] Wong kaphir ing Mêkah lan sakiwa têngêne mênawa katungkêban siksaningsun ing wayah lingsir wetan, pinuju padha kêlimpe bungah-bungah, apa bisa oncat saka siksaningsun.

اَفَاَمِنَ اَهْلُ الْقُرٰٓى اَنْ يَّأْتِيَهُمْ بَأْسُنَا بَيَاتًا وَّهُمْ نَاۤىِٕمُوْنَۗ٩٧
Afa amina ahlul-qurā ay ya'tiyahum ba'sunā bayātaw wa hum nā'imūn(a).
[97] Wong kaphir mau layak padha rumasa ora dilulu dening Allah, wong kaphir kang ora rumasa dilulu dening Allah iku têtêp wong kapitunan.

اَوَاَمِنَ اَهْلُ الْقُرٰٓى اَنْ يَّأْتِيَهُمْ بَأْسُنَا ضُحًى وَّهُمْ يَلْعَبُوْنَ٩٨
Awa amina ahlul-qurā ay ya'tiyahum ba'sunā ḍuḥaw wa hum yal‘abūn(a).
[98] Wong kang padha nêmu panggonan ing bumi anggêntèni wong lawas kang wis padha Ingsun sirnakake marga saka dosane, iku apa ora wis padha ngêrti yèn ing têmbe mênawa ana karsaningsun, uga bakal Ingsun tungkêbi siksa marga saka dosane. Lan Ingsun angêcap atine wong mau, Ingsun pêsthi ora ngrungokake utawa ngèstokake parentah.

اَفَاَمِنُوْا مَكْرَ اللّٰهِۚ فَلَا يَأْمَنُ مَكْرَ اللّٰهِ اِلَّا الْقَوْمُ الْخٰسِرُوْنَ ࣖ٩٩
Afa aminū makrallāh(i), falā ya'manu makrallāhi illal-qaumul khāsirūn(a).
[99] (He Mukhammad) mungguh kaananing padesan kang wis padha Ingsun paringake wêruh marang sira mau, iku lupiyane ênggon Ingsun anulungi marang para utusaningsun, ngalahake para wong kaphir. Wong padesan mau wis padha katêkan para utusaningsun, kanthi kaelokan minăngka tăndha yêkti yèn têmên Ingsun utus. Ewadene wong mau padha andaluya suthik pracaya, amarga wis kêbanjur ênggone padha maido, kaya mangkono iku atine wong kaphir wis dicap dening Allah ora bisa owah.

اَوَلَمْ يَهْدِ لِلَّذِيْنَ يَرِثُوْنَ الْاَرْضَ مِنْۢ بَعْدِ اَهْلِهَآ اَنْ لَّوْ نَشَاۤءُ اَصَبْنٰهُمْ بِذُنُوْبِهِمْۚ وَنَطْبَعُ عَلٰى قُلُوْبِهِمْ فَهُمْ لَا يَسْمَعُوْنَ١٠٠
Awalam yahdi lil-lażīna yariṡūnal-arḍa mim ba‘di ahlihā allau nasyā'u aṣabnāhum biżunūbihim, wa naṭba‘u ‘alā qulūbihim fahum lā yasma‘ūn(a).
[100] Ingsun ora nguningani yèn para umat kang wis kapungkur kang padha Ingsun caritakake mau akèh kang-kang [1] nêtêpi janji sêsanggêmane, dene kang Ingsun uningani, [uni..ngani,] wong mau akèh kang duraka.

تِلْكَ الْقُرٰى نَقُصُّ عَلَيْكَ مِنْ اَنْۢبَاۤىِٕهَاۚ وَلَقَدْ جَاۤءَتْهُمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنٰتِۚ فَمَا كَانُوْا لِيُؤْمِنُوْا بِمَا كَذَّبُوْا مِنْ قَبْلُۗ كَذٰلِكَ يَطْبَعُ اللّٰهُ عَلٰى قُلُوْبِ الْكٰفِرِيْنَ١٠١
Tilkal-qurā naquṣṣu ‘alaika min ambā'ihā, wa laqad jā'athum rusuluhum bil-bayyināt(i), famā kānū liyu'minū bimā każżabū min qabl(u), każālika yaṭba‘ullāhu ‘alā qulūbil-kāfirīn(a).
[101] Sawise Ingsun ngutus para nabi kang wis kasêbut mau, Ingsun banjur ngutus Nabi Musa, kanthi kaelokan pirang-pirang, Ingsun utus andhawuhi Raja Pirngon sapunggawane, nanging banjur padha maido lan nganiaya marang Nabi Musa, mulane mara sira dêlênga, kapriye kadadiane wong kang padha gawe rusak.

وَمَا وَجَدْنَا لِاَكْثَرِهِمْ مِّنْ عَهْدٍۚ وَاِنْ وَّجَدْنَآ اَكْثَرَهُمْ لَفٰسِقِيْنَ١٠٢
Wa mā wajadnā li'akṡarihim min ‘ahd(in), wa iw wajadnā akṡarahum lafāsiqīn(a).
[102] Nabi Musa andhawuhake parentah: He Raja Pirngon, kula punika utusaning Allah, Pangeranipun ngalam punika sadaya.

ثُمَّ بَعَثْنَا مِنْۢ بَعْدِهِمْ مُّوْسٰى بِاٰيٰتِنَآ اِلٰى فِرْعَوْنَ وَمَلَا۟ىِٕهٖ فَظَلَمُوْا بِهَاۚ فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُفْسِدِيْنَ١٠٣
Ṡumma ba‘aṡnā mim ba‘dihim mūsā bi'āyātinā ilā fir‘auna wa mala'ihī fa ẓalamū bihā, fanẓur kaifa kāna ‘āqibatul-mufsidīn(a).
[103] Wajib kula kêdah andhawuhakên luguning parentah saking Allah. Sowan kula ing sampeyan punika kanthi tăndha yêkti saking Pangeran sampeyan. Dhawuhing Pangeran, sampeyan ingandikakakên nguculakên para turuning Israil saking pangawulan, badhe sami kawula ajak mantuk dhatêng tanah suci. Raja Pirngon mangsuli: Mênawa têmên kowe iku utusaning Allah, sarta kowe ngaku têkamu iki kanthi tăndha yêkti, mara têkakna tăndha yêkti kang koaturake iku.

وَقَالَ مُوْسٰى يٰفِرْعَوْنُ اِنِّيْ رَسُوْلٌ مِّنْ رَّبِّ الْعٰلَمِيْنَۙ١٠٤
Wa qāla mūsa yā fir‘aunu innī rasūlum mir rabbil-‘ālamīn(a).
[104] Nabi Musa nuli anguncalake têkêne, sanalika têkên mau dadi ula lanang luwih dening gêdhe, [gê....dhe,] katon ing akèh anggêgirisi.

حَقِيْقٌ عَلٰٓى اَنْ لَّآ اَقُوْلَ عَلَى اللّٰهِ اِلَّا الْحَقَّۗ قَدْ جِئْتُكُمْ بِبَيِّنَةٍ مِّنْ رَّبِّكُمْ فَاَرْسِلْ مَعِيَ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ ۗ١٠٥
Ḥaqīqun ‘alā allā aqūla ‘alallāhi illal-ḥaqq(a), qad ji'tukum bibayyinatim mir rabbikum fa arsil ma‘iya banī isrā'īl(a).
[105] Sarta andudut èpèk-èpèke saka ing cangklakane, sanalika èpèk-èpèk mau rupa putih mancorong, ngungkuli cahyaning srêngenge, wong kang andêlêng padha kêblêrêngên.

قَالَ اِنْ كُنْتَ جِئْتَ بِاٰيَةٍ فَأْتِ بِهَآ اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ١٠٦
Qāla in kunta ji'ta bi'āyatin fa'ti bihā in kunta minaṣ ṣādiqīn(a).
[106] Para punggawane Raja Phirngon padha ngucap: Nabi Musa iki pancèn lêbda marang kridhaning sikhir sarta baud nyulap.

فَاَلْقٰى عَصَاهُ فَاِذَا هِيَ ثُعْبَانٌ مُّبِيْنٌ ۖ١٠٧
Fa alqā ‘aṣāhu fa iżā hiya ṡu‘bānum mubīn(un).
[107] Raja Phirngon anglairake panêmune: Karêpe Nabi Musa iki bisa anundhung aku lan kowe kabèh saka bumi ing Mêsir. Saiki kapriye kang padha dadi rêmbugmu.

وَّنَزَعَ يَدَهٗ فَاِذَا هِيَ بَيْضَاۤءُ لِلنّٰظِرِيْنَ ࣖ١٠٨
Wa naza‘a yadahū fa iżā hiya baiḍā'u lin-nāẓirīn(a).
[108] Para punggawa mau banjur padha matur: Pamanggih kula, Nabi Musa kalihan sadhèrèkipun ( Nabi Harun) punika prayogi sami dipun sarantosakên rumiyin, paduka lajêng utusana dhatêng kitha-kitha wêwêngkon ing ngriki sadaya, nimbali ngalêmpak para juru sikhir utawi tukang nyulap.

قَالَ الْمَلَاُ مِنْ قَوْمِ فِرْعَوْنَ اِنَّ هٰذَا لَسٰحِرٌ عَلِيْمٌۙ١٠٩
Qālal-mala'u min qaumi fir‘auna inna hāżā lasāḥirum ‘alīm(un).
[109] Para pangagênging kitha wau tamtu lajêng sami nyowanakên para juru sikhir utawi tukang nyulap ingkang sami pinunjul, punika lajêng sami dipun dhawuhi nanggulangi Nabi Musa.

يُّرِيْدُ اَنْ يُّخْرِجَكُمْ مِّنْ اَرْضِكُمْ ۚ فَمَاذَا تَأْمُرُوْنَ١١٠
Yurīdu ay yukhrijakum min arḍikum, fa māżā ta'murūn(a).
[110] Para juru sikhir banjur padha ngucap: He Nabi Musa, sapunika sampeyan kula sarah, punapa sampeyan ngrumiyini nguncalakên têkên sampeyan, punapa kula ngrumiyini nguncalakên têkên utawi tampar kula.

قَالُوْآ اَرْجِهْ وَاَخَاهُ وَاَرْسِلْ فِى الْمَدَاۤىِٕنِ حٰشِرِيْنَۙ١١١
Qālū arjih wa akhāhu wa arsil fil-madā'ini ḥāsyirīn(a).
[111]

يَأْتُوْكَ بِكُلِّ سٰحِرٍ عَلِيْمٍ١١٢
Ya'tūka bikulli sāḥirin ‘alīm(in).
[112]

وَجَاۤءَ السَّحَرَةُ فِرْعَوْنَ قَالُوْٓا اِنَّ لَنَا لَاَجْرًا اِنْ كُنَّا نَحْنُ الْغٰلِبِيْنَ١١٣
Wa jā'as-saḥaratu fir‘auna qālū inna lanā la'ajran in kunnā naḥnul-gālibīn(a).
[113] Nabi Musa mangsuli: Kowe padha andhisikana nguncalake têkên lan tamparmu. Barêng para juru sikhir wis padha nguncalake têkên lan tampare, ing kono sikhire dadi, gêdhe angămbra-ămbra, sarupaning wong pandêlênge padha kêracut, (têkên lan tampar mau katon ula, tumpang tindhih angêbki[2] bumi sapal pasagi) sarupaning wong padha giris kabèh.

قَالَ نَعَمْ وَاِنَّكُمْ لَمِنَ الْمُقَرَّبِيْنَ١١٤
Qāla na‘am wa innakum laminal-muqarrabīn(a).
[114] Ingsun nuli paring wahyu marang Nabi Musa, He Musa, enggal sira nguncalna têkênira. Barêng Nabi Musa wis nguncalake têkêne, sanalika têkên mau dadi ula lanang luwih dening gêdhe, sarta banjur nguntali ula sulapaning juru sikhir mau, nganti êntèk kabèh.

قَالُوْا يٰمُوْسٰٓى اِمَّآ اَنْ تُلْقِيَ وَاِمَّآ اَنْ نَّكُوْنَ نَحْنُ الْمُلْقِيْنَ١١٥
Qālū yā mūsā immā an tulqiya wa immā an nakūna naḥnul-mulqīn(a).
[115] Ing kono barang kang têmên saka dhawuhing Allah, kanyataan, dene barang sulapan [sula....pan] kang ditindakake dening para juru sikhir, jugar kabèh.

قَالَ اَلْقُوْاۚ فَلَمَّآ اَلْقَوْا سَحَرُوْٓا اَعْيُنَ النَّاسِ وَاسْتَرْهَبُوْهُمْ وَجَاۤءُوْ بِسِحْرٍ عَظِيْمٍ١١٦
Qāla alqū, falammā alqau saḥarū a‘yunan-nāsi wastarhabūhum wa jā'ū bisiḥrin ‘aẓīm(in).
[116] Ing kono Raja Phirngon sapunggawane para juru sikhir padha kalah, sarta kuwalik dadi asor.

۞ وَاَوْحَيْنَآ اِلٰى مُوْسٰٓى اَنْ اَلْقِ عَصَاكَۚ فَاِذَا هِيَ تَلْقَفُ مَا يَأْفِكُوْنَۚ١١٧
Wa auḥainā ilā mūsā an alqi ‘aṣāk(a), fa iżā hiya talqafu mā ya'fikūn(a).
[117] Para juru sikhir banjur padha anjungkêl sujud ing Allah.

فَوَقَعَ الْحَقُّ وَبَطَلَ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَۚ١١٨
Fa waqa‘al-ḥaqqu wa baṭala mā kānū ya‘malūn(a).
[118] Banjur padha matur: Sapunika kula sami pitados dhatêng Pangeraning jagad punika sadaya.

فَغُلِبُوْا هُنَالِكَ وَانْقَلَبُوْا صٰغِرِيْنَۚ١١٩
Fa gulibū hunālika wanqalabū ṣāgirīn(a).
[119] Inggih punika Pangeranipun Nabi Musa kalihan Nabi Harun.

وَاُلْقِيَ السَّحَرَةُ سٰجِدِيْنَۙ١٢٠
Wa ulqiyas-saḥaratu sājidīn(a).
[120] Raja Phirngon banjur duka, pangandikane: He para juru sikhir, kowe padha wani-wani pracaya marang Nabi Musa durung olèh idinku, iku têtela yèn kowe wis kêthikan lan Nabi Musa ana nagara ing Mêsir kene, kowe padha nêja maeka, pamrihmu bisa anundhung wong ing Mêsir kabèh. Lah ing mêngko dêlêngên.

قَالُوْٓا اٰمَنَّا بِرَبِّ الْعٰلَمِيْنَۙ١٢١
Qālū āmannā birabbil-‘ālamīn(a).
[121] Kowe mêsthi tak jonjang tanganmu lan sikilmu, banjur padha tak tanjir kabèh.

رَبِّ مُوْسٰى وَهٰرُوْنَ١٢٢
Rabbi mūsā wa hārūn(a).
[122] Para juru sikhir padha matur: Sanadyan kula dumugi ing pêjah, kula lampahi, awit kula badhe dumugi [dumu....gi] wontên ngarsanipun Pangeran kula.

قَالَ فِرْعَوْنُ اٰمَنْتُمْ بِهٖ قَبْلَ اَنْ اٰذَنَ لَكُمْۚ اِنَّ هٰذَا لَمَكْرٌ مَّكَرْتُمُوْهُ فِى الْمَدِيْنَةِ لِتُخْرِجُوْا مِنْهَآ اَهْلَهَاۚ فَسَوْفَ تَعْلَمُوْنَ١٢٣
Qāla fir‘aunu āmantum bihī qabla an āżana lakum, inna hāżā lamakrum makartumūhu fil-madīnati litukhrijū minhā ahlahā, fa saufa ta‘lamūn(a).
[123] Anggèn paduka misakit dhumatêng kula punika botên liya dumèh kula sarêng sumêrêp gumêlaripun ayating Pangeran kula lajêng sami pitados. Dhuh Allah Pangeran kawula, Tuwan mugi paringa manah sabar ingkang sampurna dhumatêng kawula, punapadene mugi kaparênga mundhut nyawa kawula kalayan pêjah Islam.

لَاُقَطِّعَنَّ اَيْدِيَكُمْ وَاَرْجُلَكُمْ مِّنْ خِلَافٍ ثُمَّ لَاُصَلِّبَنَّكُمْ اَجْمَعِيْنَ١٢٤
La'uqaṭṭi‘anna aidiyakum wa arjulakum min khilāfin ṡumma la'uṣallibannakum ajma‘īn(a).
[124] Para punggawane Raja Phirngon banjur padha matur: Kadospundi karsa paduka Nabi Musa sakancanipun punika punapa dipun kèndêlakên kemawon, botên wande badhe rêsah, sami damêl risak wontên ing bumi Mêsir, sarta lajêng angrèmèhakên dhatêng paduka saha dhatêng sakathahing rêca ingkang sampun paduka junjung dados Pangeran, Raja Phirngon ngandika: Karêpku para anake wong Bani Srail, kang lanang padha dakpatèni, mung kang wadon iku dak uripi. Aku iki kuwasa misesa, ana sadhuwure wong Bani Srail kabèh.

قَالُوْٓا اِنَّآ اِلٰى رَبِّنَا مُنْقَلِبُوْنَۙ١٢٥
Qālū innā ilā rabbinā munqalibūn(a).
[125] Nabi Musa banjur pitutur marang para santanane: Kowe padha nyuwuna pitulunging Allah, lan padha sabara ênggonmu padha kêtaman rêribêd, padha wêruha yèn bumi iki kagunganing Allah, diparingake marang para kawulane, êndi kang dadi parênging karsane, pitulung lan kamênangan iku duwèkke wong kang padha wêdi ing Allah.

وَمَا تَنْقِمُ مِنَّآ اِلَّآ اَنْ اٰمَنَّا بِاٰيٰتِ رَبِّنَا لَمَّا جَاۤءَتْنَا ۗرَبَّنَآ اَفْرِغْ عَلَيْنَا صَبْرًا وَّتَوَفَّنَا مُسْلِمِيْنَ ࣖ١٢٦
Wa mā tanqimu minnā illā an āmannā bi'āyāti rabbinā lammā jā'atnā, rabanā afrig ‘alainā ṣabraw wa tawaffanā muslimīn(a).
[126] Wong Bani Srail banjur padha matur: Sadèrèngipun sampeyan jumênêng rasul, kula sampun sami dipun siya-siya dening Raja Phirngon sabalanipun, punapadene sarêng sampeyan sampun jumênêng rasul punika, kula inggih sami dipun pisakit. Nabi Musa banjur ngarih-arih, Pangeranmu muga ngrusaka satrumu, sabanjure kowe digêntèkake ngêjègi panggonane ana ing bumi. Ing kono Pangeranmu mirsani kapriye kang padha kolakoni.

وَقَالَ الْمَلَاُ مِنْ قَوْمِ فِرْعَوْنَ اَتَذَرُ مُوْسٰى وَقَوْمَهٗ لِيُفْسِدُوْا فِى الْاَرْضِ وَيَذَرَكَ وَاٰلِهَتَكَۗ قَالَ سَنُقَتِّلُ اَبْنَاۤءَهُمْ وَنَسْتَحْيٖ نِسَاۤءَهُمْۚ وَاِنَّا فَوْقَهُمْ قٰهِرُوْنَ١٢٧
Wa qālal-mala'u min qaumi fir‘auna atażaru mūsā wa qaumahū liyufsidū fil-arḍi wa yażaraka wa ālihatak(a), qāla sanuqattilu abnā'ahum wa nastaḥyī nisā'ahum, wa innā fauqahum qāhirūn(a).
[127] Para punggawane Raja Phirngon banjur padha Ingsun têkani pailan, lawase pitung taun, wêtuning wowohan ing kono suda akèh, kang mangkono mau supaya padha elinga.

قَالَ مُوْسٰى لِقَوْمِهِ اسْتَعِيْنُوْا بِاللّٰهِ وَاصْبِرُوْاۚ اِنَّ الْاَرْضَ لِلّٰهِ ۗيُوْرِثُهَا مَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖۗ وَالْعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ١٢٨
Qāla mūsā liqaumihista‘īnū billāhi waṣbirū, innal-arḍa lillāh(i), yūriṡuhā may yasyā'u min ‘ibādih(ī), wal-‘āqibatu lil-muttaqīn(a).
[128] Para punggawane Raja Phirngon mau mênawa padha nêmu bêcik, (bagas kawarasan lan sêmpulur ing samubarang) pangucape: Kang mangkono[3] iki wis bênêre duwèkku. Dene yèn padha kambah ing barang kang ora prayoga, (kaya ta: lêlara lan rêribêd) padha nguring-uring marang Nabi Musa sakancane, satêmêne ala lan bêcike mau, ana ngastaning Allah piyambak, nanging manungsa iku kang akèh padha ora wêruh lan ora ngrasakake kang mangkono mau.

قَالُوْٓا اُوْذِيْنَا مِنْ قَبْلِ اَنْ تَأْتِيَنَا وَمِنْۢ بَعْدِ مَا جِئْتَنَا ۗقَالَ عَسٰى رَبُّكُمْ اَنْ يُّهْلِكَ عَدُوَّكُمْ وَيَسْتَخْلِفَكُمْ فِى الْاَرْضِ فَيَنْظُرَ كَيْفَ تَعْمَلُوْنَ ࣖ١٢٩
Qālū ūżīnā min qabli an ta'tiyanā wa mim ba‘di mā ji'tanā, qāla ‘asā rabbukum ay yuhlika ‘aduwwakum wa yastakhlifakum fil-arḍi fa yanẓura kaifa ta‘malūn(a).
[129] Para punggawane Raja Phirngon padha ngucap: (He Nabi Musa) sanadyan sampeyan andhatêngakên tăndha yêkti punapa kemawon, amêsthi punika sikhir, pamrih sampeyan supados kula punika nilar agami kula, sampeyan sumêrêpa, kula botên pisan badhe ngandêl tăndha yêkti sampeyan.

وَلَقَدْ اَخَذْنَآ اٰلَ فِرْعَوْنَ بِالسِّنِيْنَ وَنَقْصٍ مِّنَ الثَّمَرٰتِ لَعَلَّهُمْ يَذَّكَّرُوْنَ١٣٠
Wa laqad akhażnā āla fir‘auna bis-sinīna wa naqṣim minaṡ-ṡamarāti la‘allahum yażżakkarūn(a).
[130] Ingsun banjur nganakake tăndha yêkti akèh tur warna-warna, kang gênti-gênti têkane, kang andadèkake karibêdaning para punggawane Raja Phirngon, iya iku banjir gêdhe, walang, tuma, lan kodhok, kang padha ngêbaki tanah Mêsir, apadene sarupaning banyu padha dadi gêtih, nanging para punggawane Raja Phirngon padha gumêdhe, puguh ora gêlêm pracaya marang Nabi Musa, wêkasan padha [4] duraka, tulus ênggone kaphir.

فَاِذَا جَاۤءَتْهُمُ الْحَسَنَةُ قَالُوْا لَنَا هٰذِهٖ ۚوَاِنْ تُصِبْهُمْ سَيِّئَةٌ يَّطَّيَّرُوْا بِمُوْسٰى وَمَنْ مَّعَهٗۗ اَلَآ اِنَّمَا طٰۤىِٕرُهُمْ عِنْدَ اللّٰهِ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ١٣١
Fa iżā jā'athumul-ḥasanatu qālū lanā hāżihī, wa in tuṣibhum sayyi'atuy yaṭṭayyarū bimūsā wa mam ma‘ah(ū), alā innamā ṭā'iruhum ‘indallāhi wa lākinna aksṡarahum lā ya‘lamūn(a).
[131] Para punggawane Raja Phirngon sabên katêmpuh siji-sijining pakewuh mau, padha sêsambat marang Nabi Musa, he Nabi Musa, kula sampeyan dongakakên dhatêng Pangeran sampeyan, ingkang sampun prajanji badhe nêmbadani panyuwun sampeyan. Mênawi sampeyan sagêd ambengkas pakèwêd punika saking kula, kula sagah pracaya dhatêng sampeyan, sarta sagah nguculakên tiyang Bani Srail saking pangawulan, salajêngipun tumut sampeyan dhatêng bumi suci. Barêng Ingsun wis ambengkas pakewuh mau, para punggawane Raja Phirngon padha nyidrani sêsanggêmane ênggone saguh pracaya, nganti têkan ing măngsa ênggone padha Ingsun sirnakake.

وَقَالُوْا مَهْمَا تَأْتِنَا بِهٖ مِنْ اٰيَةٍ لِّتَسْحَرَنَا بِهَاۙ فَمَا نَحْنُ لَكَ بِمُؤْمِنِيْنَ١٣٢
Wa qālū mahmā ta'tinā bihī min āyatil litasḥaranā bihā, famā naḥnu laka bimu'minīn(a).
[132] Ingsun banjur niksa marang Raja Phirngon sapunggawane. Kabèh padha Ingsun kêlêm ana têngahing sagara, marga ênggone padha maido ayat Ingsun, lan padha kêlimput ora praduli bakal têkaning siksa.

فَاَرْسَلْنَا عَلَيْهِمُ الطُّوْفَانَ وَالْجَرَادَ وَالْقُمَّلَ وَالضَّفَادِعَ وَالدَّمَ اٰيٰتٍ مُّفَصَّلٰتٍۗ فَاسْتَكْبَرُوْا وَكَانُوْا قَوْمًا مُّجْرِمِيْنَ١٣٣
Fa arsalnā ‘alaihimuṭ-ṭūfāna wal-jarāda wal-qummala waḍ-ḍafādi‘a wad-dama āyātim mufaṣṣalāt(in), fastakbarū wa kānū qaumam mujrimīn(a).
[133] Wong Bani Srail kang maune padha kalah, ing mêngko padha Ingsun paringi warisan bumi suci kang Ingsun bêrkahi, ing tanah Sam, apadene tanah Mêsir, wiwit pinggir wetan têkan pinggir kulon. Dhawuh kasagungahing Pangeranira bakal gawe mênang marang wong Bani Srail, samêngko wis kalêksanan sampurna, marga wong Bani Srail padha nêtêpi sabar. Dene yasane Raja Phirngon, gêdhong-gêdhong lan patamanan, Ingsun sirnakake kabèh.

وَلَمَّا وَقَعَ عَلَيْهِمُ الرِّجْزُ قَالُوْا يٰمُوْسَى ادْعُ لَنَا رَبَّكَ بِمَا عَهِدَ عِنْدَكَۚ لَىِٕنْ كَشَفْتَ عَنَّا الرِّجْزَ لَنُؤْمِنَنَّ لَكَ وَلَنُرْسِلَنَّ مَعَكَ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ ۚ١٣٤
Wa lammā waqa‘a ‘alihimur-rijzu qālū yā mūsad‘u lanā rabbaka bimā ‘ahida ‘indak(a), la'in kasyafta ‘annar-rijza lanu'minanna laka wa lanursilanna ma‘aka banī isrā'īl(a).
[134] Raja Phirngon sabalane mau sawise sirna kêlêm ing sagara, Ingsun anglulusake lakune wong Bani Srail ênggone nyabrang sagara, lakune têkan ing panggonanane[5] wong padha nyêmbah brahala. Wong Bani Srail banjur padha matur: Dhuh Nabi Musa, kula punika bok inggih sampeyan yasakakên Pangeran, kados tiyang ing ngriki punika sami gadhah Pangeran. Nabi Musa mangsuli: Kowe iku têtêp wong bodho.

فَلَمَّا كَشَفْنَا عَنْهُمُ الرِّجْزَ اِلٰٓى اَجَلٍ هُمْ بَالِغُوْهُ اِذَا هُمْ يَنْكُثُوْنَ١٣٥
Falammā kasyafnā ‘anhumur-rijza ilā ajalin hum bāligūhu iżā hum yankuṡūn(a).
[135] Wong ing kene ênggone padha nyêmbah brahala iku bakal andadèkake rusaking awake, samubarang kang apdha dilakoni iku kabèh tanpa guna.

فَانْتَقَمْنَا مِنْهُمْ فَاَغْرَقْنٰهُمْ فِى الْيَمِّ بِاَنَّهُمْ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا وَكَانُوْا عَنْهَا غٰفِلِيْنَ١٣٦
Fantaqamnā minhum fa agraqnāhum fil-yammi bi'annahum każżabū bi'āyātinā wa kānū ‘anhā gāfilīn(a).
[136] Nabi Musa banjur mituturi, apa aku anggolèkake Pangeran liyane Allah marang kowe. (Pangeran iku ora susah digolèki, dijaluk, utawa dipilih) Pangeran iku kang angluwihake kowe ngungkuli wong sajagad.

وَاَوْرَثْنَا الْقَوْمَ الَّذِيْنَ كَانُوْا يُسْتَضْعَفُوْنَ مَشَارِقَ الْاَرْضِ وَمَغَارِبَهَا الَّتِيْ بٰرَكْنَا فِيْهَاۗ وَتَمَّتْ كَلِمَتُ رَبِّكَ الْحُسْنٰى عَلٰى بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَۙ بِمَا صَبَرُوْاۗ وَدَمَّرْنَا مَا كَانَ يَصْنَعُ فِرْعَوْنُ وَقَوْمُهٗ وَمَا كَانُوْا يَعْرِشُوْنَ١٣٧
Wa auraṡnal-qaumal-lażīna kānū yustaḍ‘afūna masyāriqal-arḍi wa magāribahal-latī bāraknā fīhā, wa tammat kalimatu rabbikal-ḥusnā ‘alā banī isrā'īl(a), bimā ṣabarū, wa dammarnā mā kāna yaṣna‘u fir‘aunu wa qaumuhū wa mā kānū ya‘risyūn(a).
[137] (Pangandikaning Allah: He wong Bani Srail) sira padha elinga nalika Ingsun angluwari sira saka para punggawane Raja Phirngon ênggone padha nandukake panganiaya utawa siksa kang bangêt marang sira. Dhèk samana padha matèni anakira lanang, mung anakira wadon kang diuripi. Kang mangkono iku dumunung coba gêdhe saka Pangeranira.

وَجَاوَزْنَا بِبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ الْبَحْرَ فَاَتَوْا عَلٰى قَوْمٍ يَّعْكُفُوْنَ عَلٰٓى اَصْنَامٍ لَّهُمْ ۚقَالُوْا يٰمُوْسَى اجْعَلْ لَّنَآ اِلٰهًا كَمَا لَهُمْ اٰلِهَةٌ ۗقَالَ اِنَّكُمْ قَوْمٌ تَجْهَلُوْنَ١٣٨
Wa jāwaznā bibanī isrā'īlal-baḥra fa atau ‘alā qaumiy ya‘kufūna ‘alā aṣnāmil lahum, qālū yā mūsaj‘al lanā ilāhan kamā lahum ālihah(tun), qāla innakum qaumun tajhalūn(a).
[138] Lan Ingsun andhawuhi puwasa têlung puluh wêngi (karêpe têlung puluh dina) marang Nabi Musa, sawise gênêp, nuli Ingsun karsakake muwuhi sapuluh dina êngkas. Dadi Pangerane Nabi Musa ênggone mangêni puwasa gênêp patang puluh wêngi. (Karêpe patang puluh dina) ing kono Nabi Musa mêmêkas marang kakangne, aran Nabi Harun: (Sapêngkêr [(Sapên...gkêr] kula minggah ing rêdi Tursina, ngandikan ing ngarsaning Pangeran) sampeyan nyulihana kula, ngulat-ulatakên, umat kula punika, sami sampeyan purih saenipun, sampeyan sampun ngantos kèlu lampahipun tiyang ingkang sami damêl risak.

اِنَّ هٰٓؤُلَاۤءِ مُتَبَّرٌ مَّا هُمْ فِيْهِ وَبٰطِلٌ مَّا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ١٣٩
Inna hā'ulā'i mutabbarum mā hum fīhi wa bāṭilum mā kānū ya‘malūn(a).
[139] Barêng Nabi Musa wis anggênêpi puwasa patang puluh dina, nêtêpi dhawuh wêwangêning Allah, Allah banjur karsa imbal pangandika lan Nabi Musa. Ing kono Nabi Musa munjuk: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi karsa angatingal dhumatêng kawula. Kawula kapengin sangêt ningali sarira Tuwan kalayan kasat mata. Allah nuli ngandika: Sira ora bisa utawa ora kêlar andêlêng sariraningsun ana ing dunya, (sing sapa andêlêng sariraningsun ana ing dunya mêsthi mati) ewadene coba sira mandênga pucuking gunung Tursina iki (Ingsun bakal ngaton marang gunung mau) mênawa gunung mau têguh ana ing panggonane tanpa owah, sira iya bakal bisa andêlêng sariraningsun kalawan kasat mata. Barêng Pangerane Nabi Musa ngatingal marang gunung, sanalika gunung mau [ma....u] ambyar dadi lètèr, Nabi Musa anjungkêl kapidhara.

قَالَ اَغَيْرَ اللّٰهِ اَبْغِيْكُمْ اِلٰهًا وَّهُوَ فَضَّلَكُمْ عَلَى الْعٰلَمِيْنَ١٤٠
Qāla agairallāhi abgīkum ilāhaw wa huwa faḍḍalakum ‘alal-‘ālamīn(a).
[140] Barêng Nabi Musa wis waras ênggone kapidhara, banjur munjuk ing Allah: Tuwan punika Mahasuci, sapunika kawula tobat dhatêng Tuwan, wondene kawula punika kawitanipun tiyang Bani Srail, ingkang pitados ing Tuwan.

وَاِذْ اَنْجَيْنٰكُمْ مِّنْ اٰلِ فِرْعَوْنَ يَسُوْمُوْنَكُمْ سُوْۤءَ الْعَذَابِۚ يُقَتِّلُوْنَ اَبْنَاۤءَكُمْ وَيَسْتَحْيُوْنَ نِسَاۤءَكُمْۗ وَفِيْ ذٰلِكُمْ بَلَاۤءٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ عَظِيْمٌ ࣖ١٤١
Wa iż anjainākum min āli fir‘auna yasūmūnakum sū'al-‘ażāb(i), yuqattilūna abnā'akum wa yastaḥyūna nisā'akum wa fī żālikum balā'um mir rabbikum ‘aẓīm(un).
[141] Allah nuli ngandika: He Musa, Ingsun milih sira, ngungkuli manungsa akèh, sira Ingsun piji dadi utusaningsun, sarta Ingsun parêngake imbal wacana lan Ingsun. Mara tampanana pêparingingsun drajat kanabean marang sira, lan sira dadia wong sukur marang Ingsun.

۞ وَوٰعَدْنَا مُوْسٰى ثَلٰثِيْنَ لَيْلَةً وَّاَتْمَمْنٰهَا بِعَشْرٍ فَتَمَّ مِيْقَاتُ رَبِّهٖٓ اَرْبَعِيْنَ لَيْلَةً ۚوَقَالَ مُوْسٰى لِاَخِيْهِ هٰرُوْنَ اخْلُفْنِيْ فِيْ قَوْمِيْ وَاَصْلِحْ وَلَا تَتَّبِعْ سَبِيْلَ الْمُفْسِدِيْنَ١٤٢
Wa wā‘adnā mūsā ṡalāṡīna lailataw wa atmamnāhā bi‘asyrin fa tamma mīqātu rabbihī arba‘īna lailah(tan), wa qāla mūsā li'akhīhi hārūnakhlufnī fī qaumī wa aṣliḥ wa lā tattabi‘ sabīlal-mufsidīn(a).
[142] Ingsun anulis anggêr-anggêr, isi pitutur bêcik, apadene wijang-wijanging parentah lan pêpacuh, tumrap marang Nabi Musa (sakancane) Ingsun tulis ana ing papan jumêrut cacah sapuluh. Mara iku sira tampanana, dadia cêcêkêlanira, sira èstokna kalawan sêtya tuhu, sarta para umatira padha sira parentahana ngèstokake anggêr-anggêr mau, sabisa-bisa nglakonana kang luwih utama, sira lan para umatira ing têmbe bakal padha Ingsun tontonake panggonane wong kang padha duraka.

وَلَمَّا جَاۤءَ مُوْسٰى لِمِيْقَاتِنَا وَكَلَّمَهٗ رَبُّهٗۙ قَالَ رَبِّ اَرِنِيْٓ اَنْظُرْ اِلَيْكَۗ قَالَ لَنْ تَرٰىنِيْ وَلٰكِنِ انْظُرْ اِلَى الْجَبَلِ فَاِنِ اسْتَقَرَّ مَكَانَهٗ فَسَوْفَ تَرٰىنِيْۚ فَلَمَّا تَجَلّٰى رَبُّهٗ لِلْجَبَلِ جَعَلَهٗ دَكًّا وَّخَرَّ مُوْسٰى صَعِقًاۚ فَلَمَّآ اَفَاقَ قَالَ سُبْحٰنَكَ تُبْتُ اِلَيْكَ وَاَنَا۠ اَوَّلُ الْمُؤْمِنِيْنَ١٤٣
Wa lammā jā'a mūsā limīqātinā wa kallamahū rabbuh(ū), qāla rabbi arinī anẓur ilaik(a), qāla lan tarānī wa lākininẓur ilal-jabali fa inistaqarra makānahū fa saufa tarānī, falammā tajallā rabbuhū lil-jabali ja‘alahū dakkaw wa kharra mūsā ṣa‘iqā(n), falammā afāqa qāla subḥānaka tubtu ilaika wa ana awwalul-mu'minīn(a).
[143] Sarupane wong kang padha gumêdhe ana ing bumi, iku ora bênêr, ing têmbe wong mau bakal Ingsun singkirake, dadi ora ngêrti surasaning ayat Ingsun, mênawa wong mau andêlêng siji-sijining tăndha yêkti, padha ora gêlêm pracaya marang tăndha yêkti mau, mênawa wêruh dalan pituduh marang kabêcikan, padha ora gêlêm ngambah dalan mau. Dene mênawa wêruh dalan panasaran, banjur padha ngambah dalan panasaran mau.

قَالَ يٰمُوْسٰٓى اِنِّى اصْطَفَيْتُكَ عَلَى النَّاسِ بِرِسٰلٰتِيْ وَبِكَلَامِيْ ۖفَخُذْ مَآ اٰتَيْتُكَ وَكُنْ مِّنَ الشّٰكِرِيْنَ١٤٤
Qāla yā mūsā inniṣṭafaituka ‘alan-nāsi birisālātī wa bikalāmī, fa khuż mā ātaituka wa kum minasy-syākirīn(a).
[144] Kang mangkono iku amarga wong mau padha maido ayat Ingsun, sarta padha lali, kêlimput ora gêlêm ngrasak-rasakake.

وَكَتَبْنَا لَهٗ فِى الْاَلْوَاحِ مِنْ كُلِّ شَيْءٍ مَّوْعِظَةً وَّتَفْصِيْلًا لِّكُلِّ شَيْءٍۚ فَخُذْهَا بِقُوَّةٍ وَّأْمُرْ قَوْمَكَ يَأْخُذُوْا بِاَحْسَنِهَا ۗسَاُورِيْكُمْ دَارَ الْفٰسِقِيْنَ١٤٥
Wa katabnā lahū fil-alwāḥi min kulli syai'im mau‘iẓataw wa tafṣīlal likulli syai'(in), fa khużhā biquwwatiw wa'mur qaumaka ya'khużū bi'aḥsanihā, sa'urīkum dāral-fāsiqīn(a).
[145] Sarupane wong kang padha maido ayat Ingsun, lan maido ênggone bakal têkan ing akhirat, iku lakune kang bêcik sirna larut kabèh, sarta besuk ana ing akhirat mêsthi padha tămpa wêwalêse samubarang piala kang wis padha dilakoni.

سَاَصْرِفُ عَنْ اٰيٰتِيَ الَّذِيْنَ يَتَكَبَّرُوْنَ فِى الْاَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّۗ وَاِنْ يَّرَوْا كُلَّ اٰيَةٍ لَّا يُؤْمِنُوْا بِهَاۚ وَاِنْ يَّرَوْا سَبِيْلَ الرُّشْدِ لَا يَتَّخِذُوْهُ سَبِيْلًاۚ وَاِنْ يَّرَوْا سَبِيْلَ الْغَيِّ يَتَّخِذُوْهُ سَبِيْلًاۗ ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا وَكَانُوْا عَنْهَا غٰفِلِيْنَ١٤٦
Sa'aṣrifu ‘an āyātiyal-lażīna yatakabbarūna fil-arḍi bigairil-ḥaqq(i), wa iy yarau kulla āyatil lā yu'minū bihā, wa iy yarau sabīlar-rusydi lā yattakhiżūhu sabīlā(n), wa iy yarau sabīlal-gayyi yattakhiżūhu sabīlā(n), żālika bi'annahum każżabū bi'āyātinā wa kānū ‘anhā gāfilīn(a).
[146] Sapungkure Nabi Musa munggah ing gunung Tursina, para umate Nabi Musa padha sayuk anglumpukake panganggone kang rupa mas, iku digawe rêca pêdhèt, [pê..dhèt,] banjur dadi pêdhèt mas, mawa daging lan gêtih, sarta bisa nyuwara sasuwaraning sapi (pêdhèt mas mau banjur didêgake Pangeran lan disêmbah). Wong Bani Srail liyane Nabi Harun, padha ora mikir yèn pêdhèt mas mau ora calathu apa -apa, lan ora bisa nuduhake dalan kaslamêtan marang wong Bani Srail.

وَالَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا وَلِقَاۤءِ الْاٰخِرَةِ حَبِطَتْ اَعْمَالُهُمْۗ هَلْ يُجْزَوْنَ اِلَّا مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ ࣖ١٤٧
Wal-lażīna każżabū bi'āyātinā wa liqā'il-ākhirati ḥabiṭat a‘māluhum, hal yujzauna illā mā kānū ya‘malūn(a).
[147] Wong Bani Srail banjur padha mangeran marang pêdhèt mas mau, dadi padha nganiaya marang awake dhewe.

وَاتَّخَذَ قَوْمُ مُوْسٰى مِنْۢ بَعْدِهٖ مِنْ حُلِيِّهِمْ عِجْلًا جَسَدًا لَّهٗ خُوَارٌۗ اَلَمْ يَرَوْا اَنَّهٗ لَا يُكَلِّمُهُمْ وَلَا يَهْدِيْهِمْ سَبِيْلًاۘ اِتَّخَذُوْهُ وَكَانُوْا ظٰلِمِيْنَ١٤٨
Wattakhaża mūsā mim ba‘dihī min ḥuliyyihim ‘ijlan jasadal lahū khuwār(un), alam yarau annahū lā yukallimuhum wa lā yahdīhim sabīlā(n), ittakhażūhu wa kānū ẓālimīn(a).
[148] Barêng wong Bani Srail mau wis ngruntuhake gêgêmane, (wis kêduwung ênggone mangeran pêdhèt mas) sarta wis rumasa ênggone padha nyêmbah pêdhèt mas mau luput, banjur padha ngucap: Mênawa Pangeranku ora asih marang aku lan ora ngapura dosaku, amêsthi aku iki padha dadi wong kapitunan.

وَلَمَّا سُقِطَ فِيْٓ اَيْدِيْهِمْ وَرَاَوْا اَنَّهُمْ قَدْ ضَلُّوْاۙ قَالُوْا لَىِٕنْ لَّمْ يَرْحَمْنَا رَبُّنَا وَيَغْفِرْ لَنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ١٤٩
Wa lammā suqiṭa fī aidīhim wa ra'au annahum qad ḍallū, qālū la'il lam yarḥamnā rabbunā wa yagfir lanā lanakūnanna minal-khāsirīn(a).
[149] Barêng Nabi Musa bali marang panggonane wong Bani Srail, bangêt nêpsune lan gêtune, (amarga nalika ana ing gunung, Nabi Musa diparingi sumurup ing Pangeran yèn wong Bani Srail padha nyêmbah pêdhèt mas) panutuhe: [p....anutuhe:] ala têmên ênggonmu padha dadi sêsulihku ing sapungkurku. Yagene kowe padha ora sabar ngêntèni têkane kitab Torèt, kang isi parentahe Pangeranmu, banjur padha lancang nyêmbah pêdhèt mas. Nabi Musa banjur ambanting papan jumêrut sapuluh mau, banjur nyandhak sirahe Nabi Harun kang raka diukêl sarta digèndèng. Nabi Harun banjur ngrêrêpa, He putrane sibu, mungguh wong Bani Srail kang padha nyêmbah pêdhèt mas iku padha ngrèmèhake marang aku, mèh bae padha matèni marang aku, mulane kowe aja anggêdhèkake atining satru marga ênggonmu nêpsu marang aku, lan manèh aku aja koewokake wong kang padha nganiaya awake dhewe iku.

وَلَمَّا رَجَعَ مُوْسٰٓى اِلٰى قَوْمِهٖ غَضْبَانَ اَسِفًاۙ قَالَ بِئْسَمَا خَلَفْتُمُوْنِيْ مِنْۢ بَعْدِيْۚ اَعَجِلْتُمْ اَمْرَ رَبِّكُمْۚ وَاَلْقَى الْاَلْوَاحَ وَاَخَذَ بِرَأْسِ اَخِيْهِ يَجُرُّهٗٓ اِلَيْهِ ۗقَالَ ابْنَ اُمَّ اِنَّ الْقَوْمَ اسْتَضْعَفُوْنِيْ وَكَادُوْا يَقْتُلُوْنَنِيْۖ فَلَا تُشْمِتْ بِيَ الْاَعْدَاۤءَ وَلَا تَجْعَلْنِيْ مَعَ الْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ١٥٠
Wa lammā raja‘a mūsā ilā qaumihī gaḍbāna asifā(n), qāla bi'samā khalaftumūnī mim ba‘dī, a‘ajiltum amra rabbikum, wa alqal-alwāḥa wa akhaża bira'si akhīhi yajurruhū ilaih(i), qālabna umma innal-qaumastaḍ‘afūnī wa kādū yaqtulūnanī, falā tusymit biyal-a‘dā'a wa lā taj‘alnī ma‘al-qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[150] Barêng Nabi Musa wis rumasa lupute, banjur munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi ngapuraa anggèn kawula kêsirêng nêpsu dhatêng sadhèrèk kawula, sarta ngapuraa dhatêng sadhèrèk kawula mênawi kaworan ngrojongi tiyang nyêmbah pêdhèt mas. Makatên malih kawula tiyang kêkalih mugi Tuwan lêbêtakên [lêbêtakê...n] ing wêwêngkonipun sih Tuwan. Tuwan punika langkung dening asih, angungkuli tiyang ingkang sami asih.

قَالَ رَبِّ اغْفِرْ لِيْ وَلِاَخِيْ وَاَدْخِلْنَا فِيْ رَحْمَتِكَ ۖوَاَنْتَ اَرْحَمُ الرّٰحِمِيْنَ ࣖ١٥١
Qāla rabbigfirlī wa li'akhī wa adkhilnā fī raḥmatik(a), wa anta arḥamur-rāḥimīn(a).
[151] Sarupane wong kang padha mangeran pêdhèt mas, iku bakal padha kêna bêbênduning Pangeran, utawa disorake ana ing dunya, kaya mangkono iku ênggon Ingsun matrapi marang wong kang padha calathu goroh diawadake têrang saka dhawuhing Allah.

اِنَّ الَّذِيْنَ اتَّخَذُوا الْعِجْلَ سَيَنَالُهُمْ غَضَبٌ مِّنْ رَّبِّهِمْ وَذِلَّةٌ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۗ وَكَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُفْتَرِيْنَ١٥٢
Innal-lażīnattakhażul-‘ijla sayanāluhum gaḍabum mir rabbihim wa żillatun fil-ḥayātid-dun-yā, wa każālika najzil-muftarīn(a).
[152] Dene wong kang padha nglakoni ala, sawise kalêksanan, banjur padha tobat, sarta padha pracaya ing Allah, iku padha wêruha, sawise kêlakon tobat, Pangeranira mêsthi ngapura, sarta asih marang wong kang padha tobat mau.

وَالَّذِيْنَ عَمِلُوا السَّيِّاٰتِ ثُمَّ تَابُوْا مِنْۢ بَعْدِهَا وَاٰمَنُوْٓا اِنَّ رَبَّكَ مِنْۢ بَعْدِهَا لَغَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١٥٣
Wal-lażīna ‘amilus-sayyi'āti ṡumma tābū mim ba‘dihā wa āmanū inna rabbaka mim ba‘dihā lagafūrur raḥīm(un).
[153] Barêng Nabi Musa wis lilih ênggone nêpsu, banjur anjupuki papan jumêrut kang dibanting mau, ing kono isi pituduh marang dalan kang bênêr, sarta ubayaning Allah bakal asih marang wong kang padha wêdi ing Pangerane.

وَلَمَّا سَكَتَ عَنْ مُّوْسَى الْغَضَبُ اَخَذَ الْاَلْوَاحَۖ وَفِيْ نُسْخَتِهَا هُدًى وَّرَحْمَةٌ لِّلَّذِيْنَ هُمْ لِرَبِّهِمْ يَرْهَبُوْنَ١٥٤
Wa lammā sakata ‘am mūsal-gaḍabu akhażal-alwāḥ(a), wa fī nuskhatihā hudaw wa raḥmatul lil-lażīna hum lirabbihim yarhabūn(a).
[154] Nabi Musa banjur milih santanane, wong lanang pitung puluh, padha disebakake marang ngarsaningsun, [ngarsa..ningsun,] ana ing gunung Tursina, (pêrlu padha nyuwunake pangapura kaluputaning para kancane kang padha nyêmbah pêdhèt mas) barêng wong pitung puluh mau padha kalêngêr, (Enggone padha kalêngêr mau mulabukane mangkene: wong Bani Srail barêng padha didukani dening Nabi Musa ênggone padha nyêmbah pêdhèt mas, padha ora narima, kudu krungu dhewe pangandikaning Allah enggone nglarangi nyêmbah pêdhèt mas, ing kono Nabi Musa banjur milih wong lanang Bani Srail, cacahe pitung puluh, kang padha ora milu nyêmbah pêdhèt mas, iku padha diirid munggah ing gunung Sina, disebakake marang ngarsaning Pangeran. Barêng wis cêdhak lan gunung, banjur ana mega nglimputi gunung Sina. Nabi Musa banjur malêbu ing mega mau, sarta ngandika: Kowe padha nyêdhaka marene. Wong pitung puluh banjur padha nyêdhak mèlu malêbu ing mega. Ingna[6] ing kono banjur padha sujud sarta ngrungokake pangandikaning Allah marang Nabi Musa, ênggone andhawuhake parentah lan pêpacuh. Barêng mega wis ilang, wong pitung puluh mau padha nyêdhak marang Nabi Musa sarta padha matur: Mênawi namung makatên [maka..tên] kemawon kula botên pitados dhatêng sampeyan, kajawi mênawi kawula dipun katingali sariranipun Pangeran kalayan kasat mata. Ing sanalika kono gunung Sina banjur gêtêr dadi lindhu kang bangêt, wong pitung puluh mau saking dening wêdine, padha kalêngêr. Panyanane Nabi Musa, wong pitung puluh mau padha mati kabèh. Khazin.) Nabi Musa banjur munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, bok inggih sadèrèngipun kawula sowanakên ing ngarsa Tuwan wau, tiyang pitung dasa punika Tuwan pêjahi dalah kawula pisan. Upami kêlampahan makatên, punapa Tuwan karsa ngrisak dhumatêng kawula jalaran saking kalêpatanipun kănca kawula ingkang sami bodho, lêpat anggènipun sami nyêmbah pêdhèt mas. Pamanggih kawula nyêmbah pêdhèt mas punika dede punapa-punapa. Sayêktosipun punika dumunung anggèn Tuwan nyoba dhumatêng kawula Tuwan, dados sarananipun anggèn Tuwan nasarakên tiyang ingkang Tuwan kakarsakakên sasar, utawi sarananipun anggèn Tuwan paring pitêdah dhumatêng tiyang ingkang dados parêngipun karsa Tuwan. Tuwan punika ingkang paring pitulung dhumatêng kawula, mila Tuwan [Tu...wan] mugi ngapuraa kalêpatan kawula, punapadene asiha dhumatêng kawula, Tuwan punika ngapura dosa, ngungkuli ingkang sami ngapura dosa.

وَاخْتَارَ مُوْسٰى قَوْمَهٗ سَبْعِيْنَ رَجُلًا لِّمِيْقَاتِنَا ۚفَلَمَّآ اَخَذَتْهُمُ الرَّجْفَةُ قَالَ رَبِّ لَوْ شِئْتَ اَهْلَكْتَهُمْ مِّنْ قَبْلُ وَاِيَّايَۗ اَتُهْلِكُنَا بِمَا فَعَلَ السُّفَهَاۤءُ مِنَّاۚ اِنْ هِيَ اِلَّا فِتْنَتُكَۗ تُضِلُّ بِهَا مَنْ تَشَاۤءُ وَتَهْدِيْ مَنْ تَشَاۤءُۗ اَنْتَ وَلِيُّنَا فَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا وَاَنْتَ خَيْرُ الْغٰفِرِيْنَ١٥٥
Wakhtāra mūsā qaumahū sab‘īna rajulal limīqātinā, falammā akhażathumur-rajfatu qāla rabbi lau syi'ta ahlaktahum min qablu wa iyyāy(a), atuhlikunā bimā fa‘alas-sufahā'u minnā, in hiya illā fitnatuk(a), tuḍillu bihā man tasyā'u wa tahdī man tasyā'(u), anta waliyyunā fagfir lanā warḥamnā wa anta khairul-gāfirīn(a).
[155] Punapadene Tuwan mugi nêtêpna kasaenan kawula wontên ing dunya punika katarimah, wontên ing akhirat badhe angsal pangapura. Kawula tobat ing Tuwan. Allah banjur ngandika: Ingsun bakal nandukake siksa marang wong kang Ingsun karsakake, ewadene sih piwêlas Ingsun jêmbar, sumarambah marang samubarang, iku bakal Ingsun têtêpake marang wong kang padha wêdi marang Ingsun, lan kang padha bayar jakat, apadene kang padha ngandêl ing ayat Ingsun.

۞ وَاكْتُبْ لَنَا فِيْ هٰذِهِ الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ اِنَّا هُدْنَآ اِلَيْكَۗ قَالَ عَذَابِيْٓ اُصِيْبُ بِهٖ مَنْ اَشَاۤءُۚ وَرَحْمَتِيْ وَسِعَتْ كُلَّ شَيْءٍۗ فَسَاَكْتُبُهَا لِلَّذِيْنَ يَتَّقُوْنَ وَيُؤْتُوْنَ الزَّكٰوةَ وَالَّذِيْنَ هُمْ بِاٰيٰتِنَا يُؤْمِنُوْنَۚ١٥٦
Waktub lanā fī hāżihid-dun-yā ḥasanataw wa fil-ākhirati innā hudnā ilaik(a), qāla ‘ażābī uṣību bihī man asyā'(u), wa raḥmatī wasi‘at kulla syai'(in), fa sa'aktubuhā lil-lażīna yattaqūna wa yu'tūnaz-zakāta wal-lażīna hum bi'āyātinā yu'minūn(a).
[156] Kang padha manut marang Mukhammad, nabi kang bodho, (Mulane Kangjêng Nabi Mukhammad diparingi jêjuluk nabi kang bodho, awit ora sagêd maos lan ora sagêd nyêrat, lan ora sagêd etang, nanging kang mangkono mau malah dadi kaluhurane, awit ênggone sagêd nyariyosake lêlakone para nabi lan para ratu ing jaman kina, têtela saka wahyuning Allah, ora kêna ditêrka wis anggaledhahi kitab kang kuna-kuna. [ku....na-kuna.] Khazin.) kang wis diwêruhi dening para wong Bani Srail, amarga kasêbut ana ing kitab Torèt lan kitab Injil. Nabi Mukhammad mau parentah marang manungsa kabèh supaya padha nglakoni kabêcikan, lan anglarangi nglakoni panggawe ala, lan ngênakake mangan sarupaning panganan kang ngrêsêpake, lan anglarangi mangan sarupane kang anggigokake, lan anyuwak sarupane parentah kang abot, kang tumrape marang wong prasasat balênggu. Sarupaning wong kang ngèstokake lan angluhurake utawa biyantu marang Nabi Mukhammad, sarta manut dhawuhing Kuran kang diparingake dadi ampilane Nabi Mukhammad minăngka pêpadhang, iku kabèh padha wong bêgja.

اَلَّذِيْنَ يَتَّبِعُوْنَ الرَّسُوْلَ النَّبِيَّ الْاُمِّيَّ الَّذِيْ يَجِدُوْنَهٗ مَكْتُوْبًا عِنْدَهُمْ فِى التَّوْرٰىةِ وَالْاِنْجِيْلِ يَأْمُرُهُمْ بِالْمَعْرُوْفِ وَيَنْهٰىهُمْ عَنِ الْمُنْكَرِ وَيُحِلُّ لَهُمُ الطَّيِّبٰتِ وَيُحَرِّمُ عَلَيْهِمُ الْخَبٰۤىِٕثَ وَيَضَعُ عَنْهُمْ اِصْرَهُمْ وَالْاَغْلٰلَ الَّتِيْ كَانَتْ عَلَيْهِمْۗ فَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِهٖ وَعَزَّرُوْهُ وَنَصَرُوْهُ وَاتَّبَعُوا النُّوْرَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ مَعَهٗٓ ۙاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ ࣖ١٥٧
Al-lażīna yattabi‘ūnar-rasūlan nabiyyal-ummiyyal-lażī yajidūnahū maktūban ‘indahum fit-taurāti wal-injīli ya'muruhum bil-ma‘rūfi wa yanhāhum ‘anil-munkari wa yuḥillu lahumuṭ-ṭayyibāti wa yuḥarrimu ‘alaihimul-khabā'iṡa wa yaḍa‘u ‘anhum iṣrahum wal-aglālal-latī kānat ‘alaihim, fal-lażīna āmanū bihī wa ‘azzarūhu wa naṣarūhu wattaba‘un nūral-lażī unzila ma‘ah(ū), ulā'ika humul-mufliḥūn(a).
[157] (He Mukhammad) sira dhawuha: He para manungsa, satêmêne aku iki utusaning Allah, dikarsakake mêmulang marang kowe kawe[7] kabèh.

قُلْ يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنِّيْ رَسُوْلُ اللّٰهِ اِلَيْكُمْ جَمِيْعًا ۨالَّذِيْ لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۚ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ يُحْيٖ وَيُمِيْتُۖ فَاٰمِنُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهِ النَّبِيِّ الْاُمِّيِّ الَّذِيْ يُؤْمِنُ بِاللّٰهِ وَكَلِمٰتِهٖ وَاتَّبِعُوْهُ لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَ١٥٨
Qul yā ayyuhan-nāsu innī rasūlullāhi ilaikum jamī‘anil-lażī lahū mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), lā ilāha illā huwa yuḥyī wa yumīt(u), fa āminū billāhi wa rasūlihin-nabiyyil-ummiyyil-lażī yu'minu billāhi wa kalimatihī wattabi‘ūhu la‘allakum tahtadūn(a).
[158] Kang ngutus aku iki, Allah kang kagungan karaton bumi lan langit, ora ana sêsêmbahan kang bênêr kajaba mung Allah, kang nguripi lan matèni, mulane kowe kabèh padha pracayaa lan ngèstokna dhawuhing Allah lan dhawuhe utusaning Allah, iya iku nabi kang bodho iki, kang pracaya ing Allah lan marang pangandikaning Allah, lan padha manuta parentahing rasul, supaya kowe padha olèha pituduh kang bênêr.

وَمِنْ قَوْمِ مُوْسٰٓى اُمَّةٌ يَّهْدُوْنَ بِالْحَقِّ وَبِهٖ يَعْدِلُوْنَ١٥٩
Wa min qaumi mūsā ummatuy yahdūna bil-ḥaqqi wa bihī ya‘dilūn(a).
[159] Santanane Nabi Musa para turun Israil, ana kang nuduhake manungsa marang dalan kang bênêr, sarta padha ngukumi kalawan ngadil.

وَقَطَّعْنٰهُمُ اثْنَتَيْ عَشْرَةَ اَسْبَاطًا اُمَمًاۗ وَاَوْحَيْنَآ اِلٰى مُوْسٰٓى اِذِ اسْتَسْقٰىهُ قَوْمُهٗٓ اَنِ اضْرِبْ بِّعَصَاكَ الْحَجَرَۚ فَانْۢبَجَسَتْ مِنْهُ اثْنَتَا عَشْرَةَ عَيْنًاۗ قَدْ عَلِمَ كُلُّ اُنَاسٍ مَّشْرَبَهُمْۗ وَظَلَّلْنَا عَلَيْهِمُ الْغَمَامَ وَاَنْزَلْنَا عَلَيْهِمُ الْمَنَّ وَالسَّلْوٰىۗ كُلُوْا مِنْ طَيِّبٰتِ مَا رَزَقْنٰكُمْۗ وَمَا ظَلَمُوْنَا وَلٰكِنْ كَانُوْٓا اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَ١٦٠
Wa qaṭṭa‘nāhumuṡnatai ‘asyrata asbāṭan umamā(n), wa auḥainā ilā mūsā iżistasqāhu qaumuhū aniḍrib bi‘aṣākal-ḥajar(a), fambajasat minhuṡnatā ‘asyrata ‘ainā(n), qad ‘alima kullu unāsim masyrabahum, wa ẓallalnā ‘alaihimul-gamāma wa anzalnā ‘alaihimul-manna was-salwā, kulū min ṭayyibāti mā razaqnākum, wa mā ẓalamūnā wa lākin kānū anfusahum yaẓlimūn(a).
[160] Turuning Israil Ingsun perang dadi rolas pancêr, utawa rolas golongan, (sacacahing anake Nabi Yakub) nalikane wong Bani Srail padha sêsambat anjaluk ngombe (ana ing ara-ara tèh) Ingsun paring wahyu marang Nabi Musa, He Musa, têkênira sira jojohna ing watu. Barêng Nabi Musa wis anjojohake têkêne marang watu, sanalika watu mau mancur mêtu banyune rolas panggonan, sacacahing pancêr Israil. Ing kono siji-sijining pancêr banjur padha wêruh pangombenane dhewe-dhewe, lan Ingsun mayungi wong Bani Srail kabèh kalawan mega, apadene Ingsun paring iman lan manuk gêmak. (Pangandikaningsun:) [(Pangandikaning...sun:)] Sira padha ngana[8] pêparing Ingsun marang sira rijêki kang ngrêsêpake. Dene wong Bani Srail kang padha nglirwakake parentah Ingsun, iku ora nganiaya marang Ingsun, satêmêne nganiaya marang awake dhewe.

وَاِذْ قِيْلَ لَهُمُ اسْكُنُوْا هٰذِهِ الْقَرْيَةَ وَكُلُوْا مِنْهَا حَيْثُ شِئْتُمْ وَقُوْلُوْا حِطَّةٌ وَّادْخُلُوا الْبَابَ سُجَّدًا نَّغْفِرْ لَكُمْ خَطِيْۤـٰٔتِكُمْۗ سَنَزِيْدُ الْمُحْسِنِيْنَ١٦١
Wa iżā qīla lahumuskunū hāżihil-qaryata wa kulū minhā ḥaiṡu syi'tum wa qūlū ḥiṭṭatuw wadkhulul-bāba sujjadan nagfir lakum khaṭī'ātikum, sanazīdul-muḥsinīn(a).
[161] (He Mukhammad) sira nyaritakna nalikane wong Bani Srail padha didhawuhi dening Allah, sira padha manggona ana ing bumi suci iki, lan padha mangana isining bumi mau, êndi kang sira arêpi. Padha malêbua lawanging nagara sarta sujud, lan padha ngucapna têmbung: khittah, ing kono Ingsun ngapura kaluputanira kabèh. Dene wong kang wis bêcik tanpa dosa, bakal Ingsun wuwuhi ganjarane.

فَبَدَّلَ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مِنْهُمْ قَوْلًا غَيْرَ الَّذِيْ قِيْلَ لَهُمْ فَاَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ رِجْزًا مِّنَ السَّمَاۤءِ بِمَا كَانُوْا يَظْلِمُوْنَ ࣖ١٦٢
Fa baddalal-lażīna ẓalamū minhum qaulan gairal-lażī qīla lahum fa arsalnā ‘alaihim rijzam minas-samā'i bimā kānū yaẓlimūn(a).
[162] Wong Bani Srail kang padha bandhol utawa duraka, padha nyalini têtêmbungan kang didhawuhake dening Allah ingandikakake ngucapake mau, disalini têmbung liyane kang wis didhawuhake dening Allah, (ora gêlêm ngucap: kittah, diucapake: khintah phisangirah, têgêse: gandum numpangi juwawut) wong kang padha bandhol mau banjur padha Ingsun turuni siksa pagêblug [pagêblu...g] saka ing langit, marga ênggone padha duraka.

وَسْـَٔلْهُمْ عَنِ الْقَرْيَةِ الَّتِيْ كَانَتْ حَاضِرَةَ الْبَحْرِۘ اِذْ يَعْدُوْنَ فِى السَّبْتِ اِذْ تَأْتِيْهِمْ حِيْتَانُهُمْ يَوْمَ سَبْتِهِمْ شُرَّعًا وَّيَوْمَ لَا يَسْبِتُوْنَۙ لَا تَأْتِيْهِمْ ۛ كَذٰلِكَ ۛنَبْلُوْهُمْ بِمَا كَانُوْا يَفْسُقُوْنَ١٦٣
Was'alhum ‘anil-qaryatil-latī kānat ḥāḍiratal-baḥr(i), iż ya‘dūna fis-sabti iż ta'tīhim ḥītānuhum yauma sabtihim syurra‘aw wa yauma lā yasbitūn(a), lā ta'tīhim - każālika - nablūhum bimā kānū yafsuqūn(a).
[163] (He Mukhammad) wong Yahudi iku padha sira dangua lêlakone wong padesan sapinggiring sagara, (desa Elah lan Madyan) nalikane padha anjarag nêrak laranganing Allah, mèmèt ana ing dina Sabtu, dhèk samana sabên dina Sabtu iwak sagara padha têka angosèk, nanging yèn ora dina Sabtu, ora ana iwak katon. Mangkono ênggon Ingsun nyoba marang wong Bani Srail, marga ênggone padha duraka.

وَاِذْ قَالَتْ اُمَّةٌ مِّنْهُمْ لِمَ تَعِظُوْنَ قَوْمًاۙ ۨاللّٰهُ مُهْلِكُهُمْ اَوْ مُعَذِّبُهُمْ عَذَابًا شَدِيْدًاۗ قَالُوْا مَعْذِرَةً اِلٰى رَبِّكُمْ وَلَعَلَّهُمْ يَتَّقُوْنَ١٦٤
Wa iż qālat ummatum minhum lima ta‘iẓūna qaumā(n), allāhu muhlikuhum au mu‘ażżibuhum ‘ażāban syadīdā(n), qālū ma‘żiratan ilā rabbikum wa la‘allahum yattaqūn(a).
[164] Lan nalikane wong ing desa Elah lan Madyan kang padha ora milu mèmèt padha mancahi marang wong kang padha mênging mèmèt, têmbunge mangkene: Apa gunane kowe padha mituturi marang wong kang wis mêsthi dirusak dening Allah utawa disiksa kalawan siksa kang abot. Wong kang mênging mau banjur padha mangsuli: Enggonku mituturi iki mung dumunung ngrêsikake awakku, kawuningana Pangeranmu. Utawa bokmênawa wong kang anjarag mèmèt iku banjur padha eling wêdi ing Allah.

فَلَمَّا نَسُوْا مَا ذُكِّرُوْا بِهٖٓ اَنْجَيْنَا الَّذِيْنَ يَنْهَوْنَ عَنِ السُّوْۤءِ وَاَخَذْنَا الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا بِعَذَابٍۢ بَـِٔيْسٍۢ بِمَا كَانُوْا يَفْسُقُوْنَ١٦٥
Falammā nasū mā żukkirū bihī anjainal-lażīna yanhauna ‘anis-sū'i wa akhażnal-lażīna ẓalamū bi‘ażābim ba'īsim bimā kānū yafsuqūn(a).
[165] Barêng wong kang padha mèmèt mau ora praduli pitutur, banjur padha Ingsun patrapi siksa [si...ksa] kang abot, marga ênggone padha duraka. Dene wong kang padha mênging mèmèt mau padha Ingsun salamêtake.

فَلَمَّا عَتَوْا عَنْ مَّا نُهُوْا عَنْهُ قُلْنَا لَهُمْ كُوْنُوْا قِرَدَةً خٰسِـِٕيْنَ١٦٦
Falammā ‘atau ‘am mā nuhū ‘anhu qulnā lahum kūnū qiradatan khāsi'īn(a).
[166] Barêng wong mau padha gumêdhe, mopo ênggone padha dilarangi mèmèt ing dina Sabtu, Ingsun banjur ngandika marang wong mau, saiki sira padha dadia kêthèk kang asor. (He Mukhammad) sira nyaritakna nalikane Pangeranira paring sumurup marang wong Bani Srail, dhawuhe: Ingsun bakal nitahake wong kang bakal ngalahake marang wong Bani Srail, nganti têkan dina kiyamat, iku bakal marentah marang wong Bani Srail kalawan siya-siya, prasasat siksa, satêmêne Pangeranira iku tumuli niksa marang wong kaphir, lan satêmêne Pangeranira iku ngapura sarta asih marang wong mukmin.

وَاِذْ تَاَذَّنَ رَبُّكَ لَيَبْعَثَنَّ عَلَيْهِمْ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ مَنْ يَّسُوْمُهُمْ سُوْۤءَ الْعَذَابِۗ اِنَّ رَبَّكَ لَسَرِيْعُ الْعِقَابِۖ وَاِنَّهٗ لَغَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١٦٧
Wa iż ta'ażżana rabbuka layab‘aṡanna ‘alaihim ilā yaumil-qiyāmati may yasūmuhum sū'al-‘ażāb(i), inna rabbaka lasarī‘ul-‘iqāb(i), wa innahū lagafūrur raḥīm(un).
[167] Lan Ingsun mrênca wong Bani Srail ana ing bumi, dadi pirang-pirang golongan, sawênèhing golongan mau ana kang bêcik pasuwitane ing Allah, lan ana kang ora bêcik. Ingsun nyoba wong Bani Srail kabèh sarana Ingsun paringi kabungahan, lan ana kang Ingsun paringi [pa..ringi] kasusahan, supaya padha ambalènana sêtya tuhu.

وَقَطَّعْنٰهُمْ فِى الْاَرْضِ اُمَمًاۚ مِنْهُمُ الصّٰلِحُوْنَ وَمِنْهُمْ دُوْنَ ذٰلِكَ ۖوَبَلَوْنٰهُمْ بِالْحَسَنٰتِ وَالسَّيِّاٰتِ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ١٦٨
Wa qaṭṭa‘nāhum fil-arḍi umamā(n), minhumuṣ-ṣāliḥūna wa minhum dūna żālik(a), wa balaunāhum bil-ḥasanāti was-sayyi'āti la‘allahum yarji‘ūn(a).
[168] Sapungkure wong Bani Srail mau banjur digêntèni ing para turune kang paha olèh têtinggalan kitab Torèt saka lêluhure, (nanging padha ora ngèstokake kitab Torèt) wong mau padha milih kabungahan kang asor ing dunya iki, pangucape: Besuk aku mêsthi olèh pangapura, barêng ana kabungahan asor kang têka, iya banjur ditampani manèh. Yagene wong mau nganti ora Ingsun têtêpake sêsanggêmane kang wis kasêbut kitab Torèt, (mêsthi Ingsun têtêpake) ênggone padha sanggêm ora bakal ngandhakake pangandikaning Allah kajaba kalawan satêmêne, utawa tulène ênggone maca kitab Torèt. Wong Yahudi mau apa ora padha mikir yèn ing akhirat iku luwih dening bêcik tumrap wong kang padha wêdi ing Allah.

فَخَلَفَ مِنْۢ بَعْدِهِمْ خَلْفٌ وَّرِثُوا الْكِتٰبَ يَأْخُذُوْنَ عَرَضَ هٰذَا الْاَدْنٰى وَيَقُوْلُوْنَ سَيُغْفَرُ لَنَاۚ وَاِنْ يَّأْتِهِمْ عَرَضٌ مِّثْلُهٗ يَأْخُذُوْهُۗ اَلَمْ يُؤْخَذْ عَلَيْهِمْ مِّيْثَاقُ الْكِتٰبِ اَنْ لَّا يَقُوْلُوْا عَلَى اللّٰهِ اِلَّا الْحَقَّ وَدَرَسُوْا مَا فِيْهِۗ وَالدَّارُ الْاٰخِرَةُ خَيْرٌ لِّلَّذِيْنَ يَتَّقُوْنَۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ١٦٩
Fa khalafa mim ba‘dihim khalfuw wariṡul-kitāba ya'khużūna ‘araḍa hāżal-adnā wa yaqūlūna sayugfaru lanā, wa iy ya'tihim ‘araḍum miṡluhū ya'khużūh(u), alam yu'khaż ‘alaihim mīṡāqul-kitābi allā yaqūlū ‘alallāhi illal-ḥaqqa wa darasū mā fīh(i), wad-dārul-ākhiratu khairul lil-lażīna yattaqūn(a), afalā ta‘qilūn(a).
[169] Dene wong Yahudi kang padha ngèstokake kitab Torèt, lan padha nglakoni sêmbayang, (iku bêcik) Ingsun ora bakal [baka..l] ngilangake ganjarane wong kang padha nglakoni panggawe bêcik.

وَالَّذِيْنَ يُمَسِّكُوْنَ بِالْكِتٰبِ وَاَقَامُوا الصَّلٰوةَۗ اِنَّا لَا نُضِيْعُ اَجْرَ الْمُصْلِحِيْنَ١٧٠
Wal-lażīna yumassikūna bil-kitābi wa aqāmuṣ-ṣalāh(ta), innā lā nuḍī‘u ajral-muṣliḥīn(a).
[170] (He Mukhammad) sira nyaritakna nalikane Ingsun ambêdhol gunung, Ingsun ungkulake ana sadhuwure wong Bani Srail kang padha mopo nyanggêmi pranataning kitab Torèt, gunung mau nganti kaya payon. Panyanane wong Bani Srail, gunung mau bakal nindhihi awake. (Pangandikaningsun: He wong Bani Srail, yèn sira nyuwun wurunge kêtiban gunung iki) saiki sira padha sanggêma ngèstokake pranataning Torèt kang wis Ingsun dhawuhake marang sira, sira lakonana kalawan sêtya tuhu, lan sira padha elinga samubarang kang kasêbut ana ing Torèt, supaya sira padha wêdia ing Allah.

۞ وَاِذْ نَتَقْنَا الْجَبَلَ فَوْقَهُمْ كَاَنَّهٗ ظُلَّةٌ وَّظَنُّوْٓا اَنَّهٗ وَاقِعٌۢ بِهِمْۚ خُذُوْا مَآ اٰتَيْنٰكُمْ بِقُوَّةٍ وَّاذْكُرُوْا مَا فِيْهِ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ ࣖ١٧١
Wa iż nataqnal-jabala fauqahum ka'annahum ẓullatuw wa ẓannū annahū wāqi‘um bihim, khużū mā ātainākum biquwwatiw ważkurū mā fīhi la‘allakum tattaqūn(a).
[171] Lan sira nyaritakna nalikane Pangeranira mêtokake turune Nabi Adam, saka sumbêring mani kang dumunung ing gêgêring bapa, Allah mundhut sêsanggêmane turun Adam mau utawa pangakune dhewe. (Pangandikaning Allah:) He turuning Adam, Ingsun iki apa dudu Pangeranira. Para turuning Adam banjur padha munjuk: [m..unjuk:] Inggih Gusti, Tuwan punika Pangeran kawula. (Para malaikat banjur padha munjuk:) Kawula sadaya ugi sami nêksèni sêsanggêman sarta pangakênipun turuning Adam punika, supados ing benjing dintên kiyamat, para turuning Adam sampun ngantos selak munjuk ing Tuwan: Kawula sami kêsupèn yèn gadhah sêsanggêman utawi pangakên ingkang makatên punika.

وَاِذْ اَخَذَ رَبُّكَ مِنْۢ بَنِيْٓ اٰدَمَ مِنْ ظُهُوْرِهِمْ ذُرِّيَّتَهُمْ وَاَشْهَدَهُمْ عَلٰٓى اَنْفُسِهِمْۚ اَلَسْتُ بِرَبِّكُمْۗ قَالُوْا بَلٰىۛ شَهِدْنَا ۛاَنْ تَقُوْلُوْا يَوْمَ الْقِيٰمَةِ اِنَّا كُنَّا عَنْ هٰذَا غٰفِلِيْنَۙ١٧٢
Wa iż akhaża rabbuka mim banī ādama min ẓuhūrihim żurriyyatahum wa asyhadahum ‘alā anfusihim, alastu birabbikum, qālū balā - syahidnā - an taqūlū yaumal-qiyāmati innā kunnā ‘an hāżā gāfilīn(a).
[172] Utawi sampun ngantos munjuk makatên: Ingkang sami malih tingal punika para lêluhur kawula kala rumiyin, dede kawula, wondene kawula punika turunipun, anyambungi para lêluhur kawula (anggèn kawula malih tingal punika namung nglêluri para lêluhur kawula:) Punapa Tuwan karsa ngrisak utawi niksa dhumatêng kawula jalaran saking pandamêling tiyang sanès ingkang botên lêrês.

اَوْ تَقُوْلُوْٓا اِنَّمَآ اَشْرَكَ اٰبَاۤؤُنَا مِنْ قَبْلُ وَكُنَّا ذُرِّيَّةً مِّنْۢ بَعْدِهِمْۚ اَفَتُهْلِكُنَا بِمَا فَعَلَ الْمُبْطِلُوْنَ١٧٣
Au taqūlū innamā asyraka ābā'unā min qablu wa kunnā żurriyyatam mim ba‘dihim, afatuhlikunā bimā fa‘alal-mubṭilūn(a).
[173] Mangkono manèh Ingsun mijang- mijangake ayat Ingsun, supaya kawulaningsun kabèh padha ambalènana sêtya tuhu marang sêsanggêmane biyèn.

وَكَذٰلِكَ نُفَصِّلُ الْاٰيٰتِ وَلَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ١٧٤
Wa każālika nufaṣṣilul-āyāti wa la‘allahum yarji‘ūn(a).
[174] (He Mukhammad) wong Yahudi iku padha caritanana lêlakone pandhita linuwih kang wis Ingsun paringi ayat Ingsun, nanging banjur kêna panggodhaning setan, ambuwang ayat mau lan banjur kaphir. Wusana pandhita mau dadi wong kêsasar.

وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَاَ الَّذِيْٓ اٰتَيْنٰهُ اٰيٰتِنَا فَانْسَلَخَ مِنْهَا فَاَتْبَعَهُ الشَّيْطٰنُ فَكَانَ مِنَ الْغَاوِيْنَ١٧٥
Watlu ‘alaihim naba'al-lażī ātaināhu āyātinā fansalakha minhā fa atba‘ahusy-syaiṭānu fa kāna minal-gāwīn(a).
[175] Upama ana parênging karsaningsun, kêna uga pandhita mau Ingsun junjung pangkate marga ngèstokake ayat Ingsun, ewadene ora mangkono. Pandhita mau tulus ênggone dhêmên dunya lan nguja kêkarêpane, dadi sanepane pandhita mau kaya upamane asu, mênawa sira cancang, mèlèd-mèlèd, utawa sira umbar iya mèlèd- mèlèd uga. Mangkono iku sanepane wong kang padha maido ayat Ingsun, mulane sira nyaritakna lêlakone pandhita mau, supaya para manungsa padha ngrasak-rasakake.

وَلَوْ شِئْنَا لَرَفَعْنٰهُ بِهَا وَلٰكِنَّهٗٓ اَخْلَدَ اِلَى الْاَرْضِ وَاتَّبَعَ هَوٰىهُۚ فَمَثَلُهٗ كَمَثَلِ الْكَلْبِۚ اِنْ تَحْمِلْ عَلَيْهِ يَلْهَثْ اَوْ تَتْرُكْهُ يَلْهَثْۗ ذٰلِكَ مَثَلُ الْقَوْمِ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَاۚ فَاقْصُصِ الْقَصَصَ لَعَلَّهُمْ يَتَفَكَّرُوْنَ١٧٦
Wa lau syi'nā larafa‘nāhu bihā wa lākinnahū akhlada ilal-arḍi wattaba‘a hawāh(u), fa maṡaluhū kamaṡalil-kalb(i), in taḥmil ‘alaihi yalhaṡ au tatrukūhu yalhaṡ, żālika maṡalul-qaumil-lażīna każżabū bi'āyātinā, faqṣuṣil-qaṣaṣa la‘allahum yatafakkarūn(a).
[176] Ala têmên sanepane wong kang padha maido ayat Ingsun, lan padha nganiaya marang awake dhewe.

سَاۤءَ مَثَلًا ۨالْقَوْمُ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا وَاَنْفُسَهُمْ كَانُوْا يَظْلِمُوْنَ١٧٧
Sā'a maṡalanil-qaumul-lażīna każżabū bi'āyātinā wa anfusahum kānū yaẓlimūn(a).
[177] Sing sapa dituduhake dalan bênêr dening Allah, mêsthi olèh pituduh dalan bênêr. Dene sing sapa dikarsakake kêsasar dening Allah, wong iku mêsthi kapitunan.

مَنْ يَّهْدِ اللّٰهُ فَهُوَ الْمُهْتَدِيْۚ وَمَنْ يُّضْلِلْ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ١٧٨
May yahdillāhu fa huwal-muhtadī, wa may yuḍlil fa ulā'ika humul-khāsirūn(a).
[178] Ingsun wis nitahake calon isèn-isèning [isèn-i...sèning] naraka Jahanam, iya iku jin lan manungsa pirang-pirang, padha duwe ati kang tanpa pangêrti, lan padha duwe mata, nanging ora kêna diênggo andadêlêng, lan padha duwe kuping, nanging ora kêna diênggo ngrungokake. Kabèh mau sanepane kaya kêbo sapi, (ênggone ora ngêrti marang prakara kang bênêr) malah ngungkuli kêbo sapi ênggone nasar anunjang-nunjang. Wong kang mangkono mau kabèh têtêp padha lali.

وَلَقَدْ ذَرَأْنَا لِجَهَنَّمَ كَثِيْرًا مِّنَ الْجِنِّ وَالْاِنْسِۖ لَهُمْ قُلُوْبٌ لَّا يَفْقَهُوْنَ بِهَاۖ وَلَهُمْ اَعْيُنٌ لَّا يُبْصِرُوْنَ بِهَاۖ وَلَهُمْ اٰذَانٌ لَّا يَسْمَعُوْنَ بِهَاۗ اُولٰۤىِٕكَ كَالْاَنْعَامِ بَلْ هُمْ اَضَلُّ ۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْغٰفِلُوْنَ١٧٩
Wa laqad żara'nā lijahannama kaṡīram minal-jinni wal-ins(i), lahum qulūbul lā yafqahūna bihā wa lahum a‘yunul lā yabṣirūna bihā wa lahum āżānul lā yasma‘ūna bihā, ulā'ika kal-an‘āmi bal hum aḍall(u), ulā'ika humul-gāfilūn(a).
[179] Allah iku kagungan asma akèh kang bêcik, (nuduhake kaluhurane) sira padha nyênyuwuna ing Allah nganggo nyêbut asma mau, dene wong kang ênggone nyêbut asmaning Allah nyimpang saka ing bênêr, iku padha sira togna bae, aja sira tiru. Ing besuk ana ing akhirat, wong mangkono mau bakal padha dipatrapi, marga saka barang kang wis padha dilakoni.

وَلِلّٰهِ الْاَسْمَاۤءُ الْحُسْنٰى فَادْعُوْهُ بِهَاۖ وَذَرُوا الَّذِيْنَ يُلْحِدُوْنَ فِيْٓ اَسْمَاۤىِٕهٖۗ سَيُجْزَوْنَ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ ۖ١٨٠
Wa lillāhil-asmā'ul-ḥusnā fad‘ūhu bihā, wa żarul-lażīna yulḥidūna fī asmā'ih(ī), sayujzauna mā kānū ya‘malūn(a).
[180] Sawênèhing titah Ingsun, ana pakumpulaning wong kang padha nuduhake manungsa marang dalan kang bênêr. Sarta padha ngukumi kalawan ngadil.

وَمِمَّنْ خَلَقْنَآ اُمَّةٌ يَّهْدُوْنَ بِالْحَقِّ وَبِهٖ يَعْدِلُوْنَ ࣖ١٨١
Wa mimman khalaqnā ummatuy yahdūna bil-ḥaqqi wa bihī ya‘dilūn(a).
[181] Dene wong kang padha maido ayat Ingsun, iku bakal padha Ingsun longi kabêgjane saka sathithik, wong mau padha ora krasa.

وَالَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا سَنَسْتَدْرِجُهُمْ مِّنْ حَيْثُ لَا يَعْلَمُوْنَ١٨٢
Wal-lażīna każżabū bi'āyātinā sanastadrijuhum min ḥaiṡu lā ya‘lamūn(a).
[182] Ingsun nyarantèkake sarta andawakake ngumure wong mau, satêmêne paekan Ingsun iku santosa.

وَاُمْلِيْ لَهُمْ ۗاِنَّ كَيْدِيْ مَتِيْنٌ١٨٣
Wa umlī lahum, inna kaidī matīn(un).
[183] Yagene wong Mêkah padha ora mikir yèn kancane kang aran Nabi Mukhammad, ênggone gumrêmêng iku ora edan, nanging iku nêrang-nêrangake wêwulang, mêmêdèni siksa.

اَوَلَمْ يَتَفَكَّرُوْا مَا بِصَاحِبِهِمْ مِّنْ جِنَّةٍۗ اِنْ هُوَ اِلَّا نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌ١٨٤
Awalam yatafakkarū mā biṣāḥibihim min jinnah(tin), in huwa illā nażīrum mubīn(un).
[184] Yagene manungsa padha ora andêlêng lan ngrasak-rasakake karatoning Allah bumi lan langit, lan samubarang kang wis dititahake dening Allah, yèn tulus mangkono bae, bokmênawa manungsa iku wis cêdhak mangsane ênggone mati, (kaya-kaya bakal mati kaphir) lah saiki pitutur apa kang padha sira pracaya, liyane Kuran.

اَوَلَمْ يَنْظُرُوْا فِيْ مَلَكُوْتِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا خَلَقَ اللّٰهُ مِنْ شَيْءٍ وَّاَنْ عَسٰٓى اَنْ يَّكُوْنَ قَدِ اقْتَرَبَ اَجَلُهُمْۖ فَبِاَيِّ حَدِيْثٍۢ بَعْدَهٗ يُؤْمِنُوْنَ١٨٥
Awalam yanẓurū fī malakūtis-samāwāti wal-arḍi wa mā khalaqallāhu min syai'iw wa an ‘asā ay yakūna qadiqtaraba ajaluhum, fa bi'ayyi ḥadīṡim ba‘dahū yu'minūn(a).
[185] Sing sapa dipêsthi kêsasar dening Allah, mêsthi ora ana kang bisa nuduhake dêdalan kang bênêr marang wong mau, sarta ênggone nasar mau ditogake bae dening Allah mulane padha bingung.

مَنْ يُّضْلِلِ اللّٰهُ فَلَا هَادِيَ لَهٗ ۖوَيَذَرُهُمْ فِيْ طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُوْنَ١٨٦
May yuḍlilillāhu falā hādiya lah(ū), wa yażaruhum fī ṭugyānihim ya‘mahūn(a).
[186] (He Mukhammad) wong turun Kurès padha akon ing sira, besuk apa kêlakone [kêla..kone] dina kiyamat, iku sira wangsulana: Bakêl[9] kêlakone dina kiyamat iku kang wêruh katamtuane mung Allah Pangeranku. Ora ana kang bisa nganakake dina kiyamat, kajaba mung Allah piyambak. Saisining bumi lan langit kabèh padha kasamaran, ora wêruh besuk apa kêlakone dina kiyamat, têkane dina kiyamat marang kowe kabèh ing besuk mêsthi ngagètake.

يَسْـَٔلُوْنَكَ عَنِ السَّاعَةِ اَيَّانَ مُرْسٰىهَاۗ قُلْ اِنَّمَا عِلْمُهَا عِنْدَ رَبِّيْۚ لَا يُجَلِّيْهَا لِوَقْتِهَآ اِلَّا هُوَۘ ثَقُلَتْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ لَا تَأْتِيْكُمْ اِلَّا بَغْتَةً ۗيَسْـَٔلُوْنَكَ كَاَنَّكَ حَفِيٌّ عَنْهَاۗ قُلْ اِنَّمَا عِلْمُهَا عِنْدَ اللّٰهِ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَ١٨٧
Yas'alūnaka ‘anis-sā‘ati ayyāna mursāhā, qul innamā ‘ilmuhā ‘inda rabbī, lā yujallīhā liwaqtihā illā huw(a), ṡaqulat fis-samāwāti wal-arḍ(i), lā ta'tīkum illā bagtah(tan), yas'alūnaka ka'annaka ḥafiyyun ‘anhā, qul innamā ‘ilmuhā ‘indallāhi wa lākinna akṡaran nāsi lā ya‘lamūn(a).
[187] Wong mau ênggone padha takon dina kiyamat marang sira kalawan juwêt, prasasat ngarani yèn sira têrang marang dina kiyamat. Iku sira wangsulana yèn dina kiyamat iku mung Allah piyambak kang nguningani, nanging manungsa iku kang akèh padha ora wêruh yèn dina kiyamat iku mung Allah piyambak kang nguningani.

قُلْ لَّآ اَمْلِكُ لِنَفْسِيْ نَفْعًا وَّلَا ضَرًّا اِلَّا مَا شَاۤءَ اللّٰهُ ۗوَلَوْ كُنْتُ اَعْلَمُ الْغَيْبَ لَاسْتَكْثَرْتُ مِنَ الْخَيْرِۛ وَمَا مَسَّنِيَ السُّوْۤءُ ۛاِنْ اَنَا۠ اِلَّا نَذِيْرٌ وَّبَشِيْرٌ لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ ࣖ١٨٨
Qul lā amliku linafsī naf‘aw wa lā ḍarran illā mā syā'allāh(u), wa lau kuntu a‘lamul gaiba-lastakṡartu minal-khair(i) - wa mā massaniyas-sū'(u) - in ana illā nażīruw wa basyīrul liqaumiy yu'minūn(a).
[188] (He Mukhammad) sira dhawuha marang wong Mêkah kabèh, aku ora nguwasani marang awakku dhewe, gawe pakolèh utawa nyingkiri sangsara ora bisa, anane mung gumantung ana karsaning Allah. Upama aku wêruha marang kang samar-samar, iba ênggonku sarêgêp anglakoni kang bêcik, dadi aku ora pisan kambah ing barang kang ala. Kowe padha wêruha yèn ênggonku diutus mêmulang marang kowe iki, ora liwat mung mêmêdèni siksa lan mêmengin ganjaraning Allah marang wong kang padha pracaya.

۞ هُوَ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَّفْسٍ وَّاحِدَةٍ وَّجَعَلَ مِنْهَا زَوْجَهَا لِيَسْكُنَ اِلَيْهَاۚ فَلَمَّا تَغَشّٰىهَا حَمَلَتْ حَمْلًا خَفِيْفًا فَمَرَّتْ بِهٖ ۚفَلَمَّآ اَثْقَلَتْ دَّعَوَا اللّٰهَ رَبَّهُمَا لَىِٕنْ اٰتَيْتَنَا صَالِحًا لَّنَكُوْنَنَّ مِنَ الشّٰكِرِيْنَ١٨٩
Huwal-lażī khalaqakum min nafsiw wāḥidatiw waja‘ala minhā zaujahā liyaskuna ilaihā, falammā tagasysyāhā ḥamalat ḥamlan khafīfan fa marrat bih(ī), falammā aṡqalad da‘awallāha rabbahumā la'in ātaitanā ṣāliḥan lanakūnanna minasy-syākirīn(a).
[189] Allah iku kang nitahake sira kabèh, uwite saka awak siji bae, (iya iku Nabi Adam) sarta nitahake rabine saka cêcuwilane awak siji mau, supaya Nabi Adam têntrêma atine, asih marang rabine. Barêng Nabi Adam wis sarêsmi lan rabine, rabine banjur mêtêng kalawan ènthèng tanpa lara, lêstari têkan mangsane manak. Barêng wis cêdhak mangsane manak, Nabi Adam lan rabine padha nyênyuwun ing Allah Pangerane wong loro mau, unjuke: Mênawi Tuwan maringi anak sae dhumatêng kawula, iba anggèn kawula sami sukur ing Tuwan.

فَلَمَّآ اٰتٰىهُمَا صَالِحًا جَعَلَا لَهٗ شُرَكَاۤءَ فِيْمَآ اٰتٰىهُمَا ۚفَتَعٰلَى اللّٰهُ عَمَّا يُشْرِكُوْنَ١٩٠
Falammā ātāhumā ṣāliḥan ja‘alā lahū syurakā'a fīmā ātāhumā, fa ta‘ālallāhu ‘ammā yusyrikūn(a).
[190] Barêng Allah wis marêngake sapanyuwune wong loro mau, diparingi anak mêtu bêcik, anak pêparinging Allah mau banjur ana rasane diênggo sarana maro tingal, (tandhane dijênêngake Ngabdul Kharas, têgêse kawulaning Kharas, dene Kharas iku kalêbu jênênging iblis). Allah iku Mahaluhur, adoh bangêt yèn ana atêtimbangane, kaya kapracayane wong kang padha maro tingal.

اَيُشْرِكُوْنَ مَا لَا يَخْلُقُ شَيْـًٔا وَّهُمْ يُخْلَقُوْنَۖ١٩١
Ayusyrikūna mā lā yakhluqu syai'aw wa hum yukhlaqūn(a).
[191] Brahala iku ora bisa nitahake apa- apa, malah dititahake dening Allah, lan ora bisa têtulung marang wong, lan ora bisa têtulung marang awake dhewe. Yagene brahala iku têka padha diênggo têtimbanganing Allah.

وَلَا يَسْتَطِيْعُوْنَ لَهُمْ نَصْرًا وَّلَآ اَنْفُسَهُمْ يَنْصُرُوْنَ١٩٢
Wa lā yastaṭī‘ūna lahum naṣraw wa lā anfusahum yanṣurūn(a).
[192] Wong kang padha maro tingal mau mênawa sira jak anglakoni pituduh bênêr, mêsthi padha ora gêlêm manut, dadi sanadyan sira jak utawa sira mênang bae, iku padha bae.

وَاِنْ تَدْعُوْهُمْ اِلَى الْهُدٰى لَا يَتَّبِعُوْكُمْۗ سَوَۤاءٌ عَلَيْكُمْ اَدَعَوْتُمُوْهُمْ اَمْ اَنْتُمْ صٰمِتُوْنَ١٩٣
Wa in tad‘ūhum ilal-hudā lā yattabi‘ūkum, sawā'un ‘alaikum ada‘autumūhum am antum ṣāmitūn(a).
[193] Barang liyane Allah kang padha sira anggêp Pangeran lan sira sêmbah iku satêmêne iya kawulaning Allah, padha bae lan sira. Yèn sira têmên bênêr ênggonira padha mangeran marang brahala mau, mara coba brahala iku sira jalukana barang-barang sakabutuhanira. Yèn brahala iku têmên Pangeran, amêsthi bisa mènèhi apa sapanjalukira.

اِنَّ الَّذِيْنَ تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ عِبَادٌ اَمْثَالُكُمْ فَادْعُوْهُمْ فَلْيَسْتَجِيْبُوْا لَكُمْ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ١٩٤
Innal-lażīna tad‘ūna min dūnillāhi ‘ibādun amṡālukum fad‘ūhum falyastajībū lakum in kuntum ṣādiqīn(a).
[194] Brahala mau apa duwe sikil kang kêna diênggo lumaku, lan apa duwe tangan kang kêna diênggo anggitik, lan apa duwe mata kang kêna diênggo andêlêng, lan apa duwe kuping kang kêna diênggo ngrungokake, (ora, he Mukhammad) sira dhawuha marang si kaphir kabèh: Mara padha jêjaluk kalawan wadula marang brahala kang padha kosêmbah iku, sira kona ngrusak marang aku. Lan kowe ngrewangana ngroyok marang aku. Aja nganggo kosarantèkake.

اَلَهُمْ اَرْجُلٌ يَّمْشُوْنَ بِهَآ ۖ اَمْ لَهُمْ اَيْدٍ يَّبْطِشُوْنَ بِهَآ ۖ اَمْ لَهُمْ اَعْيُنٌ يُّبْصِرُوْنَ بِهَآ ۖ اَمْ لَهُمْ اٰذَانٌ يَّسْمَعُوْنَ بِهَاۗ قُلِ ادْعُوْا شُرَكَاۤءَكُمْ ثُمَّ كِيْدُوْنِ فَلَا تُنْظِرُوْنِ١٩٥
Alahum arjuluy yamsyūna bihā am lahum aidiy yabṭisyūna bihā am lahum a‘yunuy yubṣirūna bihā am lahum āżānuy yasma‘ūna bihā, qulid‘ū syurakā'akum ṡumma kīdūni falā tunẓirūn(i).
[195] Satêmêne kang ngrêksa lan nulungi marang aku, iku Allah kang andhawuhake Kitab Kuran. Allah iku ngrêksa lan nulungi wong kang padha bêcik kalakuane.

اِنَّ وَلِيِّ َۧ اللّٰهُ الَّذِيْ نَزَّلَ الْكِتٰبَۖ وَهُوَ يَتَوَلَّى الصّٰلِحِيْنَ١٩٦
Inna waliyyiyallāhul-lażī nazzalal-kitāb(a), wa huwa yatawallaṣ-ṣāliḥīn(a).
[196] Dene brahala kang padha koanggêp Pangeran liyane Allah, iku padha ora bisa nulungi marang kowe kabèh, sanadyan marang awake dhewe iya ora bisa nulungi.

وَالَّذِيْنَ تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهٖ لَا يَسْتَطِيْعُوْنَ نَصْرَكُمْ وَلَآ اَنْفُسَهُمْ يَنْصُرُوْنَ١٩٧
Wal-lażīna tad‘ūna min dūnihī lā yastaṭī‘ūna naṣrakum wa lā anfusahum yanṣurūn(a).
[197] (He para wong mukmin) mênawa wong kang padha maro tingal iku padha sira jak anglakoni pituduh bênêr, mêsthi padha ora gêlêm manut marang pangajakira. (He Mukhammad) pandêlêngira brahala [braha...la] iku manthêlêng kaya wêruh ing sira, nanging satêmêne ora bisa andêlêng apa-apa.

وَاِنْ تَدْعُوْهُمْ اِلَى الْهُدٰى لَا يَسْمَعُوْاۗ وَتَرٰىهُمْ يَنْظُرُوْنَ اِلَيْكَ وَهُمْ لَا يُبْصِرُوْنَ١٩٨
Wa in tad‘ūhum ilal-hudā lā yasma‘ū, wa tarāhum yanẓurūna ilaika wa hum lā yubṣirūn(a).
[198] Sira muwunga cacading wong, lan parentah anglakoni panggawe bêcik, sarta malengosa, aja milu-milu kaya laku-laku[10] wong kang padha bodho.

خُذِ الْعَفْوَ وَأْمُرْ بِالْعُرْفِ وَاَعْرِضْ عَنِ الْجٰهِلِيْنَ١٩٩
Khużil-‘afwa wa'mur bil-‘urfi wa a‘riḍ ‘anil-jāhilīn(a).
[199] Mênawa ana setan anggodha ing sira, sira banjur ngungsia ing Allah, (nyuwuna pitulunging Allah supaya ambirat panggodha mau) satêmêne Allah iku miyarsa panyuwunira sarta nguningani kaananira.

وَاِمَّا يَنْزَغَنَّكَ مِنَ الشَّيْطٰنِ نَزْغٌ فَاسْتَعِذْ بِاللّٰهِ ۗاِنَّهٗ سَمِيْعٌ عَلِيْمٌ٢٠٠
Wa immā yanzagannaka minasy-syaiṭāni nazgun fasta‘iż billāh(i), innahū samī‘un ‘alīm(un).
[200] Sarupane wong kang padha wêdi ing Allah, iku mênawa kambah panggodhaning setan. Banjur padha eling dhawuhing Allah, ing kono banjur padha andêlêng prakara kang bênêr lan kang luput.

اِنَّ الَّذِيْنَ اتَّقَوْا اِذَا مَسَّهُمْ طٰۤىِٕفٌ مِّنَ الشَّيْطٰنِ تَذَكَّرُوْا فَاِذَا هُمْ مُّبْصِرُوْنَۚ٢٠١
Innal-lażīnattaqau iżā massahum ṭā'ifum minasy-syaiṭāni tażakkarū fa iżā hum mubṣirūn(a).
[201] Dene para sadulur utawa mitraning setan, iku tansah padha diarah dening setan. Supaya padha kêlantur-lantura ênggona[11] kêsasar, mangkono manèh si mitra mau iya ora pisan mêdhot saka ing panasaran.

وَاِخْوَانُهُمْ يَمُدُّوْنَهُمْ فِى الْغَيِّ ثُمَّ لَا يُقْصِرُوْنَ٢٠٢
Wa ikhwānuhum yamuddūnahum fil-gayyi ṡumma lā yuqṣirūn(a).
[202] (He Mukhammad) wong kang padha maro tingal iku mênawa ora sira gêlari tăndha yêkti kaelokan, mêsthi banjur padha madoni mangkene: [mang....kene:] Punapaa sampeyan têka marentahakên sakarsa-karsa sampeyan piyambak, iku banjur sira wangsulana: Aku iki kang mêsthi mung manut utawa mung sadêrma andhawuhake apa kang wis didhawuhake dening Pangeranku marang aku. Kuran iki sabda luhur saka Pangeranmu, minăngka pituduh utawa sihing Allah marang para wong mukmin.

وَاِذَا لَمْ تَأْتِهِمْ بِاٰيَةٍ قَالُوْا لَوْلَا اجْتَبَيْتَهَاۗ قُلْ اِنَّمَآ اَتَّبِعُ مَا يُوْحٰٓى اِلَيَّ مِنْ رَّبِّيْۗ هٰذَا بَصَاۤىِٕرُ مِنْ رَّبِّكُمْ وَهُدًى وَّرَحْمَةٌ لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ٢٠٣
Wa iżā lam ta'tihim bi'āyatin qālū lau lajtabaitahā, qul inamā attabi‘u mā yūḥā ilayya mir rabbī, hāżā baṣā'iru mir rabbikum wa hudaw wa raḥmatul liqaumiy yu'minūn(a).
[203] Samăngsa Kuran iku diwaca, sira padha ngrungokna sabanjure ngèstokna, supaya sira padha olèh sihing Allah.

وَاِذَا قُرِئَ الْقُرْاٰنُ فَاسْتَمِعُوْا لَهٗ وَاَنْصِتُوْا لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ٢٠٤
Wa iżā quri'al-qur'ānu fastami‘ū lahū wa anṣitū la‘allakum turḥamūn(a).
[204] (He Mukhammad) sira nyêbuta asmaning Pangeranira lan atinira elinga, ing wayah esuk lan sore, kalawan konjêm lan wêdi, apadene panyêbutira aja nganti kawêtu sêru, lan sira aja kalêbu ewoning wong lali.

وَاذْكُرْ رَّبَّكَ فِيْ نَفْسِكَ تَضَرُّعًا وَّخِيْفَةً وَّدُوْنَ الْجَهْرِ مِنَ الْقَوْلِ بِالْغُدُوِّ وَالْاٰصَالِ وَلَا تَكُنْ مِّنَ الْغٰفِلِيْنَ٢٠٥
Ważkur rabbaka fī nafsika taḍarru‘aw wa khīfataw wa dūnal-jahri minal-qauli bil-guduwwi wal-āṣāli wa lā takum minal-gāfilīn(a).
[205] Sarupane wong kang ana ngarsane Pangeranira, kabèh padha ora gumêdhe suthik nêmbah ing Allah, sarta padha nyêbut Mahasucining Allah, lan padha sujud ing Allah.

اِنَّ الَّذِيْنَ عِنْدَ رَبِّكَ لَا يَسْتَكْبِرُوْنَ عَنْ عِبَادَتِهٖ وَيُسَبِّحُوْنَهٗ وَلَهٗ يَسْجُدُوْنَ ࣖ ۩٢٠٦
Innal-lażīna ‘inda rabbika lā yastakbirūna ‘an ‘ibādatihī wa yusabbiḥūnahū wa lahū yasjudūn(a).
[206]