Surah As-Saff
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
سَبَّحَ لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۚ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ١
Sabbaḥa lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[1]
Isèn-isène bumi lan langit padha nêbut Mahasuci ing Allah, Allah iku Mahamulya tur Wicaksana.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لِمَ تَقُوْلُوْنَ مَا لَا تَفْعَلُوْنَ٢
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lima taqūlūna mā lā taf‘alūn(a).
[2]
He para wong mukmin, yagene sira padha kăndha nglakoni kabêcikan kang satêmêne ora sira lakoni.
كَبُرَ مَقْتًا عِنْدَ اللّٰهِ اَنْ تَقُوْلُوْا مَا لَا تَفْعَلُوْنَ٣
Kabura maqtan ‘indallāhi an taqūlū mā lā taf‘alūn(a).
[3]
Gêdhe-gêdhening siksa ana ngarsaning Allah, iku manawa sira kăndha nglakoni kabêcikan kang satêmêne ora sira lakoni.
اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الَّذِيْنَ يُقَاتِلُوْنَ فِيْ سَبِيْلِهٖ صَفًّا كَاَنَّهُمْ بُنْيَانٌ مَّرْصُوْصٌ٤
Innallāha yuḥibbul-lażīna yuqātilūna fī sabīlihī ṣaffan ka'annahum bun-yānum marṣūṣ(un).
[4]
Satêmêne Allah iku rêmên marang wong Islam kang padha mangsah pêrang nglakoni dalaning Allah, tataning baris sap-sapan, kaya pagêr bata kang santosa.
وَاِذْ قَالَ مُوْسٰى لِقَوْمِهٖ يٰقَوْمِ لِمَ تُؤْذُوْنَنِيْ وَقَدْ تَّعْلَمُوْنَ اَنِّيْ رَسُوْلُ اللّٰهِ اِلَيْكُمْۗ فَلَمَّا زَاغُوْٓا اَزَاغَ اللّٰهُ قُلُوْبَهُمْۗ وَاللّٰهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْفٰسِقِيْنَ٥
Wa iż qāla mūsā liqaumihī yā qaumi lima tu'żūnanī wa qad ta‘lamūna annī rasūlullāhi ilaikum, falammā zāgū azāgallāhu qulūbahum, wallāhu lā yahdil-qaumal-fāsiqīn(a).
[5]
(He Mukhammad) sira nyaritakna Nabi Musa, nalikane pitutur marang para umate: He para umatku, yagene kowe padha nglarakake atiku, kang măngka kowe wis padha wêruh yèn aku iki utusaning Allah marang kowe. Barêng para umat mau padha puguh nyimpang saka ing bênêr, Allah banjur nyimpangake atine para umat mau. Allah iku ora karsa nuduhake wong kang padha duraka.
وَاِذْ قَالَ عِيْسَى ابْنُ مَرْيَمَ يٰبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اِنِّيْ رَسُوْلُ اللّٰهِ اِلَيْكُمْ مُّصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيَّ مِنَ التَّوْرٰىةِ وَمُبَشِّرًاۢ بِرَسُوْلٍ يَّأْتِيْ مِنْۢ بَعْدِى اسْمُهٗٓ اَحْمَدُۗ فَلَمَّا جَاۤءَهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ قَالُوْا هٰذَا سِحْرٌ مُّبِيْنٌ٦
Wa iż qāla ‘īsabnu maryama yā banī isrā'īla innī rasūlullāhi ilaikum muṣaddiqal limā baina yadayya minat-taurāti wa mubasysyiram birasūliy ya'tī mim ba‘dismuhū aḥmad(u), falammā jā'ahum bil-bayyināti qālū hāżā siḥrum mubīn(un).
[6]
Lan nyaritakna Nabi Ngisa anake Maryam, biyèn pitutur mangkene: He para turune Israil, aku iki utusaning Allah marang kowe, nêtêpake Kitab Torèt kang ana ngarêpku lan kitabe para nabi kang kuna-kuna, iku têmên kabèh bênêr. Sarta aku mêmêca, ing têmbe bakal ana utusaning Allah kang jumênêng sapungkurku, namane Ahmad. Barêng Nabi Mukhammad jumênêng, kanthi tăndha yêkti kaelokan pirang-pirang, wong Bani Srail padha calathu: Tăndha yêkti iki têtela sikhir.
وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ الْكَذِبَ وَهُوَ يُدْعٰىٓ اِلَى الْاِسْلَامِۗ وَاللّٰهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَ٧
Wa man aẓlamu mimmaniftarā ‘alallāhil-każiba wa huwa yud‘ā ilal-islām(i), wallāhu lā yahdil-qaumaẓ-ẓālimīn(a).
[7]
Ora ana wong kang luwih nganiaya marang awake dhewe, tinimbang lan wong kang gawe-gawe, calathu goroh, ngarani marang Allah kang ora patut, kang măngka wong mau wis tămpa dhawuh, dipurih nglakoni agama Islam. Allah iku ora karsa paring pituduh bênêr marang para wong kaphir.
يُرِيْدُوْنَ لِيُطْفِـُٔوْا نُوْرَ اللّٰهِ بِاَفْوَاهِهِمْۗ وَاللّٰهُ مُتِمُّ نُوْرِهٖ وَلَوْ كَرِهَ الْكٰفِرُوْنَ٨
Yurīdūna liyuṭfi'ū nūrallāhi bi'afwāhihim, wallāhu mutimmu nūrihī wa lau karihal-kāfirūn(a).
[8]
Karêpe wong kaphir mau, kudu matèni cahyaning Allah sarana pangucape, nanging Allah nyampurnakake cahyane, sanadyan wong kaphir padha ora dhêmên, iya karêbèn.
هُوَ الَّذِيْٓ اَرْسَلَ رَسُوْلَهٗ بِالْهُدٰى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهٗ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهٖۙ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ ࣖ٩
Wa huwal-lażī arsala rasūlahū bil-hudā wa dīnil-ḥaqqi liyuẓhirahū ‘alad-dīni kullih(ī), wa lau karihal-musyrikūn(a).
[9]
Allah iku ngutus rasule, amratakake pituduh bênêr, iya iku agama Islam, dikarsakake ngundhangake, supaya ngalahake agama liya-liyane kabèh, sanadyan wong maro tingal padha ora dhêmên, iya karêbèn.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا هَلْ اَدُلُّكُمْ عَلٰى تِجَارَةٍ تُنْجِيْكُمْ مِّنْ عَذَابٍ اَلِيْمٍ١٠
Yā ayyuhal-lażīna āmanū hal adullukum ‘alā tijāratin tunjīkum min ‘ażābin alīm(in).
[10]
10. He para wong mukmin, apa sira Ingsun tuduhake dagangan kang nylamêtake sira saka siksa kang nglarani.
تُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَتُجَاهِدُوْنَ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ بِاَمْوَالِكُمْ وَاَنْفُسِكُمْۗ ذٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَۙ١١
Tu'minūna billāhi wa rasūlihī wa tujāhidūna fī sabīlillāhi bi'amwālikum wa anfusikum, żālikum khairul lakum in kuntum ta‘lamūn(a).
[11]
Iya iku sira kudu pracaya ing Allah lan marang Rasulullah, lan kudu mangsah pêrang Sabilullah, kalawan wadal băndha lan nyawanira, wruhanira mangkono iku bêcik bangêt tumrap ing sira, manawa iku sira lakoni.
يَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَيُدْخِلْكُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ وَمَسٰكِنَ طَيِّبَةً فِيْ جَنّٰتِ عَدْنٍۗ ذٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُۙ١٢
Yagfir lakum żunūbakum wa yudkhilkum jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru wa masākina ṭayyibatan fī jannāti ‘adn(in), żālikal-fauzul-‘aẓīm(u).
[12]
Allah ngapura sakèhe kaluputanira, [kalupu...tanira,] lan anglêbokake sira ana ing suwarga, kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, lan ana ing omah kang luwih dening endah rêrênggane, dumunung ana sajroning suwarga Ngadan. Kang mangkono iku arak[6] kabêgjan gêdhe.
وَاُخْرٰى تُحِبُّوْنَهَاۗ نَصْرٌ مِّنَ اللّٰهِ وَفَتْحٌ قَرِيْبٌۗ وَبَشِّرِ الْمُؤْمِنِيْنَ١٣
Wa ukhrā tuḥibbūnahā, naṣrum minallāhi wa fatḥun qarīb(un), wa basysyiril-mu'minīn(a).
[13]
Lan ana manèh bakal pêparinge Allah kang sira dhêmêni, iya iku pitulunging Allah lan bêdhahe nagara Mêkah dening tanganira kalawan tumuli, iku sira ênggoa ambêbungah marang para wong mukmin.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُوْنُوْٓا اَنْصَارَ اللّٰهِ كَمَا قَالَ عِيْسَى ابْنُ مَرْيَمَ لِلْحَوَارِيّٖنَ مَنْ اَنْصَارِيْٓ اِلَى اللّٰهِ ۗقَالَ الْحَوَارِيُّوْنَ نَحْنُ اَنْصَارُ اللّٰهِ فَاٰمَنَتْ طَّاۤىِٕفَةٌ مِّنْۢ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ وَكَفَرَتْ طَّاۤىِٕفَةٌ ۚفَاَيَّدْنَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا عَلٰى عَدُوِّهِمْ فَاَصْبَحُوْا ظٰهِرِيْنَ ࣖ١٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanū kūnū anṣārallāhi kamā qāla ‘īsabnu maryama lil-ḥawāriyyīna man anṣārī ilallāh(i), qālal-ḥawāriyyūna naḥnu anṣārullāhi fa'āmanaṭ-ṭā'ifatum mim banī isrā'īla wa kafaraṭ-ṭā'ifah(tun), fa'ayyadnal-lażīna āmanū ‘alā ‘aduwwihim fa'aṣbaḥū ẓāhirīn(a).
[14]
He para wong mukmin, sira padha dadia wong biyantu marang agamaning Allah, kaya sakhabate Nabi Ngisa wong rolas, kang padha aran sakhabat Khawari, dhèk samana Nabi Isa dhawuh marang sakhabat Khawari, sapa kang kaduga biyantu marang aku madhêp marang pitulunging Allah. Para sakhabat Khawari padha matur: Kula tamtu sami biyantu dhatêng agamaning Allah. Ing kono wong Bani Srail, ana kang pracaya lan ana kang maido marang Nabi Ngisa, wong rong păntha [pă...ntha] mau banjur padha pêrangan. Dene wong kang pracaya marang Nabi Ngisa padha Ingsun santosakake, wusana mênang pêrange, ngalahake satrune.