Surah Al-Jumu’ah

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يُسَبِّحُ لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِ الْمَلِكِ الْقُدُّوْسِ الْعَزِيْزِ الْحَكِيْمِ١
Yusabbiḥu lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍil-malikil-quddūsil-‘azīzil-ḥakīm(i).
[1] Isèn-isèning bumi lan langit padha nêbut Mahasuci ing Allah, ratu kang Mahasuci, kang Mahamulya tur Wicaksana.

هُوَ الَّذِيْ بَعَثَ فِى الْاُمِّيّٖنَ رَسُوْلًا مِّنْهُمْ يَتْلُوْا عَلَيْهِمْ اٰيٰتِهٖ وَيُزَكِّيْهِمْ وَيُعَلِّمُهُمُ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَ وَاِنْ كَانُوْا مِنْ قَبْلُ لَفِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍۙ٢
Huwal-lażī ba‘aṡa fil-ummiyyīna rasūlam minhum yatlū ‘alaihim āyātihī wa yuzakkīhim wa yu‘allimuhumul-kitāba wal-ḥikmata wa in kānū min qablu lafī ḍalālim mubīn(in).
[2] Allah iku kang ngutus rasul Nabi Mukhammad, dikarsakake nyurup-nyurupake marang wong bodho, iya iku wong Arab, Nabi Mukhammad mau iya pêthilan saka wong Arab, banjur andhawuhake Kuran ayating Allah marang wong Arab mau, lan ngrêsikake atine wong Arab saka maro tingal. Sarta mêmulang Kitab Kuran kang isi khukuming Allah, sanadyan sadurunge iku, wong Arab têtela padha kêsasar, iya kudu disurup-surupake.

وَّاٰخَرِيْنَ مِنْهُمْ لَمَّا يَلْحَقُوْا بِهِمْۗ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُۙ٣
Wa ākharīna minhum lammā yalḥaqū bihim, wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[3] Lan nyurup-nyurupake marang para umat liya-liyane kang ora mênangi jamane wong Arab mau, Allah iku Mahamulya tur Wicaksana.

ذٰلِكَ فَضْلُ اللّٰهِ يُؤْتِيْهِ مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَاللّٰهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيْمِ٤
Żālika faḍlullāhi yu'tīhi may yasyā'(u), wallāhu żul-faḍlil-‘aẓīm(i).
[4] Kang mangkono iku sih kanugrahaning Allah, diparingake marang wong kang dadi parênging karsane, Allah iku kagungan kanugrahan agung.

مَثَلُ الَّذِيْنَ حُمِّلُوا التَّوْرٰىةَ ثُمَّ لَمْ يَحْمِلُوْهَا كَمَثَلِ الْحِمَارِ يَحْمِلُ اَسْفَارًاۗ بِئْسَ مَثَلُ الْقَوْمِ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِ اللّٰهِ ۗوَاللّٰهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَ٥
Maṡalul-lażīna ḥummilut-taurāta ṡumma lam yaḥmilūhā kamaṡalil-ḥimāri yaḥmilu asfārā(n), bi'sa maṡalul-qaumil-lażīna każżabū bi'āyātillāh(i), wallāhu lā yahdil-qaumaẓ-ẓālimīn(a).
[5] Sarupane wong kang wis didhawuhi ngèstokake Kitab Torèt, wusana banjur ora gêlêm ngèstokake manut marang Nabi Mukhammad, iku upamane kaya khimar anggawa kitab gêdhe. Ala têmên salokane wong kang padha maido Kuran ayating Allah. Allah iku ora karsa paring pituduh bênêr marang para wong kaphir.

قُلْ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ هَادُوْٓا اِنْ زَعَمْتُمْ اَنَّكُمْ اَوْلِيَاۤءُ لِلّٰهِ مِنْ دُوْنِ النَّاسِ فَتَمَنَّوُا الْمَوْتَ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٦
Qul yā ayyuhal-lażīna hādū in za‘amtum annakum auliyā'u lillāhi min dūnin-nāsi fa tamannawul-mauta in kuntum ṣādiqīn(a).
[6] (He Mukhammad) sira dhawuha: He wong kang padha nyungkêmi agama Yahudi, manawa kowe padha ngaku kêkasihing Allah, ora susah lantaran manungsa Nabi Mukhammad, manawa têmên mangkono, mara padha nyuwuna mati ing Allah. [A....llah.]

وَلَا يَتَمَنَّوْنَهٗٓ اَبَدًاۢ بِمَا قَدَّمَتْ اَيْدِيْهِمْۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌۢ بِالظّٰلِمِيْنَ٧
Wa lā yatamannaunahū abadam bimā qaddamat aidīhim, wallāhu ‘alīmum biẓ-ẓālimīn(a).
[7] Salawase, wong Yahudi mau ora pisan ngarêp-arêp mati, marga wis rumăngsa nglakoni dadi kaphir, Allah iku nguningani marang wong kang padha kaphir.

قُلْ اِنَّ الْمَوْتَ الَّذِيْ تَفِرُّوْنَ مِنْهُ فَاِنَّهٗ مُلٰقِيْكُمْ ثُمَّ تُرَدُّوْنَ اِلٰى عَالِمِ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ ࣖ٨
Qul innal-mautal-lażī tafirrūna minhu fa innahū mulāqīkum ṡumma turaddūna ilā ‘ālimil-gaibi wasy-syahādati fa yunabbi'ukum bimā kuntum ta‘malūn(a).
[8] (He Mukhammad) sira dhawuha: Pati kang padha kosingkiri iku, enggal lawas mêsthi kalêksanan ing awakmu, kowe banjur padha dibalèkake marang ngarsaning Pangeran kang nguningani barang kang samar-samar lan barang kang kasat mata, ing kono Pangeran banjur anjalèntrèhake samubarang kang wis padha kolakoni.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا نُوْدِيَ لِلصَّلٰوةِ مِنْ يَّوْمِ الْجُمُعَةِ فَاسْعَوْا اِلٰى ذِكْرِ اللّٰهِ وَذَرُوا الْبَيْعَۗ ذٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā nūdiya liṣ-ṣalāti miy yaumil-jumu‘ati fas‘au ilā żikrillāhi wa żarul-bai‘(a), żālikum khairul lakum in kuntum ta‘lamūn(a).
[9] He para wong mukmin, manawa sira padha diundang sêmbayang dina Jumungah, enggal padha mangkata mênyang masjid sêmbayang, eling marang Allah, adol tuku padha sira tinggala, mangkono iku luwih bêcik tumrap ing sira, manawa sira wis wêruh, sira lakonana.

فَاِذَا قُضِيَتِ الصَّلٰوةُ فَانْتَشِرُوْا فِى الْاَرْضِ وَابْتَغُوْا مِنْ فَضْلِ اللّٰهِ وَاذْكُرُوا اللّٰهَ كَثِيْرًا لَّعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ١٠
Fa iżā quḍiyatiṣ-ṣalātu fantasyirū fil-arḍi wabtagū min faḍlillāhi ważkurullāha kaṡīral la‘allakum tufliḥūn(a).
[10] Manawa sêmbayang Jumungah wis rampung, sira kêbanjur mlaku-mlaku ana ing bumi ngupajiwa, murih olèh rijêki pêparinging Allah, lan diakèh [dia....kèh] elingira ing Allah, supaya sira padha bêgja.

وَاِذَا رَاَوْا تِجَارَةً اَوْ لَهْوًا ۨانْفَضُّوْٓا اِلَيْهَا وَتَرَكُوْكَ قَاۤىِٕمًاۗ قُلْ مَا عِنْدَ اللّٰهِ خَيْرٌ مِّنَ اللَّهْوِ وَمِنَ التِّجَارَةِۗ وَاللّٰهُ خَيْرُ الرّٰزِقِيْنَ ࣖ١١
Wa iżā ra'au tijāratan au lahwaninfaḍḍū ilaihā wa tarakūka qā'imā(n), qul mā ‘indallāhi khairum minal-lahwi wa minat-tijārah(ti), wallāhu khairur-rāziqīn(a).
[11] (He Mukhammad) wong Islam manawa wêruh ana dagangan utawa tabuhan, banjur padha bubar ênggone sêmbayang Jumungah, marani dagangan utawa tabuhan mau, sira ditinggal ngadêg. Iku sira dhawuha: Ganjaran ana ngarsaning Allah iku luwih bêcik, tinimbang tabuhan lan dagangan, Allah iku bêcik-bêcike kang awèh rijêki.