Surah At-Tahrim

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ لِمَ تُحَرِّمُ مَآ اَحَلَّ اللّٰهُ لَكَۚ تَبْتَغِيْ مَرْضَاتَ اَزْوَاجِكَۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١
Yā ayyuhan-nabiyyu lima tuḥarrimu mā aḥallallāhu lak(a), tabtagī marḍāta azwājik(a), wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[1] He Nabi Mukhammad, yagene sira têka ngaramake barang kang wis diwênangake dening Allah marang sira, iya iku amatira Mariyah, mung murih lêgane atine para rabinira bae. Allah iku kaparêng ngapura tur Maha-asih.

قَدْ فَرَضَ اللّٰهُ لَكُمْ تَحِلَّةَ اَيْمَانِكُمْۚ وَاللّٰهُ مَوْلٰىكُمْۚ وَهُوَ الْعَلِيْمُ الْحَكِيْمُ٢
Qad faraḍallāhu lakum taḥillata aimānikum, wallāhu maulākum, wa huwal-‘alīmul-ḥakīm(u).
[2] Allah wis nindakake udhare supatanira ênggonira ngaramake amatira Mariyah, sarana kapharat mardikakake kawula. Allah iku bêndaranira, Allah iku Nguningani tur Wicaksana.

وَاِذْ اَسَرَّ النَّبِيُّ اِلٰى بَعْضِ اَزْوَاجِهٖ حَدِيْثًاۚ فَلَمَّا نَبَّاَتْ بِهٖ وَاَظْهَرَهُ اللّٰهُ عَلَيْهِ عَرَّفَ بَعْضَهٗ وَاَعْرَضَ عَنْۢ بَعْضٍۚ فَلَمَّا نَبَّاَهَا بِهٖ قَالَتْ مَنْ اَنْۢبَاَكَ هٰذَاۗ قَالَ نَبَّاَنِيَ الْعَلِيْمُ الْخَبِيْرُ٣
Wa iż asarran-nabiyyu ilā ba‘ḍi azwājihī ḥadīṡā(n), falammā nabba'at bihī wa aẓharahullāhu ‘alaihi ‘arrafa ba‘ḍahū wa a‘raḍa ‘am baḍ(in), falammā nabba'ahā bihī qālat man amba'aka hāżā, qāla nabba'aniyal-‘alīmul-khabīr(u).
[3] Nalikane Nabi Mukhammad bisik-bisik marang rabine kang aran Khaphsah, awèh wêruh ênggone ngaramake amate kang aran Mariyah, Khaphsah banjur kăndha prakara iku marang Ngaisah, uga rabine Nabi Mukhammad. Allah banjur misik marang Nabi Mukhammad bab ênggone kăndha Khaphsah marang Ngaisah mau, kang diwisikake mung sawatara, ana uga kang ora diwisikake. Barêng Nabi Mukhammad mêlèhake lan anyrêngêni marang Khaphsah ênggone mêdharake wadi, Khaphsah matur: Sintên ingkang nyaosi pirsa ing sampeyan bab anggèn kula cariyos dhatêng Ngaisah punika. Nabi Mukhammad mangsuli: Allah kang nguningani lan waspada marang samubarang, iku kang paring pirsa marang aku.

اِنْ تَتُوْبَآ اِلَى اللّٰهِ فَقَدْ صَغَتْ قُلُوْبُكُمَاۚ وَاِنْ تَظٰهَرَا عَلَيْهِ فَاِنَّ اللّٰهَ هُوَ مَوْلٰىهُ وَجِبْرِيْلُ وَصَالِحُ الْمُؤْمِنِيْنَۚ وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ بَعْدَ ذٰلِكَ ظَهِيْرٌ٤
In tatūbā ilallāhi faqad ṣagat qulūbukumā, wa in taẓāharā ‘alaihi fa innallāha huwa maulāhu wa jibrīlu wa ṣāliḥul-mu'minīn(a), wal-malā'ikatu ba‘da żālika ẓahīr(un).
[4] He Khaphsah lan Ngaisah, manawa sira padha tobat marang Allah, marèni atinira ênggone dhêmên lungane Mariyah, Allah nglêstarèkake tobatira. Dene yèn sira padha sabiyantu murih lungane Mariyah, iku tumraping Rasulullah ora dadi apa, awit Allah lan Malaikat Jabarail, apadene para wong mukmin kang bêcik, padha nulungi Rasulullah, sawise iku, para malaikat uga padha nulungi Rasulullah.

عَسٰى رَبُّهٗٓ اِنْ طَلَّقَكُنَّ اَنْ يُّبْدِلَهٗٓ اَزْوَاجًا خَيْرًا مِّنْكُنَّ مُسْلِمٰتٍ مُّؤْمِنٰتٍ قٰنِتٰتٍ تٰۤىِٕبٰتٍ عٰبِدٰتٍ سٰۤىِٕحٰتٍ ثَيِّبٰتٍ وَّاَبْكَارًا٥
‘Asā rabbuhū in ṭallaqakunna ay yubdilahū azwājan khairam minkunna muslimātim mu'minātin qānitātin tā'ibātin ‘ābidātin sā'iḥātin ṡayyibātiw wa abkārā(n).
[5] Upama kêlakon Nabi Mukhammad mêgat ing sira kabèh, Pangerane Nabi Mukhammad bakal paring liru bojo akèh kang bêcike padha ngungkuli sira, iya iku wong wadon Islam, pracaya ing Allah, sumungkêm ing Allah, tobat nêja marèni kaluputane, nêmbah ing Allah, dhêmên puwasa, ana kang lanjar lan ana kang prawan.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا قُوْٓا اَنْفُسَكُمْ وَاَهْلِيْكُمْ نَارًا وَّقُوْدُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلٰۤىِٕكَةٌ غِلَاظٌ شِدَادٌ لَّا يَعْصُوْنَ اللّٰهَ مَآ اَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُوْنَ مَا يُؤْمَرُوْنَ٦
Yā ayyuhal-lażīna āmanū qū anfusakum wa ahlīkum nāraw waqūduhan-nāsu wal-ḥijāratu ‘alaihā malā'ikatun gilāẓun syidādul lā ya‘ṣūnallāha mā amarahum wa yaf‘alūna mā yu'marūn(a).
[6] He para wong mukmin, sira padha anjagaa awakira lan para warganira, aja nganti kacêmplung ing naraka, kang urub-urube manungsa lan watu, kang jaga ing kono para malaikat kang padha gêdhe dhuwur lan gagah prakosa, ora tau nglirwakake parentahing Allah, padha nglakoni sabarang dhawuhing Allah.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَا تَعْتَذِرُوا الْيَوْمَۗ اِنَّمَا تُجْزَوْنَ مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ ࣖ٧
Yā ayyuhal-lażīna kafarū lā ta‘tażīrul-yaum(a), innamā tujzauna mā kuntum ta‘malūn(a).
[7] He para wong kaphir, ing dina kiyamat iki, sira aja nganggo madoni, mratelakake sabab-sab[10] ênggonira padha nglakoni duraka, anane sira disiksa iku, mung wêwalêse piala kang wis padha sira lakoni nalika ana ing dunya.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا تُوْبُوْٓا اِلَى اللّٰهِ تَوْبَةً نَّصُوْحًاۗ عَسٰى رَبُّكُمْ اَنْ يُّكَفِّرَ عَنْكُمْ سَيِّاٰتِكُمْ وَيُدْخِلَكُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُۙ يَوْمَ لَا يُخْزِى اللّٰهُ النَّبِيَّ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَهٗۚ نُوْرُهُمْ يَسْعٰى بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَبِاَيْمَانِهِمْ يَقُوْلُوْنَ رَبَّنَآ اَتْمِمْ لَنَا نُوْرَنَا وَاغْفِرْ لَنَاۚ اِنَّكَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٨
Yā ayyuhal-lażīna āmanū tūbū ilallāhi taubatan naṣūḥā(n), ‘asā rabbukum ay yukaffira ‘ankum sayyi'ātikum wa yudkhilakum jannātin tajrī min taḥtihal-anhār(u), yauma lā yukhzillāhun-nabiyya wal-lażīna āmanū ma‘ah(ū), nūruhum yas‘ā baina aidīhim wa bi'aimānihim yaqūlūna rabbanā atmim lanā nūranā wagfir lanā, innaka ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[8] He para wong mukmin, sira padha tobata ing Allah kang têmên. Allah muga ngapuraa lan muwunga alanira, lan muga nglêbokna sira ing suwarga kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, kalakone mangkono mau besuk dina kiyamat, ing kono Allah ora ngasorake Nabi Mukhammad lan para kancane kang padha mukmin, cahyane padha mancorong, madhangi ing ngarêpe lan ing kiwa têngêne. Padha munjuk ing Allah, dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi nyampurnakna cahya kawula, lan muga ngapuraa dhumatêng kawula, Tuwan punika nguwasani samukawis.

يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ جَاهِدِ الْكُفَّارَ وَالْمُنٰفِقِيْنَ وَاغْلُظْ عَلَيْهِمْۗ وَمَأْوٰىهُمْ جَهَنَّمُۗ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ٩
Yā ayyuhan-nabiyyu jāhidil-kuffāra wal-munāfiqīna wagluẓ ‘alaihim, wa ma'wāhum jahannam(u), wa bi'sal-maṣīr(u).
[9] He Nabi Mukhammad, sira pêranga, nglawan para [pa....ra] wong kaphir lan para wong lamis. Kabèh padha sira santosanana. Besuk ana ing akhirat, wong kaphir mau padha ana ing Naraka Jahanam. Ala têmên kawusanan kang mangkono iku.

ضَرَبَ اللّٰهُ مَثَلًا لِّلَّذِيْنَ كَفَرُوا امْرَاَتَ نُوْحٍ وَّامْرَاَتَ لُوْطٍۗ كَانَتَا تَحْتَ عَبْدَيْنِ مِنْ عِبَادِنَا صَالِحَيْنِ فَخَانَتٰهُمَا فَلَمْ يُغْنِيَا عَنْهُمَا مِنَ اللّٰهِ شَيْـًٔا وَّقِيْلَ ادْخُلَا النَّارَ مَعَ الدّٰخِلِيْنَ١٠
Ḍaraballāhu maṡalal lil-lażīna kafarumra'ata nūḥiw wamra'ata lūṭ(in), kānatā taḥta ‘abdaini min ‘ibādinā ṣāliḥaini fa khānatāhumā falam yugniyā ‘anhumā minallāhi syai'aw wa qīladkhulan-nāra ma‘ad-dākhilīn(a).
[10] Allah anggêlar upama tumrap wong kang padha kaphir, kang diênggo upama, rabine Nabi Nuh lan rabine Nabi Lut, wong wadon loro mau padha dadi rabine kawulaningsun wong loro, padha wong bêcik, nanging wong wadon loro mau padha cidra marang lakine. Nabi Nuh lan Nabi Lut padha ora bisa ngayomi sathithik-thithika, marang rabine, nyuwunake wurung siksaning Allah. Wong wadon loro mau padha tămpa dhawuh: Sira padha malêbua ing naraka, awor wong kang padha malêbu ing naraka.

وَضَرَبَ اللّٰهُ مَثَلًا لِّلَّذِيْنَ اٰمَنُوا امْرَاَتَ فِرْعَوْنَۘ اِذْ قَالَتْ رَبِّ ابْنِ لِيْ عِنْدَكَ بَيْتًا فِى الْجَنَّةِ وَنَجِّنِيْ مِنْ فِرْعَوْنَ وَعَمَلِهٖ وَنَجِّنِيْ مِنَ الْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَۙ١١
Wa ḍaraballāhu maṡalal lil-lażīna āmanumra'ata fir‘aun(a), iż qālat rabbibni lī ‘indaka baitan fil jannati wa najjinī min fir‘auna wa ‘amalihī wa najjinī minal qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[11] Lan manèh Allah anggêlar upama, tumrap wong kang padha pracaya ing Allah, kang diênggo upama, rabine Raja Phirngon, [Phir....ngon,] munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi andamêlna griya kawula wontên ing suwarga, kawula mugi Tuwan paringi wilujêng, kalis saking Raja Phirngon lan saking piawonipun, saha mugi Tuwan paringi wilujêng saking piawonipun para tiyang kaphir.

وَمَرْيَمَ ابْنَتَ عِمْرٰنَ الَّتِيْٓ اَحْصَنَتْ فَرْجَهَا فَنَفَخْنَا فِيْهِ مِنْ رُّوْحِنَا وَصَدَّقَتْ بِكَلِمٰتِ رَبِّهَا وَكُتُبِهٖ وَكَانَتْ مِنَ الْقٰنِتِيْنَ ࣖ ۔١٢
Wa maryamabnata ‘imrānal-latī aḥṣanat farjahā fa nafakhnā fīhi mir rūḥinā wa ṣaddaqat bikalimāti rabbihā wa kutubihī wa kānat minal-qānitīn(a).
[12] Lan kang diênggo upama manèh Dèwi Maryam anake Ngimran, kang têmên-têmên ênggone rumêksa pawadonane, mulane Ingsun panjingi roh Ingsun, banjur mêtêng nglairake Nabi Ngisa, Dèwi Maryam mau ngèstokake dhawuhing Allah Pangerane lan pracaya ing kitabe Allah, sarta ngabêkti ing Allah.