Surah Al-Mulk

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
تَبٰرَكَ الَّذِيْ بِيَدِهِ الْمُلْكُۖ وَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌۙ١
Tabārakal-lażī biyadihil-mulk(u), wa huwa ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[1] Allah iku Mahasuci, angasta karaton. Allah iku nguwasani samubarang.

ۨالَّذِيْ خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيٰوةَ لِيَبْلُوَكُمْ اَيُّكُمْ اَحْسَنُ عَمَلًاۗ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْغَفُوْرُۙ٢
Allażī khalaqal-mauta wal-ḥayāta liyabluwakum ayyukum aḥsanu ‘amalā(n), wa huwal-‘azīzul-gafūr(u).
[2] Kang gawe pati lan gawe urip, kang nyoba marang sira kabèh, êndi kang lakune luwih bêcik. Allah iku Mahamulya tur kaparêng ngapura.

الَّذِيْ خَلَقَ سَبْعَ سَمٰوٰتٍ طِبَاقًاۗ مَا تَرٰى فِيْ خَلْقِ الرَّحْمٰنِ مِنْ تَفٰوُتٍۗ فَارْجِعِ الْبَصَرَۙ هَلْ تَرٰى مِنْ فُطُوْرٍ٣
Allażī khalaqa sab‘a samāwātin ṭibāqā(n), mā tarā fī khalqir-raḥmāni min tafāwut(in), farji‘il-baṣara hal tarā min fuṭūr(in).
[3] Kang gawe bumi lan langit sap pitu, pandêlêngira gêgaweaning Pangeran kang Mahamurah iku, ora ana kang ora prayoga. Mara sira tumêngaa, andêlênga ing langit. Apa sira wêruh langit iku ana kang bêngkah.

ثُمَّ ارْجِعِ الْبَصَرَ كَرَّتَيْنِ يَنْقَلِبْ اِلَيْكَ الْبَصَرُ خَاسِئًا وَّهُوَ حَسِيْرٌ٤
Ṡummarji‘il-baṣara karrataini yanqalib ilaikal-baṣaru khāsi'aw wa huwa ḥasīr(un).
[4] Mara banjur tumênga manèh, mêsthi pandêlêngira ambalik, konjêm, ora bisa wêruh cacade gêgaweaning Pangeran.

وَلَقَدْ زَيَّنَّا السَّمَاۤءَ الدُّنْيَا بِمَصَابِيْحَ وَجَعَلْنٰهَا رُجُوْمًا لِّلشَّيٰطِيْنِ وَاَعْتَدْنَا لَهُمْ عَذَابَ السَّعِيْرِ٥
Wa laqad zayyannas-samā'ad-dun-yā bimaṣābīḥa wa ja‘alnāhā rujūmal lisy-syayāṭīni wa a‘tadnā lahum ‘ażābas-sa‘īr(i).
[5] Ingsun angrêngga langit dunya (langit kang ngisor dhewe) kalawan lintang pirang-pirang, lintang mau Ingsun ênggo balang, ambalangi para setan, dene setan mau padha Ingsun ancam siksa Naraka Sangir.

وَلِلَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِرَبِّهِمْ عَذَابُ جَهَنَّمَۗ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ٦
Wa lil-lażīna kafarū birabbihim ‘ażābu jahannam(a), wa bi'sal-maṣīr(u).
[6] Sarupane wong kang maido ing Allah [A....llah] Pangerane, iku padha dipatrapi siksa Naraka Jahanam. Ala têmên kawusanan kang mangkono iku.

اِذَآ اُلْقُوْا فِيْهَا سَمِعُوْا لَهَا شَهِيْقًا وَّهِيَ تَفُوْرُۙ٧
Iżā ulqū fīhā sami‘ū lahā syahīqaw wa hiya tafūr(u).
[7] Nalikane wong kaphir padha dicêmplungake ing naraka, panjêrite karungu, naraka mau umob mumpal-mumpal.

تَكَادُ تَمَيَّزُ مِنَ الْغَيْظِۗ كُلَّمَآ اُلْقِيَ فِيْهَا فَوْجٌ سَاَلَهُمْ خَزَنَتُهَآ اَلَمْ يَأْتِكُمْ نَذِيْرٌۙ٨
Takādu tamayyazu minal-gaiẓ(i), kullamā ulqiya fīhā faujun sa'alahum khazanatuhā alam ya'tikum nażīr(un).
[8] Saking nêpsuning naraka, wong kaphir mèh mrotholi, sabên ana wong kaphir sagolongan dicêmplungake ing naraka, ditakoni dening malaikat kang rumêksa naraka, apa biyèn kowe ora diwêwêdèni naraka iki dening rasul.

قَالُوْا بَلٰى قَدْ جَاۤءَنَا نَذِيْرٌ ەۙ فَكَذَّبْنَا وَقُلْنَا مَا نَزَّلَ اللّٰهُ مِنْ شَيْءٍۖ اِنْ اَنْتُمْ اِلَّا فِيْ ضَلٰلٍ كَبِيْرٍ٩
Qālū balā qad jā'anā nażīr(un), fa każżabnā wa qulnā mā nazzalallāhu min syai'(in), in antum illā fī ḍalālin kabīr(in).
[9] Wong kaphir mau padha mangsuli, inggih, kula sampun dipun ajrih-ajrihi dening rasul, nanging kula maibên, wangsulan kula: Allah botên andhawuhakên punapa-punapa, sampeyan punika têtela kêsasar sangêt.

وَقَالُوْا لَوْ كُنَّا نَسْمَعُ اَوْ نَعْقِلُ مَا كُنَّا فِيْٓ اَصْحٰبِ السَّعِيْرِ١٠
Wa qālū lau kunnā nasma‘u au na‘qilu mā kunnā fī aṣḥābis-sa‘īr(i).
[10] Wong kaphir mau padha ngucap: Upa[1] aku biyèn ngèstokake dhawuh utawa mikir, kaya-kaya ora kacêmplung ing Naraka Sangir.

فَاعْتَرَفُوْا بِذَنْۢبِهِمْۚ فَسُحْقًا لِّاَصْحٰبِ السَّعِيْرِ١١
Fa‘tarafū biżambihim, fasuḥqal li'aṣḥābis-sa‘īr(i).
[11] Dadi wong kaphir mau wis padha ngaku dosane, ênggone maido para rasul, mulane wong ing Naraka Sangir mau padha didohake saka rahmating Allah.

اِنَّ الَّذِيْنَ يَخْشَوْنَ رَبَّهُمْ بِالْغَيْبِ لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّاَجْرٌ كَبِيْرٌ١٢
Innal-lażīna yakhsyauna rabbahum bil-gaibi lahum magfiratuw wa ajrun kabīr(un).
[12] Sarupane wong kang padha wêdi ing Allah Pangerane ana ing pasêpèn, iku padha olèh pangapuraning Allah, lan diparingi ganjaran gêdhe.

وَاَسِرُّوْا قَوْلَكُمْ اَوِ اجْهَرُوْا بِهٖۗ اِنَّهٗ عَلِيْمٌ ۢبِذَاتِ الصُّدُوْرِ١٣
Wa asirrū qaulakum awijharū bih(ī), innahū ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[13] Mara padha calathua lirih utawa sêru, iku ingatase Allah padha bae, awit Allah iku nguningani sakarêntêking ati.

اَلَا يَعْلَمُ مَنْ خَلَقَۗ وَهُوَ اللَّطِيْفُ الْخَبِيْرُ ࣖ١٤
Alā ya‘lamu man khalaq(a), wa huwal-laṭīful-khabīr(u).
[14] Allah kang gawe pangucap lirih, apa ora nguningani calathunira kang lirih, Allah iku alus tur waspada.

هُوَ الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الْاَرْضَ ذَلُوْلًا فَامْشُوْا فِيْ مَنَاكِبِهَا وَكُلُوْا مِنْ رِّزْقِهٖۗ وَاِلَيْهِ النُّشُوْرُ١٥
Huwal-lażī ja‘ala lakumul-arḍa żalūlan famsyū fī manākibihā wa kulū mir rizqih(ī), wa ilaihin-nusyūr(u).
[15] Allah iku kang andadèkake bumi iki gampang diênggo malaku, sira padha mlakua ana lumahing bumi, lan padha mangana rijêkining Allah, kang wis dicawisake dening Pangeranira. Ing têmbe manungsa iki padha digêlar ana ngarsaning Allah.

ءَاَمِنْتُمْ مَّنْ فِى السَّمَاۤءِ اَنْ يَّخْسِفَ بِكُمُ الْاَرْضَ فَاِذَا هِيَ تَمُوْرُۙ١٦
A'amintum man fis-samā'i ay yakhsifa bikumul-arḍa fa'iżā hiya tamūr(u).
[16] Apa sira nyana yèn Allah kang kagungan karaton langit iku ngarsakake sira diuntal ing bumi kaya Si Karun biyèn, nyatane ora, bumi iku mubêng, sira ora tiba.

اَمْ اَمِنْتُمْ مَّنْ فِى السَّمَاۤءِ اَنْ يُّرْسِلَ عَلَيْكُمْ حَاصِبًاۗ فَسَتَعْلَمُوْنَ كَيْفَ نَذِيْرِ١٧
Am amintum man fis-samā'i ay yursila ‘alaikum ḥāṣibā(n), fa sata‘lamūna kaifa nażīr(i).
[17] Apa sira nyana yèn Allah kang kagungan karaton langit iku karsa ngudani watu marang sira, nyatane ora, nanging ing têmbe sira mêsthi wêruh nyatane kang Ingsun ênggo mêmêdèni sira.

وَلَقَدْ كَذَّبَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ فَكَيْفَ كَانَ نَكِيْرِ١٨
Wa laqad każżabal-lażīna min qablihim fakaifa kāna nakīr(i).
[18] Para umat sadurunge wong kaphir ing Mêkah iku, biyèn uga padha maido marang rasule, wusana kapriye ta nyatane ênggon Ingsun nyulayani, para umat mau padha Ingsun turuni siksa têmênan.

اَوَلَمْ يَرَوْا اِلَى الطَّيْرِ فَوْقَهُمْ صٰۤفّٰتٍ وَّيَقْبِضْنَۘ مَا يُمْسِكُهُنَّ اِلَّا الرَّحْمٰنُۗ اِنَّهٗ بِكُلِّ شَيْءٍۢ بَصِيْرٌ١٩
Awalam yarau ilaṭ-ṭairi fauqahum ṣāffātiw wa yaqbiḍn(a), mā yumsikuhunna illar-raḥmān(u), innahū bikulli syai'im baṣīr(un).
[19] Wong kaphir apa padha ora andêlêng manuk kang padha matur ing dhuwure, sadhela ngêgarake suwiwi, lan sadhela ngingkupake suwiwi, kang rumêksa manuk mau ora nganti tiba, ora ana manèh kajaba mung Allah kang Mahamurah, satêmêne Allah iku mirsani samubarang.

اَمَّنْ هٰذَا الَّذِيْ هُوَ جُنْدٌ لَّكُمْ يَنْصُرُكُمْ مِّنْ دُوْنِ الرَّحْمٰنِۗ اِنِ الْكٰفِرُوْنَ اِلَّا فِيْ غُرُوْرٍۚ٢٠
Am man hāżal-lażī huwa jundul lakum yanṣurukum min dūnir-raḥmān(i), inil-kāfirūna illā fī gurūr(in).
[20] Apa brahala iki kang sira kira dadi kancanira, bakal bisa nulungira,[2] bisa murungake siksaning Allah, kang bisa nulungi dudu Pangeran kang Mahamurah. Panêmune wong kaphir iku têtela kajalomprong.

اَمَّنْ هٰذَا الَّذِيْ يَرْزُقُكُمْ اِنْ اَمْسَكَ رِزْقَهٗ ۚ بَلْ لَّجُّوْا فِيْ عُتُوٍّ وَّنُفُوْرٍ٢١
Am man hāżal-lażī yarzuqukum in amsaka rizqah(ū), bal lajjū fī ‘utuwwiw wa nufūr(in).
[21] Manawa Allah ora kaparêng paring rijêki marang sira, apa brahala iki awèh rijêki marang sira. Wong kaphir malah saya andadra ênggone gumêdhe lan nasar.

اَفَمَنْ يَّمْشِيْ مُكِبًّا عَلٰى وَجْهِهٖٓ اَهْدٰىٓ اَمَّنْ يَّمْشِيْ سَوِيًّا عَلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ٢٢
Afamay yamsyī mukibban ‘alā wajhihī ahdā ammay yamsyī sawiyyan ‘alā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[22] Wong picak, mlaku tumungkul, iku luwih wêruh ing dalan kang bênêr, ngungkuli wong kang ora picak kang ênggone mlaku jêjêg.

قُلْ هُوَ الَّذِيْٓ اَنْشَاَكُمْ وَجَعَلَ لَكُمُ السَّمْعَ وَالْاَبْصَارَ وَالْاَفْـِٕدَةَۗ قَلِيْلًا مَّا تَشْكُرُوْنَ٢٣
Qul huwal-lażī ansya'akum wa ja‘ala lakumus-sam‘a wal-abṣāra wal-af'idah(ta), qalīlam mā tasykurūn(a).
[23] (He Mukhammad) sira dhawuha: Allah iku kang gawe awakira, sarta maringi pangrungu lan pandêlêng apadene pikiran marang sira, ewadene sira iku kang ngunjukake panuwun mung sathithik.

قُلْ هُوَ الَّذِيْ ذَرَاَكُمْ فِى الْاَرْضِ وَاِلَيْهِ تُحْشَرُوْنَ٢٤
Qul huwal-lażī żara'akum fil-arḍi wa ilaihi tuḥsyarūn(a).
[24] (He Mukhammad) sira dhawuha: Allah iku kang gawe awakira, sarta paring panggonan ana ing bumi, ing têmbe sira padha dikalumpukake marang ngarsaning Allah.

وَيَقُوْلُوْنَ مَتٰى هٰذَا الْوَعْدُ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٢٥
Wa yaqūlūna matā hāżal-wa‘du in kuntum ṣādiqīn(a).
[25] Wong kaphir ing Mêkah padha matur: Manawi pangandika sampeyan punika yêktos, benjing punapa kalampahanipun manungsa dipun kalêmpakakên punika.

قُلْ اِنَّمَا الْعِلْمُ عِنْدَ اللّٰهِ ۖوَاِنَّمَآ اَنَا۠ نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌ٢٦
Qul innamal-‘ilmu ‘indallāh(i), wa innamā ana nażīrum mubīn(un).
[26] (He Mukhammad) sira dhawuha: Dina kiyamat [ki...yamat] iku, mung Allah piyambak kang wuninga titimangsane. Aku iki ora liwat mung mêmêdèni kang cêtha.

فَلَمَّا رَاَوْهُ زُلْفَةً سِيْۤـَٔتْ وُجُوْهُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَقِيْلَ هٰذَا الَّذِيْ كُنْتُمْ بِهٖ تَدَّعُوْنَ٢٧
Falammā ra'auhu zulfatan sī'at wujūhul-lażīna kafarū wa qīla hāżal-lażī kuntum bihī tadda‘ūn(a).
[27] Sawise dikalumpukake, barêng manungsa padha andêlêng siksa wis cêdhak, wong kaphir padha pucêt raine, banjur padha didhawuhi: siksa saiki kang padha sira paido biyèn. Sira ngarani ora bakal ditangèkake saka ing pati.

قُلْ اَرَءَيْتُمْ اِنْ اَهْلَكَنِيَ اللّٰهُ وَمَنْ مَّعِيَ اَوْ رَحِمَنَاۙ فَمَنْ يُّجِيْرُ الْكٰفِرِيْنَ مِنْ عَذَابٍ اَلِيْمٍ٢٨
Qul ara'aitum in ahlakaniyallāhu wa mam ma‘iya au raḥimanā, famay yujīrul-kāfirīna min ‘ażābin alīm(in).
[28] (He Mukhammad) sira dhawuha: Upama Allah numpês marang aku sakancaku para wong Islam, kaya pangarêp-arêpmu, utawa asih marang aku, iku ora maidahi apa-apa marang kowe. Sawise mangkono kapriye, sapa kang nylamêtake kowe saka siksa kang nglarani, kajaba mung Allah.

قُلْ هُوَ الرَّحْمٰنُ اٰمَنَّا بِهٖ وَعَلَيْهِ تَوَكَّلْنَاۚ فَسَتَعْلَمُوْنَ مَنْ هُوَ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٢٩
Qul huwar-raḥmānu āmannā bihī wa ‘alaihi tawakkalnā, fasata‘lamūna man huwa fī ḍalālim mubīn(in).
[29] Sira dhawuha manèh: Allah iku Pangeran kang Mahamurah, aku pracaya lan nyumanggakake samubarangku ing Allah. Ing têmbe kowe bakal padha wêruh wong kang kêsasar iku apa aku apa kowe.

قُلْ اَرَءَيْتُمْ اِنْ اَصْبَحَ مَاۤؤُكُمْ غَوْرًا فَمَنْ يَّأْتِيْكُمْ بِمَاۤءٍ مَّعِيْنٍ ࣖ٣٠
Qul ara'aitum in aṣbaḥa mā'ukum gauran famay ya'tīkum bimā'im ma‘īn(in).
[30] Sira dhawuha manèh: Mênawa banyu iki asat kabèh, kapriye panêmumu, sapa kang bakal nêkakake banyu kang mlapar-mlapar, kajaba mung Allah.