Surah Al-Munafiqun

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِذَا جَاۤءَكَ الْمُنٰفِقُوْنَ قَالُوْا نَشْهَدُ اِنَّكَ لَرَسُوْلُ اللّٰهِ ۘوَاللّٰهُ يَعْلَمُ اِنَّكَ لَرَسُوْلُهٗ ۗوَاللّٰهُ يَشْهَدُ اِنَّ الْمُنٰفِقِيْنَ لَكٰذِبُوْنَۚ١
Iżā jā'akal-munāfiqūna qālū nasyhadu innaka larasūlullāh(i), wallāhu ya‘lamu innaka larasūluh(ū), wallāhu yasyhadu innal-munāfiqīna lakāżibūn(a).
[1] (He Mukhammad) manawa wong lamis padha seba ing sira, matur: Kula sami nêksèni sampeyan punika têmên utusaning Allah, iku Allah nêksèni yèn calathune [calathu....ne] wong lamis mau satêmêne goroh Allah nguningani yèn sira iku têmên utusaning Allah.

اِتَّخَذُوْٓا اَيْمَانَهُمْ جُنَّةً فَصَدُّوْا عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗاِنَّهُمْ سَاۤءَ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٢
Ittakhażū aimānahum junnatan faṣaddū ‘an sabīlillāh(i), innahum sā'a mā kānū ya‘malūn(a).
[2] Wong lamis mau padha wani supata, diênggo ngaling-alingi bandhane lan nyawane, satêmêne ing sabisa-bisa kudu makewuhi tumindake agama Islam, dalaning Allah, wong lamis mau ala têmên kang padha dilakoni.

ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ اٰمَنُوْا ثُمَّ كَفَرُوْا فَطُبِعَ عَلٰى قُلُوْبِهِمْ فَهُمْ لَا يَفْقَهُوْنَ٣
Żālika bi'annahum āmanū ṡumma kafarū faṭubi‘a ‘alā qulūbihim fahum lā yafqahūn(a).
[3] Enggone ala mau marga padha pracaya ing Allah, nanging banjur ambalik dadi kaphir, wusana atine wong lamis mau banjur dikancing ora bisa kalêbon iman. Wong lamis mau dadi ora ngêrti iman.

۞ وَاِذَا رَاَيْتَهُمْ تُعْجِبُكَ اَجْسَامُهُمْۗ وَاِنْ يَّقُوْلُوْا تَسْمَعْ لِقَوْلِهِمْۗ كَاَنَّهُمْ خُشُبٌ مُّسَنَّدَةٌ ۗيَحْسَبُوْنَ كُلَّ صَيْحَةٍ عَلَيْهِمْۗ هُمُ الْعَدُوُّ فَاحْذَرْهُمْۗ قَاتَلَهُمُ اللّٰهُ ۖاَنّٰى يُؤْفَكُوْنَ٤
Wa iżā ra'aitahum tu‘jibuka ajsāmuhum, wa iy yaqūlū tasma‘ liqaulihim, ka'annahum khusyubum musannadah(tun), yaḥsabūna kulla ṣaiḥatin ‘alaihim, humul-‘aduwwu faḥżarhum, qātalahumullāh(u), annā yu'fakūn(a).
[4] Mênawa sira andêlêng wong lamis mau, gumun dening awake padha bêcik-bêcik. Manawa sira krungu calathune, gumun dening patitis têtêmbungane. Saking gêdhening awake sarta ora gêlêm ngrasakake wêwulang, prasasat balok sumendhe ing pagêr tembok. Wong lamis mau saking wêdine, [wêdi....ne,] sadhengah suwara dikira bakal mêlarati ing awake. Wong lamis mau satru mungging cangklakan. Sira diprayitna. Allah bakal nyirnakake wong lamis mau. Anggumunake têka padha suthik pracaya ing Allah, tur wis kurugan tăndha yêkti pirang- pirang.

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ تَعَالَوْا يَسْتَغْفِرْ لَكُمْ رَسُوْلُ اللّٰهِ لَوَّوْا رُءُوْسَهُمْ وَرَاَيْتَهُمْ يَصُدُّوْنَ وَهُمْ مُّسْتَكْبِرُوْنَ٥
Wa iżā qīla lahum ta‘ālau yastagfir lakum rasūlullāhi lawwau ru'ūsahum wa ra'aitahum yaṣuddūna wa hum mustakbirūn(a).
[5] Manawa wong lamis mau padha ditimbali: Padha marenea, Rasulullah bakal nyuwunake pangapuraning Allah marang kowe. Wong lamis mau gèdhèg bae. Sira dêlêng padha malengos, atine gumêdhe.

سَوَاۤءٌ عَلَيْهِمْ اَسْتَغْفَرْتَ لَهُمْ اَمْ لَمْ تَسْتَغْفِرْ لَهُمْۗ لَنْ يَّغْفِرَ اللّٰهُ لَهُمْۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْفٰسِقِيْنَ٦
Sawā'un ‘alaihim astagfarta lahum am lam tastagfir lahum, lay yagfirallāhu lahum, innallāha lā yahdil-qaumal-fāsiqīn(a).
[6] Wong lamis mau sanadyan sira suwunake pangapura utawa ora, padha bae, Allah ora karsa ngapura marang para wong lamis mau. Satêmêne Allah iku ora karsa nuduhake dalan bênêr marang wong kaphir.

هُمُ الَّذِيْنَ يَقُوْلُوْنَ لَا تُنْفِقُوْا عَلٰى مَنْ عِنْدَ رَسُوْلِ اللّٰهِ حَتّٰى يَنْفَضُّوْاۗ وَلِلّٰهِ خَزَاۤىِٕنُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۙ وَلٰكِنَّ الْمُنٰفِقِيْنَ لَا يَفْقَهُوْنَ٧
Humul-lażīna yaqūlūna lā tunfiqū ‘alā man ‘inda rasūlillāhi ḥattā yanfaḍḍū, wa lillāhi khazā'inus-samāwāti wal-arḍ(i), wa lākinnal-munāfiqīna lā yafqahūn(a).
[7] Iya iku wong kang padha ngucap mangkene: Aja padha wèwèh marang wong kang dadi kancane Rasulullah, kajaba yèn wis pisah karo Rasulullah. Gêdhong pasimpênan ing bumi lan langit iku kagunganing Allah, nanging [na....nging] para wong lamis padha ora ngêrti.

يَقُوْلُوْنَ لَىِٕنْ رَّجَعْنَآ اِلَى الْمَدِيْنَةِ لَيُخْرِجَنَّ الْاَعَزُّ مِنْهَا الْاَذَلَّ ۗوَلِلّٰهِ الْعِزَّةُ وَلِرَسُوْلِهٖ وَلِلْمُؤْمِنِيْنَ وَلٰكِنَّ الْمُنٰفِقِيْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ ࣖ٨
Yaqūlūna la'ir raja‘nā ilal-madīnati layukhrijannal-a‘azzu minhal-ażall(a), wa lillāhil-‘izzatu wa lirasūlihī wa lil-mu'minīna wa lākinnal-munāfiqīna lā ya‘lamūn(a).
[8] Wong lamis mau uga padha calathu: Manawa aku gêlêm bali marang Madinah, wong kang mulya kaya aku iki bakal kawalik dadi wong asor kaya wong mukmin iku. Wruhanira, kamulyan lan kamênangan iku kagunganing Allah lan Rasulullah, apadene para wong mukmin. Nanging mangkono iku, wong lamis padha ora wêruh.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تُلْهِكُمْ اَمْوَالُكُمْ وَلَآ اَوْلَادُكُمْ عَنْ ذِكْرِ اللّٰهِ ۚوَمَنْ يَّفْعَلْ ذٰلِكَ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tulhikum amwālukum wa lā aulādukum ‘an żikrillāh(i), wa may yaf‘al żālika fa ulā'ika humul-khāsirūn(a).
[9] He para wong mukmin, ênggonira ngopèni bandhanira utawa anakira, aja nganti ngalahake ênggonira eling ing Allah. Sing sapa nglakoni mangkono mau, (lali ing Allah) iku têtêp wong kapitunan.

وَاَنْفِقُوْا مِنْ مَّا رَزَقْنٰكُمْ مِّنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَ اَحَدَكُمُ الْمَوْتُ فَيَقُوْلَ رَبِّ لَوْلَآ اَخَّرْتَنِيْٓ اِلٰٓى اَجَلٍ قَرِيْبٍۚ فَاَصَّدَّقَ وَاَكُنْ مِّنَ الصّٰلِحِيْنَ١٠
Wa anfiqū mimmā razaqnākum min qabli ay ya'tiya aḥadakumul-mautu fa yaqūla rabbi lau lā akhkhartanī ilā ajalin qarīb(in), fa aṣṣaddaqa wa akum minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[10] Lan padha mèwèhna barang kang wis Ingsun paringake marang sira, mupung sira durung mati, yèn nganti têkan mangsane mati, sira mêsthi munjuk: Dhuh Pangeran kawula, bok inggih kawula punika Tuwan sarantosakên sakêdhap kemawon, kawula badhe mèwèhakên băndha kawula, saha badhe dados [da.....dos] tiyang sae.

وَلَنْ يُّؤَخِّرَ اللّٰهُ نَفْسًا اِذَا جَاۤءَ اَجَلُهَاۗ وَاللّٰهُ خَبِيْرٌۢ بِمَا تَعْمَلُوْنَ ࣖ١١
Wa lay yu'akhkhirallāhu nafsan iżā jā'a ajaluhā, wallāhu khabīrum bimā ta‘malūn(a).
[11] Allah ora karsa nyarantèkake wong kang wis têkan wêwangêning patine. Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni.