Surah Al-Qalam

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
نۤ ۚوَالْقَلَمِ وَمَا يَسْطُرُوْنَۙ١
Nūn, wal-qalami wa mā yasṭurūn(a).
[1] Nun, iku araning aksara Ngarab, Allah ênggone ngandika mangkono mau, mung Allah piyambak kang wuninga têgêse lan karêpe. Dêmi kalam kang nulis ana ing Lohmahphul, lan dêmi têtulisane para malaikat.

مَآ اَنْتَ بِنِعْمَةِ رَبِّكَ بِمَجْنُوْنٍ٢
Mā anta bini‘mati rabbika bimajnūn(in).
[2] (He Mukhammad) sira iku ora edan, marga tămpa kabungahan pêparinge Pangeranira, kaya panêrkane wong kaphir.

وَاِنَّ لَكَ لَاَجْرًا غَيْرَ مَمْنُوْنٍۚ٣
Wa inna laka la'ajran gaira mamnūn(in).
[3] Satêmêne sira iku tămpa ganjaran kang tanpa kêndhat salawas-lawase.

وَاِنَّكَ لَعَلٰى خُلُقٍ عَظِيْمٍ٤
Wa innaka la‘alā khuluqin ‘aẓīm(in).
[4] Lan satêmêne sira iku nêtêpi agama [aga....ma] gêdhe.

فَسَتُبْصِرُ وَيُبْصِرُوْنَۙ٥
Fasatubṣiru wa yubṣirūn(a).
[5] Sadhela êngkas sira andêlêng kanyataan, wong kaphir ing Mêkah uga padha andêlêng.

بِاَيِّىكُمُ الْمَفْتُوْنُ٦
Bi'ayyikumul-maftūn(u).
[6] Sapa kang nyata edan, sira apa para wong kaphir ing Mêkah.

اِنَّ رَبَّكَ هُوَ اَعْلَمُ بِمَنْ ضَلَّ عَنْ سَبِيْلِهٖۖ وَهُوَ اَعْلَمُ بِالْمُهْتَدِيْنَ٧
Inna rabbaka huwa a‘lamu biman ḍalla ‘an sabīlih(ī), wa huwa a‘lamu bil-muhtadīn(a).
[7] Satêmêne Pangeranira nguningani wong kang kêsasar saka dalaning Allah, lan uga nguningani wong kang padha nêtêpi pituduh bênêr.

فَلَا تُطِعِ الْمُكَذِّبِيْنَ٨
Falā tuṭi‘il-mukażżibīn(a).
[8] Mulane sira aja manut wong kang padha maido Kuran.

وَدُّوْا لَوْ تُدْهِنُ فَيُدْهِنُوْنَۚ٩
Waddū lau tudhinu fayudhinūn(a).
[9] Karêpe wong kaphir mau, sira iku lêmêsa lan asiha, aja ngarubiru ênggone padha maro tingal, wong kaphir uga banjur padha lêmês lan asih, ora nglarani marang sira.

وَلَا تُطِعْ كُلَّ حَلَّافٍ مَّهِيْنٍۙ١٠
Wa lā tuṭi‘ kulla ḥallāfim mahīn(in).
[10] Aja manut wong kang dhêmên supata goroh, pikire ala.

هَمَّازٍ مَّشَّاۤءٍۢ بِنَمِيْمٍۙ١١
Hammāzim masysyā'im binamīm(in).
[11] Dhêmên nacad wong lan tumbak cucukan.

مَّنَّاعٍ لِّلْخَيْرِ مُعْتَدٍ اَثِيْمٍۙ١٢
Mannā‘il lil-khairi mu‘tadin aṡīm(in).
[12] Mênging gawe kabêcikan, dhêmên nganiaya lan duraka.

عُتُلٍّۢ بَعْدَ ذٰلِكَ زَنِيْمٍۙ١٣
‘Utullim ba‘da żālika zanīm(in).
[13] Wangkot lan dablêg sarta ngaku bêcik.

اَنْ كَانَ ذَا مَالٍ وَّبَنِيْنَۗ١٤
An kāna żā māliw wa banīn(a).
[14] Aja dumèh wong kang mangkono mau [ma...u] sugih băndha lan anak.

اِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِ اٰيٰتُنَا قَالَ اَسَاطِيْرُ الْاَوَّلِيْنَۗ١٥
Iżā tutlā ‘alaihi āyātunā qāla asāṭīrul-awwalīn(a).
[15] Manawa diwacakake Kuran ayat Ingsun, calathune: Iku gawe-gawene para wong kuna.

سَنَسِمُهٗ عَلَى الْخُرْطُوْمِ١٦
Sanasimuhū ‘alal-khurṭūm(i).
[16] Wong mangkono iku, Ingsun dokoki têngêr salawase urip, nalika pêrang ing Badar Ingsun pruthul irunge.

اِنَّا بَلَوْنٰهُمْ كَمَا بَلَوْنَآ اَصْحٰبَ الْجَنَّةِۚ اِذْ اَقْسَمُوْا لَيَصْرِمُنَّهَا مُصْبِحِيْنَۙ١٧
Innā balaunāhum kamā balaunā aṣḥābal-jannah(ti), iż aqsamū layaṣrimunnahā muṣbiḥīn(a).
[17] Ingsun paring coba marang wong Mêkah kalawan larang pangan kang bangêt, padha lan ênggon Ingsun nyoba marang wong ing Sarwan tanah Yaman, kang padha duwe palêmahan, warisan saka bapakne, awit padha supata, tandurane mêsthi padha diundhuhi ing wayah Subuh (bangun esuk) supaya aja dijaluki wong miskin.

وَلَا يَسْتَثْنُوْنَ١٨
Wa lā yastaṡnūn(a).
[18] Supatane tanpa sumendhe ing karsaning Allah.

فَطَافَ عَلَيْهَا طَاۤىِٕفٌ مِّنْ رَّبِّكَ وَهُمْ نَاۤىِٕمُوْنَ١٩
Fa ṭāfa ‘alaihā ṭā'ifum mir rabbika wa hum nā'imūn(a).
[19] Ing kono wong kang duwe tanduran mau lagi padha turu, Pangeranira nurunake gêni, ngobong tandurane, êntèk dadi awu.

فَاَصْبَحَتْ كَالصَّرِيْمِۙ٢٠
Fa aṣbaḥat kaṣ-ṣarīm(i).
[20] Barêng wayah bangun esuk, tanduran [tandur....an] mau wis rupa irêng kabèh, kaya wêngi kang pêtêng andhêdhêt.

فَتَنَادَوْا مُصْبِحِيْنَۙ٢١
Fa tanādau muṣbiḥīn(a).
[21] Ing wayah bangun esuk, kang padha duwe tanduran padha ajak-ajakan ngundhuhi tandurane.

اَنِ اغْدُوْا عَلٰى حَرْثِكُمْ اِنْ كُنْتُمْ صٰرِمِيْنَ٢٢
Anigdū ‘alā ḥarṡikum in kuntum ṣārimīn(a).
[22] Mara padha tilikana tanduranmu manawa kowe arêp ngundhuhi.

فَانْطَلَقُوْا وَهُمْ يَتَخَافَتُوْنَۙ٢٣
Fanṭalaqū wa hum yatakhāfatūn(a).
[23] Kang duwe tanduran banjur padha niliki tandurane, sarta padha rêrasan pating kalêsik.

اَنْ لَّا يَدْخُلَنَّهَا الْيَوْمَ عَلَيْكُمْ مِّسْكِيْنٌۙ٢٤
Allā yadkhulannahal-yauma ‘alaikum miskīn(un).
[24] Awit dina iki palêmahan iki aja nganti kalêbon wong miskin.

وَّغَدَوْا عَلٰى حَرْدٍ قٰدِرِيْنَ٢٥
Wa gadau ‘alā ḥardin qādirīn(a).
[25] Ing wayah esuk, wong mau padha mangkat, nêja anjaga palêmahane, rumasa bisa nguwasani tandurane.

فَلَمَّا رَاَوْهَا قَالُوْٓا اِنَّا لَضَاۤلُّوْنَۙ٢٦
Falammā ra'auhā qālū innā laḍāllūn(a).
[26] Barêng andêlêng tandurane wis dadi awu, banjur padha ngucap: Satêmêne aku kang luput.

بَلْ نَحْنُ مَحْرُوْمُوْنَ٢٧
Bal naḥnu maḥrūmūn(a).
[27] Saiki aku ora bisa mangan wohe tanduranku, marga ênggonku kumêd marang wong miskin.

قَالَ اَوْسَطُهُمْ اَلَمْ اَقُلْ لَّكُمْ لَوْلَا تُسَبِّحُوْنَ٢٨
Qāla ausaṭuhum alam aqul lakum lau lā tusabbiḥūn(a).
[28] Wong mau kang bêcik, calathu mangkene: Aku rak wis pitutur marang kowe, kang kolakoni iku, Allah ora parêng, yagene kowe têka ora tobat, banjur nêbut Mahasuci ing Allah.

قَالُوْا سُبْحٰنَ رَبِّنَآ اِنَّا كُنَّا ظٰلِمِيْنَ٢٩
Qālū subḥāna rabbinā innā kunnā ẓālimīn(a).
[29] Wong kang duwe palêmahan banjur padha ngucap: Dhuh Allah Pangeran kawula, Tuwan punika Mahasuci, kawula sampun ngakêni kalêpatan kawula, anggèn kula kumêd dhatêng tiyang miskin.

فَاَقْبَلَ بَعْضُهُمْ عَلٰى بَعْضٍ يَّتَلَاوَمُوْنَ٣٠
Fa'aqbala ba‘ḍuhum ‘alā ba‘ḍiy yatalāwamūn(a).
[30] Wong mau siji lan sijine banjur padha tutuh-tinutuh.

قَالُوْا يٰوَيْلَنَآ اِنَّا كُنَّا طٰغِيْنَ٣١
Qālū yā wailanā innā kunnā ṭāgīn(a).
[31] Padha ngucap: Adhuh cilaka têmên aku, aku wis rumasa luput, kapriye yèn ora olèh pangapura.

عَسٰى رَبُّنَآ اَنْ يُّبْدِلَنَا خَيْرًا مِّنْهَآ اِنَّآ اِلٰى رَبِّنَا رٰغِبُوْنَ٣٢
‘Asā rabbunā ay yubdilanā khairam minhā innā ilā rabbinā rāgibūn(a).
[32] Allah Pangeranku muga paringa liru marang aku, kang luwih bêcik tinimbang lan tanduranku kang wis kobong dadi awu, aku ngarêp-arêp bangêt, muga tobatku iki ditarima ing Pangeranku. Allah narima tobate wong mau, palêmahane kang kobong mau banjur diputêr dening Malaikat Jabarail, diêlih mênyang tanah Sam, dilironi palêmahan kang bêcik saka ing tanah Sam.

كَذٰلِكَ الْعَذَابُۗ وَلَعَذَابُ الْاٰخِرَةِ اَكْبَرُۘ لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَ ࣖ٣٣
Każālikal-‘ażāb(u), wa la‘ażābul-ākhirati akbar(u), lau kānū ya‘lamūn(a).
[33] Kang mangkono iku ewoning siksa ing dunya, manawa wong kaphir iku wêruha yèn siksa ing akhirat iku luwih abot manèh, mêsthi ora gêlêm anglakoni dosa.

اِنَّ لِلْمُتَّقِيْنَ عِنْدَ رَبِّهِمْ جَنّٰتِ النَّعِيْمِ٣٤
Inna lil-muttaqīna ‘inda rabbihim jannātin-na‘īm(i).
[34] Para wong wêdi ing Allah iku ana ing ngarsaning Pangerane padha olèh ganjaran Suwarga Nangim.

اَفَنَجْعَلُ الْمُسْلِمِيْنَ كَالْمُجْرِمِيْنَۗ٣٥
Afanaj‘alul-muslimīna kal-mujrimīn(a).
[35] Para wong Islam apa Ingsun padha bae karo wong kaphir iku, ora.

مَا لَكُمْۗ كَيْفَ تَحْكُمُوْنَۚ٣٦
Mā lakum, kaifa taḥkumūn(a).
[36] Yagene sira wong kaphir padha nganggêp padha bae.

اَمْ لَكُمْ كِتٰبٌ فِيْهِ تَدْرُسُوْنَۙ٣٧
Am lakum kitābun fīhi tadrusūn(a).
[37] Apa sira padha duwe wêwaton kitabing Allah kang padha sira waca.

اِنَّ لَكُمْ فِيْهِ لَمَا تَخَيَّرُوْنَۚ٣٨
Inna lakum fīhi lamā takhayyarūn(a).
[38] Mratelakake sira kêna nglakoni sakarêp- karêpira.

اَمْ لَكُمْ اَيْمَانٌ عَلَيْنَا بَالِغَةٌ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِۙ اِنَّ لَكُمْ لَمَا تَحْكُمُوْنَۚ٣٩
Am lakum aimānun ‘alainā bāligatun ilā yaumil-qiyāmah(ti), inna lakum lamā taḥkumūn(a).
[39] Apa sira nyêkêl sêsanggêman Ingsun mawa supata, kukuh ora bisa udhar nganti têkan dina kiyamat. Dadi ênggonira ngaku wong bêcik, mulya ana ngarsaning Allah, iku nyata.

سَلْهُمْ اَيُّهُمْ بِذٰلِكَ زَعِيْمٌۚ٤٠
Salhum ayyuhum biżālika za‘īm(un).
[40] Wong kaphir padha sira takonana, sapa kang tanggung kêlakone ênggonira ngaku besuk ana ing akhirat, bakal ngungkuli para wong mukmin.

اَمْ لَهُمْ شُرَكَاۤءُۚ فَلْيَأْتُوْا بِشُرَكَاۤىِٕهِمْ اِنْ كَانُوْا صٰدِقِيْنَ٤١
Am lahum syurakā'(u), falya'tū bisyurakā'ihim in kānū ṣādiqīn(a).
[41] Apa wong kaphir mau padha duwe kănca kang tunggal panêmu, nanggung panêmune mau bakal kalêksanan, manawa têmên mangkono, mara padha nêkakna kancane kang nanggung mau.

يَوْمَ يُكْشَفُ عَنْ سَاقٍ وَّيُدْعَوْنَ اِلَى السُّجُوْدِ فَلَا يَسْتَطِيْعُوْنَۙ٤٢
Yauma yuksyafu ‘an sāqiw wa yud‘auna ilas-sujūdi falā yastaṭī‘ūn(a).
[42] Sira nyaritakna dina kiyamat, ing kono parentahing Allah kêncêng lan abot. Sarupane wong kaphir padha dicoba, dikarsakake sujud, nanging padha ora bisa sujud, marga gêgêre padha kaku, ora bisa andhingkluk, dadi padha têtela kaphir ora tau sujud.

خَاشِعَةً اَبْصَارُهُمْ تَرْهَقُهُمْ ذِلَّةٌ ۗوَقَدْ كَانُوْا يُدْعَوْنَ اِلَى السُّجُوْدِ وَهُمْ سٰلِمُوْنَ٤٣
Khāsyi‘atan abṣāruhum tarhaquhum żillah(tun), wa qad kānū yud‘auna ilas-sujūdi wa hum sālimun(a).
[43] Wong kaphir padha konjêm tumungkul andêlêng mangisor, padha rumasa asor, nalika ana ing dunya wis padha didhawuhi sujud sêmbayang, nanging padha nglirwakake.

فَذَرْنِيْ وَمَنْ يُّكَذِّبُ بِهٰذَا الْحَدِيْثِۗ سَنَسْتَدْرِجُهُمْ مِّنْ حَيْثُ لَا يَعْلَمُوْنَۙ٤٤
Fażarnī wa may yukażżibu bihāżal-ḥadīṡi sanastadrijuhum min ḥaiṡu lā ya‘lamūn(a).
[44] Wong kaphir mau ênggone ora maèlu marang Ingsun, sira togna bae, awit sing sapa maido caritaning Kuran iki, mêsthi Ingsun lorod kabêgjane saka sathithik, nganti padha ora krasa.

وَاُمْلِيْ لَهُمْۗ اِنَّ كَيْدِيْ مَتِيْنٌ٤٥
Wa umlī lahum, inna kaidī matīn(un).
[45] Ingsun nyarantèkake paniksane wong kaphir mau, pangluluningsun mêsthi kalêksanan.

اَمْ تَسْـَٔلُهُمْ اَجْرًا فَهُمْ مِّنْ مَّغْرَمٍ مُّثْقَلُوْنَۚ٤٦
Am tas'aluhum ajran fahum mim magramim muṡqalūn(a).
[46] Apa sira kudu anjaluk pituwas marang wong kaphir ênggonira mratakake dhawuh, si kaphir kabotan ênggone bayar pituwas marang sira. Yèn mangkono, dadi si kaphir bakal ora pracaya marang sira.

اَمْ عِنْدَهُمُ الْغَيْبُ فَهُمْ يَكْتُبُوْنَ٤٧
Am ‘indahumul-gaibu fahum yaktubūn(a).
[47] Apa wong kaphir iku padha kanggonan kawruh marang barang kang samar-samar, dadi sabarang kang diucapake iku turunan saka kawruh kang samar-samar mau.

فَاصْبِرْ لِحُكْمِ رَبِّكَ وَلَا تَكُنْ كَصَاحِبِ الْحُوْتِۘ اِذْ نَادٰى وَهُوَ مَكْظُوْمٌۗ٤٨
Faṣbir liḥukmi rabbika wa lā takun kaṣāḥibil-ḥūt(i), iż nādā wa huwa makẓūm(un).
[48] Sira mung narimaa, nglakoni sakarsane Pangeranira, aja kêsusu kaya Nabi Yunus kang diuntal ing iwak biyèn, ana sajronêng[3] wêtêng sêsambat ing Allah, bangêt susahe.

لَوْلَآ اَنْ تَدٰرَكَهٗ نِعْمَةٌ مِّنْ رَّبِّهٖ لَنُبِذَ بِالْعَرَاۤءِ وَهُوَ مَذْمُوْمٌ٤٩
Lau lā an tadārakahū ni‘matum mir rabbihī lanubiża bil-‘arā'i wa huwa mażmūm(un).
[49] Upama Nabi Yunus mau ora kêtungka olèh pêparinging Allah kabungahan, iya iku ditarima tobate, amêsthi diwêtokake saka wêtênging iwak ana ing ara-ara, tur dicacad dening Allah.

فَاجْتَبٰىهُ رَبُّهٗ فَجَعَلَهٗ مِنَ الصّٰلِحِيْنَ٥٠
Fajtabāhu rabbuhū faja‘alahū minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[50] Nabi Yunus banjur dipilih dening Pangerane, didadèkake ewone wong bêcik.

وَاِنْ يَّكَادُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَيُزْلِقُوْنَكَ بِاَبْصَارِهِمْ لَمَّا سَمِعُوا الذِّكْرَ وَيَقُوْلُوْنَ اِنَّهٗ لَمَجْنُوْنٌ ۘ٥١
Wa iy yakādul-lażīna kafarū layuzliqūnaka bi'abṣārihim lammā sami‘uż żikra wa yaqūlūna innahū lamajnūn(un).
[51] Satêmêne para wong kaphir iku, barêng krungu wêwulanging Kuran, matane mèh molor saking bangête ênggone manthêlêng, pangucape: Nabi Mukhammad iku edan.

وَمَا هُوَ اِلَّا ذِكْرٌ لِّلْعٰلَمِيْنَ ࣖ٥٢
Wa mā huwa illā żikrul lil-‘ālamīn(a).
[52] Kuran iku ora liwat mung wêwulang tumrap saisining jagad kabèh.