Surah Al-An`am

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَجَعَلَ الظُّلُمٰتِ وَالنُّوْرَ ەۗ ثُمَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُوْنَ١
Al-ḥamdu lillāhil-lażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa wa ja‘alaẓ-ẓulumāti wan-nūr(a), ṡummal-lażīna kafarū birabbihim ya‘dilūn(a).
[1] Sakèhing pangalêmbana iku konjuk ing Allah, kang wis nitahake bumi lan langit, apadene nganakake pêpadhang lan pêpêtêng, ewadene para wong kaphir pangabêktine marang Allah Pangerane lan marang liyane dipadha bae. [ba...][...e.]

هُوَ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ طِيْنٍ ثُمَّ قَضٰٓى اَجَلًا ۗوَاَجَلٌ مُّسَمًّى عِنْدَهٗ ثُمَّ اَنْتُمْ تَمْتَرُوْنَ٢
Huwal-lażī khalaqakum min ṭīnin ṡumma qaḍā ajalā(n), wa ajalum musamman ‘indahū ṡumma antum tamtarūn(a).
[2] Allah iku kang nitahake sira kabèh para manungsa, dititah saka ing êndhut, nuli namtokake mangsane patinira. Dene katamtuaning măngsa ênggonira bakal padha ditangèkake saka ing pati, iku ana ing astaning Allah piyambak, ewadene sira wong kaphir kabèh padha mamang.

وَهُوَ اللّٰهُ فِى السَّمٰوٰتِ وَفِى الْاَرْضِۗ يَعْلَمُ سِرَّكُمْ وَجَهْرَكُمْ وَيَعْلَمُ مَا تَكْسِبُوْنَ٣
Wa huwallāhu fis-samāwāti wa fil-arḍ(i), ya‘lamu sirrakum wa jahrakum wa ya‘lamu mā taksibūn(a).
[3] Iya iku Allah kang bênêre kudu disêmbah ana ing bumi lan ana ing langit, nguningani lairira lan batinira, lan nguningani samubarang kang padha sira lakoni.

وَمَا تَأْتِيْهِمْ مِّنْ اٰيَةٍ مِّنْ اٰيٰتِ رَبِّهِمْ اِلَّا كَانُوْا عَنْهَا مُعْرِضِيْنَ٤
Wa mā ta'tīhim min āyatim min āyāti rabbihim illā kānū ‘anhā mu‘riḍīn(a).
[4] Para wong kaphir mau manawa katêkan tăndha yêkti saka ing Pangerane, mêsthi padha malengos.

فَقَدْ كَذَّبُوْا بِالْحَقِّ لَمَّا جَاۤءَهُمْۗ فَسَوْفَ يَأْتِيْهِمْ اَنْۢبـٰۤؤُا مَا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ٥
Faqad każżabū bil-ḥaqqi lammā jā'ahum fa saufa ya'tīhim ambā'u mā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[5] Para wong kaphir mau nalikane katêkan Kuran, padha maido Kuran kang nyata têmên, mulane ing besuk mêsthi padha katêkan siksa kang anggêgirisi, siksane ênggone padha anggêguyu Kuran.

اَلَمْ يَرَوْا كَمْ اَهْلَكْنَا مِنْ قَبْلِهِمْ مِّنْ قَرْنٍ مَّكَّنّٰهُمْ فِى الْاَرْضِ مَا لَمْ نُمَكِّنْ لَّكُمْ وَاَرْسَلْنَا السَّمَاۤءَ عَلَيْهِمْ مِّدْرَارًا ۖوَّجَعَلْنَا الْاَنْهٰرَ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهِمْ فَاَهْلَكْنٰهُمْ بِذُنُوْبِهِمْ وَاَنْشَأْنَا مِنْۢ بَعْدِهِمْ قَرْنًا اٰخَرِيْنَ٦
Alam yarau kam ahlaknā min qablihim min qarnim makkanāhum fil-arḍi mā lam numakkil lakum wa arsalnas-samā'a ‘alaihim midrārā(n), wa ja‘alnal-anhāra tajrī min taḥtihim fa ahlaknāhum biżunūbihim wa ansya'nā mim ba‘dihim qarnan ākharīn(a).
[6] Wong kaphir mau apa padha ora andêlêng para wong kuna sadurunge si kaphir mau kang ing biyèn wis padha Ingsun paringi panggonan ana ing bumi kang ora Ingsun paringake marang sira, sarta padha Ingsun paringi udan dêrês saka ing langit, lan Ingsun ngilèkake bangawan ana sangisoring omahe. Wusana wong mau kabèh padha Ingsun sirnakake marga saka dosane. (Enggone maido para nabi) sawise Ingsun sirnakake, panggonan mau banjur Ingsun dokoki wong seje.

وَلَوْ نَزَّلْنَا عَلَيْكَ كِتٰبًا فِيْ قِرْطَاسٍ فَلَمَسُوْهُ بِاَيْدِيْهِمْ لَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِنْ هٰذَآ اِلَّا سِحْرٌ مُّبِيْنٌ٧
Wa lau nazzalnā ‘alaika kitāban fī qirṭāsin fa lamasūhu bi'aidīhim laqālal-lażīna kafarū in hāżā illā siḥrum mubīn(un).
[7] Saupama Ingsun nurunake kitab marang sira Mukhammad, rupa têtulisan ana ing krêtas, wong kaphir banjur padha anggêpok têtulisan mau kalawan tangane, mêsthi banjur padha ngucap mangkene: Iki dudu barang-barang, satêmêne têtela yèn sikhir.

وَقَالُوْا لَوْلَآ اُنْزِلَ عَلَيْهِ مَلَكٌ ۗوَلَوْ اَنْزَلْنَا مَلَكًا لَّقُضِيَ الْاَمْرُ ثُمَّ لَا يُنْظَرُوْنَ٨
Wa qālū lau lā unzila ‘alaihi malak(un), wa lau anzalnā malakal laquḍiyal-amru ṡumma lā yunẓarūn(a).
[8] Wong kaphir padha ngucap: Yagene ora ana malaikat kang diutus marene, nêksèni yèn Nabi Mukhammad iku têmên, (pangandikaning Allah) upama Ingsun ngutus malaikat, (kaya karêpe si kaphir mau) mêsthi sarupaning prakara banjur dirampungi padha sanalika, wêsakan para wong kaphir mau tanpa disarantèkake tobate.

وَلَوْ جَعَلْنٰهُ مَلَكًا لَّجَعَلْنٰهُ رَجُلًا وَّلَلَبَسْنَا عَلَيْهِمْ مَّا يَلْبِسُوْنَ٩
Wa lau ja‘alnāhu malakal laja‘alnāhu rajulaw wa lalabasnā ‘alaihim mā yalbisūn(a).
[9] 9. Lan manèh upama Ingsun miji utusan malaikat, mêsthi malaikat kang Ingsun piji dadi utusan mau Ingsun salini rupa wong lanang, (supaya manungsa bisa wêruh rupane) yèn mangkono. Manungsa ênggone padha kasamaran marang utusaningsun mau, uga Ingsun gawe kasamaran.

وَلَقَدِ اسْتُهْزِئَ بِرُسُلٍ مِّنْ قَبْلِكَ فَحَاقَ بِالَّذِيْنَ سَخِرُوْا مِنْهُمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ ࣖ١٠
Wa laqadistuhzi'a birusulim min qablika fa ḥāqa bil-lażīna sakhirū minhum mā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[10] (He Mukhammad): satêmêne para Rasul sadurungira uga padha digêguyu dening para umate (kaya sira mangkono) dene wong kang padha anggêguyu mau, padha dituruni siksa, minăngka patrapane ênggoning padha anggêguyu.

قُلْ سِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ ثُمَّ انْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُكَذِّبِيْنَ١١
Qul sīrū fil-arḍi ṡummanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-mukażżibīn(a).
[11] He Mukhammad, sira dhawuha: Kowe padha anjajaha ana ing bumi, lan padha andêlênga sarupaning patilasane wong kuna, kowe bakal têrang kadadiane wong kang padha maido para Rasul.

قُلْ لِّمَنْ مَّا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ قُلْ لِّلّٰهِ ۗ كَتَبَ عَلٰى نَفْسِهِ الرَّحْمَةَ ۗ لَيَجْمَعَنَّكُمْ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ لَا رَيْبَ فِيْهِۗ اَلَّذِيْنَ خَسِرُوْٓا اَنْفُسَهُمْ فَهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ١٢
Qul limam mā fis-samāwāti wal-arḍ(i), qul lillāh(i), kataba ‘alā nafsihir-raḥmah(ta), layajma‘annakum ilā yaumil-qiyāmati lā raiba fīh(i), al-lażīna khasirū anfusahum fahum lā yu'minūn(a).
[12] (He Mukhammad) sira andangua: Isining bumi lan langit iki duwèke sapa. (Manawi wong kaphir ora bisa mangsuli kang bênêr), sira dhawuha: Kabèh iki kagunganing Allah. Allah namtokake marang sarirane piyambak, mêsthi paring sih kamurahan marang kawulane, ewadene besuk dina kiyamat, Allah bakal ngimpun sira kabèh, ora sumêlang bakal kêlakone. Dene wong kang wis pinêsthi awake cilaka, mêsthi padha ora pracaya ing Allah.

۞ وَلَهٗ مَا سَكَنَ فِى الَّيْلِ وَالنَّهَارِ ۗوَهُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ١٣
Wa lahū mā sakana fil-laili wan-nahār(i), wa huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[13] Samubarang kang maujud tinêmu ing rina lan wêngi, iku kabèh kagunganing Allah. Allah iku miyarsa tur nguningani.

قُلْ اَغَيْرَ اللّٰهِ اَتَّخِذُ وَلِيًّا فَاطِرِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَهُوَ يُطْعِمُ وَلَا يُطْعَمُ ۗ قُلْ اِنِّيْٓ اُمِرْتُ اَنْ اَكُوْنَ اَوَّلَ مَنْ اَسْلَمَ وَلَا تَكُوْنَنَّ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ١٤
Qul agairallāhi attakhiżu waliyyan fāṭiris-samāwāti wal-arḍi wa huwa yuṭ‘imu wa lā yuṭ‘am(u), qul innī umirtu an akūna awwala man aslama wa lā takūnanna minal-musyrikīn(a).
[14] (He Mukhammad) sira dhawuha: Apa aku ngadêgake Pangeran liyane Allah, (iku luput) Allah iku nitahake bumi lan langit, paring pangan lan ora dicaosi dhahar. Sira dhawuha manèh: Aku iki tămpa dhawuhing Allah, ingandikakake dadi kawitane wong Islam, lan uga didhawuhi: Sira aja dadi ewone wong kang padha maro tingal.

قُلْ اِنِّيْٓ اَخَافُ اِنْ عَصَيْتُ رَبِّيْ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيْمٍ١٥
Qul innī akhāfu in ‘aṣaitu rabbī ‘ażāba yaumin ‘aẓīm(in).
[15] (He Mukhammad) sira dhawuha: Manawa aku nglakoni duraka marang Pangeranku, aku wêdi siksane ing dina kiyamat.

مَنْ يُّصْرَفْ عَنْهُ يَوْمَىِٕذٍ فَقَدْ رَحِمَهٗ ۗوَذٰلِكَ الْفَوْزُ الْمُبِيْنُ١٦
May yuṣraf ‘anhu yauma'iżin faqad raḥimah(ū), wa żālikal-fauzul-mubīn(u).
[16] Ing dina iku sing sapa diluputake saka ing siksa, iku têtela wong disihi dening Allah, kang mangkono iku aran kabêgjan kang nyata.

وَاِنْ يَّمْسَسْكَ اللّٰهُ بِضُرٍّ فَلَا كَاشِفَ لَهٗٓ اِلَّا هُوَ ۗوَاِنْ يَّمْسَسْكَ بِخَيْرٍ فَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ١٧
Iy yamsaskallāhu biḍurrin falā kāsyifa lahū illā huw(a), wa iy yamsaska bikhairin fa huwa ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[17] Manawa Allah nyandhangi pakewuh marang sira, ora ana kang bisa ambengkas pakewuh mau kajaba Allah piyambak, dene yèn Allah kaparêng ngarsakake bêcik marang sira (ora ana kang bisa murungake kalêksananing bêcik mau), Allah iku nguwasani samubarang.

وَهُوَ الْقَاهِرُ فَوْقَ عِبَادِهٖۗ وَهُوَ الْحَكِيْمُ الْخَبِيْرُ١٨
Wa huwal-qāhiru fauqa ‘ibādih(ī), wa huwal-ḥakīmul-khabīr(u).
[18] Allah iku kang kuwasa piyambak, misesa ana sadhuwuring kawulane. Allah iku kang wicaksana, ngadil tur waspada.

قُلْ اَيُّ شَيْءٍ اَكْبَرُ شَهَادَةً ۗ قُلِ اللّٰهُ ۗشَهِيْدٌۢ بَيْنِيْ وَبَيْنَكُمْ ۗوَاُوْحِيَ اِلَيَّ هٰذَا الْقُرْاٰنُ لِاُنْذِرَكُمْ بِهٖ وَمَنْۢ بَلَغَ ۗ اَىِٕنَّكُمْ لَتَشْهَدُوْنَ اَنَّ مَعَ اللّٰهِ اٰلِهَةً اُخْرٰىۗ قُلْ لَّآ اَشْهَدُ ۚ قُلْ اِنَّمَا هُوَ اِلٰهٌ وَّاحِدٌ وَّاِنَّنِيْ بَرِيْۤءٌ مِّمَّا تُشْرِكُوْنَ١٩
Qul ayyu syai'in akbaru syahādah(tan), qulillāhu syahīdum bainī wa bainakum, wa ūḥiya ilayya hāżal-qur'ānu li'unżirakum bihī wa man balag(a), a'innakum latasyhadūna anna ma‘allāhi ālihatan ukhrā, qul lā asyhad(u), qul innamā huwa ilāhuw wāḥiduw wa innanī barī'um mimmā tusyrikūn(a).
[19] 19. (He Mukhammad) sira andangua: Sapa kang ênggone nêksèni kuwat dhewe. (Manawa wong kaphir padha ora bisa mangsuli patitis) sira banjur dhawuha: Wruhanamu, kang kuwat dhewe ênggone nêksèni iku Allah. Mungguh pasulayanku lan kowe kabèh, Allah nêksèni têmêne ênggonku dadi utusaning Allah, aku diparingi wahyu Kuran, supaya tak ênggoa mêmêdèni marang kowe kabèh, lan marang sadhengaha kang katêkan Kuran iki. Kowe apa padha nêksèni yèn ana Pangeran manèh liyane Allah. Lan sira dhawuha manèh: Yèn aku ora nêksèni mangkono. Pangeran iku mêsthi mung siji Allah, satêmêne aku ora magêpokan ênggonmu padha maro tingal.

اَلَّذِيْنَ اٰتَيْنٰهُمُ الْكِتٰبَ يَعْرِفُوْنَهٗ كَمَا يَعْرِفُوْنَ اَبْنَاۤءَهُمْۘ اَلَّذِيْنَ خَسِرُوْٓا اَنْفُسَهُمْ فَهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ ࣖ٢٠
Al-lażīna ātaināhumul-kitāba ya‘rifūnahū kamā ya‘rifūna abnā'ahum, al-lażīna khasirū anfusahum fahum lā yu'minūn(a).
[20] Sarupaning wong kang padha Ingsun waratani kitab Torèt utawa Injil, mêsthi padha wêruh têrang marang Nabi Mukhammad, kaya wêruhe marang anak-anake, nanging kang wis pinêsthi awake dadi wong cilaka, iya padha ora ngandêl marang Nabi Mukhammad.

وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًا اَوْ كَذَّبَ بِاٰيٰتِهٖۗ اِنَّهٗ لَا يُفْلِحُ الظّٰلِمُوْنَ٢١
Wa man aẓlamu mimmaniftarā ‘alallāhi każiban au każżaba bi'āyātih(ī), innahū lā yufliḥuẓ-ẓālimūn(a).
[21] Ora ana wong kang luwih dening nganiaya marang awake dhewe kajaba wong kang gawe-gawe, calathu goroh diawadake têrang saka Allah, utawa maido marang ayating Allah. Satêmêne wong kang padha nganiaya marang awake dhewe iku mêsthi padha ora bisa olèh kabêgjan.

وَيَوْمَ نَحْشُرُهُمْ جَمِيْعًا ثُمَّ نَقُوْلُ لِلَّذِيْنَ اَشْرَكُوْٓا اَيْنَ شُرَكَاۤؤُكُمُ الَّذِيْنَ كُنْتُمْ تَزْعُمُوْنَ٢٢
Wa yauma naḥsyuruhum jamī‘an ṡumma naqūlu lil-lażīna asyrakū aina syurakā'ukumul-lażīna kuntum taz‘umūn(a).
[22] Lan manèh sira nyaritakna dina kiyamat, ing kono para titah padha Ingsun tangèkake saka ing pati, Ingsun banjur ngandika marang wong kang padha maro tingal: Endi Pangeranira kang padha sira anggêp dadi têtimbangan Ingsun.

ثُمَّ لَمْ تَكُنْ فِتْنَتُهُمْ اِلَّآ اَنْ قَالُوْا وَاللّٰهِ رَبِّنَا مَا كُنَّا مُشْرِكِيْنَ٢٣
Ṡumma lam takun fitnatuhum illā an qālū wallāhi rabbinā mā kunnā musyrikīn(a).
[23] Sawise mangkono, wong mau ora bisa munjuk apa-apa, kajaba mung: Dêmi Allah Pangeran kawula, kawula punika botên sami malih tingal.

اُنْظُرْ كَيْفَ كَذَبُوْا عَلٰٓى اَنْفُسِهِمْ وَضَلَّ عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ٢٤
Unẓur kaifa każabū ‘alā anfusihim wa ḍalla ‘anhum mā kānū yaftarūn(a).
[24] (He Mukhammad): mara sira dêlênga wong kang padha maro tingal iku ênggone padha goroh ngrêsikake awake dhewe. Dene ênggone dhèk biyèn padha gawe-gawe, diawadake têrang saka dhawuh Ingsun, saiki padha digawe ilang bae.

وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّسْتَمِعُ اِلَيْكَ ۚوَجَعَلْنَا عَلٰى قُلُوْبِهِمْ اَكِنَّةً اَنْ يَّفْقَهُوْهُ وَفِيْٓ اٰذَانِهِمْ وَقْرًا ۗوَاِنْ يَّرَوْا كُلَّ اٰيَةٍ لَّا يُؤْمِنُوْا بِهَا ۗحَتّٰٓى اِذَا جَاۤءُوْكَ يُجَادِلُوْنَكَ يَقُوْلُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِنْ هٰذَآ اِلَّآ اَسَاطِيْرُ الْاَوَّلِيْنَ٢٥
Wa minhum may yastami‘u ilaik(a), wa ja‘alnā ‘alā qulūbihim akinnatan ay yafqahūhu wa fī āżānihim waqrā(n), wa iy yarau kulla āyatil lā yu'minū bihā, ḥattā iżā jā'ūka yujādilūnaka yaqūlul-lażīna kafarū in hāżā illā asāṭīrul-awwalīn(a).
[25] Sawênèhing wong kaphir ana uga kang ngrungokake pamacanira Kuran, nanging atine padha Ingsun tutupi, dadi padha ora mangêrti surasaning Kuran, lan kupinge padha Ingsun budhêgake, dene yèn andêlêng siji-sijining tăndha yêkti padha ora ngandêl, malah manawa seba ing sira wong kaphir mau padha ngucap mangoni,[4] caritane para wong kuna kang mangkene iki kabèh goroh.

وَهُمْ يَنْهَوْنَ عَنْهُ وَيَنْـَٔوْنَ عَنْهُ ۚوَاِنْ يُّهْلِكُوْنَ اِلَّآ اَنْفُسَهُمْ وَمَا يَشْعُرُوْنَ٢٦
Wa hum yanhauna ‘anhu wa yan'auna ‘anh(u), wa iy yuhlikūna illā anfusahum wa mā yasy‘urūn(a).
[26] Wong kaphir mau padha mênging manut marang Nabi Mukhammad lan mênging ngèstokake Kuran. Kang mangkono mau ora nyilakani sapa-sapa, malah nyilakani marang awake dhewe, ewadene padha ora rumasa.

وَلَوْ تَرٰٓى اِذْ وُقِفُوْا عَلَى النَّارِ فَقَالُوْا يٰلَيْتَنَا نُرَدُّ وَلَا نُكَذِّبَ بِاٰيٰتِ رَبِّنَا وَنَكُوْنَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ٢٧
Wa lau tarā iż wuqifū ‘alan-nāsi fa qālū yā laitanā nuraddu wa lā nukażżiba bi'āyāti rabbinā wa nakūna minal-mu'minīn(a).
[27] (He Mukhammad) ing besuk sira andêlêng para wong kaphir nalikane padha digiring marang naraka, ing kono si kaphir padha munjuk: Adhuh, bok inggih kawula punika sami dipun wangsulakên dhatêng ing dunya malih, kawula sami sanggêm botên maibên ayating Pangeran kawula, utawi kawula badhe sami dados tiyang mukmin.

بَلْ بَدَا لَهُمْ مَّا كَانُوْا يُخْفُوْنَ مِنْ قَبْلُ ۗوَلَوْ رُدُّوْا لَعَادُوْا لِمَا نُهُوْا عَنْهُ وَاِنَّهُمْ لَكٰذِبُوْنَ٢٨
Bal badā lahum mā kānū yukhfūna min qabl(u), wa lau ruddū la‘ādū limā nuhū ‘anhu wa innahum lakāżibūn(a).
[28] Saiki wong kaphir padha kanyataan gumêlar ênggone biyèn padha ambatin kaphir. Saupama si kaphir mau padha diparêngake bali marang ing dunya manèh, mêsthi iya padha bali nêrak laranganing Pangeran manèh, dadi ênggone padha sanggêm akèh-akèh mau ora wurung bakal goroh.

وَقَالُوْٓا اِنْ هِيَ اِلَّا حَيَاتُنَا الدُّنْيَا وَمَا نَحْنُ بِمَبْعُوْثِيْنَ٢٩
Wa qālū in hiya illā ḥayātunad-dun-yā wa mā naḥnu bimab‘ūṡīn(a).
[29] Lan manèh wong kaphir mau manawa dibalèkake marang ing dunya manèh, mêsthi padha ngucap: Kauripan iku iya mung urip ana ing dunya nyiki[5] bae. Ing besuk aku ora bakal diuripake saka ing pati.

وَلَوْ تَرٰٓى اِذْ وُقِفُوْا عَلٰى رَبِّهِمْ ۗ قَالَ اَلَيْسَ هٰذَا بِالْحَقِّ ۗقَالُوْا بَلٰى وَرَبِّنَا ۗقَالَ فَذُوْقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنْتُمْ تَكْفُرُوْنَ ࣖ٣٠
Wa lau tarā iż wuqifū ‘alā rabbihim, qāla alaisa hāżā bil-ḥaqq(i), qālū balā wa rabbinā, qāla fa żūqul-‘ażāba bimā kuntum takfurūn(a).
[30] (He Mukhammad) ing besuk sira andêlênga para wong kaphir nalikane padha disebakake ana ngarsaning Pangerane, ing kono ana dhawuhing Allah: Lah iki apa ora nyata ananing kiyamat. Wong kaphir banjur padha munjuk: Dêmi Allah [Allah] Pangeran kawula, inggih sayêktos sapunika dintên kiyamat kanyataan. Allah dhawuh manèh: Saiki sira padha ngrasakna siksa, patrapane ênggonira biyèn padha maido.

قَدْ خَسِرَ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِلِقَاۤءِ اللّٰهِ ۗحَتّٰٓى اِذَا جَاۤءَتْهُمُ السَّاعَةُ بَغْتَةً قَالُوْا يٰحَسْرَتَنَا عَلٰى مَا فَرَّطْنَا فِيْهَاۙ وَهُمْ يَحْمِلُوْنَ اَوْزَارَهُمْ عَلٰى ظُهُوْرِهِمْۗ اَلَا سَاۤءَ مَا يَزِرُوْنَ٣١
Qad khasiral-lażīna każżabū biliqā'illāh(i), ḥattā iżā jā'athumus-sā‘atu bagtatan qālū yā ḥasratanā ‘alā mā farraṭnā fīhā, wa hum yaḥmilūna auzārahum ‘alā ẓuhūrihim, alā sā'a mā yazirūn(a).
[31] Sarupaning wong kang padha maido yèn ing têmbe bakal padha disebakake marang ngarsaning Allah, iku têtêp wong kapitunan. Wong mangkono mau ing besuk têkaning dina kiyamat kang satuhu ngagètake, mêsthi banjur nutuh awake, pangucape: Adhuh gêtun têmên aku ana ing dunya biyèn padha kainan. Wong mau padha anggendhong dosane ana ing gêgêre. Iba alane ênggone padha nandhang dosa mau.

وَمَا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَآ اِلَّا لَعِبٌ وَّلَهْوٌ ۗوَلَلدَّارُ الْاٰخِرَةُ خَيْرٌ لِّلَّذِيْنَ يَتَّقُوْنَۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ٣٢
Wa mal-ḥayātud-dun-yā illā la‘ibuw wa lahw(un), wa lad-dārul-ākhiratu khairul lil-lażīna yattaqūn(a), afalā ta‘qilūn(a).
[32] Kabungahaning urip ana ing dunya iku dudu barang-barang, satêmêne iku dolanan kang nglalèkake barang kang maidahi lan marakake andaleya, dene kabungahan ing jaman akhirat iku tumrap wong kang padha wêdi ing Allah luwih dening bêcik, sira apa ora padha duwe pikir kang mangkono mau.

قَدْ نَعْلَمُ اِنَّهٗ لَيَحْزُنُكَ الَّذِيْ يَقُوْلُوْنَ فَاِنَّهُمْ لَا يُكَذِّبُوْنَكَ وَلٰكِنَّ الظّٰلِمِيْنَ بِاٰيٰتِ اللّٰهِ يَجْحَدُوْنَ٣٣
Qad na‘lamu innahū layaḥzunukal-lażī yaqūlūna fa innahum lā yukażżibūnaka wa lākinnaẓ-ẓālimīna bi'āyātillāhi yajhadūn(a).
[33] Ingsun wis nguningani yèn wong kaphir ênggone [êng...][...gone] padha calathu maido iku andadèkake sêdhihira. (Sira aja sêdhih, awit) si kaphir mau satêmêne ora maido ing sira, ewadene wong kang padha nganiaya awake dhewe, iku padha gawe gêlar maido ayating Allah.

وَلَقَدْ كُذِّبَتْ رُسُلٌ مِّنْ قَبْلِكَ فَصَبَرُوْا عَلٰى مَا كُذِّبُوْا وَاُوْذُوْا حَتّٰٓى اَتٰىهُمْ نَصْرُنَا ۚوَلَا مُبَدِّلَ لِكَلِمٰتِ اللّٰهِ ۚوَلَقَدْ جَاۤءَكَ مِنْ نَّبَإِ۟ى الْمُرْسَلِيْنَ٣٤
Wa laqad kużżibat rusulum min qablika fa ṣabarū ‘alā mā kużżibū wa ūżū ḥattā atāhum naṣrunā, wa lā mubaddila likalimātillāh(i), wa laqad jā'aka min naba'il-mursalīn(a).
[34] Para rasul sadurungira biyèn uga padha dipaido nanging padha sabar ênggone padha dipaido lan dilarakake atine, wusana padha Ingsun tulungi. Wruhanira ora ana kang bisa ngowahi dhawuh pangandikaning Allah. Sira têmên wis diparingi wêruh caritane para rasul.

وَاِنْ كَانَ كَبُرَ عَلَيْكَ اِعْرَاضُهُمْ فَاِنِ اسْتَطَعْتَ اَنْ تَبْتَغِيَ نَفَقًا فِى الْاَرْضِ اَوْ سُلَّمًا فِى السَّمَاۤءِ فَتَأْتِيَهُمْ بِاٰيَةٍ ۗوَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَجَمَعَهُمْ عَلَى الْهُدٰى فَلَا تَكُوْنَنَّ مِنَ الْجٰهِلِيْنَ٣٥
Wa in kāna kabura ‘alaika i‘rāḍuhum fa inistaṭa‘ta an tabtagiya nafaqan fil-arḍi au sullaman fis-samā'i fa ta'tiyahum bi'āyah(tin), wa lau syā'allāhu lajama‘ahum ‘alal-hudā falā takūnanna minal-jāhilīn(a).
[35] Dene yèn bangêt sêdhihira marga dipadoni dening wong kaphir, iku manawa sira bisa, mara gawea luwangan kang nganti ambutulake bumi utawa gawea ăndha kang têkan ing langit, ing kono sira banjur nêkakna ayat saka sajroning bumi utawa saka dhuwuring langit, (nanging mêsthi ora bisa), upama kaparênga karsaning Allah, Allah mêsthi kuwasa angguyubake manungsa iki kabèh sayuk padha nêtêpi pituduhing Allah. Kang iku sira aja dadi wong bodho ora mangêrti.

۞ اِنَّمَا يَسْتَجِيْبُ الَّذِيْنَ يَسْمَعُوْنَ ۗوَالْمَوْتٰى يَبْعَثُهُمُ اللّٰهُ ثُمَّ اِلَيْهِ يُرْجَعُوْنَ٣٦
Innamā yastajībul-lażīna yasma‘ūn(a), wal-mautā yab‘aṡuhumullāhu ṡumma ilaihi yurja‘ūn(a).
[36] Kang mêsthi gêlêm sira ajak pracaya iku sarupane wong kang ngrungokake sarta ngrasakake Kuran. Dene wong kang padha mati kaphir, iku ing têmbe padha ditangèkake dening Allah saka ing pati, banjur padha diimpun marang pangayunaning Allah.

وَقَالُوْا لَوْلَا نُزِّلَ عَلَيْهِ اٰيَةٌ مِّنْ رَّبِّهٖۗ قُلْ اِنَّ اللّٰهَ قَادِرٌ عَلٰٓى اَنْ يُّنَزِّلَ اٰيَةً وَّلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ٣٧
Wa qālū lau lā nuzzila ‘alaihi āyatum mir rabbih(ī), qul innallāha qādirun ‘alā ay yunazzila āyataw wa lākinna akṡarahum lā ya‘lamūn(a).
[37] Wong kaphir ing Mêkah padha calathu: Yagene Nabi Mukhammad ora diparingi tăndha yêkti kaelokan saka Pangerane. (He Mukhammad) sira dhawuha: Satêmêne Allah kuwasa maringi tăndha yêkti, (kaya pêpanggile si kaphir) nanging si kaphir mau kang akèh padha ora wêruh (yèn têkaning yêkti iku cêpak bakal ambilaèni marang awake).

وَمَا مِنْ دَاۤبَّةٍ فِى الْاَرْضِ وَلَا طٰۤىِٕرٍ يَّطِيْرُ بِجَنَاحَيْهِ اِلَّآ اُمَمٌ اَمْثَالُكُمْ ۗمَا فَرَّطْنَا فِى الْكِتٰبِ مِنْ شَيْءٍ ثُمَّ اِلٰى رَبِّهِمْ يُحْشَرُوْنَ٣٨
Wa mā min dābbatin fil-arḍi wa lā ṭā'iriy yaṭīru bijanāḥaihi illā umamun amṡālukum, mā farraṭnā fil-kitābi min syai'in ṡumma ilā rabbihim yuḥsyarūn(a).
[38] Samubarang kang gumrêmêt ana ing bumi utawa manuk kang mabur sarana suwiwine loro, iku dudu barang-barang, satêmêne iku kabèh padha umating Allah kaya sira, samubarang kaanane padha katulis ana ing kitabing Allah (kang aran): Loh Mahphul (Loh têgêse papan, Mahphul, têgêse rinêksa, dicathêti. Dene kang diarani Loh Mahphul iku bukuning Allah, isi pêpêsthène sarupaning titah. Takriphat.) ora ana kang kêliwatan siji-sijia, ing têmbe bakal padha dikalumpukake marang pasamuwan pangadilaning Pangerane.

وَالَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا صُمٌّ وَّبُكْمٌ فِى الظُّلُمٰتِۗ مَنْ يَّشَاِ اللّٰهُ يُضْلِلْهُ وَمَنْ يَّشَأْ يَجْعَلْهُ عَلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ٣٩
Wal-lażīna każżabū bi'āyātinā ṣummuw wa bukmun fiẓ-ẓulumāt(i), may yasya'illāhu yuḍlilhu wa may yasya' yaj‘alhu ‘alā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[39] Dene wong kang padha maido ayat Ingsun Kuran, iku sanepane wong budhêg bisu manggon ana ing pêpêtêng. Sing sapa dikarsakake dening Allah dadi cilaka, banjur disasarake, dene kang diparêngake dadi bêgja, banjur dikarsakake ngambah dalan kang bênêr (Islam).

قُلْ اَرَءَيْتَكُمْ اِنْ اَتٰىكُمْ عَذَابُ اللّٰهِ اَوْ اَتَتْكُمُ السَّاعَةُ اَغَيْرَ اللّٰهِ تَدْعُوْنَۚ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٤٠
Qul ara'aitakum in atākum ‘ażābullāhi au atatkumus-sā‘atu agairallāhi tad‘ūn(a), in kuntum ṣādiqīn(a).
[40] (He Mukhammad) sira dhawuha: Kapriye panêmumu ênggonmu padha nyêmbah liyane Allah, manawa kowe katêkan siksaning Allah ana ing dunya, utawa katêkan dina kiyamat, ing kono kowe apa padha sêsambat marang liyane Allah, (mêsthi ora) yèn panêmumu têmên bênêr, sêsambata marang liyane Allah.

بَلْ اِيَّاهُ تَدْعُوْنَ فَيَكْشِفُ مَا تَدْعُوْنَ اِلَيْهِ اِنْ شَاۤءَ وَتَنْسَوْنَ مَا تُشْرِكُوْنَ ࣖ٤١
Bal iyyāhu tad‘ūna fa yaksyifu mā tad‘ūna ilaihi in syā'a wa tansauna mā tusyrikūn(a).
[41] Nanging kanyataane kowe padha sêsambat ing Allah, ing kono manawa kaparêng karsaning Allah, Allah banjur ambirat pakewuh kang padha kosuwun marang Allah birate, kowe banjur padha kêlalèn, ambanjurake ênggonmu padha maro tingal.

وَلَقَدْ اَرْسَلْنَآ اِلٰٓى اُمَمٍ مِّنْ قَبْلِكَ فَاَخَذْنٰهُمْ بِالْبَأْسَاۤءِ وَالضَّرَّاۤءِ لَعَلَّهُمْ يَتَضَرَّعُوْنَ٤٢
Wa laqad arsalnā ilā umamim min qablika fa akhażnāhum bil-ba'sā'i waḍ-ḍarrā'i la‘allahum yataḍarra‘ūn(a).
[42] (He Mukhammad) Ingsun wis ngutus Rasul marang para umat kuna sadurungira, (sarèhning para umat mau padha maido) Ingsun banjur ngudanake kamlaratan lan lêlara, supaya para umat mau banjur padha sumungkêm.

فَلَوْلَآ اِذْ جَاۤءَهُمْ بَأْسُنَا تَضَرَّعُوْا وَلٰكِنْ قَسَتْ قُلُوْبُهُمْ وَزَيَّنَ لَهُمُ الشَّيْطٰنُ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٤٣
Falau lā iż jā'ahum ba'sunā taḍarra‘ū wa lākin qasat qulūbuhum wa zayyana lahumusy-syaiṭānu mā kānū ya‘malūn(a).
[43] Yagene para umat mau nalikane padha katêkan siksaningsun, ora banjur padha sumungkêm, malah padha wangkot atine. Dene setan iku ambudi supaya para umat mau padha kêsêngsêma marang duraka kang sabêne wis padha dilakoni.

فَلَمَّا نَسُوْا مَا ذُكِّرُوْا بِهٖ فَتَحْنَا عَلَيْهِمْ اَبْوَابَ كُلِّ شَيْءٍۗ حَتّٰٓى اِذَا فَرِحُوْا بِمَآ اُوْتُوْٓا اَخَذْنٰهُمْ بَغْتَةً فَاِذَا هُمْ مُّبْلِسُوْنَ٤٤
Falammā nasū mā żukkirū bihī fataḥnā ‘alaihim abwāba kulli syai'(in), ḥattā iżā fariḥū bimā ūtū akhażnāhum bagtatan fa iżā hum mublisūn(a).
[44] Barêng para umat mau uwit padha lali, nglirwakake pitutur bêcik kang wis diwulanga dening Rasul, Ingsun banjur nglulu sarana Ingsun wêngani lawanging samubarang (bisa kalêksanan sadhengah kang dikarêpake) barêng wis padha bungah ênggone katêkan samubarang kang sinêdya, banjur Ingsun turuni siksa kang ngagètake, ing kono wong mau padha kaduwung kang ora kêna dibalèni.

فَقُطِعَ دَابِرُ الْقَوْمِ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْاۗ وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ٤٥
Fa quṭi‘a dābirul-qaumil-lażīna ẓalamū, wal-ḥamdu lillāhi rabbil-‘ālamīn(a).
[45] Wusana sarupane wong kang padha nganiaya awake [a...][...wake] dhewe mau padha disirnakake kabèh, sakèhing pangalêmbana iku konjuk ing Allah Pangeraning alam kabèh.

قُلْ اَرَاَيْتُمْ اِنْ اَخَذَ اللّٰهُ سَمْعَكُمْ وَاَبْصَارَكُمْ وَخَتَمَ عَلٰى قُلُوْبِكُمْ مَّنْ اِلٰهٌ غَيْرُ اللّٰهِ يَأْتِيْكُمْ بِهٖۗ اُنْظُرْ كَيْفَ نُصَرِّفُ الْاٰيٰتِ ثُمَّ هُمْ يَصْدِفُوْنَ٤٦
Qul ara'aitum in akhażallāhu sam‘akum wa abṣārakum wa khatama ‘alā qulūbikum man ilāhun gairullāhi ya'tīkum bih(ī), unẓur kaifa nuṣarriful-āyāti ṡumma hum yaṣdifūn(a).
[46] [6] (He Mukhammad) sira dhawuha: Kapriye panêmumu, saupama Allah mundhut pangrungumu lan pandêlêngmu, lan nutupi atimu, ing kono, liyane Allah, sapa kang koanggêp Pangeran bisa ambalèkake pangrungu pandêlêng lan pikirmu kang wis dipundhut dening Allah mau. (He Mukhammad) sira rasakna ênggon Ingsun anggênah-gênahake tăndha yêkti pirang-pirang, nanging wong kaphir padha nampik.

قُلْ اَرَاَيْتَكُمْ اِنْ اَتٰىكُمْ عَذَابُ اللّٰهِ بَغْتَةً اَوْ جَهْرَةً هَلْ يُهْلَكُ اِلَّا الْقَوْمُ الظّٰلِمُوْنَ٤٧
Qul ara'aitakum in atākum ‘ażābullāhi bagtatan au jahratan hal yuhlaku illal-qaumuẓ-ẓālimūn(a).
[47] (He Mukhammad) sira dhawuha: Kapriye pamikirmu marang awakmu, mênawa kowe padha katêkan siksaning Allah kang ngagètake utawa mawa cêcala, ing kono sapa kang bakal dirusak, ora liya mung wong kang padha nganiaya awake dhewe.

وَمَا نُرْسِلُ الْمُرْسَلِيْنَ اِلَّا مُبَشِّرِيْنَ وَمُنْذِرِيْنَۚ فَمَنْ اٰمَنَ وَاَصْلَحَ فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ٤٨
Wa mā nursilul-mursalīna illā mubasysyirīna wa munżirīn(a), faman āmana wa aṣlaḥa falā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[48] Enggon Ingsun ngutus para Rasul iku ora liya para Rasul mau mung padha ngêbang-êbang lan mêmêdèni. Dene sing sapa pracaya marang Allah sarta ambêcikake kalakuane, iku ing besuk ana ing akhirat bakal ora kuwatir apa-apa, lan padha ora kasusahan.

وَالَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا يَمَسُّهُمُ الْعَذَابُ بِمَا كَانُوْا يَفْسُقُوْنَ٤٩
Wal-lażīna każżabū bi'āyātinā yamassuhumul-‘ażābu bimā kānū yafsuqūn(a).
[49] Dene wong kang padha maido ayat Ingsun, iku ing besuk bakal padha kêna siksa marga ênggone padha duraka.

قُلْ لَّآ اَقُوْلُ لَكُمْ عِنْدِيْ خَزَاۤىِٕنُ اللّٰهِ وَلَآ اَعْلَمُ الْغَيْبَ وَلَآ اَقُوْلُ لَكُمْ اِنِّيْ مَلَكٌۚ اِنْ اَتَّبِعُ اِلَّا مَا يُوْحٰٓى اِلَيَّۗ قُلْ هَلْ يَسْتَوِى الْاَعْمٰى وَالْبَصِيْرُۗ اَفَلَا تَتَفَكَّرُوْنَ ࣖ٥٠
Qul lā aqūlu lakum ‘indī khazā'inullāhi wa lā a‘lamul-gaiba wa lā aqūlu lakum innī malak(un), in attabi‘u illā mā yūḥā ilayy(a), qul hal yastawil-a‘mā wal-baṣīr(u), afalā tatafakkarūn(a).
[50] (He Mukhammad) sira dhawuha: Aku ora mratelakake marang kowe kabèh yèn aku nyêkêl gêdhong pasimpênan, kagunganing Allah lan aku ora ngaku wêruh barang kang samar-samar, apadene aku ora mratelakake marang kowe kabèh yèn aku iki sawijining malaikat, dene kang tak lakoni ora liya mung ngèstokake barang kang wis didhawuhake dening Allah marang aku. (He Mukhammad) sira dhawuha: Apa wong picak lan wong andêlêng iku padha bae, (mêsthi beda) yagene kowe ora padha mikir kang têmênan.

وَاَنْذِرْ بِهِ الَّذِيْنَ يَخَافُوْنَ اَنْ يُّحْشَرُوْٓا اِلٰى رَبِّهِمْ لَيْسَ لَهُمْ مِّنْ دُوْنِهٖ وَلِيٌّ وَّلَا شَفِيْعٌ لَّعَلَّهُمْ يَتَّقُوْنَ٥١
Wa anżir bihil-lażīna yakhāfūna ay yuḥsyarū ilā rabbihim laisa lahum min dūnihī waliyyuw wa lā syafī‘ul la‘allahum yattaqūn(a).
[51] Kuran iku sira anggoa mêmêdèni marang wong kang padha kuwatir yèn ing têmbe padha digiring marang ngarsaning Allah Pangerane, rumăngsa bakal ora ana kang bisa nulungi awake [awa...] [...ke] utawa anggênêpi kêkurangane, kajaba mung Pangerane kang bisa, supaya wong mau padha wêdia ing Allah.

وَلَا تَطْرُدِ الَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ رَبَّهُمْ بِالْغَدٰوةِ وَالْعَشِيِّ يُرِيْدُوْنَ وَجْهَهٗ ۗمَا عَلَيْكَ مِنْ حِسَابِهِمْ مِّنْ شَيْءٍ وَّمَا مِنْ حِسَابِكَ عَلَيْهِمْ مِّنْ شَيْءٍ فَتَطْرُدَهُمْ فَتَكُوْنَ مِنَ الظّٰلِمِيْنَ٥٢
Wa lā taṭrudil-lażīna yad‘ūna rabbahum bil-gadāti wal-‘asyiyyi yurīdūna wajhah(ū), mā ‘alaika min ḥisābihim min syai'iw wa mā min ḥisābika ‘alaihim min syai'in fa taṭrudahum fa takūna minaẓ-ẓālimīn(a).
[52] Lan sira aja nyingkang-nyingkang wong miskin kang padha nyuwun marang Pangerane ing wayah esuk lan sore, ciptane suci mung murih kacêdhaka ing sariraning Pangeran, awit manawa si miskin mau ambatin kang ora bênêr, sira ora bakal kalepetan apa-apa, mangkono uga wong mau iya ora milu apa-apa kang kèlu saka lakunira.

وَكَذٰلِكَ فَتَنَّا بَعْضَهُمْ بِبَعْضٍ لِّيَقُوْلُوْٓا اَهٰٓؤُلَاۤءِ مَنَّ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ مِّنْۢ بَيْنِنَاۗ اَلَيْسَ اللّٰهُ بِاَعْلَمَ بِالشّٰكِرِيْنَ٥٣
Wa każālika fatannā ba‘ḍahum biba‘ḍil liyaqūlū ahā'ulā'i mannallāhu ‘alaihim mim baininā, alaisallāhu bi'a‘lama bisy-syākirīn(a).
[53] Mangkono uga Ingsun nyoba sawênèhing umatira kang sugih, kapriye panganggêpe marang kang miskin. Kang sugih apa padha ngucap: Kancaku kang ditulungi dening Allah olèh pituduh bênêr, apa wong miskin iku, (pangandikaning Allah): Allah apa ora nguningani luwih dening têrang marang wong kang padha sukur ing Allah.

وَاِذَا جَاۤءَكَ الَّذِيْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِاٰيٰتِنَا فَقُلْ سَلٰمٌ عَلَيْكُمْ كَتَبَ رَبُّكُمْ عَلٰى نَفْسِهِ الرَّحْمَةَۙ اَنَّهٗ مَنْ عَمِلَ مِنْكُمْ سُوْۤءًاۢ بِجَهَالَةٍ ثُمَّ تَابَ مِنْۢ بَعْدِهٖ وَاَصْلَحَ فَاَنَّهٗ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ٥٤
Wa iżā jā'akal-lażīna yu'minūna bi'āyātinā fa qul salāmun ‘alaikum kataba rabbukum ‘alā nafsihir-raḥmah(ta), annahū man ‘amila minkum sū'am bijahālatin ṡumma tāba mim ba‘dihī wa aṣlaḥa fa annahū gafūrur raḥīm(un).
[54] Wong kang padha pracaya marang ayat Ingsun manawa seba marang sira, iku sira bagèkna mangkene: Kowe padha slamêta, Pangeranmu namtokake marang sarirane piyambak, mêsthi paring sih kowe kabèh sing sapa nglakoni ala nanging ora wêruh yèn iku bakal ana patrapane, sawise nglakoni sarta wêruh yèn ana patrapane, banjur tobat sarta ambêcikake kalakuane, (iku mêsthi olèh pangapura, awit) Allah iku ngapura dosa tur Maha-asih.

وَكَذٰلِكَ نُفَصِّلُ الْاٰيٰتِ وَلِتَسْتَبِيْنَ سَبِيْلُ الْمُجْرِمِيْنَ ࣖ٥٥
Wa każālika nufaṣṣilul-āyāti wa litastabīna sabīlal-mujrimīn(a).
[55] Mangkono uga Ingsun nêrang-nêrangake ayating Kuran (supaya barang kang nyata bênêr iku gumêlar) lan supaya dalane wong kang padha dosa iku cêtha wela-wela.

قُلْ اِنِّيْ نُهِيْتُ اَنْ اَعْبُدَ الَّذِيْنَ تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۗ قُلْ لَّآ اَتَّبِعُ اَهْوَاۤءَكُمْۙ قَدْ ضَلَلْتُ اِذًا وَّمَآ اَنَا۠ مِنَ الْمُهْتَدِيْنَ٥٦
Qul innī nuhītu an a‘budal-lażīna tad‘ūna min dūnillāh(i), qul lā attabi‘u ahwā'akum, qad ḍalaltu iżaw wa mā ana minal-muhtadīn(a).
[56] (He Mukhammad) sira dhawuha: Aku iki dilarangi, ora kêna nyêmbah brahala kang padha kosêmbah, dudu Allah, apadene sira dhawuha manèh: Aku ora manut ing sakarêp-karêpmu, manawa aku manut, bakal kêsasar, lan aku ora olèh pituduh bênêr.

قُلْ اِنِّيْ عَلٰى بَيِّنَةٍ مِّنْ رَّبِّيْ وَكَذَّبْتُمْ بِهٖۗ مَا عِنْدِيْ مَا تَسْتَعْجِلُوْنَ بِهٖۗ اِنِ الْحُكْمُ اِلَّا لِلّٰهِ ۗيَقُصُّ الْحَقَّ وَهُوَ خَيْرُ الْفٰصِلِيْنَ٥٧
Qul innī ‘alā bayyinatim mir rabbī wa każżabtum bih(ī), mā ‘indī mā tasta‘jilūna bih(ī), inil-ḥukmu illā lillāh(i), yaquṣṣul-ḥaqqa wa huwa khairul-fāṣilīn(a).
[57] (He Mukhammad) sira dhawuha: Aku iki nêtêpi parentahe Pangeranku, kang wis dikukuhake kalawan tăndha yêkti, kowe padha maido marang Pangeranku, emane aku ora nyêkêl siksa kang padha sira gege, wruhanamu, kang ngasta kungkum iku ora ana manèh kajaba mung Allah piyambak, iku kang mancasi prakara- kara.

قُلْ لَّوْ اَنَّ عِنْدِيْ مَا تَسْتَعْجِلُوْنَ بِهٖ لَقُضِيَ الْاَمْرُ بَيْنِيْ وَبَيْنَكُمْ ۗوَاللّٰهُ اَعْلَمُ بِالظّٰلِمِيْنَ٥٨
Qul lau anna ‘indī mā tasta‘jilūna bihī laquḍiyal-amru bainī wa bainakum, wallāhu a‘lamu biẓ-ẓālimīn(a).
[58] (He Mukhammad) sira dhawuha manèh: Upama aku nyêkêla siksa kang pada kogege iku, mêsthi prakaraku lan kowe iki rampung padha sanalika iki, (nanging karampungan iku ana ngastaning Allah) Allah iku nguningani wong kang padha nganiaya awake dhewe.

۞ وَعِنْدَهٗ مَفَاتِحُ الْغَيْبِ لَا يَعْلَمُهَآ اِلَّا هُوَۗ وَيَعْلَمُ مَا فِى الْبَرِّ وَالْبَحْرِۗ وَمَا تَسْقُطُ مِنْ وَّرَقَةٍ اِلَّا يَعْلَمُهَا وَلَا حَبَّةٍ فِيْ ظُلُمٰتِ الْاَرْضِ وَلَا رَطْبٍ وَّلَا يَابِسٍ اِلَّا فِيْ كِتٰبٍ مُّبِيْنٍ٥٩
Wa ‘indahū mafātiḥul-gaibi lā ya‘lamuhā illā huw(a), wa ya‘lamu mā fil-barri wal-baḥr(i), wa mā tasquṭu miw waraqatin illā ya‘lamuhā wa lā ḥabbatin fī ẓulumātil-arḍi wa lā raṭbiw wa lā yābisin illā fī kitābim mubīn(in).
[59] Allah iku kagungan gêdhong pasimpênaning kawruh gaib, gêdhong mau ora ana kang wêruh kajaba mung Allah piyambak, lan manèh Allah iku nguningani samubarang isining dharatan lan isining sagara, sanadyan godhong salêmbar kang runtuh saka ing gantilane, utawa wiji saêlas kang kêpêndhêm ing bumi, wiji têlês utawa garing, kabèh mau mêsthi diuningani dening Allah, lan uga kêtulis ana kitabing Allah kang têrang, (Loh Mahphul).

وَهُوَ الَّذِيْ يَتَوَفّٰىكُمْ بِالَّيْلِ وَيَعْلَمُ مَا جَرَحْتُمْ بِالنَّهَارِ ثُمَّ يَبْعَثُكُمْ فِيْهِ لِيُقْضٰٓى اَجَلٌ مُّسَمًّىۚ ثُمَّ اِلَيْهِ مَرْجِعُكُمْ ثُمَّ يُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ ࣖ٦٠
Wa huwal-lażī yatawaffākum bil-laili wa ya‘lamu mā jaraḥtum bin-nahāri ṡumma yab‘aṡukum fīhi liyuqḍā ajalum musammā(n), ṡumma ilaihi marji‘ukum ṡumma yunabbi'ukum bimā kuntum ta‘malūn(a).
[60] Allah iku kang mundhut nyawanira nalikane sira turu ing wayah wêngi, barêng wis awan, Allah ambalèkake nyawa mau marang awakira [awakira] wadhag, lan nguningani samubarang kang padha sira lakoni ing wayah awan, kang mangkono mau supaya gênêp pêpêsthèning umur kang wis tinamtokake, sira banjur padha bali marang pangayunaning Allah, ing kono Allah banjur anjalèntrèhake samubarang kang wis padha sira lakoni ana ing dunya.

وَهُوَ الْقَاهِرُ فَوْقَ عِبَادِهٖ وَيُرْسِلُ عَلَيْكُمْ حَفَظَةً ۗحَتّٰٓى اِذَا جَاۤءَ اَحَدَكُمُ الْمَوْتُ تَوَفَّتْهُ رُسُلُنَا وَهُمْ لَا يُفَرِّطُوْنَ٦١
Wa huwal-qāhiru fauqa ‘ibādihī wa yursilu ‘alaikum ḥafaẓah(tan), ḥattā iżā jā'a aḥadakumul-mautu tawaffathu rusulunā wa hum lā yufarriṭūn(a).
[61] Allah iku kang masesa ana sadhuwuring kawulane, lan kang matah malaikat rumêksa ing awakira, nyathêti laku-lakunira, nganti tumêka ing patinira, ing kono utusaningsun malaikat pati banjur ambêthot nyawaning wong mau. Para malaikat utusan mau ora ana kang kèthèr ênggone nglakoni kuwajibane.

ثُمَّ رُدُّوْٓا اِلَى اللّٰهِ مَوْلٰىهُمُ الْحَقِّۗ اَلَا لَهُ الْحُكْمُ وَهُوَ اَسْرَعُ الْحٰسِبِيْنَ٦٢
Ṡumma ruddū ilallāhi maulāhumul-ḥaqq(i), alā lahul-ḥukmu wa huwa asra‘ul-ḥāsibīn(a).
[62] Sawise mangkono para titah banjur padha digiring marang pangayunaning Allah, iya iku Pangerane kang nyata. Khukum iku kagunganing Allah piyambak, Allah iku panimbange rikat bangêt, ngungkuli wong kang padha nimbang prakara.

قُلْ مَنْ يُّنَجِّيْكُمْ مِّنْ ظُلُمٰتِ الْبَرِّ وَالْبَحْرِ تَدْعُوْنَهٗ تَضَرُّعًا وَّخُفْيَةً ۚ لَىِٕنْ اَنْجٰىنَا مِنْ هٰذِهٖ لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الشّٰكِرِيْنَ٦٣
Qul may yunajjīkum min ẓulumātil-barri wal-baḥri tad‘ūnahū taḍarru‘aw wa khufyah(tan), la'in anjānā min hāżihī lanakūnanna minasy- syākirīn(a).
[63] (He Mukhammad) sira dhawuha: Sapa kang nyalamêtake sira saka pakewuhing dharatan [dharatan] lan pakewuhing sagara, kang sira suwun-suwuni lair trusing batin. Lan nyuwunira: Mênawi Tuwan paring wilujêng dhumatêng kawula saking pakèwêd punika, mêsthi kawula pitados saha sukur ing Tuwan.

قُلِ اللّٰهُ يُنَجِّيْكُمْ مِّنْهَا وَمِنْ كُلِّ كَرْبٍ ثُمَّ اَنْتُمْ تُشْرِكُوْنَ٦٤
Qulillāhu yunajjīkum minhā wa min kulli karbin ṡumma antum tusyrikūn(a).
[64] Sira dhawuha: Allah kang mêsthi nyalamêtake kowe saka pakewu hing dharatan lan pakewuh ing sagara, lan saka sarupaning kasusahan, sawise disalamêtake kowe banjur padha maro tingal.

قُلْ هُوَ الْقَادِرُ عَلٰٓى اَنْ يَّبْعَثَ عَلَيْكُمْ عَذَابًا مِّنْ فَوْقِكُمْ اَوْ مِنْ تَحْتِ اَرْجُلِكُمْ اَوْ يَلْبِسَكُمْ شِيَعًا وَّيُذِيْقَ بَعْضَكُمْ بَأْسَ بَعْضٍۗ اُنْظُرْ كَيْفَ نُصَرِّفُ الْاٰيٰتِ لَعَلَّهُمْ يَفْقَهُوْنَ٦٥
Qul huwal-qādiru ‘alā ay yab‘aṡa ‘alaikum ‘ażābam min fauqikum au min taḥti arjulikum au yalbisakum syiya‘aw wa yużīqa ba‘ḍakum ba'sa ba‘ḍ(in), unẓur kaifa nuṣarriful-āyāti la‘allahum yafqahūn(a).
[65] (He Mukhammad) sira dhawuha: Allah iku kuwasa nungkêbi siksa marang sira saka ing dhuwurira utawa saka ngisoring sikilira, lan kuwasa ambubarake paguyubanira, lan kuwasa ambubarake paguyubanira, apadene siji-sijining wong padha diwêruhake rasaning piala saka kancane. Sira andêlênga ênggon Ingsun nêrang-nêrangake tăndha yêkti, supaya manungsa padha ngêrtia.

وَكَذَّبَ بِهٖ قَوْمُكَ وَهُوَ الْحَقُّۗ قُلْ لَّسْتُ عَلَيْكُمْ بِوَكِيْلٍ ۗ٦٦
Wa każżaba bihī qaumuka wa huwal-ḥaqq(u), qul lastu ‘alaikum biwakīl(in).
[66] Para umatira banjur padha maido Kuran, tur Kuran iku bênêr, tên[7] saka ing Allah. (He Mukhammad) sira dhawuha: Aku ora kuwajiban mêksa ing kowe. Sarupaning dhawuh, [dha...][...wuh,] (kaya ta dhawuh bakal niksa marang kowe kabèh) iku ana mangsane kang tinamtokake, ing besuk kowe bakal padha wêruh nyatane.

لِكُلِّ نَبَاٍ مُّسْتَقَرٌّ وَّسَوْفَ تَعْلَمُوْنَ٦٧
Likulli naba'im mustaqarruw wa saufa ta‘lamūn(a).
[67] Mênawa sira andêlêng wong kang padha nyulayani anggêguyu ayat Ingsun, iku padha singkirana, kajaba yèn banjur ambalik, nyulayani sarupaning carita liyane Kuran. Dene yèn sira dilalèkake dening setan (lêlinggihan lan wong mau) iku mênawa sira wis kelingan, (banjur nglunganana) aja lêlinggihan lan wong kang padha nganiaya awake dhewe.

وَاِذَا رَاَيْتَ الَّذِيْنَ يَخُوْضُوْنَ فِيْٓ اٰيٰتِنَا فَاَعْرِضْ عَنْهُمْ حَتّٰى يَخُوْضُوْا فِيْ حَدِيْثٍ غَيْرِهٖۗ وَاِمَّا يُنْسِيَنَّكَ الشَّيْطٰنُ فَلَا تَقْعُدْ بَعْدَ الذِّكْرٰى مَعَ الْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ٦٨
Wa iżā ra'aital-lażīna yakhūḍūna fī āyātinā fa a‘riḍ ‘anhum ḥattā yakhūḍū fī ḥadīṡin gairih(ī), wa immā yunsiyannakasy-syaiṭānu falā taq‘ud ba‘daż-żikrā ma‘al-qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[68] Wong kang padha wêdi ing Allah ora bakal kalepetan apa-apa saka kaluputane wong kang padha nyulayani ayating Allah mau, nanging iya wajib ngelingake marang wong mau, supaya padha milu wêdi ing Allah.

وَمَا عَلَى الَّذِيْنَ يَتَّقُوْنَ مِنْ حِسَابِهِمْ مِّنْ شَيْءٍ وَّلٰكِنْ ذِكْرٰى لَعَلَّهُمْ يَتَّقُوْنَ٦٩
Wa mā ‘alal-lażīna yattaqūna min ḥisābihim min syai'iw wa lākin żikrā la‘allahum yattaqūn(a).
[69] Sarupane wong kang nganggo dêdolanan utawa gêguyon marang agama kang diwajibake marang awake, (iya iku agama Islam) sarta kêblingêr milih kabungahan ing dunya, iku sira togna bae, (aja sira lawan [la...][...wan] ing pêrang). Sira mituturana lan nyurup- nyurupna marang manungsa, apa sasurasaning Kuran, supaya aja ana awak kang nekad marang karusakan kalawan kaluputan kang wis dilakoni. Awak mau ora duwe andêl-andêl liyane Allah, lan ora ana kang bisa angganêpi kêkurangane kajaba Allah. Awak mau upama bisa ngaturake têbusan sarana apa bae, mêsthi ora ditampani. Sarupane wong kang nganggo dêdolanan utawa gêguyon marang agama Islam mau têtêp wong nekad marang karusakan sarana kaluputan kang wis padha dilakoni, iku ing besuk bakal padha diombèni wedang kang katog panase, lan bakal disiksa kang nglarani, minăngka patrapane ênggone padha kaphir.

وَذَرِ الَّذِيْنَ اتَّخَذُوْا دِيْنَهُمْ لَعِبًا وَّلَهْوًا وَّغَرَّتْهُمُ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَا وَذَكِّرْ بِهٖٓ اَنْ تُبْسَلَ نَفْسٌۢ بِمَا كَسَبَتْۖ لَيْسَ لَهَا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَلِيٌّ وَّلَا شَفِيْعٌ ۚوَاِنْ تَعْدِلْ كُلَّ عَدْلٍ لَّا يُؤْخَذْ مِنْهَاۗ اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ اُبْسِلُوْا بِمَا كَسَبُوْا لَهُمْ شَرَابٌ مِّنْ حَمِيْمٍ وَّعَذَابٌ اَلِيْمٌ ۢبِمَا كَانُوْا يَكْفُرُوْنَ ࣖ٧٠
Wa żaril-lażīnattakhażū dīnahum la‘ibaw wa lahwaw wa garrathumul-ḥayātud-dun-yā wa żakkir bihī an tubsala nafsum bimā kasabat, laisa lahā min dūnillāhi waliyyuw wa lā syafī‘(un), wa in ta‘dil kulla ‘adlil lā yu'khaż minhā, ulā'ikal-lażīna ubsilū bimā kasabū lahum syarābum min ḥamīmiw wa ‘ażābun alīmum bimā kānū yakfurūn(a).
[70] (He Mukhammad) sira dhawuha: Aku ora pisan nyêmbah liyaning Allah, awit iku barang ora bisa makolèhake marang aku lan ora bisa gawe kamlaratan marang aku, upama aku nglakoni mangkono, dadi sawise aku dituduhake dening Allah marang agama Islam, aku nêmaha anjungkêl marang tungkakku, [tung....kakku,] padha bae lan wong kang disasarake dening setan, ana ing bumi banjur bingung, iya duwe kănca kang ajak-ajak marang pituduh bênêr, pangundange: Kowe marenea. (Nanging kang diundang ora maèlu, he Mukhammad) sira dhawuha: Satêmêne pituduhing Allah agama Islam iku pituduh kang bênêr. Aku sakancaku wong Islam kabèh padha didhawuhi ngèstokake parentahing Allah Pangerane ngalam kabèh.

قُلْ اَنَدْعُوْا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مَا لَا يَنْفَعُنَا وَلَا يَضُرُّنَا وَنُرَدُّ عَلٰٓى اَعْقَابِنَا بَعْدَ اِذْ هَدٰىنَا اللّٰهُ كَالَّذِى اسْتَهْوَتْهُ الشَّيٰطِيْنُ فِى الْاَرْضِ حَيْرَانَ لَهٗٓ اَصْحٰبٌ يَّدْعُوْنَهٗٓ اِلَى الْهُدَى ائْتِنَا ۗ قُلْ اِنَّ هُدَى اللّٰهِ هُوَ الْهُدٰىۗ وَاُمِرْنَا لِنُسْلِمَ لِرَبِّ الْعٰلَمِيْنَۙ٧١
Qul anad‘ū min dūnillāhi mā lā yanfa‘unā wa lā yaḍurrunā wa nuraddu ‘alā a‘qābinā ba‘da iż hadānallāhu kal-lażīstahwathusy-syayāṭīnu fil-arḍi ḥairāna lahū aṣḥābuy yad‘ūnahū ilal-huda'tinā, qul inna hudallāhi huwal-hudā, wa umirnā linuslima lirabbil-‘ālamīn(a).
[71] Lan uga padha didhawuhi nglakoni sêmbayang, apadene wêdi ing Allah. Kowe iku kabèh ing têmbe bakal padha ditangèkake saka ing pati sarta diimpun marang pangayunaning Allah.

وَاَنْ اَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاتَّقُوْهُۗ وَهُوَ الَّذِيْٓ اِلَيْهِ تُحْشَرُوْنَ٧٢
Wa aqīmuṣ-ṣalāta wattaqūh(u), wa huwal-lażī ilaihi tuḥsyarūn(a).
[72] Allah iku kang nitahake bumi lan langit, mawa piguna. Mangkono uga sira nyaritakna dina kiyamat, ing kono Allah ngandika: Anaa. Padha sanalika banjur ana kaya sakarsaning Allah.

وَهُوَ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ بِالْحَقِّۗ وَيَوْمَ يَقُوْلُ كُنْ فَيَكُوْنُۚ قَوْلُهُ الْحَقُّۗ وَلَهُ الْمُلْكُ يَوْمَ يُنْفَخُ فِى الصُّوْرِۗ عٰلِمُ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ وَهُوَ الْحَكِيْمُ الْخَبِيْرُ٧٣
Wa huwal-lażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa bil-ḥaqq(i), wa yauma yaqūlu kun fa yakūn(u), qauluhul-ḥaqq(u), wa lahul-mulku yauma yunfakhu fiṣ-ṣūr(i), ‘ālimul-gaibi wasy-syahādati wa huwal-ḥakīmul-khabīr(u).
[73] Pangandikaning Allah iku têmên mêsthi kalêksanan, Allah iku kagungan karaton, ngratoni dina kiyamat, nalikane malai- [malai...][...-] kat Israphil andamu sêmpronge kang isi nyawane para titah kabèh, Allah iku nguningani samubarang kang gaib lan kang kasat mata, Allah iku wicaksana tur waspada.

۞ وَاِذْ قَالَ اِبْرٰهِيْمُ لِاَبِيْهِ اٰزَرَ اَتَتَّخِذُ اَصْنَامًا اٰلِهَةً ۚاِنِّيْٓ اَرٰىكَ وَقَوْمَكَ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٧٤
Wa iż qāla ibrāhīmu li'abīhi āzara atattakhiżu aṣnāman ālihah(tan), innī arāka wa qaumaka fī ḍalālim mubīn(in).
[74] (He Mukhammad): sira nyaritakna nalikane Nabi Ibrahim matur marang bapakne aran: Azar: awit saking punapa sampeyan têka mangeran dhatêng brahala. Pamanggih kula, sampeyan punika dalah para santana sampeyan, têtela sami kêsasar.

وَكَذٰلِكَ نُرِيْٓ اِبْرٰهِيْمَ مَلَكُوْتَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَلِيَكُوْنَ مِنَ الْمُوْقِنِيْنَ٧٥
Wa każālika nurī ibrāhīma malakūtas-samāwāti wal-arḍi wa liyakūna minal-mūqinīn(a).
[75] Mangkono uga Ingsun nontonake Nabi Ibrahim, Ingsun tontonake karaton bumi lan langit, supaya dadia wong kang têrang sêsurupane.

فَلَمَّا جَنَّ عَلَيْهِ الَّيْلُ رَاٰ كَوْكَبًا ۗقَالَ هٰذَا رَبِّيْۚ فَلَمَّآ اَفَلَ قَالَ لَآ اُحِبُّ الْاٰفِلِيْنَ٧٦
Falammā janna ‘alaihil-lailu ra'ā kaukabā(n), qāla hāżā rabbī, falammā afala qāla lā uḥibbul-āfilīn(a).
[76] Nalikane ing wayah bêngi kang pêtêng Nabi Ibrahim mau andêlêng lintang Sukra, banjur calathu marang para sanake, layak lintang sukra iki kang padha koarani pangeranku. Barêng lintang sukra mau wus ilang (surup) Nabi Ibrahim mêdharake panêmune: Aku ora dhêmên mangeran barang kang bisa ilang.

فَلَمَّا رَاَ الْقَمَرَ بَازِغًا قَالَ هٰذَا رَبِّيْ ۚفَلَمَّآ اَفَلَ قَالَ لَىِٕنْ لَّمْ يَهْدِنِيْ رَبِّيْ لَاَكُوْنَنَّ مِنَ الْقَوْمِ الضَّاۤلِّيْنَ٧٧
Falammā ra'al-qamara bāzigan qāla hāżā rabbī, falammā afala qāla la'illam yahdinī rabbī la'akūnanna minal-qaumiḍ-ḍāllīn(a).
[77] Barêng Nabi Ibrahim mau andêlêng rêmbulan [rêmbulan] andhadhari banjur calathu marang para sanake: Bokmanawa rêmbulan iki kang padha koarani pangeranku. Barêng rêmbulan mau wis surup, Nabi Ibrahim mêdharake pangunandikane: Mênawa Pangeranku ora paring pituduh bênêr marang aku, mêsthi aku iki bakal dadi wong kêsasar.

فَلَمَّا رَاَ الشَّمْسَ بَازِغَةً قَالَ هٰذَا رَبِّيْ هٰذَآ اَكْبَرُۚ فَلَمَّآ اَفَلَتْ قَالَ يٰقَوْمِ اِنِّيْ بَرِيْۤءٌ مِّمَّا تُشْرِكُوْنَ٧٨
Falammā ra'asy-syamsa bāzigatan qāla hāżā rabbī hāżā akbar(u), falammā afalat qāla yā qaumi innī barī'um mimmā tusyrikūn(a).
[78] Barêng Nabi Ibrahim mau andêlêng srêngenge mêtu saka wetan, banjur calathu: Kang mêsthi srêngenge iki kang padha koarani Pangeranku, awit padha-padha lintang, srêngenge iku gêdhe dhewe. Barêng srêngenge mau wis surup, Nabi Ibrahim mêdharake kêkêncênganing panêmune, he para sanakku kabèh, mungguh ênggonmu padha maro tingal iku aku wisuh ora milu-milu.

اِنِّيْ وَجَّهْتُ وَجْهِيَ لِلَّذِيْ فَطَرَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ حَنِيْفًا وَّمَآ اَنَا۠ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَۚ٧٩
Innī wajjahtu wajhiya lil-lażī faṭaras-samāwāti wal-arḍa ḥanīfaw wa mā ana minal-musyrikīn(a).
[79] Satêmêne aku ngadhêpake raiku, nyêmbah ing Pangeran kang nitahake bumi lan langit, mènglèng utawa manut marang agama kang bênêr. Aku iki dudu ewone wong kang padha maro tingal.

وَحَاۤجَّهٗ قَوْمُهٗ ۗقَالَ اَتُحَاۤجُّوْۤنِّيْ فِى اللّٰهِ وَقَدْ هَدٰىنِۗ وَلَآ اَخَافُ مَا تُشْرِكُوْنَ بِهٖٓ اِلَّآ اَنْ يَّشَاۤءَ رَبِّيْ شَيْـًٔا ۗوَسِعَ رَبِّيْ كُلَّ شَيْءٍ عِلْمًا ۗ اَفَلَا تَتَذَكَّرُوْنَ٨٠
Wa ḥājjahū qaumuh(ū), qāla atuḥājjūnnī fillāhi wa qad hadān(i), wa lā akhāfu mā tusyrikūna bihī illā ay yasyā'a rabbī syai'ā(n), wasi‘a rabbī kulla syai'in ‘ilmā(n), afalā tatażakkarūn(a).
[80] Ing kono para sanake Nabi Ibrahim padha madoni. Wangsulane Nabi Ibrahim: [Ibrahim:] Yagene kowe padha madoni marang aku bab kapracayan marang Allah, Allah wis paring pituduh marang aku, mulane aku ora pisan wêdi marang brahala kang padha kosêmbah iku, kajaba yèn Pangeranku ngarsakake paring rêribêd marang aku, iku aku wêdi, Pangeranku ênggone nguningani samubarang, têbane jêmbar bangêt, tanpa wêkasan. Yagene kowe padha mikir kang mangkono mau.

وَكَيْفَ اَخَافُ مَآ اَشْرَكْتُمْ وَلَا تَخَافُوْنَ اَنَّكُمْ اَشْرَكْتُمْ بِاللّٰهِ مَا لَمْ يُنَزِّلْ بِهٖ عَلَيْكُمْ سُلْطٰنًا ۗفَاَيُّ الْفَرِيْقَيْنِ اَحَقُّ بِالْاَمْنِۚ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَۘ٨١
Wa kaifa akhāfu mā asyraktum wa lā takhāfūna annakum asyraktum billāhi mā lam yunazzil bihī ‘alaikum sulṭānā(n), fa ayyul-farīqaini aḥaqqu bil-amn(i), in kuntum ta‘lamūn(a).
[81] . Kapriye yèn aku wêdia marang brahala kang padha kosêmbah iku, lan sabab apa kowe padha ora wêdi utawa tanpa kuwatir ênggonmu padha maro tingal, nyêmbah liyaning Allah, iya iku brahala kang ora bisa gawe tăndha yêkti marang kowe. Yèn kowe dhasar wêruh: mara têrangna, mungguh wong rong golongan, wong mukmin lan wong maro tingal, iku êndi kang bênêre olèh kaslamêtan.

اَلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَلَمْ يَلْبِسُوْٓا اِيْمَانَهُمْ بِظُلْمٍ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمُ الْاَمْنُ وَهُمْ مُّهْتَدُوْنَ ࣖ٨٢
Al-lażīna āmanū wa lam yalbisū īmānahum biẓulmin ulā'ika lahumul-amnu wa hum muhtadūn(a).
[82] Sarupane wong mukmin kang pracayane ora kaworan panganiaya maro tingal, iku kabèh padha olèh kaslamêtan, kalis saka ing siksa, sarta kabèh padha olèh pituduh [pituduh] dalan kang bênêr.

وَتِلْكَ حُجَّتُنَآ اٰتَيْنٰهَآ اِبْرٰهِيْمَ عَلٰى قَوْمِهٖۗ نَرْفَعُ دَرَجٰتٍ مَّنْ نَّشَاۤءُۗ اِنَّ رَبَّكَ حَكِيْمٌ عَلِيْمٌ٨٣
Wa tilka ḥujjatunā ātaināhā ibrāhīma ‘alā qaumih(ī), narfa‘u darajātim man nasyā'(u), inna rabbaka ḥakīmun ‘alīm(un).
[83] Dene padune Nabi Ibrahim tumrap marang para sanake mau, iya iku wêwaton Ingsun kang wis Ingsun wisikake marang Nabi Ibrahim, kanggo mancahi marang para sanake. Ingsun anjunjung dajarating wong kang dadi parênging karsaningsun, satêmêne Pangeranira iku wicaksana tur nguningani samubarang.

وَوَهَبْنَا لَهٗٓ اِسْحٰقَ وَيَعْقُوْبَۗ كُلًّا هَدَيْنَا وَنُوْحًا هَدَيْنَا مِنْ قَبْلُ وَمِنْ ذُرِّيَّتِهٖ دَاوٗدَ وَسُلَيْمٰنَ وَاَيُّوْبَ وَيُوْسُفَ وَمُوْسٰى وَهٰرُوْنَ ۗوَكَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَۙ٨٤
Wa wahabnā lahū isḥāqa wa ya‘qūb(a), kullan hadainā wa nūḥan hadainā min qablu wa min żurriyyatihī dāwūda wa sulaimāna wa ayyūba wa yūsufa wa mūsā wa hārūna wa każālika najzil-muḥsinīn(a).
[84] Lan Ingsun paring anak marang Nabi Ibrahim, aran Nabi Iskak, lan putu aran Nabi Yakub, nabi loro mau padha Ingsun paringi pituduh bênêr. Sadurunge iku Nabi Nuh iya Ingsun paringi pituduh. Lan turune Nabi Nuh sawatara iya Ingsun paringi pituduh bênêr. Kaya ta: Nabi Dawud lan Nabi Suleman, Nabi Ayub lan Nabi Yusuph, Nabi Musa lan Nabi Harun, mangkono uga Ingsun angganjar wong kang padha gawe kabêcikan.

وَزَكَرِيَّا وَيَحْيٰى وَعِيْسٰى وَاِلْيَاسَۗ كُلٌّ مِّنَ الصّٰلِحِيْنَۙ٨٥
Wa zakariyyā wa yaḥyā wa ‘īsā wa ilyās(a), kullum minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[85] Lan kaya ta: Nabi Zakariya lan Nabi Yahya lan Nabi Ngisa lan Nabi Ilyas. Kabèh iku kalêbu ewone wong bêcik.

وَاِسْمٰعِيْلَ وَالْيَسَعَ وَيُوْنُسَ وَلُوْطًاۗ وَكُلًّا فَضَّلْنَا عَلَى الْعٰلَمِيْنَۙ٨٦
Wa ismā‘īla wal-yasa‘a wa yūnusa wa lūṭā(n), wa kullan faḍḍalnā ‘alal-‘ālamīn(a).
[86] Lan kaya ta: Nabi Ismangil lan Nabi Ilyasak, [Ilyasak,]lan Nabi Yunus lan Nabi Lut. Kabèh iku padha Ingsun dadèkake wong linuwih, ngungkuli wong sajagad kabèh.

وَمِنْ اٰبَاۤىِٕهِمْ وَذُرِّيّٰتِهِمْ وَاِخْوَانِهِمْ ۚوَاجْتَبَيْنٰهُمْ وَهَدَيْنٰهُمْ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ٨٧
Wa min ābā'ihim wa żurriyyātihim wa ikhwānihim, wajtabaināhum wa hadaināhum ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[87] Lêluhure lan turune lan sadulure para nabi mau, ana sawatara kang Ingsun paringi pituduh bênêr. Para nabi mau padha Ingsun pilih lan Ingsun tuduhake dalan kang bênêr.

ذٰلِكَ هُدَى اللّٰهِ يَهْدِيْ بِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖ ۗوَلَوْ اَشْرَكُوْا لَحَبِطَ عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٨٨
Żālika hudallāhi yahdī bihī may yasyā'u min ‘ibādih(ī), wa lau asyrakū laḥabiṭa ‘anhum mā kānū ya‘malūn(a).
[88] Mungguh pranataning agama kang diampil dening para nabi mau, iku pituduhing Allah. Para kawulaning Allah kang dadi parênging karsane padha dituduhake marang agama mau. Saupama para nabi iku padha maro tingal, mêsthi kabêcikane kang wis padha dilakoni larut kabèh.

اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ اٰتَيْنٰهُمُ الْكِتٰبَ وَالْحُكْمَ وَالنُّبُوَّةَ ۚفَاِنْ يَّكْفُرْ بِهَا هٰٓؤُلَاۤءِ فَقَدْ وَكَّلْنَا بِهَا قَوْمًا لَّيْسُوْا بِهَا بِكٰفِرِيْنَ٨٩
Ulā'ikal-lażīna ātaināhumul-kitāba wal-ḥukma wan-nubuwwah(ta), fa iy yakfur bihā hā'ulā'i faqad wakkalnā bihā qaumal laisū bihā bikāfirīn(a).
[89] Para nabi mau padha Ingsun paringi ampilan kitab dhewe-dhewe, lan Ingsun paringi kawicaksanan, apadene pangkat kanabean. Mênawa wong kaphir ing Mêkah padha maido pêparing Ingsun têlung prakara mau (sira aja kuwatir) mêsthi sira Ingsun tulungi sarana gêgolonganing wong kang ora pisan maido pêparing Ingsun têlung prakara mau.

اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ هَدَى اللّٰهُ فَبِهُدٰىهُمُ اقْتَدِهْۗ قُلْ لَّآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ اَجْرًاۗ اِنْ هُوَ اِلَّا ذِكْرٰى لِلْعٰلَمِيْنَ ࣖ٩٠
Ulā'ikal-lażīna hadallāhu fa bihudāūhumuqtadih, qul lā as'alukum ‘alaihi ajrā(n), in huwa illā żikrā lil-‘ālamīn(a).
[90] Para nabi mau padha diparingi pituduh bênêr [bênêr] dening Allah, mulane sira Mukhammad iya nglêluria dalane (kapracayane lan kasabarane) para nabi mau. Sira dhawuha: Enggonku anggêlarake Kuran iki, aku ora anjaluk pituwas apa-apa marang kowe, awit Kuran iki dudu barang-barang, satêmêne pitutur bêcik tumrap marang isining jagad kabèh, (jin lan manungsa).

وَمَا قَدَرُوا اللّٰهَ حَقَّ قَدْرِهٖٓ اِذْ قَالُوْا مَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ عَلٰى بَشَرٍ مِّنْ شَيْءٍۗ قُلْ مَنْ اَنْزَلَ الْكِتٰبَ الَّذِيْ جَاۤءَ بِهٖ مُوْسٰى نُوْرًا وَّهُدًى لِّلنَّاسِ تَجْعَلُوْنَهٗ قَرَاطِيْسَ تُبْدُوْنَهَا وَتُخْفُوْنَ كَثِيْرًاۚ وَعُلِّمْتُمْ مَّا لَمْ تَعْلَمُوْٓا اَنْتُمْ وَلَآ اٰبَاۤؤُكُمْ ۗقُلِ اللّٰهُ ۙثُمَّ ذَرْهُمْ فِيْ خَوْضِهِمْ يَلْعَبُوْنَ٩١
Wa mā qadarullāha ḥaqqa qadrihī iż qālū mā anzalallāhu ‘alā basyarim min syai'(in), qul man anzalal-kitābal-lażī jā'a bihī mūsā nūraw wa hudal lin-nāsi taj‘alūnahū qarāṭīsa tubdūnahā wa tukhfūna kaṡīrā(n), wa ‘ullimtum mā lam ta‘lamū antum wa lā ābā'ukum, qulillāh(u), ṡumma żarhum fī khauḍihim yal‘abūn(a).
[91] Wong Yahudi ênggone padha ngaji-aji ing Allah durung satakêre ajining Allah, awit wong Yahudi mau padha ngucap mangkene: Allah ora dhawuh apa-apa marang manungsa. (He Mukhammad) sira dhawuha: Sapa kang andhawuhake kitab Torèt ampilane Nabi Musa biyèn, minăngka pêpadhang lan pituduh dalan bênêr marang manungsa. Panganggêpe wong Yahudi, Kitab Torèt iku mung dianggêp daluwang bae. Dene surasane, êndi kang condhong lan karêpe Si Yahudi, banjur digêlarake marang wong akèh, nanging iya akèh kang diumpêtake, marga ora condhong lan karêpe, ewadene Nabi Mukhammad wis anjalèntrèhake surasaning Kuran [Kuran] marang sira wong Yahudi, nêrangake surasaning Torèt kang maune sira lan para lêluhurira wong Yahudi padha durung wêruh. (He Mukhammad) sira dhawuha: Wruhanira kang andhawuhake Kitab Torèt iku Allah. Wong Yahudi mau sawise sira dhawuhi mangkono, ênggone padha nunjang-nunjang utawa anggêguyu Kuran, padha togna bae.

وَهٰذَا كِتٰبٌ اَنْزَلْنٰهُ مُبٰرَكٌ مُّصَدِّقُ الَّذِيْ بَيْنَ يَدَيْهِ وَلِتُنْذِرَ اُمَّ الْقُرٰى وَمَنْ حَوْلَهَاۗ وَالَّذِيْنَ يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ يُؤْمِنُوْنَ بِهٖ وَهُمْ عَلٰى صَلَاتِهِمْ يُحٰفِظُوْنَ٩٢
Wa hāżā kitābun anzalnāhu mubārakum muṣaddiqul-lażī baina yadaihi wa litunżira ummal-qurā wa man ḥaulahā, wal-lażīna yu'minūna bil-ākhirati yu'minūna bihī wa hum ‘alā ṣalātihim yuḥāfiẓūn(a).
[92] Kuran iki kitab kang Ingsun dhawuhake mawa barkah, nêksèni têmêne sarupaning kitab cêcêkêlane wong kang padha duwe cêcêkêlan kitab. Mulane Ingsun dhawuhake, supaya sira ênggoa mêmêdèni marang wong isining nagara lan sakiwa têngêne, sarupaning wong kang padha ngandêl bakal ananing akhirat, mêsthi padha pracaya marang Kuran mau, sarta banjur padha nêtêpi sêmbayang.

وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًا اَوْ قَالَ اُوْحِيَ اِلَيَّ وَلَمْ يُوْحَ اِلَيْهِ شَيْءٌ وَّمَنْ قَالَ سَاُنْزِلُ مِثْلَ مَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ ۗوَلَوْ تَرٰٓى اِذِ الظّٰلِمُوْنَ فِيْ غَمَرٰتِ الْمَوْتِ وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ بَاسِطُوْٓا اَيْدِيْهِمْۚ اَخْرِجُوْٓا اَنْفُسَكُمْۗ اَلْيَوْمَ تُجْزَوْنَ عَذَابَ الْهُوْنِ بِمَا كُنْتُمْ تَقُوْلُوْنَ عَلَى اللّٰهِ غَيْرَ الْحَقِّ وَكُنْتُمْ عَنْ اٰيٰتِهٖ تَسْتَكْبِرُوْنَ٩٣
Wa man aẓlamu mimmaniftarā ‘alallāhi każiban au qāla ūḥiya ilayya wa lam yūḥa ilaihi syai'uw wa man qāla sa'unzilu miṡla mā anzalallāh(u), wa lau tarā iżiẓ-ẓālimūna fī gamarātil-mauti wal-malā'ikatu bāsiṭū aidīhim, akhirjū anfusakum, al-yauma tujzauna ‘ażābal-hūni bimā kuntum taqūlūna ‘alallāhi gairal-ḥaqqi wa kuntum ‘an āyātihī tastakbirūn(a).
[93] . Ora ana wong kang luwih dening nganiaya marang awake dhewe, kajaba wong kang gawe-gawe, calathu goroh diawadake têrang saka dhawuhing Allah, utawa ngucap: Aku tămpa dhawuhing Pangeran, nanging satêmêne ora tămpa dhawuh apa-apa. Lan manèh wong kang ngucap: Sadhela êngkas aku bakal andhawuhake têtimbanganing Kuran kang wis didhawuhake dening Allah. (He Mukhammad) enggal awas, sira bakal andêlêng wong kang padha nganiaya awake mau nalikane sakarat pati, (ing kono sira andêlêng barang kang anggêgirisi, iya iku) para malaikat padha tumandang tangane niksa marang wong mau, pangucape: Dirikat wêtokna nyawamu, ing dina iki kowe padha dipatrapi siksa kang ngasorake, marga ênggonmu padha calathu ora têmên, koawadake têrang saka dhawuhing Allah, lan sira padha gumêdhe, lumuh manut ayating Allah.

وَلَقَدْ جِئْتُمُوْنَا فُرَادٰى كَمَا خَلَقْنٰكُمْ اَوَّلَ مَرَّةٍ وَّتَرَكْتُمْ مَّا خَوَّلْنٰكُمْ وَرَاۤءَ ظُهُوْرِكُمْۚ وَمَا نَرٰى مَعَكُمْ شُفَعَاۤءَكُمُ الَّذِيْنَ زَعَمْتُمْ اَنَّهُمْ فِيْكُمْ شُرَكٰۤؤُا ۗ لَقَدْ تَّقَطَّعَ بَيْنَكُمْ وَضَلَّ عَنْكُمْ مَّا كُنْتُمْ تَزْعُمُوْنَ ࣖ٩٤
Wa laqad ji'tumūnā furādā kamā khalaqnākum awwala marratiw wa taraktum mā khawwalnākum warā'a ẓuhūrikum, wa mā narā ma‘akum syufa‘ā'akumul-lażīna za‘amtum annahum fīkum syurakā'(u), laqat taqaṭṭa‘a bainakum wa ḍalla ‘ankum mā kuntum taz‘umūn(a).
[94] Satêmêne besuk ana ing akhirat, sira padha seba ana ing pangayunaningsun, ijèn, tur tanpa sandhangan, kaya nalikane sira Ingsun titahake sakawit, (mêtu saka ing guwa garbaning biyung) samubarang pêparing Ingsun marang sira nalika ana ing dunya padha kari ana ing burinira. Lan Ingsun ora mirsani sira dikinthil ing brahala andêl-andêlira [andêl-andêlira] kang sira kira bakal anjangkung ing sira dadi têtimbanganing Allah, ing dina iku paguyubanira wus buyar. Samubarang kang sira èsthi nalika ana ing dunya, kabèh padha nyidrani.

۞ اِنَّ اللّٰهَ فَالِقُ الْحَبِّ وَالنَّوٰىۗ يُخْرِجُ الْحَيَّ مِنَ الْمَيِّتِ وَمُخْرِجُ الْمَيِّتِ مِنَ الْحَيِّ ۗذٰلِكُمُ اللّٰهُ فَاَنّٰى تُؤْفَكُوْنَ٩٥
Innallāha fāliqul-ḥabbi wan-nawā, yukhrijul-ḥayya minal-mayyiti wa mukhrijul-mayyiti minal-ḥayy(i), żālikumullāhu fa annā tu'fakūn(a).
[95] Satêmêne Allah iku kang mlêthèkake wiji lan isining wowohan, thukul dadi wit-witan, lan mêtokake barang kang mati saka barang kang urip, (kaya ta: mani diwêtokake saka manungsa, lan êndhog saka ing manuk) kang kuwasa mangkono mau iku kang asma Allah, saiki kapriye ênggonira padha suthik pracaya.

فَالِقُ الْاِصْبَاحِۚ وَجَعَلَ الَّيْلَ سَكَنًا وَّالشَّمْسَ وَالْقَمَرَ حُسْبَانًا ۗذٰلِكَ تَقْدِيْرُ الْعَزِيْزِ الْعَلِيْمِ٩٦
Fāliqul-iṣbāḥ(i), wa ja‘alal-laila sakanaw wasy-syamsa wal-qamara ḥusbānā(n), żālika taqdīrul-‘azīzil-‘alīm(i).
[96] Allah iku kang nyilakake pêpêtêng nalika tumrontong ing wayah bangun, lan andadèkake wêngi kanggo măngsa palerenan, lan nitahake srêngenge lan rêmbulan kanggo ukuraning wayah utawa măngsa. Kang mangkono iku kuwasaning Pangeran Kang Mulya tur nguningani.

وَهُوَ الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ النُّجُوْمَ لِتَهْتَدُوْا بِهَا فِيْ ظُلُمٰتِ الْبَرِّ وَالْبَحْرِۗ قَدْ فَصَّلْنَا الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يَّعْلَمُوْنَ٩٧
Wa huwal-lażī ja‘ala lakumun-nujūma litahtadū bihā fī ẓulumātil-barri wal-baḥr(i), qad faṣṣalnal-āyāti liqaumiy ya‘lamūn(a).
[97] Allah iku kang nitahake sakèhe lintang migunani marang sira kabèh, (kanggo panêngêran) supaya sira padha wêruha dalan ana pêpêtênging sagara. Ingsun wis mijangake tăndha yêktining kuwasaningsun, marang wong kang padha wêruh.

وَهُوَ الَّذِيْٓ اَنْشَاَكُمْ مِّنْ نَّفْسٍ وَّاحِدَةٍ فَمُسْتَقَرٌّ وَّمُسْتَوْدَعٌ ۗقَدْ فَصَّلْنَا الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يَّفْقَهُوْنَ٩٨
Wa huwal-lażī ansya'akum min nafsiw wāḥidatin fa mustaqarruw wa mustauda‘(un), qad faṣṣalnal-āyāti liqaumiy yafqahūn(a).
[98] Allah iku kang nitahake sira kabèh, uwite saka awak siji bae, (iya iku Nabi Adam) dene mani caloning manungsa iku ing ngarêp tinêtêpake ana iga wêkasing bapa, nuli lumèrèg marang pranakaning biyung. Ingsun wis mijang-mijangake tăndha yêkti kuwasaningsun, marang wong kang padha ngêrti.

وَهُوَ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءًۚ فَاَخْرَجْنَا بِهٖ نَبَاتَ كُلِّ شَيْءٍ فَاَخْرَجْنَا مِنْهُ خَضِرًا نُّخْرِجُ مِنْهُ حَبًّا مُّتَرَاكِبًاۚ وَمِنَ النَّخْلِ مِنْ طَلْعِهَا قِنْوَانٌ دَانِيَةٌ وَّجَنّٰتٍ مِّنْ اَعْنَابٍ وَّالزَّيْتُوْنَ وَالرُّمَّانَ مُشْتَبِهًا وَّغَيْرَ مُتَشَابِهٍۗ اُنْظُرُوْٓا اِلٰى ثَمَرِهٖٓ اِذَٓا اَثْمَرَ وَيَنْعِهٖ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكُمْ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ٩٩
Wa huwal-lażī anzala minas-samā'i mā'ā(n), fa akhrajnā bihī nabāta kulli syai'in fa akhrajnā minhu khaḍiran nukhriju minhu ḥabbam mutarākibā(n), wa minan nakhli min ṭal‘ihā qinwānun dāniyatuw wa jannātim min a‘nābiw waz-zaitūna war-rummāna musytabihaw wa gaira mutasyābih(in), unẓurū ilā ṡamarihī iżā aṡmara wa yan‘ih(ī), inna fī żālikum la'āyātil liqaumiy yu'minūn(a).
[99] Allah iku kang nurunake banyu udan saka ing langit, banyu udan mau banjur Ingsun ênggo mêtokake sarupaning thêthukulan, nuli Ingsun ênggo mêtokake barang ijo saka ing thêthukulan mau, Ingsun banjur mêtokake woh kang tumpa-tumpa saka barang kang ijo mau. Nganti mancung walaning kurma narêcêl. Lan manèh banyu udan mau Ingsun ênggo nguripake palêmahan kang isi wit anggur, lan Ingsun ênggo mêtokake woh jaitun lan woh dalima, kang godhonge padha, nanging wohe ora padha. Nalikane jaitun lan dalima mau padha awoh, sira padha andêlênga wohe lan andêlênga nalika wis tuwa utawa matêng. Kang wis kasêbut mau kabèh tumrape para wong mukmin, mêsthi dadi tăndha yêkti kuwasaning Allah.

وَجَعَلُوْا لِلّٰهِ شُرَكَاۤءَ الْجِنَّ وَخَلَقَهُمْ وَخَرَقُوْا لَهٗ بَنِيْنَ وَبَنٰتٍۢ بِغَيْرِ عِلْمٍۗ سُبْحٰنَهٗ وَتَعٰلٰى عَمَّا يَصِفُوْنَ ࣖ١٠٠
Wa ja‘alū lillāhi syurakā'al-jinna wa khalaqahum wa kharaqū lahū banīna wa banātim bigairi ‘ilm(in), subḥānahū wa ta‘ālā ‘ammā yaṣifūn(a).
[100] Wong Arab kang padha nyêmbah brahala padha mangeran jin, diênggo nimbangi Allah, tur wis padha wêruh yèn jin iku titahing Allah, wong Yahudi lan Nasara lan wong Arab kang maro tingal padha gawe-gawe, ngarani yèn Allah iku kagungan putra kakung lan putri, ênggone padha ngarani mangkono mau awur-awuran bae, satêmêne Allah iku Mahasuci lan Mahaluhur, ora pisan kaya pangucape wong Yahudi sapanunggalane mau.

بَدِيْعُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ اَنّٰى يَكُوْنُ لَهٗ وَلَدٌ وَّلَمْ تَكُنْ لَّهٗ صَاحِبَةٌ ۗوَخَلَقَ كُلَّ شَيْءٍۚ وَهُوَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ١٠١
Badī‘us-samāwāti wal-arḍ(i), annā yakūnu lahū waladuw wa lam takul lahū ṣāḥibah(tun), wa khalaqa kulla syai'(in), wa huwa bikulli syai'in‘alīm(un).
[101] Allah iku kang murwani nitahake bumi lan langit, sarèhning Allah iku ora kagungan garwa, lan nitahake samubarang, kapriyo[8] bisane kêlakon kagungan putra. Allah iku nguningani samubarang.

ذٰلِكُمُ اللّٰهُ رَبُّكُمْۚ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۚ خَالِقُ كُلِّ شَيْءٍ فَاعْبُدُوْهُ ۚوَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ وَّكِيْلٌ١٠٢
Żālikumullāhu rabbukum, lā ilāha illā huw(a), khāliqu kulli syai'in fa‘budūh(u), wa huwa ‘alā kulli syai'iw wakīl(un).
[102] Kang mangkono iku Allah Pangengeranira, [Pangengeranira,] ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah, kang nitahake samubarang, mulane sira padha nyêmbaha ing Allah, dene Allah iku nguwasani samubarang kang dititahake.

لَا تُدْرِكُهُ الْاَبْصَارُ وَهُوَ يُدْرِكُ الْاَبْصَارَۚ وَهُوَ اللَّطِيْفُ الْخَبِيْرُ١٠٣
Lā tudrikuhul-abṣāru wa huwa yudrikul-abṣār(a), wa huwal-laṭīful-khabīr(u).
[103] Sarupaning pandêlêng ora ana bisa wêruh ing Allah, naning Allah pirsa marang sarupaning pandêlêng. Allah iku wêlasan tur waspada.

قَدْ جَاۤءَكُمْ بَصَاۤىِٕرُ مِنْ رَّبِّكُمْۚ فَمَنْ اَبْصَرَ فَلِنَفْسِهٖۚ وَمَنْ عَمِيَ فَعَلَيْهَاۗ وَمَآ اَنَا۠ عَلَيْكُمْ بِحَفِيْظٍ١٠٤
Qad jā'akum baṣā'iru mir rabbikum, faman abṣara fa linafsih(ī), wa man ‘amiya fa ‘alaihā, wa mā ana ‘alaikum biḥafīẓ(in).
[104] Sira kabèh padha digêlari tăndha yêkti saka Pangeranira. Dene sing sapa olèh pituduh bênêr saka ênggone andêlêng tăndha yêkti mau, iku bakal olèh kabêgjan, nanging sing sapa picak atine, kêsasar marga ênggone andêlêng tăndha yêkti mau, iku bakal nêmu pakewuh. Ingsun iki mung andhawuhake, ora pêrlu anjaga laku-lakunira.

وَكَذٰلِكَ نُصَرِّفُ الْاٰيٰتِ وَلِيَقُوْلُوْا دَرَسْتَ وَلِنُبَيِّنَهٗ لِقَوْمٍ يَّعْلَمُوْنَ١٠٥
Wa każālika nuṣarriful-āyāti wa liyaqūlū darasta wa linubayyinahū liqaumiy ya‘lamūn(a).
[105] Mêngkono uga Ingsun nêrang- nêrangake ayat Ingsun, supaya (manungsa padha ngrasakna, nanging wusanane) wong kaphir padha matur: Pantês kemawon sampeyan sagêd cariyos ingkang makatên, awit sampeyan [sampeyan] sampun maos kitabipun para nabi ing jaman kina. Lan manèh Ingsun kudu nêrang-nêrangake Kuran marang wong kang padha bisa wêruh.

اِتَّبِعْ مَآ اُوْحِيَ اِلَيْكَ مِنْ رَّبِّكَۚ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۚ وَاَعْرِضْ عَنِ الْمُشْرِكِيْنَ١٠٦
Ittabi‘ mā ūḥiya ilaika mir rabbik(a), lā ilāha illā huw(a), wa a‘riḍ ‘anil-musyrikīn(a).
[106] (He Mukhammad): ditulus ênggonira ngèstokake dhawuhing Pangeranira marang sira. Ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba Allah Pangeranira, lan sira malengosa marang wong kang padha maro tingal.

وَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ مَآ اَشْرَكُوْاۗ وَمَا جَعَلْنٰكَ عَلَيْهِمْ حَفِيْظًاۚ وَمَآ اَنْتَ عَلَيْهِمْ بِوَكِيْلٍ١٠٧
Wa lau syā'allāhu mā asyrakū, wa mā ja‘alnā ‘alaihim ḥafīẓā(n), wa mā anta ‘alaihim biwakīl(in).
[107] Upama ana kaparênge karsaning Allah wong kang padha maro tingal iku dikarsakake ora maro tingal, mêsthi kêlakon mangkono. Sira Mukhammad ora Ingsun jibahake anjaga wong mau, awit sira dudu pamomonge wong mau.

وَلَا تَسُبُّوا الَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ فَيَسُبُّوا اللّٰهَ عَدْوًاۢ بِغَيْرِ عِلْمٍۗ كَذٰلِكَ زَيَّنَّا لِكُلِّ اُمَّةٍ عَمَلَهُمْۖ ثُمَّ اِلٰى رَبِّهِمْ مَّرْجِعُهُمْ فَيُنَبِّئُهُمْ بِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ١٠٨
Wa lā tasubbul-lażīna yad‘ūna min dūnillāhi fa yasubbullāha ‘adwam bigairi ‘ilm(in), każālika zayyannā likulli ummatin ‘amalahum, ṡumma ilā rabbihim marji‘uhum fa yunabbi'uhum bimā kānū ya‘malūn(a).
[108] (He wong mukmin kabèh), sira aja padha misuhi brahala kang dipundhi dening wong kaphir, iya iku sêsêmbahan liyane Allah, si kaphir mau mundhak banjur mêmisuh ing Allah, panyatrune marang Allah ngawur bae. Mangkono uga Ingsun andhêmênake marang barang kang dilakoni. Sawise mangkono, ing besuk ana [ana] ing akhirat, kabèh mau padha bali marang pangayunaning Allah, ing kono Allah anjalèntrèhake marang wong mau samubarang kang wis padha dilakoni.

وَاَقْسَمُوْا بِاللّٰهِ جَهْدَ اَيْمَانِهِمْ لَىِٕنْ جَاۤءَتْهُمْ اٰيَةٌ لَّيُؤْمِنُنَّ بِهَاۗ قُلْ اِنَّمَا الْاٰيٰتُ عِنْدَ اللّٰهِ وَمَا يُشْعِرُكُمْ اَنَّهَآ اِذَا جَاۤءَتْ لَا يُؤْمِنُوْنَ١٠٩
Wa aqsamū billāhi jahda aimānihim la'in jā'athum āyatul layu'minunna bihā, qul innamal-āyātu ‘indallāhi wa mā yusy‘irukum annahā iżā jā'at lā yu'minūn(a).
[109] Wong kaphir ing Mêkah padha supata kalawan supata kang pêng-pêngan, nganggo nyêbut asmaning Allah, supatane, mênawa wong mau digêlari tăndha yêkti, kaya sapanjaluke, sanggêm bakal padha pracaya marang tăndha yêkti mau. (He Mukhammad) sira dhawuha: Tăndha yêkti iku ana ngastaning Allah. Balik sira wong mukmin kabèh padha Ingsun takoni, sapa kang wêwarah marang sira yèn si kaphir iku têmên kasaguhane pracaya. Wruhanira, tăndha yêkti iku sanadyan kêlakon digêlarake, wong kaphir mau isih puguh padha ora gêlêm pracaya.

وَنُقَلِّبُ اَفْـِٕدَتَهُمْ وَاَبْصَارَهُمْ كَمَا لَمْ يُؤْمِنُوْا بِهٖٓ اَوَّلَ مَرَّةٍ وَّنَذَرُهُمْ فِيْ طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُوْنَ ࣖ ۔١١٠
Wa nuqallibu af'idatahum wa abṣārahum kamā lam yu'minū bihī awwala marratiw wa nażaruhum fī ṭugyānihim ya‘mahūn(a).
[110] Ingsun ngengokake atine lan pandêlênge si kaphir kabèh (dadi ora wêruh ing bênêr), kaya ênggone padha kêsasar iku Ingsun togake bae.

۞ وَلَوْ اَنَّنَا نَزَّلْنَآ اِلَيْهِمُ الْمَلٰۤىِٕكَةَ وَكَلَّمَهُمُ الْمَوْتٰى وَحَشَرْنَا عَلَيْهِمْ كُلَّ شَيْءٍ قُبُلًا مَّا كَانُوْا لِيُؤْمِنُوْٓا اِلَّآ اَنْ يَّشَاۤءَ اللّٰهُ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ يَجْهَلُوْنَ١١١
Wa lau annanā nazzalnā ilaihimul-malā'ikata wa kallamahumul-mautā wa ḥasyarnā ‘alaihim kulla syai'in qubulam mā kānū liyu'minū illā ay yasyā'allāhu wa lākinna akṡarahum yajhalūn(a).
[111] Saupama Ingsun nurunake utusan malaikat marang wong kaphir mau, sarta nguripake wong kang wis padha mati, kang banjur padha mituturi marang wong kaphir mau, apadene mênawa Ingsun anglumpukake samubarang isining jagad kang panthan-panthan, (kang banjur padha nêksèni yèn sira iku têmên dadi utusaningsun) wong kaphir mau iya mêksa padha ora gêlêm pracaya. Kajaba yèn pancèn dikarsakake pracaya dening Allah, ewadene wong kaphir mau kang akèh padha bodho.

وَكَذٰلِكَ جَعَلْنَا لِكُلِّ نَبِيٍّ عَدُوًّا شَيٰطِيْنَ الْاِنْسِ وَالْجِنِّ يُوْحِيْ بَعْضُهُمْ اِلٰى بَعْضٍ زُخْرُفَ الْقَوْلِ غُرُوْرًا ۗوَلَوْ شَاۤءَ رَبُّكَ مَا فَعَلُوْهُ فَذَرْهُمْ وَمَا يَفْتَرُوْنَ١١٢
Wa każālika ja‘alnā likulli nabiyyin ‘aduwwan syayāṭīnal-insi wal-jinni yūḥī ba‘ḍuhum ilā ba‘ḍin zukhrufal-qauli gurūrā(n), wa lau syā'a rabbuka mā fa‘alūhu fa żarhum wa mā yaftarūn(a).
[112] Mangkono uga siji-sijining nabi iku padha Ingsun cawisi satru setan manungsa lan setan jin. Siji-sijining setan mau sabiyantu lan liyane, nandukake manising pangucap, pamrihe nasarake, upama Pangeranira ngarsakake setan mau ora sabiyantu anggêgodha. Mulane wong kaphir mau ênggone padha gawe-gawe, togna bae.

وَلِتَصْغٰٓى اِلَيْهِ اَفْـِٕدَةُ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ وَلِيَرْضَوْهُ وَلِيَقْتَرِفُوْا مَا هُمْ مُّقْتَرِفُوْنَ١١٣
Wa litaṣgā ilaihi af'idatul-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirati wa liyarḍauhu wa liyaqtarifū mā hum muqtarifūn(a).
[113] Lan manèh pamrihe supaya wong kang padha ora pracaya marang akhirat, atine padha kasêngsêma [ka...][...sêngsêma] lan kèlua marang manising pangucap mau, lan supaya tulusa ênggone padha nglakoni dosa kang wis padha dilakoni salawas-lawase.

اَفَغَيْرَ اللّٰهِ اَبْتَغِيْ حَكَمًا وَّهُوَ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ اِلَيْكُمُ الْكِتٰبَ مُفَصَّلًا ۗوَالَّذِيْنَ اٰتَيْنٰهُمُ الْكِتٰبَ يَعْلَمُوْنَ اَنَّهٗ مُنَزَّلٌ مِّنْ رَّبِّكَ بِالْحَقِّ فَلَا تَكُوْنَنَّ مِنَ الْمُمْتَرِيْنَ١١٤
Afagairallāhi abtagī ḥakamaw wa huwal-lażī anzala ilaikumul-kitāba mufaṣṣalā(n), wal-lażīna ātaināhumul-kitāba ya‘lamūna annahū munazzalum mir rabbika bil-ḥaqqi falā takunanna minal-mumtarīn(a).
[114] (Lan sira dhawuha:) Kapriye panêmumu, apa aku anjaluk bêbênêran marang liyane Allah, Allah iku andhawuhake kitab Kuran marang kowe kabèh, luwih dening cêtha. (Dhawuhing Alla:)[1] sarupane wong kang wis Ingsun paringi cêcêkêlan kitab, iku kabèh mêsthi padha wêruh yèn Kuran iku têmên dhawuh saka Pangeranira. Sira aja nganggo mamang.

وَتَمَّتْ كَلِمَتُ رَبِّكَ صِدْقًا وَّعَدْلًاۗ لَا مُبَدِّلَ لِكَلِمٰتِهٖ ۚوَهُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ١١٥
Wa tammat kalimatu rabbika ṣidqaw wa ‘adlā(n), lā mubaddila likalimātih(ī), wa huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[115] Pangandikaning Pangeranira iku ing bab carita sampurna têmêne, ing bab khukum sampurna ngadile, ora ana kang bisa ngowahi pangandikaning Allah. Dene Allah iku miyarsa tur nguningani.

وَاِنْ تُطِعْ اَكْثَرَ مَنْ فِى الْاَرْضِ يُضِلُّوْكَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗاِنْ يَّتَّبِعُوْنَ اِلَّا الظَّنَّ وَاِنْ هُمْ اِلَّا يَخْرُصُوْنَ١١٦
Wa in tuṭi‘ akṡara man fil-arḍi yuḍillūka ‘an sabīlillāh(i), iy yattabi‘ūna illaẓ-ẓanna wa in hum illā yakhruṣ ūn(a).
[116] Sanadyan sira anggugu gêgolongane wong ing bumi kang akèh dhewe. Amêsthi wong mau padha nasarake sira saka dalaning Allah, awit wong akèh mau ora manut barang-barang, nanging manut panyana utawa panêmune dhewe-dhewe, lan manèh wong akèh [a...][...kèh] mau mêsthi padha goroh.

اِنَّ رَبَّكَ هُوَ اَعْلَمُ مَنْ يَّضِلُّ عَنْ سَبِيْلِهٖۚ وَهُوَ اَعْلَمُ بِالْمُهْتَدِيْنَ١١٧
Inna rabbaka huwa a‘lamu may yaḍillu ‘an sabīlih(ī), wa huwa a‘lamu bil-muhtadīn(a).
[117] Satêmêne Pangeranira iku nguningani wong kang nasar utawa nyimpang saka dalaning Allah, lan uga nguningani wong kang padha nêtêpi pituduh bênêr.

فَكُلُوْا مِمَّا ذُكِرَ اسْمُ اللّٰهِ عَلَيْهِ اِنْ كُنْتُمْ بِاٰيٰتِهٖ مُؤْمِنِيْنَ١١٨
Fa kulū mimmā żukirasmullāhi ‘alaihi in kuntum bi'āyātihī mu'minīn(a).
[118] Mênawa sira têmên padha pracaya marang ayating Allah, sira padha mangana khewan kang pambêlèhe nganggo nyêbut asmaning Allah, (aja mangan khewan kang pambêlèhe nganggo nyêbut liyane Allah).

وَمَا لَكُمْ اَلَّا تَأْكُلُوْا مِمَّا ذُكِرَ اسْمُ اللّٰهِ عَلَيْهِ وَقَدْ فَصَّلَ لَكُمْ مَّا حَرَّمَ عَلَيْكُمْ اِلَّا مَا اضْطُرِرْتُمْ اِلَيْهِ ۗوَاِنَّ كَثِيْرًا لَّيُضِلُّوْنَ بِاَهْوَاۤىِٕهِمْ بِغَيْرِ عِلْمٍ ۗاِنَّ رَبَّكَ هُوَ اَعْلَمُ بِالْمُعْتَدِيْنَ١١٩
Wa mā lakum allā ta'kulū mimmā żukirasmullāhi ‘alaihi wa qad faṣṣala lakum mā ḥarrama ‘alaikum illā maḍṭurirtum ilaih(i), wa inna kaṡīral layuḍillūna bi'ahwā'ihim bigairi ‘ilm(in), inna rabbaka huwa a‘lamu bil-mu‘tadīn(a).
[119] Marga dening apa sira padha ora gêlêm mangan khewan kang pambêlèhe nganggo nyêbut asmaning Allah, Allah wis amijangake samubarang laranganing Allah marang sira kabèh, kajaba yèn sira kêpêksa kudu mangan barang larangan mau, (iku dadi kêna). Satêmêne akèh wong kêsasar marga nuruti karêpe dhewe, gondhèlane mung ngawur tanpa kawruh. Satêmêne Pangeranira iku nguningani wong kang padha anjarag mangan kharam.

وَذَرُوْا ظَاهِرَ الْاِثْمِ وَبَاطِنَهٗ ۗاِنَّ الَّذِيْنَ يَكْسِبُوْنَ الْاِثْمَ سَيُجْزَوْنَ بِمَا كَانُوْا يَقْتَرِفُوْنَ١٢٠
Wa żarū ẓāhiral-iṡmi wa bāṭinah(ū), innal-lażīna yaksibūnal-iṡma sayujzauna bimā kānū yaqtarifūn(a).
[120] Wong kang anglakoni dosa ngêdhèng utawa salinthutan, iku padha togna bae. [ba...][...e.] Satêmêne wong kang padha nglakoni dosa iku besuk ana ing akhirat, bakal padha dipatrapi marga ênggone padha anglakoni dosa.

وَلَا تَأْكُلُوْا مِمَّا لَمْ يُذْكَرِ اسْمُ اللّٰهِ عَلَيْهِ وَاِنَّهٗ لَفِسْقٌۗ وَاِنَّ الشَّيٰطِيْنَ لَيُوْحُوْنَ اِلٰٓى اَوْلِيَاۤىِٕهِمْ لِيُجَادِلُوْكُمْ ۚوَاِنْ اَطَعْتُمُوْهُمْ اِنَّكُمْ لَمُشْرِكُوْنَ ࣖ١٢١
Wa lā ta'kulū mimmā lam yużkarismullāhi ‘alaihi wa innahū lafisq(un), wa innasy-syayāṭīna layūḥūna ilā auliyā'ihim liyujādilūkum, wa in aṭa‘tumūhum innakum lamusyrikūn(a).
[121] Lan sira aja padha mangan bêbêlehan kang pambêlèhe tanpa nyêbut asmaning Allah, (nanging nyêbut liyane Allah) dene mangan bêbêlehan kang mangkono iku mêsthi duraka. Satêmêne para setan iku padha anggodha marang kalulute (iya iku para wong kaphir) supaya si kaphir mau padha madoni marang sira. Mênawa sira banjur padha manut marang padune wong kaphir, amêsthi sira banjur padha dadi wong maro tingal.

اَوَمَنْ كَانَ مَيْتًا فَاَحْيَيْنٰهُ وَجَعَلْنَا لَهٗ نُوْرًا يَّمْشِيْ بِهٖ فِى النَّاسِ كَمَنْ مَّثَلُهٗ فِى الظُّلُمٰتِ لَيْسَ بِخَارِجٍ مِّنْهَاۗ كَذٰلِكَ زُيِّنَ لِلْكٰفِرِيْنَ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ١٢٢
Awa man kāna maitan fa aḥyaināhu wa ja‘alnā lahū nūray yamsyī bihī fin-nāsi kamam maṡaluhū fiẓ-ẓulumāti laisa bikhārijim minhā, każālika zuyyina lil-kāfirīna mā kānū ya‘malūn(a).
[122] Sanepane wong mukmin iku kaya upamane wong kang maune mati banjur Ingsun uripake, sarta Ingsun paringi pêpadhang kanggo amadhangi ênggone wira-wiri ana sandhinging manungsa akèh. Dene sanepane wong kaphir iku kaya upamane wong kang ana sajroning pêpêtêng, ora bisa mêtu saka ing pêpêtêng mau. Wong rong prakara mau apa padha bae, [bae,] ora. (Wong mukmin padha didhêmênake marang kapracayan) mangkono uga para wong kaphir padha didhêmênake marang kang wis padha dilakoni (kaphir lan duraka).

وَكَذٰلِكَ جَعَلْنَا فِيْ كُلِّ قَرْيَةٍ اَكٰبِرَ مُجْرِمِيْهَا لِيَمْكُرُوْا فِيْهَاۗ وَمَا يَمْكُرُوْنَ اِلَّا بِاَنْفُسِهِمْ وَمَا يَشْعُرُوْنَ١٢٣
Wa każālika ja‘alnā fī kulli qaryatin akābira mujrimīhā liyamkurū fīhā, wa mā yamkurūna illā bi'anfusihim wa mā yasy‘urūn(a).
[123] Mangkono uga Ingsun nitahake siji-sijining desa ing Mêkah panggêdhene ing kono padha wong duraka, dadi banjur padha ambêbujuk marang wong akèh (padha diajak maido marang Nabi Mukhammad) wusana kang kêna ing bujuk mau dudu sapa-sapa, malah awake kang ambujuk, ewadene padha ora rumasa.

وَاِذَا جَاۤءَتْهُمْ اٰيَةٌ قَالُوْا لَنْ نُّؤْمِنَ حَتّٰى نُؤْتٰى مِثْلَ مَآ اُوْتِيَ رُسُلُ اللّٰهِ ۘ اَللّٰهُ اَعْلَمُ حَيْثُ يَجْعَلُ رِسٰلَتَهٗۗ سَيُصِيْبُ الَّذِيْنَ اَجْرَمُوْا صَغَارٌ عِنْدَ اللّٰهِ وَعَذَابٌ شَدِيْدٌۢ بِمَا كَانُوْا يَمْكُرُوْنَ١٢٤
Wa iżā jā'athum āyatun qālū lan nu'mina ḥattā nu'tā miṡla mā ūtiya rusulullāh(i), allāhu a‘lamu ḥaiṡu yaj‘alu risālatah(ū), sayuṣībul-lażīna ajramū ṣagārun ‘indallāhi wa ‘ażābun syadīdum bimā kānū yamkurūn(a).
[124] Wong kaphir ing Mêkah mau nalikane padha digêlari tăndha yêktine yèn Kangjêng Rasul iku têmên, kabèh padha ngucap mangkene: Aku padha suthik pracaya marang Nabi Mukhammad, kajaba yèn aku padha diparingi wahyu dhewe-dhewe dening Allah, kaya kang diparingake marang para utusaning Allah, (pangandikaning Allah) Allah iku nguningani luwih dening têrang, sapa kang pantês dipiji dadi utusan. Ing besuk ana ing akhirat, wong kang padha dosa maido mau, bakal padha tinêmpuh ing siksa kang abot, [abot,] lan ana ngarsaning Allah padha dadi wong asor marga ênggone padha ambêbujuk.

فَمَنْ يُّرِدِ اللّٰهُ اَنْ يَّهْدِيَهٗ يَشْرَحْ صَدْرَهٗ لِلْاِسْلَامِۚ وَمَنْ يُّرِدْ اَنْ يُّضِلَّهٗ يَجْعَلْ صَدْرَهٗ ضَيِّقًا حَرَجًا كَاَنَّمَا يَصَّعَّدُ فِى السَّمَاۤءِۗ كَذٰلِكَ يَجْعَلُ اللّٰهُ الرِّجْسَ عَلَى الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ١٢٥
Fa may yuridillāhu ay yahdiyahū yasyraḥ ṣadrahū lil-islām(i), wa may yurid ay yuḍillahū yaj‘al ṣadrahū ḍayyiqan ḥarajan ka'annamā yaṣṣa‘‘adu fis-samā'(i), każālika yaj‘alullāhur-rijsa ‘alal-lażīna lā yu'minūn(a).
[125] Dadi sing sapa dikarsakake dening Allah diparingi pituduh bênêr, iku mêsthi dipadhangake atine, dhangan bangêt anglakoni agama Islam, nanging sing sapa dikarsakake kêsasar dening Allah, amêsthi atine banjur rupak lan cêkak, wêgah bangêt anglakoni agama Islam, ênggone ora kaconggah kaya dikon mumbul marang ing langit. Mangkono uga Ingsun nyawisi siksa marang wong kang padha ora pracaya.

وَهٰذَا صِرَاطُ رَبِّكَ مُسْتَقِيْمًاۗ قَدْ فَصَّلْنَا الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يَّذَّكَّرُوْنَ١٢٦
Wa hāżā ṣirāṭu rabbika mustaqīmā(n), qad faṣṣalnal-āyāti liqaumiy yażżakkarūn(a).
[126] (He Mukhammad) agama Islam kang sira gêlarake iki dalan bênêr, dalaning Pangeranira. Ingsun wis anjalèntrèhake ayat pirang-pirang marang wong kang padha doyan pitutur bêcik.

۞ لَهُمْ دَارُ السَّلٰمِ عِنْدَ رَبِّهِمْ وَهُوَ وَلِيُّهُمْ بِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ١٢٧
Lahum dārus-salāmi ‘inda rabbihim wa huwa waliyyuhum bimā kānū ya‘malūn(a).
[127] Wong mangkono mau ing besuk padha diparingi suwarga kang aran: Darussalam, ana ngarsaning Pangerane padha nglakoni agama Islam.

وَيَوْمَ يَحْشُرُهُمْ جَمِيْعًاۚ يٰمَعْشَرَ الْجِنِّ قَدِ اسْتَكْثَرْتُمْ مِّنَ الْاِنْسِ ۚوَقَالَ اَوْلِيَاۤؤُهُمْ مِّنَ الْاِنْسِ رَبَّنَا اسْتَمْتَعَ بَعْضُنَا بِبَعْضٍ وَّبَلَغْنَآ اَجَلَنَا الَّذِيْٓ اَجَّلْتَ لَنَا ۗقَالَ النَّارُ مَثْوٰىكُمْ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اِلَّا مَا شَاۤءَ اللّٰهُ ۗاِنَّ رَبَّكَ حَكِيْمٌ عَلِيْمٌ١٢٨
Wa yauma yaḥsyuruhum jamī‘ā(n), yā ma‘syaral-jinni qadistakṡartum minal-ins(i), wa qāla auliyā'uhum minal-insi rabbanastamta‘a ba‘ḍunā biba‘ḍiw wa balagnā ajalanal-lażī ajjalta lanā, qālan-nāru maṡwākum khālidīna fīhā illā mā syā'allāh(u), inna rabbaka ḥakīmun ‘alīm(un).
[128] (He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane Ingsun anglumpukake [anglumpukake] para titah Ingsun kabèh, (banjur padha Ingsun dangu) he jin setan kabèh, wis akèh têmên ênggonira padha anjalomprongake manungsa. Ing kono para manungsa kang dadi kaluluting setan banjur padha munjuk: Dhuh Pangeran kawula, setan punika sampun tampi pituwas pamanut saking kawula, kawula ugi sampun tampi pituwas saking setan, kadumugèn pêpenginan kawula. Ing samangke sampun dumugi ing wêwangên anggèn tuwan mangêni dhumatêng kawula, (inggih punika dintên kiyamat), dhawuhing Allah: Panggonanira ana ing naraka, ana ing kono sira padha langgêng, kajaba yèn ana parênge karsaning Allah. Satêmêne Pangeranira iku wicaksana tur nguningani.

وَكَذٰلِكَ نُوَلِّيْ بَعْضَ الظّٰلِمِيْنَ بَعْضًاۢ بِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ ࣖ١٢٩
Wa każālika nuwallī ba‘ḍaẓ-ẓālimīna ba‘ḍam bimā kānū yaksibūn(a).
[129] Mangkono uga wong kang padha duraka nganiaya awake dhewe mau ana kang Ingsun titah mênang, ngalahake kănca-kancane padha wong duraka, sarana ênggone nandukake panganiayane.

يٰمَعْشَرَ الْجِنِّ وَالْاِنْسِ اَلَمْ يَأْتِكُمْ رُسُلٌ مِّنْكُمْ يَقُصُّوْنَ عَلَيْكُمْ اٰيٰتِيْ وَيُنْذِرُوْنَكُمْ لِقَاۤءَ يَوْمِكُمْ هٰذَاۗ قَالُوْا شَهِدْنَا عَلٰٓى اَنْفُسِنَا وَغَرَّتْهُمُ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَا وَشَهِدُوْا عَلٰٓى اَنْفُسِهِمْ اَنَّهُمْ كَانُوْا كٰفِرِيْنَ١٣٠
Yā ma‘syaral-jinni wal-insi alam ya'tikum rusulum minkum yaquṣṣūna ‘alaikum āyātī wa yunżirūnakum liqā'a yaumikum hāżā, qālū syahidnā ‘alā anfusinā wa garrathumul-ḥayātud-un-yā wa syahidū ‘alā anfusihim annahum kānū kāfirīn(a).
[130] He jin lan manungsa kabèh, sira apa ora katêkan para utusaningsun, pêthilan saka [saka] kancanira, kang padha nyaritakake ayat Ingsun pirang-pirang marang sira, lan mêmêdèni marang sira, diwêdèkake kêlakone dina kiyamat iki, jin lan manungsa kang kaphir banjur padha munjuk. Kawula sampun sami ngakêni kalêpatanipun badan kawula. (Allah angandika): Kabungahaning urip ana ing dunya wis anjalomprongake marang si kaphir kabèh, saiki si kaphir wis padha ngaku yèn awake iku kaphir.

ذٰلِكَ اَنْ لَّمْ يَكُنْ رَّبُّكَ مُهْلِكَ الْقُرٰى بِظُلْمٍ وَّاَهْلُهَا غٰفِلُوْنَ١٣١
Żālika allam yakur rabbuka muhlikal-qurā biẓulmiw wa ahluhā gāfilūn(a).
[131] Allah ênggone ngutus para rasul mau pêrlu bangêt, awit Pangeranira ora karsa ngrusak padesan marga saka durakane wong ing kono, kang ênggone padha duraka mau kalawan lali (durung ana pêpacuhing rasul).

وَلِكُلٍّ دَرَجٰتٌ مِّمَّا عَمِلُوْاۗ وَمَا رَبُّكَ بِغَافِلٍ عَمَّا يَعْمَلُوْنَ١٣٢
Wa likullin darajātum mimmā ‘amilū, wa mā rabbuka bigāfilin ‘ammā ya‘malūn(a).
[132] Siji-sijining wong padha olèh pituwas dhewe-dhewe, wêwalêse barang kang wis padha dilakoni, ala utawa bêcik, Pangeranira mêsthi ora kasupèn samubarang kang wis padha dilakoni ing manungsa.

وَرَبُّكَ الْغَنِيُّ ذُو الرَّحْمَةِ ۗاِنْ يَّشَأْ يُذْهِبْكُمْ وَيَسْتَخْلِفْ مِنْۢ بَعْدِكُمْ مَّا يَشَاۤءُ كَمَآ اَنْشَاَكُمْ مِّنْ ذُرِّيَّةِ قَوْمٍ اٰخَرِيْنَ١٣٣
Wa rabbukal-ganiyyu żur-raḥmah(ti), iy yasya' yużhibkum wa yastakhlif mim ba‘dikum mā yasyā'u kamā ansya'akum min żurriyyati qaumin ākharīn(a).
[133] Pangeranira iku ora butuh apa-apa, tur wêlasan lan asih, saupama [saupama] ana parênge karsaning Allah, sira (wong Mêkah) iku disirnakake kabèh, sawise sirna banjur disalini titah apa sakarsaning Allah kaya ênggone nitahake sira saka turune wong seje (mêsthi kêlakon mêngkono, nanging iku dudu karsaning Allah).

اِنَّ مَا تُوْعَدُوْنَ لَاٰتٍۙ وَّمَآ اَنْتُمْ بِمُعْجِزِيْنَ١٣٤
Innamā tū‘adūna la'āt(in), wa mā antum bimu‘jizīn(a).
[134] Samubarang kang diancamake dening Allah marang sira iku mêsthi kalêksanan, sira ora bakal bisa oncat nyingkiri siksaning Allah.

قُلْ يٰقَوْمِ اعْمَلُوْا عَلٰى مَكَانَتِكُمْ اِنِّيْ عَامِلٌۚ فَسَوْفَ تَعْلَمُوْنَۙ مَنْ تَكُوْنُ لَهٗ عَاقِبَةُ الدَّارِۗ اِنَّهٗ لَا يُفْلِحُ الظّٰلِمُوْنَ١٣٥
Qul yā qaumi‘malū ‘alā makānatikum innī ‘āmil(un), fa saufa ta‘lamūn(a), man takūnu lahū ‘āqibatud-dār(i), innahū lā yufliḥuẓ-ẓālimūn(a).
[135] (He Mukhammad) sira dhawuha mangkene: He para wong Arab, lah mara jajalên, padha nglêstarèkna nglakoni kaya adatmu kang wis kêlakon, ing têmbe kowe bakal padha wêruh katêmahane.

وَجَعَلُوْا لِلّٰهِ مِمَّا ذَرَاَ مِنَ الْحَرْثِ وَالْاَنْعَامِ نَصِيْبًا فَقَالُوْا هٰذَا لِلّٰهِ بِزَعْمِهِمْ وَهٰذَا لِشُرَكَاۤىِٕنَاۚ فَمَا كَانَ لِشُرَكَاۤىِٕهِمْ فَلَا يَصِلُ اِلَى اللّٰهِ ۚوَمَا كَانَ لِلّٰهِ فَهُوَ يَصِلُ اِلٰى شُرَكَاۤىِٕهِمْۗ سَاۤءَ مَا يَحْكُمُوْنَ١٣٦
Wa ja‘alū lillāhi mimmā żara'a minal-ḥarṡi wal-an‘āmi naṣīban fa qālū hāżā lillāhi biza‘mihim wa hāżā lisyurakā'inā, famā kāna lisyurakā'ihim falā yaṣilu ilallāh(i), wa mā kāna lillāhi fa huwa yaṣilu ilā syurakā'ihim, sā'a mā yaḥkumūn(a).
[136] Sapa kang wêkasane olèh kabêgjan ana ing akhirat, satêmêne wong kaphir iku ora ana kang bisa olèh kabêgjan.

وَكَذٰلِكَ زَيَّنَ لِكَثِيْرٍ مِّنَ الْمُشْرِكِيْنَ قَتْلَ اَوْلَادِهِمْ شُرَكَاۤؤُهُمْ لِيُرْدُوْهُمْ وَلِيَلْبِسُوْا عَلَيْهِمْ دِيْنَهُمْۗ وَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ مَا فَعَلُوْهُ فَذَرْهُمْ وَمَا يَفْتَرُوْنَ١٣٧
Wa każālika zayyana likaṡīrim minal-musyrikīna qatla aulādihim syurakā'uhum liyurdūhum wa liyalbisū ‘alaihim dīnahum, wa lau syā'allāhu mā fa‘alūhu fa żarhum wa mā yaftarūn(a).
[137] Para wong kaphir ing Mêkah padha ngêdumi marang Allah, didumi barang rupa têtanduran lan rajakaya. Pangucape kang thukul saka ing gagasan, mangkene: Iki kagunganing Allah, iki duwèke para kancaku. Dene kang dadi pandumane para kancane, ora bakal konjuk ing Allah (ora ditindakake kaya kaparênging Allah), nanging kang dadi kagunganing Allah iku warata marang para kancane si kaphir. Dene khukum utawa golonge para wong kaphir ing Mêkah kang mangkono mau: ala bangêt.

وَقَالُوْا هٰذِهٖٓ اَنْعَامٌ وَّحَرْثٌ حِجْرٌ لَّا يَطْعَمُهَآ اِلَّا مَنْ نَّشَاۤءُ بِزَعْمِهِمْ وَاَنْعَامٌ حُرِّمَتْ ظُهُوْرُهَا وَاَنْعَامٌ لَّا يَذْكُرُوْنَ اسْمَ اللّٰهِ عَلَيْهَا افْتِرَاۤءً عَلَيْهِۗ سَيَجْزِيْهِمْ بِمَا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ١٣٨
Wa qālū hāżihī an‘āmuw wa ḥarṡun ḥijrul lā yaṭ‘amuhā illā man nasyā'u biza‘mihim wa an‘āmun ḥurrimat ẓuhūruhā wa an‘āmul lā yażkurūnasmallāhi ‘alaihaftirā'an ‘alaih(i), sayajzīhim bimā kānū yaftarūn(a).
[138] Mangkono manèh wong kang padha maro tingal, iku kang akèh padha dititah dhêmên matèni anake dhewe, (iya iku anake kang wadon padha dipêndhêm urip-uripan, kang lanang padha dibêlèh) kang mangkono iku saka pangojoke jin lan setan, utawa wong kang rumêksa Kakbah, kang padha dianggêp kănca, ênggone ngojok-ojoki mau, pamrihe supaya wong kang maro tingal mau padha rusak, lan supaya agamane padha kisruh. Saupama Allah ngarsakake jin lan setan mau ora ngojok-ojoki, mêsthi iya kêlakon ora ngojok- ojoki, mulane wong mau ênggone gawe-gawe padha togna bae.

وَقَالُوْا مَا فِيْ بُطُوْنِ هٰذِهِ الْاَنْعَامِ خَالِصَةٌ لِّذُكُوْرِنَا وَمُحَرَّمٌ عَلٰٓى اَزْوَاجِنَاۚ وَاِنْ يَّكُنْ مَّيْتَةً فَهُمْ فِيْهِ شُرَكَاۤءُ ۗسَيَجْزِيْهِمْ وَصْفَهُمْۗ اِنَّهٗ حَكِيْمٌ عَلِيْمٌ١٣٩
Wa qālū mā fī buṭūni hāżihil-an‘āmi khāliṣatul liżukūrinā wa muḥarramun ‘alā azwājinā, wa iy yakum maitatan fahum fīhi syurakā'(u), sayajzīhim waṣfahum, innahū ḥakīmun ‘alīm(un).
[139] Pangucape wong kaphir ing Mêkah kang thukul saka panêmu utawa gagasan, mangkene: Iki rajakaya lan têtanduran kang disêngkêr, ora ana kang wênang mangan, kajaba wong kang padha rumêksa brahala kang tak karêpake. Lan manèh iki rajakaya kang disêngkêr ora kêna ditunggangi utawa dimomoti gêgêre, lan manèh iki rajakaya kang pambêlèhe ora kêna nganggo nyêbut asmaning Allah, kudu nyêbut brahala. Pangucape wong kaphir mangkono mau, diawadake dhawuhing Allah, dadi têtêp wong gawe-gawe. Ing têmbe Allah bakal matrapi si kaphir mau marga ênggone padha gawe-gawe.

قَدْ خَسِرَ الَّذِيْنَ قَتَلُوْٓا اَوْلَادَهُمْ سَفَهًاۢ بِغَيْرِ عِلْمٍ وَّحَرَّمُوْا مَا رَزَقَهُمُ اللّٰهُ افْتِرَاۤءً عَلَى اللّٰهِ ۗقَدْ ضَلُّوْا وَمَا كَانُوْا مُهْتَدِيْنَ ࣖ١٤٠
Qad khasiral-lażīna qatalū aulādahum safaham bigairi ‘ilmiw wa ḥarramū mā razaqahumullāhuftirā'an ‘alallāh(i), qad ḍallū wa mā kānū muhtadīn(a).
[140] Lan manèh wong kaphir mau padha ngucap: Wêtêngane rajakaya iki yèn mêtu urip, kêna dipangan ing para kancaku kang padha lanang, ora kêna dipangan ing para kancaku kang padha wadon. Dene yèn mêtu wis mati, iku para kancaku lananga wadona kabèh padha kêna mangan. Ing têmbe Allah bakal matrapi marang si kaphir kabèh marga ênggone padha ngaran-arani: Iki larangan lan i[2] kêna. Satêmêne Allah iku wicaksana tur nguningani.

۞ وَهُوَ الَّذِيْٓ اَنْشَاَ جَنّٰتٍ مَّعْرُوْشٰتٍ وَّغَيْرَ مَعْرُوْشٰتٍ وَّالنَّخْلَ وَالزَّرْعَ مُخْتَلِفًا اُكُلُهٗ وَالزَّيْتُوْنَ وَالرُّمَّانَ مُتَشَابِهًا وَّغَيْرَ مُتَشَابِهٍۗ كُلُوْا مِنْ ثَمَرِهٖٓ اِذَآ اَثْمَرَ وَاٰتُوْا حَقَّهٗ يَوْمَ حَصَادِهٖۖ وَلَا تُسْرِفُوْا ۗاِنَّهٗ لَا يُحِبُّ الْمُسْرِفِيْنَۙ١٤١
Wa huwal-lażī ansya'a jannātim ma‘rūsyātiw wa gaira ma‘rūsyātiw wan-nakhla waz-zar‘a mukhtalifan ukuluhū waz-zaitūna war-rummāna mutasyābihaw wa gaira mutasyābih(in), kulū min ṡamarihī iżā aṡmara wa ātū ḥaqqahū yauma ḥaṣādih(ī), wa lā tusrifū, innahū lā yuḥibbul-musrifīn(a).
[141] Wong kaphir kang padha matèni anake tanpa wêwaton kawruh, mung awur-awuran bae, lan padha nglarangi mangan rijêki kang wis diparingake lan diwênangake mangan dening Allah, ênggone nglarangi mau gawe-gawe, diawadake têrang dhawuhing Allah. Wong mangkono mau têtêp wong kapitunan sarta padha kêsasar, iku dudu wong olèh pituduh bênêr.

وَمِنَ الْاَنْعَامِ حَمُوْلَةً وَّفَرْشًا ۗ كُلُوْا مِمَّا رَزَقَكُمُ اللّٰهُ وَلَا تَتَّبِعُوْا خُطُوٰتِ الشَّيْطٰنِۗ اِنَّهٗ لَكُمْ عَدُوٌّ مُّبِيْنٌۙ١٤٢
Wa minal-an‘āmi ḥamūlataw wa farsyā(n), kulū mimmā razaqakumullāhu wa lā tattabi‘ū khuṭuwātisy-syaiṭān(i), innahū lakum ‘aduwwum mubīn(un).
[142] Allah iku kang anitahake palêmahan, thukul pala gumantung lan pala kasimpar, apadene kurma lan gandum, pari sapêpadhane, wohe beda-beda rasane. Mangkono uga wit jaitun lan wit dalima, godhonge prasasat padha bae, nanging rasaning wohe beda-beda. Samăngsa wit-witan mau wis padha awoh, sira padha mangana wohe, lan ing dina pamêthiking wohe sira padha bayara jakat apa bênêre, ênggonira bayar jakat aja kêladuk, awit Allah iku ora rêmên [rêmên] wong kang padha bayar jakat luwih saka bênêre.

ثَمٰنِيَةَ اَزْوَاجٍۚ مِنَ الضَّأْنِ اثْنَيْنِ وَمِنَ الْمَعْزِ اثْنَيْنِۗ قُلْ ءٰۤالذَّكَرَيْنِ حَرَّمَ اَمِ الْاُنْثَيَيْنِ اَمَّا اشْتَمَلَتْ عَلَيْهِ اَرْحَامُ الْاُنْثَيَيْنِۗ نَبِّـُٔوْنِيْ بِعِلْمٍ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ١٤٣
Ṡamāniya azwāj(in), minaḍ-ḍa'niṡnaini wa minal-ma‘ziṡnain(i), qul āżżakaraini ḥarrama amil-unṡayaini ammasytamalat ‘alaihi arḥāmul-unṡayain(i), nabbi'ūnī bi‘ilmin in kuntum ṣādiqīn(a).
[143] Lan manèh Allah wis nitahake rajakaya kang santosa, kêlar dipèk gawene, lan ana kang ora santosa. Sira padha mangana samubarang kang wis diparingake dening Allah dadi panganira, lan sira aja padha manut dalaning setan, awit setan iku têtela satrunira.

وَمِنَ الْاِبِلِ اثْنَيْنِ وَمِنَ الْبَقَرِ اثْنَيْنِۗ قُلْ ءٰۤالذَّكَرَيْنِ حَرَّمَ اَمِ الْاُنْثَيَيْنِ اَمَّا اشْتَمَلَتْ عَلَيْهِ اَرْحَامُ الْاُنْثَيَيْنِۗ اَمْ كُنْتُمْ شُهَدَاۤءَ اِذْ وَصّٰىكُمُ اللّٰهُ بِهٰذَاۚ فَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًا لِّيُضِلَّ النَّاسَ بِغَيْرِ عِلْمٍۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَ ࣖ١٤٤
Wa minal-ibiliṡnaini wa minal-baqariṡnain(i), qul āżżakaraini ḥarrama amil-unṡayaini ammasytamalat ‘alaihi arḥāmul-unṡayain(i), am kuntum syuhadā'a iż waṣṣākumullāhu bihāżā, faman aẓlamu mimmaniftarā ‘alallāhi każibal liyuḍillan-nāsa bigairi ‘ilm(in), innallāha lā yahdil-qaumaẓ-ẓālimīn(a).
[144] (Lan sira dhawuha), upama rajakaya mau wolung warna, wêdhus kibas sajodho lan wêdhus kacangan sajodho, iku kang dadi laranganing Allah ora kêna dipangan, apa wêdhus loro kang lanang apa wêdhus loro kang wadon, utawa apa wêdhus kang ana ing wêtêngane wêdhus wadon loro mau, lananga wadona. Mênawa ênggomu padha ngarani wêdhus mau ana kang dadi laranganing Allah iku panêmumu têmên bênêr, mara andharna marang aku kalawan pathokan kawruh. Kapriye sababe.

قُلْ لَّآ اَجِدُ فِيْ مَآ اُوْحِيَ اِلَيَّ مُحَرَّمًا عَلٰى طَاعِمٍ يَّطْعَمُهٗٓ اِلَّآ اَنْ يَّكُوْنَ مَيْتَةً اَوْ دَمًا مَّسْفُوْحًا اَوْ لَحْمَ خِنْزِيْرٍ فَاِنَّهٗ رِجْسٌ اَوْ فِسْقًا اُهِلَّ لِغَيْرِ اللّٰهِ بِهٖۚ فَمَنِ اضْطُرَّ غَيْرَ بَاغٍ وَّلَا عَادٍ فَاِنَّ رَبَّكَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١٤٥
Qul lā ajidu fīmā ūḥiya ilayya muḥarraman ‘alā ṭā‘imiy yaṭ‘amuhū illā ay yakūna maitatan au damam masfūḥan au laḥma khinzīrin fa innahū rijsun au fisqan uhilla ligairillāhi bih(ī), famaniḍṭurra gaira bāgiw wa lā ‘ādin fa inna rabbaka gafūrur raḥīm(un).
[145] Gênêpe wolung warna mau, unta sajodho lan sapi sajodho, iku kang dadi laranganing Allah ora kêna dipangan, apa kewan loro unta lan sapi kang lanang, apa khewan loro [loro] unta lan sapi kang wadon, utawa apa unta lan sapi kang ana ing wêtêngane khewan wadon loro mau, lananga wadona, kowe padha ngaku nêksèni nalikane Allah andhawuhake larangan kaya kang padha kopratelakake iki (nanging kowe padha goroh). Ora ana wong luwih duraka tinimbang lan wong kang gawe-gawe, calathu goroh diawadake têrang dhawuhing Allah, banjur diênggo nasarake wong akèh, tanpa wêwaton kawruh kang bênêr, satêmêne Allah iku ora karsa nuduhake dalan bênêr marang wong kang padha nganiaya awake dhewe.

وَعَلَى الَّذِيْنَ هَادُوْا حَرَّمْنَا كُلَّ ذِيْ ظُفُرٍۚ وَمِنَ الْبَقَرِ وَالْغَنَمِ حَرَّمْنَا عَلَيْهِمْ شُحُوْمَهُمَآ اِلَّا مَا حَمَلَتْ ظُهُوْرُهُمَآ اَوِ الْحَوَايَآ اَوْ مَا اخْتَلَطَ بِعَظْمٍۗ ذٰلِكَ جَزَيْنٰهُمْ بِبَغْيِهِمْۚ وَاِنَّا لَصٰدِقُوْنَ١٤٦
Wa ‘alal-lażīna hādū ḥarramnā kulla żī ẓufur(in), wa minal-baqari wal-ganami ḥarramnā ‘alaihim syuḥūmahumā illā mā ḥamalat ẓuhūruhumā awil-ḥawāyā au makhtalaṭa bi‘aẓm(in), żālika jazaināhum bibagyihim, wa innā laṣādiqūn(a).
[146] (He Mukhammad) sira dhawuha: Dhawuhing Allah kang wis padha didhawuhake marang aku, aku ora mrangguli larangan panganan tumrap marang wong kang mangan, kajaba mung bathang utawa gêtih kang bisa mili apadene daginging cèlèng, iku kharam, mangkono manèh barang kang mawa duraka, iya iku khewan kang pambêlèhe nganggo nyêbut liyane Allah (kabèh iku kharam) dene sing sapa kêpêksa kudu [kudu] mangan barang larangan mau, janji pamangane ora kalawan balela lan anjarag, (iku kêna) satêmêne Pangeranira iku ngapura tur Maha-asih.

فَاِنْ كَذَّبُوْكَ فَقُلْ رَّبُّكُمْ ذُوْ رَحْمَةٍ وَّاسِعَةٍۚ وَلَا يُرَدُّ بَأْسُهٗ عَنِ الْقَوْمِ الْمُجْرِمِيْنَ١٤٧
Fa in każżabūka faqur rabbukum żū raḥmatiw wāsi‘ah(tin), wa lā yuraddu ba'suhū ‘anil-qaumil-mujrimīn(a).
[147] Biyèn para wong Yahudi padha Ingsun larangi mangan khewan kang tracake ora sigar, dene sapi lan wêdhus, iku kang Ingsun larangi ora kêna dipangan: gajihe, kajaba gajih kang ana ing gêgêr utawa gajih kang ana ing usus, utawa gajih kang awor lan balung, iku kêna dipangan. Larangan mangkono mau minăngka patrapan ênggone wong Yahudi padha ambalela, dhawuh Ingsun iki mêsthi têmên.

سَيَقُوْلُ الَّذِيْنَ اَشْرَكُوْا لَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ مَآ اَشْرَكْنَا وَلَآ اٰبَاۤؤُنَا وَلَا حَرَّمْنَا مِنْ شَيْءٍۗ كَذٰلِكَ كَذَّبَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ حَتّٰى ذَاقُوْا بَأْسَنَاۗ قُلْ هَلْ عِنْدَكُمْ مِّنْ عِلْمٍ فَتُخْرِجُوْهُ لَنَاۗ اِنْ تَتَّبِعُوْنَ اِلَّا الظَّنَّ وَاِنْ اَنْتُمْ اِلَّا تَخْرُصُوْنَ١٤٨
Sayaqūlul-lażīna asyrakū lau syā'allāhu mā asyraknā wa lā ābā'unā wa lā ḥarramnā min syai'(in), każālika każżabal-lażīna min qablihim ḥattā żāqū ba'sanā, qul hal ‘indakum min ‘ilmin fa tukhrijūhu lanā, in tattabi‘ūna illaẓ-ẓanna wa in antum illā takhruṣūn(a).
[148] Dene yèn wong kaphir padha maido marang sira Mukhammad, sira dhawuha: Pangeranmu sih piwêlase jêmbar bangêt, nanging siksane kang diancamake marang wong kang padha duraka, ora kêna ditulak.

قُلْ فَلِلّٰهِ الْحُجَّةُ الْبَالِغَةُۚ فَلَوْ شَاۤءَ لَهَدٰىكُمْ اَجْمَعِيْنَ١٤٩
Qul fa lillāhil-ḥujjatul-bāligah(tu), fa lau syā'a lahadākum ajma‘īn(a).
[149] Wong kang padha maro tingal bakal padha madoni mangkene: Kula saha para lêluhur kula, sadaya punika upami dipun karsakakên dening Allah botên malih tingal, amêsthi kalêksanan botên malih tingal, sarta botên sami angawisi barang ingkang dede awisanipun Allah, (dados anggèn kula sami malih tingal, utawi anggèn kula sami damêl awisan piyambak, punika Allah sampun kaparêng). Mangkono manèh wong kuna sadurunge iku, iya padha maido marang para rasul, nganti padha ngrasakake siksaningsun (He Mukhammad) sira dhawuha: Kowe apa padha duwe pathokan kawruh kaya padumu mau kang banjur koandharake marang aku, (mêsthi ora duwe). Kang padha koturut iku dudu sapa-sapa, nanging padha manut gagasamu dhewe. Lan manèh kowe iku mêsthi padha goroh.

قُلْ هَلُمَّ شُهَدَاۤءَكُمُ الَّذِيْنَ يَشْهَدُوْنَ اَنَّ اللّٰهَ حَرَّمَ هٰذَاۚ فَاِنْ شَهِدُوْا فَلَا تَشْهَدْ مَعَهُمْۚ وَلَا تَتَّبِعْ اَهْوَاۤءَ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا وَالَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ وَهُمْ بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُوْنَ ࣖ١٥٠
Qul halumma syuhadā'akumul-lażīna yasyhadūna annallāha ḥarrama hāżā, fa in syahidū falā tasyhad ma‘ahum, wa lā tattabi‘ ahwā'al-lażīna każżabū bi'āyātinā wal-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirati wa hum birabbihim ya‘dilūn(a).
[150] (He Mukhammad) sira dhawuha: Allah iku kagungan wêwaton kang patitis tur sampurna. Upama ana karsaning Allah anuduhake dalan bênêr marang kowe kabèh, mêsthi kêlakon kowe kabèh padha nêtêpi pituduh bênêr, (nanging iku dudu karsaning Allah). Sira banjur dhawuh: Mara padha ngundanga saksimu kang padha ngaku wêruh yèn Allah nglarangi kaya larangamu iki. Dene yèn saksine wong maro tingal [tingal] mau têka têmên, sarta banjur nêksèni kaya karêpe wong maro tingal iku, sira aja ngandêl marang saksi mau, lan aja manut apa sakarêpe wong kang padha maido ayat Ingsun, lan wong kang padha ora ngandêl bakal anane akingrat,[3] wong maro tingal mau panyêmbahe marang Allah Pangerane lan marang liyane dipadha bae.

۞ قُلْ تَعَالَوْا اَتْلُ مَا حَرَّمَ رَبُّكُمْ عَلَيْكُمْ اَلَّا تُشْرِكُوْا بِهٖ شَيْـًٔا وَّبِالْوَالِدَيْنِ اِحْسَانًاۚ وَلَا تَقْتُلُوْٓا اَوْلَادَكُمْ مِّنْ اِمْلَاقٍۗ نَحْنُ نَرْزُقُكُمْ وَاِيَّاهُمْ ۚوَلَا تَقْرَبُوا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَۚ وَلَا تَقْتُلُوا النَّفْسَ الَّتِيْ حَرَّمَ اللّٰهُ اِلَّا بِالْحَقِّۗ ذٰلِكُمْ وَصّٰىكُمْ بِهٖ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُوْنَ١٥١
Qul ta‘ālau atlu mā ḥarrama rabbukum ‘alaikum allā tusyrikū bihī syai'aw wa bil-wālidaini iḥsānā(n), wa lā taqtulū aulādakum min imlāq(in), naḥnu narzuqukum wa iyyāhum, wa lā taqrabul-fawāḥisya mā ẓahara minhā wa mā baṭan(a), wa lā taqtulun-nafsal-latī ḥarramallāhu illā bil-ḥaqq(i), żālikum waṣṣākum bihī la‘allakum ta‘qilūn(a).
[151]

وَلَا تَقْرَبُوْا مَالَ الْيَتِيْمِ اِلَّا بِالَّتِيْ هِيَ اَحْسَنُ حَتّٰى يَبْلُغَ اَشُدَّهٗ ۚوَاَوْفُوا الْكَيْلَ وَالْمِيْزَانَ بِالْقِسْطِۚ لَا نُكَلِّفُ نَفْسًا اِلَّا وُسْعَهَاۚ وَاِذَا قُلْتُمْ فَاعْدِلُوْا وَلَوْ كَانَ ذَا قُرْبٰىۚ وَبِعَهْدِ اللّٰهِ اَوْفُوْاۗ ذٰلِكُمْ وَصّٰىكُمْ بِهٖ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَۙ١٥٢
Wa lā taqrabū mālal-yatīmi illā bil-latī hiya aḥsanu ḥattā yabluga asyuddah(ū), wa auful-kaila wal-mīzāna bil-qisṭ(i), lā nukallifu nafsan illā wus‘ahā, wa iżā qultum fa‘dilū wa lau kāna żā qurbā, wa bi‘ahdillāhi aufū, żālikum waṣṣākum bihī la‘allakum tażakkarūn(a).
[152] (He Mukhammad) sira dhawuha mangkene: (He wong Mêkah kabèh), padha marenea, tak wacakake Kuran, kang mratelakake samubarang laranganing Pangeranmu marang kowe. Dhawuhing Allah: Sira aja padha maro tingal, mangeran marang liyaning Allah, lan padha ngajènana wong tuwanira loro, lan aja matèni anakira marga kuwatir yèn bakal anggombal, Ingsun kang mêsthi maringi pangan marang sira lan marang para anakira kabèh, lan aja padha cêdhak-cêdhak panggawe ala, sanadyan ala lair utawa ala batin, lan aja padha matèni wong kang diajèni utawa dieman dening Allah, kajaba yèn ênggonira matèni iku kalawan bênêr, (iku kêna) kang kasêbut mau dhawuhing [dhawuhing] Allah marang sira kabèh, karsaning Allah supaya sira padha ngrasakake.

وَاَنَّ هٰذَا صِرَاطِيْ مُسْتَقِيْمًا فَاتَّبِعُوْهُ ۚوَلَا تَتَّبِعُوا السُّبُلَ فَتَفَرَّقَ بِكُمْ عَنْ سَبِيْلِهٖ ۗذٰلِكُمْ وَصّٰىكُمْ بِهٖ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ١٥٣
Wa anna hāżā ṣirāṭī mustaqīman fattabi‘ūh(u), wa lā tattabi‘us-subula fa tafarraqa bikum ‘an sabīlih(ī), żālikum waṣṣākum bihī la‘allakum tattaqūn(a).
[153] Lan manèh sira aja padha melik marang rajadarbèke bocah yatim, kajaba kalawan dalan kang murih bêcik marang bocah yatim mau, nganti tumêka balège (= diwasane) bocah yatim mau, (ing kono bandhane banjur pasrahna) lan sira padha anggênêpana takêran utawa bobot kalawan sabênêr, Ingsun ora karsa mêksa marang wong, kajaba mung sakêlare dilakoni. Mênawa sira padha ngucap, ngucapa kalawan têmên, sanadyan kang sira calathoni iku kalêbu ewoning sanakira, iya calathua kalawan têmên. Lan sira padha nêtêpana sasanggêmanira marang Allah. Dene kang wis kasêbut mau, iku dhawuhing Allah marang sira kabèh, karsaning Allah supaya sira padha doyana pitutur.

ثُمَّ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ تَمَامًا عَلَى الَّذِيْٓ اَحْسَنَ وَتَفْصِيْلًا لِّكُلِّ شَيْءٍ وَّهُدًى وَّرَحْمَةً لَّعَلَّهُمْ بِلِقَاۤءِ رَبِّهِمْ يُؤْمِنُوْنَ ࣖ١٥٤
Ṡumma ātainā mūsal-kitāba tamāman ‘alal-lażī aḥsana wa tafṣīlal likulli syai'iw wa hudaw wa raḥmatal la‘allahum biliqā'i rabbihim yu'minūn(a).
[154] Iki dalan kang bênêr têmênan, dalaningsun, sira banjur padha manuta, aja padha manut dêdalan liyane iki. Samăngsa sira manut dalan liyane, sira têtêp wong nyimpang [nyimpang] saka agamaning Allah. Kang wis kasêbut iki dhawuhing Allah marang sira kabèh, karsaning Allah supaya sira padha wêdia ing Allah, ngèstokake dhawuhe.

وَهٰذَا كِتٰبٌ اَنْزَلْنٰهُ مُبٰرَكٌ فَاتَّبِعُوْهُ وَاتَّقُوْا لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَۙ١٥٥
Wa hāżā kitābun anzalnāhu mubārakun fattabi‘ūhu wattaqū la‘allakum turḥamūn(a).
[155] (Sawise mangkono) Ingsun nyaritakake: Biyèn Ingsun wis maringi kitab Torèt marang Nabi Musa, minăngka nyampurnakake pêparing Ingsun kabungahan marang wong kang padha ngèstokake Torèt mau kalawan bêcik, lan manèh kitab Torèt iku nêrangake wijang-wijanging parentah, lan minăngka pituduh bênêr, sarta tumănja sih Ingsun marang para turuning Israil, supaya padha ngandêla yèn ing têmbe bakal padha disebakake marang ngarsaning Pangerane.

اَنْ تَقُوْلُوْٓا اِنَّمَآ اُنْزِلَ الْكِتٰبُ عَلٰى طَاۤىِٕفَتَيْنِ مِنْ قَبْلِنَاۖ وَاِنْ كُنَّا عَنْ دِرَاسَتِهِمْ لَغٰفِلِيْنَۙ١٥٦
An taqūlū innamā unzilal-kitābu ‘alā ṭā'ifataini min qablinā, wa in kunnā ‘an dirāsatihim lagāfilīn(a).
[156] Dene Kuran iki kitab kang wis Ingsun dhawuhake tur binarkahan, mulane sira wong Mêkah kabèh padha ngèstokna ing Kuran, lan sira padha wêdia, aja nganti dadi kaphir, supaya sira padha disihana dening Allah.

اَوْ تَقُوْلُوْا لَوْ اَنَّآ اُنْزِلَ عَلَيْنَا الْكِتٰبُ لَكُنَّآ اَهْدٰى مِنْهُمْۚ فَقَدْ جَاۤءَكُمْ بَيِّنَةٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَهُدًى وَّرَحْمَةٌ ۚفَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنْ كَذَّبَ بِاٰيٰتِ اللّٰهِ وَصَدَفَ عَنْهَا ۗسَنَجْزِى الَّذِيْنَ يَصْدِفُوْنَ عَنْ اٰيٰتِنَا سُوْۤءَ الْعَذَابِ بِمَا كَانُوْا يَصْدِفُوْنَ١٥٧
Au taqūlū lau annā unzila ‘alainal-kitābu lakunnā ahdā minhum, faqad jā'akum bayyinatum mir rabbikum wa hudaw wa raḥmah(tun), faman aẓlamu mimman każżaba bi'āyātillāhi wa ṣadafa ‘anhā, sanajzil-lażīna yaṣdifūna ‘an āyātinā sū'al-‘ażābi bimā kānū yaṣdifūn(a).
[157] Lan manèh supaya sira aja nganti padha ngucap mangkene: Kitabing Allah iku mêsthi mung didhawuhake [didhawuhake] marang wong rong golongan, iya iku wong Yahudi lan wong Nasara sadurungku. Dene aku iki padha lali ora maca kitab mau.

هَلْ يَنْظُرُوْنَ اِلَّآ اَنْ تَأْتِيَهُمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ اَوْ يَأْتِيَ رَبُّكَ اَوْ يَأْتِيَ بَعْضُ اٰيٰتِ رَبِّكَ ۗيَوْمَ يَأْتِيْ بَعْضُ اٰيٰتِ رَبِّكَ لَا يَنْفَعُ نَفْسًا اِيْمَانُهَا لَمْ تَكُنْ اٰمَنَتْ مِنْ قَبْلُ اَوْ كَسَبَتْ فِيْٓ اِيْمَانِهَا خَيْرًاۗ قُلِ انْتَظِرُوْٓا اِنَّا مُنْتَظِرُوْنَ١٥٨
Hal yanẓurūna illā an ta'tiyahumul-malā'ikatu au ya'tiya rabbuka au ya'tiya ba‘ḍu āyāti rabbik(a), yauma ya'tī ba‘ḍu āyāti rabbika lā yanfa‘u nafsan īmānuhā lam takun āmanat min qablu au kasabat fī īmānihā khairā(n), qulintaẓirū innā muntaẓirūn(a).
[158] Utawa sira aja nganti padha ngucap mangkene: Upama aku iki diparingi kitab dhewe dening Allah, mêsthi aku luwih wêruh marang pituduh bênêr tinimbang lan wong Islam iku (He wong Mêkah, prakara iku aja sira ênggo madoni) sira wis padha digêlari tăndha yêkti saka Pangeranira, apadene diparingi pituduh bênêr sarta sih kawêlasan, tumrap wong kang ngèstokake parentah. Ora ana wong kang maido ayating Allah lan malengos marang ayating Allah. Ing têmbe Ingsun mêsthi matrapi wong kang padha malengos marang ayat Ingsun, kalawan siksa kang abot, marga ênggone padha malengos mau.

اِنَّ الَّذِيْنَ فَرَّقُوْا دِيْنَهُمْ وَكَانُوْا شِيَعًا لَّسْتَ مِنْهُمْ فِيْ شَيْءٍۗ اِنَّمَآ اَمْرُهُمْ اِلَى اللّٰهِ ثُمَّ يُنَبِّئُهُمْ بِمَا كَانُوْا يَفْعَلُوْنَ١٥٩
Innal-lażīna farraqū dīnahum wa kānū syiya‘al lasta minhum fī syai'(in), innamā amruhum ilallāhi ṡumma yunabbi'uhum bimā kānū yaf‘alūn(a).
[159] Wong kaphir ing Mêkah padha ora ngêntèni lan ora nyana bakal têkaning siksa mau, kajaba yèn wis padha ditêkani malaikat pati, utawa kêtêkan siksaning Pangeranira, [Pangeranira,] utawa kêtêkan sawijining ayat saka Pangeranira, kang nyasmitani têkaning dina kiyamat, (iya iku srêngenge mêtu saka kulon) ing kono lagi padha wêruh têkaning siksa. Ing besuk nalikane têka ayat sasmitaning dina kiyamat têka saka Pangeranira, wiwit ing dina iku, sarupaning wong kang maune ora pracaya marang rasul banjur nusuli pracaya, iku kapracayane ora dianggêp, apadene wong mukmin kang maune ora nglakoni kabêcikan, banjur tobat, nusuli gawea kabêcikan, iku iya ora dianggêp, (he Mukhammad) sira dhawuha: Kowe kabèh padha ngêntènana têlung prakara mau, aku uga ngêntèni.

مَنْ جَاۤءَ بِالْحَسَنَةِ فَلَهٗ عَشْرُ اَمْثَالِهَا ۚوَمَنْ جَاۤءَ بِالسَّيِّئَةِ فَلَا يُجْزٰٓى اِلَّا مِثْلَهَا وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ١٦٠
Man jā'a bil-ḥasanati fa lahū ‘asyru amṡālihā, wa man jā'a bis-sayyi'ati falā yujzā illā miṡlahā wa hum lā yuẓlamūn(a).
[160] Sarupaning wong kang padha ninggal agamane Islam, iku têtela dudu kancanira, sira ora milu- milu, lan ora kalepetan apa-apa, wong mau nganti akèh agêgolongan, iku prakarane ana ngastaning [ngastaning] Allah piyambak. Ing besuk ana ing akhirat, Allah bakal anjalèntrèhake marang wong mau samubarang kang wis padha dilakoni.

قُلْ اِنَّنِيْ هَدٰىنِيْ رَبِّيْٓ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ ەۚ دِيْنًا قِيَمًا مِّلَّةَ اِبْرٰهِيْمَ حَنِيْفًاۚ وَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ١٦١
Qul innanī hadānī rabbī ilā ṣirāṭim mustaqīm(in), dīnan qiyamam millata ibrāhīma ḥanīfā(n), wa mā kāna minal-musyrikīn(a).
[161] Sing sapa gawe kabêcikan, iku ing besuk ana ing akhirat, bakal tămpa ganjaran, apês-apêse tikêl sapuluh, dene sing sapa gawe piala, iku patrapane mung samurwating pialane bae, tur ora dikaniaya.

قُلْ اِنَّ صَلَاتِيْ وَنُسُكِيْ وَمَحْيَايَ وَمَمَاتِيْ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَۙ١٦٢
Qul inna ṣalātī wa nusukī wa maḥyāya wa mamātī lillāhi rabbil-‘ālamīn(a).
[162] (He Mukhammad) sira dhawuha: Aku iki wis diparingi pituduh dening Pangeranku, dituduhake dalan kang bênêr agama Islam kang jêjêg, agamane Nabi Ibrahim kang condhong lan bênêr. Nabi Ibrahim iku dudu wong maro tingal.

لَا شَرِيْكَ لَهٗ ۚوَبِذٰلِكَ اُمِرْتُ وَاَنَا۠ اَوَّلُ الْمُسْلِمِيْنَ١٦٣
Lā syarīka lah(ū), wa biżālika umirtu wa ana awwalul-muslimīn(a).
[163] Lan sira dhawuha manèh: Satêmêne sêmbayangku lan pangabêktiku kabèh konjuk ing Allah, apadene pati lan uripku iki kagunganing Allah, Pangeraning alam kabèh, ora ana kang ngêmbari Allah, duwe kaya kang kasêbut mau, aku wis didhawuhi [didhawuhi] dening Allah supaya pracaya marang kang kasêbut mau, lan manèh aku iki dadi kawitane wong kang padha Islam.

قُلْ اَغَيْرَ اللّٰهِ اَبْغِيْ رَبًّا وَّهُوَ رَبُّ كُلِّ شَيْءٍۗ وَلَا تَكْسِبُ كُلُّ نَفْسٍ اِلَّا عَلَيْهَاۚ وَلَا تَزِرُ وَازِرَةٌ وِّزْرَ اُخْرٰىۚ ثُمَّ اِلٰى رَبِّكُمْ مَّرْجِعُكُمْ فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ فِيْهِ تَخْتَلِفُوْنَ١٦٤
Qul agairallāhi abgī rabbaw wa huwa rabbu kulli syai'(in), wa lā taksibu kullu nafsin illā ‘alaihā, wa lā taziru wāziratuw wizra ukhrā, ṡumma ilā rabbikum marji‘ukum fa yunabbi'ukum bimā kuntum fīhi takhtalifūn(a).
[164] Apadene sira dhawuha: Allah iku Pangeraning samubarang, apa aku pêrlu golèk Pangeran liyane Allah, (iku ora pisan-pisan) sarupaning wong yèn anglakoni kaluputan, iku kang dipatrapi dudu sapa-sapa, ora liya iya kang nglakoni kaluputan mau. Lan manèh wong kang nandhang kaluputan, ora bakal nyăngga patrapane wong liyane ênggone nglakoni dosa. Ing besuk ana ing akhirat, kowe iku kabèh padha disebakake marang pangayunaning Pangeranmu, ing kono Pangeranmu anjalètrèhake lan ngadili ênggonmu padha sulaya prakara agama.

وَهُوَ الَّذِيْ جَعَلَكُمْ خَلٰۤىِٕفَ الْاَرْضِ وَرَفَعَ بَعْضَكُمْ فَوْقَ بَعْضٍ دَرَجٰتٍ لِّيَبْلُوَكُمْ فِيْ مَآ اٰتٰىكُمْۗ اِنَّ رَبَّكَ سَرِيْعُ الْعِقَابِۖ وَاِنَّهٗ لَغَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ ࣖ١٦٥
Wa huwal-lażī ja‘alakum khalā'ifal-arḍi wa rafa‘a ba‘ḍakum fauqa ba‘ḍin darajātil liyabluwakum fī mā ātākum, inna rabbaka sarī‘ul-‘iqāb(i), wa innahū lagafūrur raḥīm(un).
[165] Allah iku kang nitahake sira ana ing bumi ganti-gumanti, sarta anjunjung pangkat kaluwihaning wong ngungkuli wong liyane, pêparinging Allah kang mangkono mau pêrlu diênggo nyoba marang sira kabèh, (supaya katara sapa kang sêtya tuhu lan sapa kang duraka) satêmêne