Surah Al-Haqqah
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلْحَاۤقَّةُۙ١
Al-ḥāqqah(tu).
[1]
Dina kiyamat kang mêsthi kalakon iku.
مَا الْحَاۤقَّةُ ۚ٢
Mal-ḥāqqah(tu).
[2]
Apa kang aran dina kiyamat mau.
وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا الْحَاۤقَّةُ ۗ٣
Wa mā adrāka mal-ḥāqqah(tu).
[3]
Lan sapa kang awèh wêruh marang sira bab kaanane kiyamat mau.
كَذَّبَتْ ثَمُوْدُ وَعَادٌ ۢبِالْقَارِعَةِ٤
Każżabat ṡamūdu wa ‘ādum bil-qāri‘ah(ti).
[4]
Wong Samud lan wong Ngad biyèn padha maido dina kiyamat, kang ênggone anggêgirisi andhodhog ati.
فَاَمَّا ثَمُوْدُ فَاُهْلِكُوْا بِالطَّاغِيَةِ٥
Fa'ammā ṡamūdu fa uhlikū biṭ-ṭāgiyah(ti).
[5]
Wong Samud mau padha disirnakake dening Allah sarana pêtake Malaikat Jabarail.
وَاَمَّا عَادٌ فَاُهْلِكُوْا بِرِيْحٍ صَرْصَرٍ عَاتِيَةٍۙ٦
Wa ammā ‘ādun fa'uhlikū birīḥin ṣarṣarin ‘ātiyah(tin).
[6]
Dene wong Ngad iku padha disirnakake sarana prahara gêdhe kang suwarane anggêgirisi.
سَخَّرَهَا عَلَيْهِمْ سَبْعَ لَيَالٍ وَّثَمٰنِيَةَ اَيَّامٍۙ حُسُوْمًا فَتَرَى الْقَوْمَ فِيْهَا صَرْعٰىۙ كَاَنَّهُمْ اَعْجَازُ نَخْلٍ خَاوِيَةٍۚ٧
Sakhkharahā ‘alaihim sab‘a layāliw wa ṡamāniyata ayyām(in), ḥusūman fataral-qauma fīhā ṣar‘ā, ka'annahum a‘jāzu nakhlin khāwiyah(tin).
[7]
Angin mau nêmpuh marang wong Ngad, lawase nganti wolung dina pitung bêngi kang tumaruntun, ing kono wong Ngad padha mati, anggêlasah kaya wit kurma padha rungkad.
فَهَلْ تَرٰى لَهُمْ مِّنْۢ بَاقِيَةٍ٨
Fahal tarā lahum mim bāqiyah(tin).
[8]
Apa sira wêruh wong Ngad mau ana kang kari, isih urip, ora.
وَجَاۤءَ فِرْعَوْنُ وَمَنْ قَبْلَهٗ وَالْمُؤْتَفِكٰتُ بِالْخَاطِئَةِۚ٩
Wa jā'a fir‘aunu wa man qablahū wal-mu'tafikātu bil-khāṭi'ah(ti).
[9]
Raja Phirngon lan para umat kaphir sadurunge Raja Phirngon, apadene wong muktaphikat, iya iku para umate Nabi Lut, kabèh [ka....bèh] padha nglakoni kaluputan.
فَعَصَوْا رَسُوْلَ رَبِّهِمْ فَاَخَذَهُمْ اَخْذَةً رَّابِيَةً١٠
Fa ‘aṣau rasūla rabbihim fa akhażahum akhżatar rābiyah(tan).
[10]
Padha duraka ora manut utusane Pangerane, Nabi Musa lan Nabi Lut sapanunggalane, mulane padha dituruni siksa dening Allah kang luwih dening bangêt.
اِنَّا لَمَّا طَغَا الْمَاۤءُ حَمَلْنٰكُمْ فِى الْجَارِيَةِۙ١١
Innā lammā ṭagal-mā'u ḥamalnākum fil-jāriyah(ti).
[11]
Nalika bêna tophan, barêng banyu wis munggah, lêluhurira Ingsun tunggangake prau.
لِنَجْعَلَهَا لَكُمْ تَذْكِرَةً وَّتَعِيَهَآ اُذُنٌ وَّاعِيَةٌ١٢
Linaj‘alahā lakum tażkirataw wa ta‘iyahā użunuw wā‘iyah(tun).
[12]
[4] Kang mangkono iku Ingsun ênggo wêwulang, supaya dieling-elinga dening wong kang duwe kuping pangrungu bisa ngèlingi.
فَاِذَا نُفِخَ فِى الصُّوْرِ نَفْخَةٌ وَّاحِدَةٌ ۙ١٣
Fa iżā nufikha fiṣ-ṣūri nafkhatuw wāḥidah(tun).
[13]
Besuk nalika sêmpronge Malaikat Israphil didamu sapisan
وَّحُمِلَتِ الْاَرْضُ وَالْجِبَالُ فَدُكَّتَا دَكَّةً وَّاحِدَةًۙ١٤
Wa ḥumilatil-arḍu wal-jibālu fa dukkatā dakkataw wāḥidah(tan).
[14]
Bumi lan gunung-gununge padha digulung lan dijunjung, ing kono bumi sagununge mau padha ajur dadi êndhêk-êndhêk amun-amun.
فَيَوْمَىِٕذٍ وَّقَعَتِ الْوَاقِعَةُۙ١٥
Fayauma'iżiw waqa‘atil-wāqi‘ah(tu).
[15]
Ing dina iku dina kiyamat kêlakon
وَانْشَقَّتِ السَّمَاۤءُ فَهِيَ يَوْمَىِٕذٍ وَّاهِيَةٌۙ١٦
Wansyaqqatis-samā'u fahiya yauma'iżiw wāhiyah(tun).
[16]
Langit banjur bêngkah, ing dina iku langit mari santosa.
وَّالْمَلَكُ عَلٰٓى اَرْجَاۤىِٕهَاۗ وَيَحْمِلُ عَرْشَ رَبِّكَ فَوْقَهُمْ يَوْمَىِٕذٍ ثَمٰنِيَةٌ ۗ١٧
Wal-malaku ‘alā arjā'ihā, wa yaḥmilu ‘arsya rabbika fauqahum yauma'iżin ṡamāniyah(tun).
[17]
Para malaikat padha nisih ing kiwa têngêne kang bêngkah, ing dina iku ana malaikat wolu padha mikul ngarase Pangeranira ana [a....na] ing dhuwure para malaikat kang padha nisih mau.
يَوْمَىِٕذٍ تُعْرَضُوْنَ لَا تَخْفٰى مِنْكُمْ خَافِيَةٌ١٨
Yauma'iżin tu‘raḍūna lā takhfā minkum khāfiyah(tun).
[18]
Ing dina iku sira padha diajokake marang pangayunaning Allah, ditimbang ala lan bêcikira, Allah ora kasamara[5] samubarang kang padha sira singidake nalika ana ing dunya.
فَاَمَّا مَنْ اُوْتِيَ كِتٰبَهٗ بِيَمِيْنِهٖ فَيَقُوْلُ هَاۤؤُمُ اقْرَءُوْا كِتٰبِيَهْۚ١٩
Fa ammā man ūtiya kitābahū biyamīnihī fa yaqūlu hā'umuqra'ū kitābiyah.
[19]
Sing sapa diulungi layang cathêtaning lêlakone saka ing têngên, iku saking dening bungahe, banjur calathu marang kănca-kancane, mara padha wacanên layang cathêtaning lêlakonku.
اِنِّيْ ظَنَنْتُ اَنِّيْ مُلٰقٍ حِسَابِيَهْۚ٢٠
Innī ẓanantu annī mulāqin ḥisābiyah.
[20]
Nalika ana ing dunya aku namtokake, ala bêcikku bakal ditimbang ana ing akherat.
فَهُوَ فِيْ عِيْشَةٍ رَّاضِيَةٍۚ٢١
Fa huwa fī ‘īsyatir rāḍiyah(tin).
[21]
Dadi wong iku uripe nêtêpi kaparênging Allah.
فِيْ جَنَّةٍ عَالِيَةٍۙ٢٢
Fī jannatin ‘āliyah(tin).
[22]
Manggon ana ing suwarga kang luhur.
قُطُوْفُهَا دَانِيَةٌ٢٣
Quṭūfuhā dāniyah(tun).
[23]
Wowohane cêndhèk-cêndhèk.
كُلُوْا وَاشْرَبُوْا هَنِيْۤـًٔا ۢبِمَآ اَسْلَفْتُمْ فِى الْاَيَّامِ الْخَالِيَةِ٢٤
Kulū wasyrabū hanī'am bimā aslaftum fil-ayyāmil-khāliyah(ti).
[24]
He wong ing suwarga, sira padha mangana lan ngombea ana ing suwarga kalawan enak, iku ganjaraning kabêcikan kang padha sira lakoni biyèn, pirang-pirang dina ana ing dunya.
وَاَمَّا مَنْ اُوْتِيَ كِتٰبَهٗ بِشِمَالِهٖ ەۙ فَيَقُوْلُ يٰلَيْتَنِيْ لَمْ اُوْتَ كِتٰبِيَهْۚ٢٥
Wa ammā man ūtiya kitābahū bisyimālih(ī), fa yaqūlu yā laitanī lam ūta kitābiyah.
[25]
Dene wong kang diulungi layang cathêtaning [cathêta....ning] lêlakone saka ing kiwa, iku padha ngucap: Adhuh, aku bok aja diulungi layang cathêtaning lêlakonku bae.
وَلَمْ اَدْرِ مَا حِسَابِيَهْۚ٢٦
Wa lam adri mā ḥisābiyah.
[26]
Aku ora wêruh kapriye panimbange ala bêcikku.
يٰلَيْتَهَا كَانَتِ الْقَاضِيَةَۚ٢٧
Yā laitahā kānatil-qāḍiyah(ta).
[27]
Adhuh, bok iya ênggonku mati ana ing dunya iku wis rampung, ora diuripake manèh.
مَآ اَغْنٰى عَنِّيْ مَالِيَهْۚ٢٨
Mā agnā ‘annī māliyah.
[28]
Bandhaku ora pisan bisa mradikakake aku.
هَلَكَ عَنِّيْ سُلْطٰنِيَهْۚ٢٩
Halaka ‘annī sulṭāniyah.
[29]
Kasantosanku wis sirna kabèh.
خُذُوْهُ فَغُلُّوْهُۙ٣٠
Khużūhu fagullūh(u).
[30]
Dhawuhing Allah: He malaikat kang jaga Naraka Jahanam. Wong kaphir iku sira cêkêla, nuli sira balênggua.
ثُمَّ الْجَحِيْمَ صَلُّوْهُۙ٣١
Ṡummal-jaḥīma ṣallūh(u).
[31]
Nuli sira cêmplungna ing Naraka Jakhim.
ثُمَّ فِيْ سِلْسِلَةٍ ذَرْعُهَا سَبْعُوْنَ ذِرَاعًا فَاسْلُكُوْهُۗ٣٢
Ṡumma fī silsilatin żar‘uhā sab‘ūna żirā‘an faslukūh(u).
[32]
Nuli sira lêbokna ing naraka rante kang dawane pitung puluh asta. Astaning malaikat.
اِنَّهٗ كَانَ لَا يُؤْمِنُ بِاللّٰهِ الْعَظِيْمِۙ٣٣
Innahū kāna lā yu'minu billāhil-‘aẓīm(i).
[33]
Awit wong kaphir iku ora pracaya ing Allah kang Maha-agung.
وَلَا يَحُضُّ عَلٰى طَعَامِ الْمِسْكِيْنِۗ٣٤
Wa lā yaḥuḍḍu ‘alā ṭa‘āmil-miskīn(i).
[34]
Lan ora gêlêm têtulung nguluri pangan marang wong miskin.
فَلَيْسَ لَهُ الْيَوْمَ هٰهُنَا حَمِيْمٌۙ٣٥
Fa laisa lahul-yauma hāhunā ḥamīm(un).
[35]
Mulane ing dina iki ora duwe sanak kang kêna dieyubi
وَّلَا طَعَامٌ اِلَّا مِنْ غِسْلِيْنٍۙ٣٦
Wa lā ṭa‘āmun illā min gislīn(in).
[36]
Lan ora duwe panganan kajaba nanahe wong ing naraka.
لَّا يَأْكُلُهٗٓ اِلَّا الْخٰطِـُٔوْنَ ࣖ٣٧
Lā ya'kuluhū illal-khāṭi'ūn(a).
[37]
Ora ana kang mangan nanah mau kajaba para wong kaluputan kaphir.
فَلَآ اُقْسِمُ بِمَا تُبْصِرُوْنَۙ٣٨
Falā uqsimu bimā tubṣirūn(a).
[38]
Ingsun supata kalawan barang kang kasat mata ing sira.
وَمَا لَا تُبْصِرُوْنَۙ٣٩
Wa mā lā tubṣirūn(a).
[39]
Lan barang kang ora kasat mata ing sira.
اِنَّهٗ لَقَوْلُ رَسُوْلٍ كَرِيْمٍۙ٤٠
Innahū laqaulu rasūlin karīm(in).
[40]
Satêmêne Kuran iku pangucape utusaning Allah kang mulya, iya iku Malaikat Jabarail.
وَّمَا هُوَ بِقَوْلِ شَاعِرٍۗ قَلِيْلًا مَّا تُؤْمِنُوْنَۙ٤١
Wa mā huwa biqauli syā‘ir(in), qalīlam mā tu'minūn(a).
[41]
Dudu pangucape wong nêmbang, nanging sira padha ora ngandêl.
وَلَا بِقَوْلِ كَاهِنٍۗ قَلِيْلًا مَّا تَذَكَّرُوْنَۗ٤٢
Wa lā biqauli kāhin(in), qalīlam mā tażakkarūn(a).
[42]
Lan dudu pangucape wong mêmêthèk, nanging sira ora padha mangan wuruk.
تَنْزِيْلٌ مِّنْ رَّبِّ الْعٰلَمِيْنَ٤٣
Tanzīlum mir rabbil-‘ālamīn(a).
[43]
Kuran iku dhawuh têrang saka Allah, Pangeraning ngalam kabèh.
وَلَوْ تَقَوَّلَ عَلَيْنَا بَعْضَ الْاَقَاوِيْلِۙ٤٤
Wa lau taqawwala ‘alainā ba‘ḍal-aqāwīl(i).
[44]
Manawa Nabi Mukhammad wani gawe-gawe, andhawuhake kang dudu pangandikaningsun, diawadake têrang saka Ingsun.
لَاَخَذْنَا مِنْهُ بِالْيَمِيْنِۙ٤٥
La'akhażnā minhu bil-yamīn(i).
[45]
Mêsthi Ingsun patrapi siksa têmênan.
ثُمَّ لَقَطَعْنَا مِنْهُ الْوَتِيْنَۖ٤٦
Ṡumma laqaṭa‘nā minhul-watīn(a).
[46]
Nuli Ingsun tugêl gantilaning atine.
فَمَا مِنْكُمْ مِّنْ اَحَدٍ عَنْهُ حٰجِزِيْنَۙ٤٧
Famā minkum min aḥadin ‘anhu ḥājizīn(a).
[47]
Sira kabèh ora ana kang bisa nulak siksaningsun marang Nabi Mukhammad.
وَاِنَّهٗ لَتَذْكِرَةٌ لِّلْمُتَّقِيْنَ٤٨
Wa innahū latażkiratul lil-muttaqīn(a).
[48]
Satêmêne Kuran iku wêwulang marang para wong wêdi ing Allah.
وَاِنَّا لَنَعْلَمُ اَنَّ مِنْكُمْ مُّكَذِّبِيْنَۗ٤٩
Wa innā lana‘lamu anna minkum mukażżibīn(a).
[49]
Satêmêne Ingsun nguningani yèn sira iku ana kang maido Kuran.
وَاِنَّهٗ لَحَسْرَةٌ عَلَى الْكٰفِرِيْنَۚ٥٠
Wa innahū laḥasratun ‘alal-kāfirīn(a).
[50]
Satêmêne Kuran iku bakal andadèkake gêtune para wong kaphir, ênggone padha maido Kuran.
وَاِنَّهٗ لَحَقُّ الْيَقِيْنِ٥١
Wa innahū laḥaqqul-yaqīn(i).
[51]
Satêmêne Kuran iku maligi nyata.
فَسَبِّحْ بِاسْمِ رَبِّكَ الْعَظِيْمِ ࣖ٥٢
Fa sabbiḥ bismi rabbikal-‘aẓīm(i).
[52]
Mulane sira nêbuta Mahasu[6] ing Allah, kalawan ngucapake asmane Pangeranira kang Maha-agung.