Surah Al-Mumtahanah
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَتَّخِذُوْا عَدُوِّيْ وَعَدُوَّكُمْ اَوْلِيَاۤءَ تُلْقُوْنَ اِلَيْهِمْ بِالْمَوَدَّةِ وَقَدْ كَفَرُوْا بِمَا جَاۤءَكُمْ مِّنَ الْحَقِّۚ يُخْرِجُوْنَ الرَّسُوْلَ وَاِيَّاكُمْ اَنْ تُؤْمِنُوْا بِاللّٰهِ رَبِّكُمْۗ اِنْ كُنْتُمْ خَرَجْتُمْ جِهَادًا فِيْ سَبِيْلِيْ وَابْتِغَاۤءَ مَرْضَاتِيْ تُسِرُّوْنَ اِلَيْهِمْ بِالْمَوَدَّةِ وَاَنَا۠ اَعْلَمُ بِمَآ اَخْفَيْتُمْ وَمَآ اَعْلَنْتُمْۗ وَمَنْ يَّفْعَلْهُ مِنْكُمْ فَقَدْ ضَلَّ سَوَاۤءَ السَّبِيْلِ١
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tattakhiżū ‘aduwwī wa ‘aduwwakum auliyā'a tulqūna ilaihim bil-mawaddati wa qad kafarū bimā jā'akum minal-ḥaqq(i), yukhrijūnar-rasūla wa iyyākum an tu'minū billāhi rabbikum, in kuntum kharajtum jihādan fī sabīlī wabtigā'a marḍātī tusirrūna ilaihim bil-mawaddah(ti), wa ana a‘lamu bimā akhfaitum wa mā a‘lantum, wa may yaf‘alhu minkum faqad ḍalla sawā'as-sabīl(i).
[1]
He wong kang padha pracaya ing Allah, sira aja padha asih marang satruningsun lan uga satrunira, iya iku para wong kaphir ing Mêkah, aja nibakake katrêsnan marang wong kaphir mau. Wong kaphir mau padha maido agama Islam, lan Kuran kang wis didhawuhake marang sira, sarta padha ngusir Rasulullah lan marang sira saka Mêkah, marga sira padha pracaya ing Allah Pangeranira. Manawa sira padha mêtoni pêrang, nêtêpi agamaningsun, aja asih marang wong kaphir mau, aja mêdharake wadine Rasulullah marang wong kaphir kalawan bisik-bisik marga saka trêsna marang si kaphir. Ingsun nguni[5] samubarang kang sira samar lan sira êdhèng. Sing sapa bisik-bisik mangkono mau, têtela wong kêsasar saka agamaningsun.
اِنْ يَّثْقَفُوْكُمْ يَكُوْنُوْا لَكُمْ اَعْدَاۤءً وَّيَبْسُطُوْٓا اِلَيْكُمْ اَيْدِيَهُمْ وَاَلْسِنَتَهُمْ بِالسُّوْۤءِ وَوَدُّوْا لَوْ تَكْفُرُوْنَۗ٢
Iy yaṡqafūkum yakūnū lakum a‘dā'aw wa yabsuṭū ilaikum aidiyahum wa alsinatahum bis-sū'i wa waddū lau takfurūn(a).
[2]
Mênawa wong kaphir mau api-api ngrakêti marang sira, iku wusanane dadi satrunira, tangane tumandang gawe malaratira, cangkême nyatur ala marang sira, pangarêp-arêpe sira iku dadia kaphir.
لَنْ تَنْفَعَكُمْ اَرْحَامُكُمْ وَلَآ اَوْلَادُكُمْ ۛيَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۛيَفْصِلُ بَيْنَكُمْۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ٣
Lan tanfa‘akum arḥāmukum wa lā aulādukum yaumal-qiyāmati yafṣilu bainakum, wallāhu bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[3]
Para sanakira lan anakira kang ngajak duraka marang sira, iku ora migunani marang sira. Besuk dina kiyamat, Allah misahake sira lan sanakira mau, Allah iku mirsani samubarang kang padha sira lakoni.
قَدْ كَانَتْ لَكُمْ اُسْوَةٌ حَسَنَةٌ فِيْٓ اِبْرٰهِيْمَ وَالَّذِيْنَ مَعَهٗۚ اِذْ قَالُوْا لِقَوْمِهِمْ اِنَّا بُرَءٰۤؤُا مِنْكُمْ وَمِمَّا تَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۖ كَفَرْنَا بِكُمْ وَبَدَا بَيْنَنَا وَبَيْنَكُمُ الْعَدَاوَةُ وَالْبَغْضَاۤءُ اَبَدًا حَتّٰى تُؤْمِنُوْا بِاللّٰهِ وَحْدَهٗٓ اِلَّا قَوْلَ اِبْرٰهِيْمَ لِاَبِيْهِ لَاَسْتَغْفِرَنَّ لَكَ وَمَآ اَمْلِكُ لَكَ مِنَ اللّٰهِ مِنْ شَيْءٍۗ رَبَّنَا عَلَيْكَ تَوَكَّلْنَا وَاِلَيْكَ اَنَبْنَا وَاِلَيْكَ الْمَصِيْرُ٤
Qad kānat lakum uswatun ḥasanatun fī ibrāhīma wal-lażīna ma‘ah(ū), iż qālū liqaumihim innā bura'ā'u minkum wa mimmā ta‘budūna min dūnillāh(i), kafarnā bikum wa badā bainanā wa bainakumul-‘adāwatu wal-bagḍā'u abadan ḥattā tu'minū billāhi waḥdahū illā qaula ibrāhīma li'abīhi la'astagfiranna laka wa mā amliku laka minallāhi min syai'(in), rabbanā ‘alaika tawakkalnā wa ilaika anabnā wa ilaikal-maṣīr(u).
[4]
Sira wis duwe panutan bêcik, iya iku Nabi Ibrahim lan para sakhabate, awit Nabi Ibrahim sasakhabate padha mituturi marang para umate kang kaphir. Aku padha selak marang kowe lan marang sêsêmbahanmu liyane Allah iku, aku padha maido marang kowe. Saiki têtela aku lan kowe dadi satru lan gêgêthingan ing salawas-lawase, kajaba yèn kowe banjur padha pracaya ing Allah piyambak. Nanging Nabi Ibrahim matur marang bapakne: Sampeyan kula suwunakên pangapuraning Allah, awit kula botên sagêd nguwasani punapa-punapa dhatêng sampeyan, manawi badhe [ba...]..dhe] dipun siksa utawi dipun ganjar, punika namung kumambang wontên karsaning Allah. Dhuh Pangeran kawula, kawula nyumanggakakên punapa sakarsa Tuwan, kawula madhêp ing Tuwan, kawusananipun samukawis punika, wangsul ing ngarsa Tuwan.
رَبَّنَا لَا تَجْعَلْنَا فِتْنَةً لِّلَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَاغْفِرْ لَنَا رَبَّنَاۚ اِنَّكَ اَنْتَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ٥
Rabbanā lā taj‘alnā fitnatal lil-lażīna kafarū wagfir lanā rabbanā, innaka antal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[5]
Dhuh Pangeran kawula, kawula mugi sampun Tuwan kawonakên kalihan tiyang kaphir, mindhak sangsaya dados panasaran tumrap pun kaphir. Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi ngapuraa dhumatêng kawula, sayêktosipun Tuwan punika Mahamulya tur Wicaksana.
لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِيْهِمْ اُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِّمَنْ كَانَ يَرْجُوا اللّٰهَ وَالْيَوْمَ الْاٰخِرَۗ وَمَنْ يَّتَوَلَّ فَاِنَّ اللّٰهَ هُوَ الْغَنِيُّ الْحَمِيْدُ ࣖ٦
Laqad kāna lakum fīhim uswatun ḥasanatul liman kāna yarjullāha wal-yaumal-ākhir(a), wa may yatawalla fa'innallāha huwal-ganiyyul-ḥamīd(u).
[6]
He para umate Nabi Mukhammad, sira wis duwe panutan bêcik, iya iku Nabi Ibrahim sasakhabate mau, dadi panutane wong kang padha wêdi ing Allah lan wêdi dina kiyamat, dene sing sapa asih trêsna marang para wong kaphir, iku ora makewuhi apa-apa marang Allah, awit Allah ora butuh apa-apa marang kawulane tur pantês ingalêmbana.
۞ عَسَى اللّٰهُ اَنْ يَّجْعَلَ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَ الَّذِيْنَ عَادَيْتُمْ مِّنْهُمْ مَّوَدَّةًۗ وَاللّٰهُ قَدِيْرٌۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٧
‘Asallāhu ay yaj‘ala bainakum wa bainal-lażīna ‘ādaitum minhum mawaddah(tan), wallāhu qadīr(un), wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[7]
Allah muga marêngna wong kaphir ing Mêkah kang padha nyatru ing sira, iku kabèh dadi Islam, sabanjure padha sih-sinihan lan sira, Allah iku kuwasa, Allah iku kaparêng ngapura tur Maha-asih.
لَا يَنْهٰىكُمُ اللّٰهُ عَنِ الَّذِيْنَ لَمْ يُقَاتِلُوْكُمْ فِى الدِّيْنِ وَلَمْ يُخْرِجُوْكُمْ مِّنْ دِيَارِكُمْ اَنْ تَبَرُّوْهُمْ وَتُقْسِطُوْٓا اِلَيْهِمْۗ اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُقْسِطِيْنَ٨
Lā yanhākumullāhu ‘anil-lażīna lam yuqātilūkum fid-dīni wa lam yukhrijūkum min diyārikum an tabarrūhum wa tuqsiṭū ilaihim, innallāha yuḥibbul-muqsiṭīn(a).
[8]
Allah ora nglarangi marang sira, gawe bêcik lan nindakake ngadil utawa têpa marang para wong kaphir kang ora pêrang anglawan sira prakara rêbut agama, lan ora ngusir sira saka ing omahira. Satêmêne Allah iku rêmên wong kang padha nindakake têpa utawa ngadil.
اِنَّمَا يَنْهٰىكُمُ اللّٰهُ عَنِ الَّذِيْنَ قَاتَلُوْكُمْ فِى الدِّيْنِ وَاَخْرَجُوْكُمْ مِّنْ دِيَارِكُمْ وَظَاهَرُوْا عَلٰٓى اِخْرَاجِكُمْ اَنْ تَوَلَّوْهُمْۚ وَمَنْ يَّتَوَلَّهُمْ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ٩
Innamā yanhākumullāhu ‘anil-lażīna qātalūkum fid-dīni wa akhrajūkum min diyārikum wa ẓāharū ‘alā ikhrājikum an tawallauhum, wa may yatawallahum fa'ulā'ika humuẓ-ẓālimūn(a).
[9]
Kang mêsthi dilarangi dening Allah iku, mênawa sira asih utawa gawe bêcik marang wong kaphir kang pêrang anglawan sira prakara rêbut agama, utawa ngusir sira saka ing omahira, ênggone ngusir mau ngêdhèng tanpa kering, sing sapa asih utawa gawe bêcik marang wong kaphir mau, iku têtêp wong nganiaya awake dhewe.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا جَاۤءَكُمُ الْمُؤْمِنٰتُ مُهٰجِرٰتٍ فَامْتَحِنُوْهُنَّۗ اَللّٰهُ اَعْلَمُ بِاِيْمَانِهِنَّ فَاِنْ عَلِمْتُمُوْهُنَّ مُؤْمِنٰتٍ فَلَا تَرْجِعُوْهُنَّ اِلَى الْكُفَّارِۗ لَا هُنَّ حِلٌّ لَّهُمْ وَلَا هُمْ يَحِلُّوْنَ لَهُنَّۗ وَاٰتُوْهُمْ مَّآ اَنْفَقُوْاۗ وَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ اَنْ تَنْكِحُوْهُنَّ اِذَآ اٰتَيْتُمُوْهُنَّ اُجُوْرَهُنَّۗ وَلَا تُمْسِكُوْا بِعِصَمِ الْكَوَافِرِ وَسْـَٔلُوْا مَآ اَنْفَقْتُمْ وَلْيَسْـَٔلُوْا مَآ اَنْفَقُوْاۗ ذٰلِكُمْ حُكْمُ اللّٰهِ ۗيَحْكُمُ بَيْنَكُمْۗ وَاللّٰهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ١٠
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā jā'akumul-mu'minātu muhājirātin famtaḥinūhunn(a), allāhu a‘lamu bi'īmānihinna fa'in ‘alimtumūhunna mu'minātin falā tarji‘ūhunna ilal-kuffār(i), lā hunna ḥillul lahum wa lā hum yaḥillūna lahunn(a), wa ātūhum mā anfaqū, wa lā junāḥa ‘alaikum an tankiḥūhunna iżā ātaitumūhunna ujūrahunn(a), wa lā tumsikū bi‘iṣamil-kawāfiri was'alū mā anfaqū, żālikum ḥukmullāh(i), yaḥkumu bainakum, wallāhu ‘alīmun ḥakīm(un).
[10]
He para wong mukmin, sawise wong Islam [I....slam] rukun lan wong kaphir ana ing Khudebiyah, kalawan prajanji yèn ana wong kaphir arêp milu wong Islam, kudu ditulak, iku manawa ana wong wadon ngaku Islam, lunga saka panggonane wong kaphir, kudu milu marang wong Islam, iku sira cobaa kalawan disumpah, têmên mung nêja dhêmên agama Islam, ora mung sêngit marang lakine kaphir, lan ora mung dhêmên marang wong lanang Islam. Allah nguningani têmên lan gorohe ênggone ngaku pracaya ing Allah. Dene manawa sira ngira yèn Islam têmênan marga gêlêm sumpah, iku aja sira tulak, sira balèkake marang wong kaphir, wong wadon mau ora wênang dadi rabine wong kaphir, wong kaphir iya ora wênang duwe rabi wong wadon mau. Dene maskawin kang wis dibayar dening wong kaphir iku, sira balèkna. Mênawa sira arêp ningkah wong wadon mau, ora ana pakewuhe yèn sira bayar maskawine, sira aja mêngku rabi wong wadon kaphir, [ka....phir,] lan sira nagiha maskawine rabinira kang wis sira bayar, mênawa rabinira mau dadi kaphir. Mangkono manèh wong kaphir manawa rabine dadi Islam, iya nagiha maskawine kang wis dibayar. Mangkono iku khukuming Allah, kanggo ngadili marang sira kabèh. Allah iku Nguningani tur Wicaksana.
وَاِنْ فَاتَكُمْ شَيْءٌ مِّنْ اَزْوَاجِكُمْ اِلَى الْكُفَّارِ فَعَاقَبْتُمْ فَاٰتُوا الَّذِيْنَ ذَهَبَتْ اَزْوَاجُهُمْ مِّثْلَ مَآ اَنْفَقُوْاۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ الَّذِيْٓ اَنْتُمْ بِهٖ مُؤْمِنُوْنَ١١
Wa in fātakum syai'um min azwājikum ilal-kuffāri fa‘āqabtum fa'ātul-lażīna żahabat azwājuhum miṡla mā anfaqū, wattaqullāhal-lażī antum bihī mu'minūn(a).
[11]
Mênawa sira ora bisa nagih maskawine rabinira kang dadi kaphir marang wong kaphir, kang măngka sira banjur mênang pêrang nglawan wong kaphir mau, iku wong kang rabine lunga dadi kaphir mau, sira paringana panduman jarahan, sapira kèhe maskawin kang wis dibayar, sira padha wêdia ing Allah kang sira pracaya.
يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ اِذَا جَاۤءَكَ الْمُؤْمِنٰتُ يُبَايِعْنَكَ عَلٰٓى اَنْ لَّا يُشْرِكْنَ بِاللّٰهِ شَيْـًٔا وَّلَا يَسْرِقْنَ وَلَا يَزْنِيْنَ وَلَا يَقْتُلْنَ اَوْلَادَهُنَّ وَلَا يَأْتِيْنَ بِبُهْتَانٍ يَّفْتَرِيْنَهٗ بَيْنَ اَيْدِيْهِنَّ وَاَرْجُلِهِنَّ وَلَا يَعْصِيْنَكَ فِيْ مَعْرُوْفٍ فَبَايِعْهُنَّ وَاسْتَغْفِرْ لَهُنَّ اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١٢
Yā ayyuhan-nabiyyu iżā jā'akal-mu'minātu yubāyi‘naka ‘alā allā yusyrikna billāhi syai'aw wa lā yasriqna wa lā yaznīna wa lā yaqtulna aulādahunna wa lā ya'tīna bibuhtāniy yaftarīnahū baina aidīhinna wa arjulihinna wa lā ya‘ṣīnaka fī ma‘rūfin fabāyi‘hunna wastagfir lahunnallāh(a), innallāha gafūrur raḥīm(un).
[12]
He Nabi Mukhammad, mênawa sira katêkan wong mukmin wadon, prasêtya ing sira, ora bakal maro tingal pracayane ing Allah, lan ora bakal nyênyolong, lan ora bakal anglakoni [angla.....koni] jina, lan ora bakal matèni anake, lan ora bakal gawe-gawe, ngaku anak bocah kang satêmêne dudu anake, diawadake anak patutan saka lakine, marga wêdi yèn dipêgat jalaran ora manak, lan ora bakal anglirwakake panggawe bêcik kang sira parentahake. Iku sira tampanana prasêtyane mau, sarta sira suwuna pangapuraning Allah. Satêmêne Allah iku kaparêng Ngapura tur Maha-asih.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَتَوَلَّوْا قَوْمًا غَضِبَ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ قَدْ يَىِٕسُوْا مِنَ الْاٰخِرَةِ كَمَا يَىِٕسَ الْكُفَّارُ مِنْ اَصْحٰبِ الْقُبُوْرِ ࣖ١٣
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tatawallau qauman gaḍiballāhu ‘alaihim qad ya'isū minal-ākhirati kamā ya'isal-kuffāru min aṣḥābil-qubūr(i).
[13]
He para wong mukmin, sira aja padha asih trêsna marang wong kang padha dibêndoni ing Allah, awit wong mau padha ora olèh bêgja ana ing akhirat, padha lan wong kaphir kang wis ana ing kubur, iya ora olèh bêgja ing akhirat.