Surah At-Tagabun

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يُسَبِّحُ لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ لَهُ الْمُلْكُ وَلَهُ الْحَمْدُۖ وَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ١
Yusabbiḥu lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), lahul-mulku wa lahul-ḥamdu wa huwa ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[1] Isèn-isèning bumi lan langit, padha nêbut Mahasuci ing Allah, Allah iku kagungan karaton lan kagungan sakèhing puji, Allah iku nguwasani samubarang.

هُوَ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ فَمِنْكُمْ كَافِرٌ وَّمِنْكُمْ مُّؤْمِنٌۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ٢
Huwal-lażī khalaqakum fa minkum kāfiruw wa minkum mu'min(un), wallāhu bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[2] Allah iku kang gawe awakira, dene sira iku ana kang pinêsthi kaphir lan ana uga kang pinêsthi mukmin. Allah iku mirsani samubarang kang padha sira lakoni.

خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ بِالْحَقِّ وَصَوَّرَكُمْ فَاَحْسَنَ صُوَرَكُمْۚ وَاِلَيْهِ الْمَصِيْرُ٣
Khalaqas-samāwāti wal-arḍa bil-ḥaqqi wa ṣawwarakum fa'aḥsana ṣuwarakum, wa ilaihil-maṣīr(u).
[3] Allah gawe bumi langit kalawan nyata, lan mangun sarta ambêcika [7] rupanira, ing têmbe barang-barang iku bali marang Allah.

يَعْلَمُ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَيَعْلَمُ مَا تُسِرُّوْنَ وَمَا تُعْلِنُوْنَۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ ۢبِذَاتِ الصُّدُوْرِ٤
Ya‘lamu mā fis-samāwāti wal-arḍi wa ya‘lamu mā tusirrūna wa mā tu‘linūn(a), wallāhu ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[4] Allah iku nguningani isèn-isèning bumi lan langit, lan nguningani barang kang padha sira umpêtake lan sira êdhèng, Allah iku nguningani sakarêntêking ati.

اَلَمْ يَأْتِكُمْ نَبَؤُا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ قَبْلُ ۖفَذَاقُوْا وَبَالَ اَمْرِهِمْ وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٥
Alam ya'tikum naba'ul-lażīna kafarū min qabl(u), fa żāqū wabāla amrihim wa lahum ‘ażābun alīm(un).
[5] (He wong kaphir ing Mêkah) apa sira durung padha wêruh caritane para wong kaphir sadurunge sira, wêkasan padha ngrasakake patrapan ênggone padha kaphir, ana ing dunya ing besuk ana ing akhirat, uga padha dipatrapi siksa kang nglarani.

ذٰلِكَ بِاَنَّهٗ كَانَتْ تَّأْتِيْهِمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ فَقَالُوْٓا اَبَشَرٌ يَّهْدُوْنَنَاۖ فَكَفَرُوْا وَتَوَلَّوْا وَّاسْتَغْنَى اللّٰهُ ۗوَاللّٰهُ غَنِيٌّ حَمِيْدٌ٦
Żālika bi'annahū kānat ta'tīhim rusuluhum bil-bayyināti fa qālū abasyaruy yahdūnanā, fa kafarū wa tawallau wastagnallāh(u), wallāhu ganiyyun ḥamīd(un).
[6] Enggone mangkono iku, marga wong kaphir mau didhawuhi dening para rasule kanthi tăndha yêkti pirang-pirang, wangsulane, apa manungsa iku bisa nuduhake dalan bênêr marang aku. Wong mau banjur padha kaphir lan malengos, suthik pracaya. Allah têtela ora butuh marang pracayane si kaphir. Allah iku ora butuh marang apa-apa, tur pantês ingalêmbana.

زَعَمَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَنْ لَّنْ يُّبْعَثُوْاۗ قُلْ بَلٰى وَرَبِّيْ لَتُبْعَثُنَّ ثُمَّ لَتُنَبَّؤُنَّ بِمَا عَمِلْتُمْۗ وَذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرٌ٧
Za‘amal-lażīna kafarū allay yub‘aṡū, qul balā wa rabbī latub‘aṡunna ṡumma latunabba'unna bimā ‘amiltum, wa żālika ‘alallāhi yasīr(un).
[7] Panêmune para wong kaphir ing Mêkah, ing têmbe ora bakal ditangèkake saka ing pati (he Mukhammad) sira dhawuha: Ora mangkono, dêmi Pangeranku, ing besuk dina kiyamat, kowe mêsthi padha ditangèkake saka ing pati, banjur padha dijalèntrèhi samubarang kang wis padha dilakoni ana ing dunya, kang mangkono mau mungguhing Allah, sapele, gampang bae.

فَاٰمِنُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَالنُّوْرِ الَّذِيْٓ اَنْزَلْنَاۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ٨
Fa āminū billāhi wa rasūlihī wan-nūril-lażī anzalnā, wallāhu bimā ta‘malūna khabīr(un).
[8] Mulane padha pracaya ing Allah lan marang Rasulullah, lan pracayaa marang Kuran, iya iku pêpadhang kang wis Ingsun dhawuhake. Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni.

يَوْمَ يَجْمَعُكُمْ لِيَوْمِ الْجَمْعِ ذٰلِكَ يَوْمُ التَّغَابُنِۗ وَمَنْ يُّؤْمِنْۢ بِاللّٰهِ وَيَعْمَلْ صَالِحًا يُّكَفِّرْ عَنْهُ سَيِّاٰتِهٖ وَيُدْخِلْهُ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًاۗ ذٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ٩
Yauma yajma‘ukum liyaumil-jam‘i żālika yaumut-tagābun(i), wa may yu'mim billāhi wa ya‘mal ṣāliḥay yukaffir ‘anhu sayyi'ātihī wa yudkhilhu jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā abadā(n), żālikal-fauzul-‘aẓīm(u).
[9] (He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane Allah ngalumpukake sira kabèh, ana ing dina pakumpulan, iya iku dina kapitunan, ing kono sing sapa pracaya ing Allah nalika ana ing dunya, sarta nglakoni panggawe bêcik, Allah muwung sakèhe lakune kang ala wong mau, sarta dilêbokake ing suwarga, kang ana bêngawane mili ana sangisoring [sangi...soring] kêkayon, ana ing kono langgêng salawas-lawase, kang mangkono mau aran kabêgjan gêdhe.

وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَآ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ ࣖ١٠
Wal-lażīna kafarū wa każżabū bi'āyātinā ulā'ika aṣḥābun-nāri khālidīna fīhā, wa bi'sal-maṣīr(u).
[10] [8] Dene para wong kaphir, kang padha maido Kuran ayat Ingsun, iku padha ana ing naraka, sarta langgêng ana ing kono. Ala têmên kawusanan kang mangkono iku.

مَآ اَصَابَ مِنْ مُّصِيْبَةٍ اِلَّا بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗوَمَنْ يُّؤْمِنْۢ بِاللّٰهِ يَهْدِ قَلْبَهٗ ۗوَاللّٰهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ١١
Mā aṣāba mim muṣībatin illā bi'iżnillāh(i), wa may yu'mim billāhi yahdi qalbah(ū), wallāhu bikulli syai'in ‘alīm(un).
[11] Sadhengah prakara kang kêlakon, iku ora ana kang tanpa idining Allah. Dene sing sapa pracaya ing Allah, Allah nuduhake atine wong mau marang dalan bênêr, Allah iku nguningani samubarang.

وَاَطِيْعُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوا الرَّسُوْلَۚ فَاِنْ تَوَلَّيْتُمْ فَاِنَّمَا عَلٰى رَسُوْلِنَا الْبَلٰغُ الْمُبِيْنُ١٢
Wa aṭī‘ullāha wa aṭī‘ur-rasūl(a), fa'in tawallaitum fa innamā ‘alā rasūlinal-balāgul-mubīn(u).
[12] Sira padha ngabêktia ing Allah, lan manut mituruta ing Rasulullah. Dene yèn sira padha malengos, suthik nurut, iku tumraping Rasulullah ora dadi apa. Wajibe utusan Ingsun mung ngundhangake dhawuh kang cêtha.

اَللّٰهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۗ وَعَلَى اللّٰهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُوْنَ١٣
Allāhu lā ilāha illā huw(a), wa ‘alallāhi falyatawakkalil-mu'minūn(a).
[13] Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah, para wong mukmin padha nyumanggakna samubarange ing Allah.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنَّ مِنْ اَزْوَاجِكُمْ وَاَوْلَادِكُمْ عَدُوًّا لَّكُمْ فَاحْذَرُوْهُمْۚ وَاِنْ تَعْفُوْا وَتَصْفَحُوْا وَتَغْفِرُوْا فَاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanū inna min azwājikum wa aulādikum ‘aduwwal lakum faḥżarūhum, wa in ta‘fū wa taṣfaḥū wa tagfirū fa innallāha gafūrur raḥīm(un).
[14] He para wong mukmin, para rabinira lan anak-anakira, iku ana kang dadi satrunira. Mulane padha sira prayitnanana. Dene yèn sira muwung lan ngapura, tanpa sêngên, iku luwih bêcik, satêmêne Allah iku kaparêng ngapura tur Maha-asih.

اِنَّمَآ اَمْوَالُكُمْ وَاَوْلَادُكُمْ فِتْنَةٌ ۗوَاللّٰهُ عِنْدَهٗٓ اَجْرٌ عَظِيْمٌ١٥
Innamā amwālukum wa aulādukum fitnah(tun), wallāhu ‘indahū ajrun ‘aẓīm(un).
[15] Sakèhe bandhanira lan anak-anakira, iku kabèh ora liwat mung dadi godha, mulane aja padha tinggal ngabêkti ing Allah jalaran ngopèni băndha utawa anak. Allah bakal maringi ganjaran gêdhe marang sira.

فَاتَّقُوا اللّٰهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ وَاسْمَعُوْا وَاَطِيْعُوْا وَاَنْفِقُوْا خَيْرًا لِّاَنْفُسِكُمْۗ وَمَنْ يُّوْقَ شُحَّ نَفْسِهٖ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ١٦
Fattaqullāha mastaṭa‘tum wasma‘ū wa aṭī‘ū wa anfiqū khairal li'anfusikum, wa may yūqa syuḥḥa nafsihī fa ulā'ika humul-mufliḥūn(a).
[16] Ing sabisa-bisa sira padha wêdia ing Allah, padha ngrungokna lan nampanana dhawuhing Allah, padha ngèstokna parentahing Allah, lan padha wèwèha dumunung ngabêkti ing Allah, iku bêcik bangêt tumrap ing awakira. Sing sapa nyingkiri budi lumuh gawe bêcik, iku têtêp wong bêgja.

اِنْ تُقْرِضُوا اللّٰهَ قَرْضًا حَسَنًا يُّضٰعِفْهُ لَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْۗ وَاللّٰهُ شَكُوْرٌ حَلِيْمٌۙ١٧
In tuqriḍullāha qarḍan ḥasanay yuḍā‘ifhu lakum wa yagfir lakum, wallāhu syakūrun ḥalīm(un).
[17] Manawa sira potang bêcik ing Allah, Allah bakal malês bêcik marang sira tikêl sapuluh [sa...puluh] nganti tikêl pitung atus, lan ngapura marang sira. Allah iku ora ngilangake kabêcikaning kawula, tur ora age-age niksa.

عٰلِمُ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ ࣖ١٨
‘Ālimul-gaibi wasy-syahādatil-‘azīzul-ḥakīm(u).
[18] Nguningani barang kang samar-samar lan kasat mata, kang Mahamulya tur Wicaksana.