Surah At-Talaq

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ اِذَا طَلَّقْتُمُ النِّسَاۤءَ فَطَلِّقُوْهُنَّ لِعِدَّتِهِنَّ وَاَحْصُوا الْعِدَّةَۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ رَبَّكُمْۚ لَا تُخْرِجُوْهُنَّ مِنْۢ بُيُوْتِهِنَّ وَلَا يَخْرُجْنَ اِلَّآ اَنْ يَّأْتِيْنَ بِفَاحِشَةٍ مُّبَيِّنَةٍۗ وَتِلْكَ حُدُوْدُ اللّٰهِ ۗوَمَنْ يَّتَعَدَّ حُدُوْدَ اللّٰهِ فَقَدْ ظَلَمَ نَفْسَهٗ ۗ لَا تَدْرِيْ لَعَلَّ اللّٰهَ يُحْدِثُ بَعْدَ ذٰلِكَ اَمْرًا١
Yā ayyuhan-nabiyyu iżā ṭallaqtumun-nisā'a fa ṭalliqūhunna li‘iddatihinna wa aḥṣul-‘iddah(ta), wattaqullāha rabbakum, lā tukhrijūhunna mim buyūtihinna wa lā yakhrujna illā ay ya'tīna bifāḥisyatim mubayyinah(tin), wa tilka ḥudūdullāh(i), wa may yata‘adda ḥudūdallāhi faqad ẓalama nafsah(ū), lā tadrī la‘allallāha yuḥdiṡu ba‘da żālika amrā(n).
[1] He Nabi Mukhammad, manawa sira arêp mêgat wong wadon, rabinira, iku sira pêgata nalikane suci (ora khèl) supaya banjur tumindak ngidahe, ngidah mau sira cathêtana kang têrang. Sira wêdia ing Allah Pangeranira. Wadon kang sira pêgat mau sadurunge pundhat ngidahe, aja sira tundhung saka ing omahe, si wadon iya aja kudu lunga saka ing omahe, [o....mahe,] kajaba yèn si wadon mau banjur nglakoni jina, iku kêna banjur ditundhung, kang mangkono iku pranataning Allah, dene sing sapa nêrak pranataning Allah, iku têtêp wong nganiaya awake dhewe. Sira măngsa wêruha, bokmanawa sawise pêgatan, Allah nganakake sabab liya, sara[9] banjur kudu balèn.

فَاِذَا بَلَغْنَ اَجَلَهُنَّ فَاَمْسِكُوْهُنَّ بِمَعْرُوْفٍ اَوْ فَارِقُوْهُنَّ بِمَعْرُوْفٍ وَّاَشْهِدُوْا ذَوَيْ عَدْلٍ مِّنْكُمْ وَاَقِيْمُوا الشَّهَادَةَ لِلّٰهِ ۗذٰلِكُمْ يُوْعَظُ بِهٖ مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ ەۗ وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّهٗ مَخْرَجًا ۙ٢
Fa iżā balagna ajalahunna fa amsikūhunna bima‘rūfin au fāriqūhunna bima‘rūfiw wa asyhidū żawai ‘adlim minkum wa aqīmusy-syahādata lillāh(i), żālikum yū‘aẓu bihī man kāna yu'minu billāhi wal-yaumil-ākhir(i), wa may yattaqillāha yaj‘al lahū makhrajā(n).
[2] Dene yèn wis cêdhak wêwangên ngidah, sarta talake durung êntèk tur tanpa pamancal, iku sira kêna ambalèni mêngku wong wadon mau kalawan bêcik, utawa nglêstarèkake pêgate kalawan bêcik, lan anêksèkna marang kancanira wong loro kang padha ngadil. Manawa sira dadi saksi, nêksènana sumurup ngèstokake parentahing Allah, aja karana apa-apa. Pitutur iki tumrap marang wong kang pracaya ing Allah, lan ngandêl bakal kêlakone dina-dina kiyamat. Sing sapa wêdi ing Allah, Allah paring luwar wong mau saka kasusahan ing dunya lan ing akhirat, sarta paring [pa...ring] rijêki kang tanpa kira marang wong mau.

وَّيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُۗ وَمَنْ يَّتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ فَهُوَ حَسْبُهٗ ۗاِنَّ اللّٰهَ بَالِغُ اَمْرِهٖۗ قَدْ جَعَلَ اللّٰهُ لِكُلِّ شَيْءٍ قَدْرًا٣
Wa yarzuqhu min ḥaiṡu lā yaḥtasib(u), wa may yatawakkal ‘alallāhi fa huwa ḥasbuh(ū), innallāha bāligu amrih(ī), qad ja‘alallāhu likulli syai'in qadrā(n).
[3] Sing sapa pasrah ing Allah, Allah paring cukup marang wong mau, satêmêne sabarang karsaning Allah iku mêsthi kêlakon, Allah namtokake samubarang iku ana wêwatêsane.

وَالّٰۤـِٔيْ يَىِٕسْنَ مِنَ الْمَحِيْضِ مِنْ نِّسَاۤىِٕكُمْ اِنِ ارْتَبْتُمْ فَعِدَّتُهُنَّ ثَلٰثَةُ اَشْهُرٍۙ وَّالّٰۤـِٔيْ لَمْ يَحِضْنَۗ وَاُولٰتُ الْاَحْمَالِ اَجَلُهُنَّ اَنْ يَّضَعْنَ حَمْلَهُنَّۗ وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّهٗ مِنْ اَمْرِهٖ يُسْرًا٤
Wal-lā'ī ya'isna minal-maḥīḍi min nisā'ikum inirtabtum fa ‘iddatuhunna ṡalāṡatu asyhur(in), wal-lā'ī lam yaḥiḍn(a), wa ulātul-aḥmāli ajaluhunna ay yaḍa‘na ḥamlahunn(a), wa may yattaqillāha yaj‘al lahū min amrihī yusrā(n).
[4] Sarupane wong wadon kancanira kang wis luwas gêtih lan kang kêdhi, manawa sira mamang khukume, iku ngidahe padha nêlung sasi. Dene wong wadon kang mêtêng, iku ngidahe manawa wis lair wêtêngane. Sing sapa wêdi ing Allah, Allah paring gampang sabarang prakarane wong mau. gkono iku parentahing Allah, didhawuhake marang sira. Sing sapa wêdi ing Allah, Allah muwung sakèhe alane mau, lan anggêdhèkake ganjarane wong mau.

ذٰلِكَ اَمْرُ اللّٰهِ اَنْزَلَهٗٓ اِلَيْكُمْۗ وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يُكَفِّرْ عَنْهُ سَيِّاٰتِهٖ وَيُعْظِمْ لَهٗٓ اَجْرًا٥
Żālika amrullāhi anzalahū ilaikum, wa may yattaqillāha yukaffir ‘anhu sayyi'ātihī wa yu‘ẓim lahū ajrā(n).
[5]

اَسْكِنُوْهُنَّ مِنْ حَيْثُ سَكَنْتُمْ مِّنْ وُّجْدِكُمْ وَلَا تُضَاۤرُّوْهُنَّ لِتُضَيِّقُوْا عَلَيْهِنَّۗ وَاِنْ كُنَّ اُولٰتِ حَمْلٍ فَاَنْفِقُوْا عَلَيْهِنَّ حَتّٰى يَضَعْنَ حَمْلَهُنَّۚ فَاِنْ اَرْضَعْنَ لَكُمْ فَاٰتُوْهُنَّ اُجُوْرَهُنَّۚ وَأْتَمِرُوْا بَيْنَكُمْ بِمَعْرُوْفٍۚ وَاِنْ تَعَاسَرْتُمْ فَسَتُرْضِعُ لَهٗٓ اُخْرٰىۗ٦
Askinūhunna min ḥaiṡu sakantum miw wujdikum wa lā tuḍārrūhunna lituḍayyiqū ‘alaihinn(a), wa in kunna ulāti ḥamlin fa anfiqū ‘alaihinna ḥattā yaḍa‘na ḥamlahunn(a), fa in arḍa‘na lakum fa ātūhunna ujūrahunn(a), wa'tamirū bainakum bima‘rūf(in), wa in ta‘āsartum fasaturḍi‘u lahū ukhrā.
[6] Wong wadon kang wis sira pêgat mau sira ênggona ing omah duwèkira, kang murwat lan sugih miskinira, aja sira wori barang kang makewuhi, murih ora krasane, dene yèn wong wadon mau mêtêng, iku sira ingonana têkan lairing wêtêngane. Apadene mênawa wong wadon mau nusoni anakira, iku sira bayara opahane nusoni, kèh sathithiking opahan, sira mupakatna ing wong sawatara kalawan bêcik. Dene yèn angèl golonge, bayi sira inyakna ing wong liya bae.

لِيُنْفِقْ ذُوْ سَعَةٍ مِّنْ سَعَتِهٖۗ وَمَنْ قُدِرَ عَلَيْهِ رِزْقُهٗ فَلْيُنْفِقْ مِمَّآ اٰتٰىهُ اللّٰهُ ۗ لَا يُكَلِّفُ اللّٰهُ نَفْسًا اِلَّا مَآ اٰتٰىهَاۗ سَيَجْعَلُ اللّٰهُ بَعْدَ عُسْرٍ يُّسْرًا ࣖ٧
Liyunfiq żū sa‘atim min sa‘atih(ī), wa man qudira ‘alaihi rizquhū falyunfiq mimmā ātāhullāh(u), lā yukallifullāhu nafsan illā mā ātāhā, sayaj‘alullāhu ba‘da ‘usriy yusrā(n).
[7] Supaya wong kang sugih mragadana samurwating sugihe, dene sing sapa rijêkine mung cumpèn, iku mragadana samurwate pêparinging Allah marang wong iku, Allah ora mêksa marang wong, kajaba mung samurwate pêparinging Allah marang wong mau. Allah bakal paring gampang sawise anglakoni kangelan.

وَكَاَيِّنْ مِّنْ قَرْيَةٍ عَتَتْ عَنْ اَمْرِ رَبِّهَا وَرُسُلِهٖ فَحَاسَبْنٰهَا حِسَابًا شَدِيْدًاۙ وَّعَذَّبْنٰهَا عَذَابًا نُّكْرًا٨
Wa ka'ayyim min qaryatin ‘atat ‘an amri rabbihā wa rusulihī fa ḥāsabnāhā ḥisāban syadīdā(n), wa ‘ażżabnāhā ‘ażāban nukrā(n).
[8] Pira bae kèhe wong padesan, kang padha duraka ora ngèstokake parentahing Allah Pangerane lan parentahe utusaning Allah, wusana Ingsun timbang abot, lan padha Ingsun patrapi siksa naraka kang anggêgirisi.

فَذَاقَتْ وَبَالَ اَمْرِهَا وَكَانَ عَاقِبَةُ اَمْرِهَا خُسْرًا٩
Fa żāqat wabāla amrihā wa kāna ‘āqibatu amrihā khusrā(n).
[9] Banjur padha ngrasakake patrapaning kaluputane, dadi wêkasane kapitunan.

اَعَدَّ اللّٰهُ لَهُمْ عَذَابًا شَدِيْدًا فَاتَّقُوا اللّٰهَ يٰٓاُولِى الْاَلْبَابِۛ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا ۛ قَدْ اَنْزَلَ اللّٰهُ اِلَيْكُمْ ذِكْرًاۙ١٠
A‘addallāhu lahum ‘ażāban syadīdan fattaqullāha yā ulil-albāb(i) - allażīna āmanū - qad anzalallāhu ilaikum żikrā(n).
[10] Allah ngancam siksa kang abot marang wong mau, mulane sira padha wêdia ing Allah. He wong kang duwe ngakal.

رَّسُوْلًا يَّتْلُوْا عَلَيْكُمْ اٰيٰتِ اللّٰهِ مُبَيِّنٰتٍ لِّيُخْرِجَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ مِنَ الظُّلُمٰتِ اِلَى النُّوْرِۗ وَمَنْ يُّؤْمِنْۢ بِاللّٰهِ وَيَعْمَلْ صَالِحًا يُّدْخِلْهُ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًاۗ قَدْ اَحْسَنَ اللّٰهُ لَهٗ رِزْقًا١١
Rasūlay yatlū ‘alaikum āyātillāhi mubayyinātil liyukhrijal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti minaẓ-ẓulumāti ilan-nūr(i), wa may yu'mim billāhi wa ya‘mal ṣāliḥay yudkhilhu jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā abadā(n), qad aḥsanallāhu lahū rizqā(n).
[11] Kang padha pracaya ing Allah, Allah wis andhawuhake pitutur, iya iku Kuran, lan ngutus rasul kang ngundhangake ayating Allah kang cêtha marang sira, kanggo mêtokake para wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, saka pêpêtênging bodho marang pêpadhanging kawruh utawa iman. Dene sing sapa pracaya ing Allah lan anglakoni panggawe bêcik, Allah bakal anglêbokake wong mau marang suwarga kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, ana ing suwarga padha langgêng salawas-lawase. Allah paring rijêki bêcik marang wong mau.

اَللّٰهُ الَّذِيْ خَلَقَ سَبْعَ سَمٰوٰتٍ وَّمِنَ الْاَرْضِ مِثْلَهُنَّۗ يَتَنَزَّلُ الْاَمْرُ بَيْنَهُنَّ لِتَعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ ەۙ وَّاَنَّ اللّٰهَ قَدْ اَحَاطَ بِكُلِّ شَيْءٍ عِلْمًا ࣖ١٢
Allāhul-lażī khalaqa sab‘a samāwātiw wa minal-arḍi miṡlahunn(a), yatanazzalul-amru bainahunna lita‘lamū annallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un), wa annallāha qad aḥāṭa bikulli syai'in ‘ilmā(n).
[12] Allah iku kang gawe langit sap pitu, lan gawe bumi uga sap pitu padha [pa..dha] lan langit, Malaikat Jabarail nurunake wahyu ana antarane bumi lan langit, supaya sira padha wêruha yèn Allah iku nguwasani samubarang, lan satêmêne kawruhing Allah iku nglimputi samubarang.