Surah Al-Hasyr

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
سَبَّحَ لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۚ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ١
Sabbaḥa lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[1] Isèn-isèning bumi lan langit padha nêbut Mahasuci ing Allah, Allah iku Mahamulya tur Wicaksana.

هُوَ الَّذِيْٓ اَخْرَجَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ مِنْ دِيَارِهِمْ لِاَوَّلِ الْحَشْرِۗ مَا ظَنَنْتُمْ اَنْ يَّخْرُجُوْا وَظَنُّوْٓا اَنَّهُمْ مَّانِعَتُهُمْ حُصُوْنُهُمْ مِّنَ اللّٰهِ فَاَتٰىهُمُ اللّٰهُ مِنْ حَيْثُ لَمْ يَحْتَسِبُوْا وَقَذَفَ فِيْ قُلُوْبِهِمُ الرُّعْبَ يُخْرِبُوْنَ بُيُوْتَهُمْ بِاَيْدِيْهِمْ وَاَيْدِى الْمُؤْمِنِيْنَۙ فَاعْتَبِرُوْا يٰٓاُولِى الْاَبْصَارِ٢
Huwal-lażī akhrajal-lażīna kafarū min ahlil-kitābi min diyārihim li'awwalil-ḥasyr(i), mā ẓanantum ay yakhrujū wa ẓannū annahum māni‘atuhum ḥuṣūnuhum minallāhi fa atāhumullāhu min ḥaiṡu lam yaḥtasibū wa qażafa fī qulūbihimur-ru‘ba yukhribūna buyūtahum bi'aidīhim wa aidil-mu'minīn(a), fa‘tabirū yā ulil-abṣār(i).
[2] Allah iku kang mêtokake para wong kaphir kang padha duwe wêwaton kitab, saka ing omahe ing nagara Madinah marang tanah Sam. He para wong mukmin, sira ora ngira yèn wong kaphir mau kêlakon mêtu saka ing Madinah. Panyananira, omahe si kaphir iku sarèhning padha santosa, kaya-kaya bisa nulak siksaning Allah, nanging nyatane ora, siksaning Allah nêkani si kaphir mau ora kênyanan. Allah anggêtêrake atine si kaphir mau, dadi banjur padha wêdi bangêt, marga pangarêpe kang aran Kangab bin Asraph, mati pêrang lan wong Islam, wong kaphir maha[3] padha nutup omahe, nanging dirusak dening wong Islam saka ing jaba, wong kaphir uga ngrusak omahe saka ing jêro. He para wong kang ganêp pikire, mara padha ngrasakna lêlakon iki.

وَلَوْلَآ اَنْ كَتَبَ اللّٰهُ عَلَيْهِمُ الْجَلَاۤءَ لَعَذَّبَهُمْ فِى الدُّنْيَاۗ وَلَهُمْ فِى الْاٰخِرَةِ عَذَابُ النَّارِ٣
Wa lau lā an kataballāhu ‘alaihimul-jalā'a la‘ażżabahum fid-dun-yā, wa lahum fil-ākhirati ‘ażābun-nār(i).
[3] Allah wis namtokake kalawan pêpêsthèn, wong kaphir mau kêlakon lunga saka ing omahe, upama ora mangkono, Allah mêsthi niksa wong kaphir mau ana ing dunya, ing besuk ana ing akhirat, wong kaphir mau padha dipatrapi siksa naraka.

ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ شَاۤقُّوا اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ ۖوَمَنْ يُّشَاۤقِّ اللّٰهَ فَاِنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ٤
Żālika bi'annahum syāqqullāha wa rasūlah(ū), wa may yusyāqqillāha fa'innallāha syadīdul-‘iqāb(i).
[4] Kang mangkono iku, marga wong kaphir mau padha nyulayani Allah lan Rasulullah, sing sapa nyulayani Allah, iku dipatrapi siksa, Allah iku siksane abot.

مَا قَطَعْتُمْ مِّنْ لِّيْنَةٍ اَوْ تَرَكْتُمُوْهَا قَاۤىِٕمَةً عَلٰٓى اُصُوْلِهَا فَبِاِذْنِ اللّٰهِ وَلِيُخْزِيَ الْفٰسِقِيْنَ٥
Mā qaṭa‘tum mil līnatin au taraktumūhā qā'imatan ‘alā uṣūlihā fa bi'iżnillāhi wa liyukhziyal-fāsiqīn(a).
[5] He para wong Islam, yèn sira nêgor wit kurma, utawa kurma mau sira nêngake bae, isih ngadêg kaya mau-maune. Rong prakara iku kalawan idining Allah. Enggone paring idin nêgor mau, supaya wong kaphir katona rèmèh bae.

وَمَآ اَفَاۤءَ اللّٰهُ عَلٰى رَسُوْلِهٖ مِنْهُمْ فَمَآ اَوْجَفْتُمْ عَلَيْهِ مِنْ خَيْلٍ وَّلَا رِكَابٍ وَّلٰكِنَّ اللّٰهَ يُسَلِّطُ رُسُلَهٗ عَلٰى مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٦
Wa mā afā'allāhu ‘alā rasūlihī minhum famā aujaftum ‘alaihi min khailiw wa lā rikābiw wa lākinnallāha yusalliṭu rusulahū ‘alā may yasyā'(u), wallāhu ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[6] Băndha kang wis dibalèkake dening Allah marang utusane saka tangane wong Yahudi turune Nulèr iku kowe ora padha wadal kangelan nunggang jaran utawa unta, nanging Allah piyambak ngunggulake utusane, mênang karo wong kang dikarsakake kalah dening Allah. Allah iku nguwasani samubarang.

مَآ اَفَاۤءَ اللّٰهُ عَلٰى رَسُوْلِهٖ مِنْ اَهْلِ الْقُرٰى فَلِلّٰهِ وَلِلرَّسُوْلِ وَلِذِى الْقُرْبٰى وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنِ وَابْنِ السَّبِيْلِۙ كَيْ لَا يَكُوْنَ دُوْلَةً ۢ بَيْنَ الْاَغْنِيَاۤءِ مِنْكُمْۗ وَمَآ اٰتٰىكُمُ الرَّسُوْلُ فَخُذُوْهُ وَمَا نَهٰىكُمْ عَنْهُ فَانْتَهُوْاۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِۘ٧
Mā afā'allāhu ‘alā rasūlihī min ahlil-qurā fa lillāhi wa lir-rasūli wa liżil-qurbā wal-yatāmā wal-masākīni wabnis-sabīl(i), kailā yakūna dūlatam bainal-agniyā'i minkum, wa mā ātākumur-rasūlu fa khużūhu wa mā nahākum ‘anhu fantahū, wattaqullāh(a), innallāha syadīdul-‘iqāb(i).
[7] Dene barang kang wis diparingake bali dening Allah marang utusane saka tangane wong padesan, iku dadi kagunganing Allah, wajib ditindakake apa saparentahing [sapare....ntahing] Allah, lan dadi kagungane Rasulullah, lan dadi duwèke para santanane Rasulullah, lan dadi duwèke para bocah yatim, lan para wong miskin, apadene dadi duwèke wong kang ana paran. Supaya barang jarahan mau aja mung tiba ing tangane kancamu kang padha sugih bae. Samubarang kang diparingake dening Rasulullah marang kowe, iku tampanana, dene barang kang Rasulullah ora parêng, iku padha narimaa. Kowe padha wêdia ing Allah, awit Allah iku siksane abot.

لِلْفُقَرَاۤءِ الْمُهٰجِرِيْنَ الَّذِيْنَ اُخْرِجُوْا مِنْ دِيَارِهِمْ وَاَمْوَالِهِمْ يَبْتَغُوْنَ فَضْلًا مِّنَ اللّٰهِ وَرِضْوَانًا وَّيَنْصُرُوْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ ۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الصّٰدِقُوْنَۚ٨
Lil-fuqarā'il-muhājirīnal-lażīna ukhrijū min diyārihim wa amwālihim yabtagūna faḍlam minallāhi wa riḍwānaw wa yanṣurūnallāha wa rasūlah(ū), ulā'ika humuṣ-ṣādiqūn(a).
[8] Barang mau dadi duwèke para sakhabat pêkir kang padha andhèrèk ngalih Rasulullah saka Mêkah marang Madinah, kang padha diusir dening wong kaphir saka ngomahe, ninggal rajadarbèke, mung ngarêp-arêp sih kanugrahan lan karilaning Allah, lan padha biyantu ing Allah lan Rasulullah, iya iku kang têtêp wong têmên-têmên pasuwitane ing Allah.

وَالَّذِيْنَ تَبَوَّءُو الدَّارَ وَالْاِيْمَانَ مِنْ قَبْلِهِمْ يُحِبُّوْنَ مَنْ هَاجَرَ اِلَيْهِمْ وَلَا يَجِدُوْنَ فِيْ صُدُوْرِهِمْ حَاجَةً مِّمَّآ اُوْتُوْا وَيُؤْثِرُوْنَ عَلٰٓى اَنْفُسِهِمْ وَلَوْ كَانَ بِهِمْ خَصَاصَةٌ ۗوَمَنْ يُّوْقَ شُحَّ نَفْسِهٖ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَۚ٩
Wal-lażīna tabawwa'ud-dāra wal-īmāna min qablihim yuḥibbūna man hājara ilaihim wa lā yajidūna fī ṣudūrihim ḥājatam mimmā ūtū wa yu'ṡirūna ‘alā anfusihim wa lau kāna bihim khaṣāṣah(tun), wa may yūqa syuḥḥa nafsihī fa ulā'ika humul-mufliḥūn(a).
[9] Dene para sakhabat kang wis manggon ana [a....na] ing Madinah, sadurunge rawuh Rasulullah, iku padha pracaya ing Allah, lan padha asih marang para sakhabat kang andhèrèk ngalih marang Madinah, atine ora mèri ênggone para sakhabat kang andhèrèk ngalih padha diparingi panduman marang jarahan mau, malah padha ngalah bab samubarang, sanadyan awake dhewe butuh iya ngalah. Sing sapa bisa nyingkiri panggrangsang, iku têtêp wong bêgja.

وَالَّذِيْنَ جَاۤءُوْ مِنْۢ بَعْدِهِمْ يَقُوْلُوْنَ رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِاِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْاِيْمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلًّا لِّلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا رَبَّنَآ اِنَّكَ رَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ ࣖ١٠
Wal-lażīna jā'ū mim ba‘dihim yaqūlūna rabbanagfir lanā wa li'ikhwāninal-lażīna sabaqūnā bil-īmāni wa lā taj‘al fī qulūbinā gillal lil-lażīna āmanū rabbanā innaka ra'ūfur raḥīm(un).
[10] Dene para sakhabat kang padha têka anyar, sawise sakhabat kang padha andhèrèk ngalih marang Madinah, padha munjuk ing Allah mangkene: Dhuh Pangeran kawula, Tuwan mugi ngapuraa dhumatêng kawula, saha para sadhèrèk kawula, ingkang anggènipun pracaya ing Tuwan, ngrumiyini kawula, punapadene Tuwan mugi sampun nêbihakên manah kawula dhatêng para tiyang mukmin. Dhuh Pangeran kawula, Tuwan punika wêlas asih.

۞ اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ نَافَقُوْا يَقُوْلُوْنَ لِاِخْوَانِهِمُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ لَىِٕنْ اُخْرِجْتُمْ لَنَخْرُجَنَّ مَعَكُمْ وَلَا نُطِيْعُ فِيْكُمْ اَحَدًا اَبَدًاۙ وَّاِنْ قُوْتِلْتُمْ لَنَنْصُرَنَّكُمْۗ وَاللّٰهُ يَشْهَدُ اِنَّهُمْ لَكٰذِبُوْنَ١١
Alam tara ilal-lażīna nāfaqū yaqūlūna li'ikhwānihimul-lażīna kafarū min ahlil-kitābi la'in ukhrijtum lanakhrujanna ma‘akum wa lā nuṭī‘u fīkum aḥadan abadā(n), wa in qūtiltum lananṣurannakum, wallāhu yasyhadu innahum lakāżibūn(a).
[11] (He Mukhammad) sira apa ora andêlêng wong lamis, padha nyalathoni para sadulure, wong kaphir kang padha duwe wêwaton kitab: Manawa kowe nganti kèngsêr saka ing Madinah kene, aku mêsthi milu lunga, aku salawase măngsa gêlêma milu nyulayani kowe, manawa kowe arêp dipatèni, aku ngrewangi kowe. Allah nêksèni lan namtokake, calathune wong lamis mangkono mau bakal cidra.

لَىِٕنْ اُخْرِجُوْا لَا يَخْرُجُوْنَ مَعَهُمْۚ وَلَىِٕنْ قُوْتِلُوْا لَا يَنْصُرُوْنَهُمْۚ وَلَىِٕنْ نَّصَرُوْهُمْ لَيُوَلُّنَّ الْاَدْبَارَۙ ثُمَّ لَا يُنْصَرُوْنَ١٢
La'in ukhrijū lā yakhrujūna ma‘ahum, wa la'in qūtilū lā yanṣurūnahum, wa la'in naṣarūhum layuwallunnal-adbār(a), ṡumma lā yunṣarūn(a).
[12] Manawa wong kaphir kang duwe wêwaton kitab mau ditundhung, saka ing Madinah, wong lamis mêsthi ora gêlêm milu, lan manawa dipatèni, wong lamis mêsthi ora gêlêm ngrewangi. Dene manawa padha ngrewangi, mêsthi padha kalah lan kêplayu, wêkasan ora ana kang bisa nulungi wong lamis mau.

لَاَنْتُمْ اَشَدُّ رَهْبَةً فِيْ صُدُوْرِهِمْ مِّنَ اللّٰهِ ۗذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ قَوْمٌ لَّا يَفْقَهُوْنَ١٣
La'antum asyaddu rahbatan fī ṣudūrihim minallāh(i), żālika bi'annahum qaumul lā yafqahūn(a).
[13] Wong lamis mau atine wêdi bangêt marang sira, ngungkuli wêdine ing Allah, ênggone mangkono mau, marga wong lamis ora wêruh kawasaning Allah.

لَا يُقَاتِلُوْنَكُمْ جَمِيْعًا اِلَّا فِيْ قُرًى مُّحَصَّنَةٍ اَوْ مِنْ وَّرَاۤءِ جُدُرٍۗ بَأْسُهُمْ بَيْنَهُمْ شَدِيْدٌ ۗ تَحْسَبُهُمْ جَمِيْعًا وَّقُلُوْبُهُمْ شَتّٰىۗ ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ قَوْمٌ لَّا يَعْقِلُوْنَۚ١٤
Lā yuqātilūnakum jamī‘an illā fī quram muḥaṣṣanatin au miw warā'i judur(in), ba'suhum bainahum syadīd(un), taḥsabuhum jamī‘aw wa qulūbuhum syattā, żālika bi'annahum qaumul lā ya‘qilūn(a).
[14] Wong Yahudi kabèh bae ora ana kang wani pêrang, nglawan sira, kajaba yèn ana [a....na] ing padesan kang santosa utawa mawa bètèng, awit wong Yahudi padha diya-diniya, ora rukun. Pangiranira padha golong dadi siji, satêmêne, atine wong Yahudi lan wong lamis, padha sulaya. Kang mangkono mau, marga kabèh bae padha wong kurang ngakale.

كَمَثَلِ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ قَرِيْبًا ذَاقُوْا وَبَالَ اَمْرِهِمْۚ وَلَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌۚ١٥
Kamaṡalil-lażīna min qablihim qarīban żāqū wabāla amrihim, wa lahum ‘ażābun alīm(un).
[15] Iku padha lan lêlakone wong Mêkah kang maro tingal, kang padha mati dhèk pêrang Badar, sadurunge wong Yahudi iku, saprene durung lawas, padha ngrasakake wêwêlake lakune dhewe. Barêng ana ing akhirat, uga dipatrapi siksa kang nglarani.

كَمَثَلِ الشَّيْطٰنِ اِذْ قَالَ لِلْاِنْسَانِ اكْفُرْۚ فَلَمَّا كَفَرَ قَالَ اِنِّيْ بَرِيْۤءٌ مِّنْكَ اِنِّيْٓ اَخَافُ اللّٰهَ رَبَّ الْعٰلَمِيْنَ١٦
Kamaṡalisy-syaiṭāni iż qāla lil-insānikfur, falammā kafara qāla innī barī'um minka innī akhāfullāha rabbal-‘ālamīn(a).
[16] Kaya upamane setan anggodha marang manungsa, calathune: Kowe kaphira, barêng manungsa mau nurut kaphir, setan calathu: Aku ora milu-milu ênggonmu kaphir, aku wêdi ing Allah Pangeraning ngalam kabèh.

فَكَانَ عَاقِبَتَهُمَآ اَنَّهُمَا فِى النَّارِ خٰلِدَيْنِ فِيْهَاۗ وَذٰلِكَ جَزٰۤؤُا الظّٰلِمِيْنَ ࣖ١٧
Fa kāna ‘āqibatahumā annahumā fin-nāri khālidaini fīhā, wa żālika jazā'uẓ-ẓālimīn(a).
[17] Wêkasane setan lan wong kêna ing panggodha, loro pisan padha disiksa ana ing naraka, sarta padha langgêng ana ing naraka, iya iku patrapane wong kaphir.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌ ۢبِمَا تَعْمَلُوْنَ١٨
Yā ayyuhal-lażīna āmanuttaqullāha waltanẓur nafsum mā qaddamat ligad(in), wattaqullāh(a), innallāha khabīrum bimā ta‘malūn(a).
[18] He para wong mukmin, sira padha wêdia ing Allah, siji-sijining awak padha andêlênga dina kiyamat kang bakal kêlakon ing dina sesuk, padha wêdia ing Allah, satêmêne Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni.

وَلَا تَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ نَسُوا اللّٰهَ فَاَنْسٰىهُمْ اَنْفُسَهُمْۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْفٰسِقُوْنَ١٩
Wa lā takūnū kal-lażīna nasullāha fa'ansāhum anfusahum, ulā'ika humul-fāsiqūn(a).
[19] Aja kaya wong kang padha lali ora ngabêkti ing Allah, dadi iya lali ênggone murih bêcik marang awake dhewe, wong mangkono iku kabèh padha duraka.

لَا يَسْتَوِيْٓ اَصْحٰبُ النَّارِ وَاَصْحٰبُ الْجَنَّةِۗ اَصْحٰبُ الْجَنَّةِ هُمُ الْفَاۤىِٕزُوْنَ٢٠
Lā yastawī aṣḥābun-nāri wa aṣḥābul-jannah(ti), aṣḥābul-jannati humul-fā'izūn(a).
[20] Wong ing naraka lan wong ing suwarga iku ora padha, wong ing suwarga iku kabèh padha bêgja.

لَوْ اَنْزَلْنَا هٰذَا الْقُرْاٰنَ عَلٰى جَبَلٍ لَّرَاَيْتَهٗ خَاشِعًا مُّتَصَدِّعًا مِّنْ خَشْيَةِ اللّٰهِ ۗوَتِلْكَ الْاَمْثَالُ نَضْرِبُهَا لِلنَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَتَفَكَّرُوْنَ٢١
Lau anzalnā hāżal-qur'āna ‘alā jabalil lara'aitahū khāsyi‘am mutaṣaddi‘am min khasy-yatillāh(i), wa tilkal-amṡālu naḍribuhā lin-nāsi la‘allahum yatafakkarūn(a).
[21] Upama gunung iku duwe pangêrti, sarta Ingsun dhawuhi Kuran iki, mêsthi sira andêlêng gunung mau konjêm, manggut-manggut saking wêdine ing Allah. Upama mangkono mau Ingsun trapake marang manungsa, supaya manungsa padha mikira agunging Allah.

هُوَ اللّٰهُ الَّذِيْ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۚ عَالِمُ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِۚ هُوَ الرَّحْمٰنُ الرَّحِيْمُ٢٢
Huwallāhul-lażī lā ilāha illā huw(a), ‘ālimul-gaibi wasy-syahādah(ti), huwar-raḥmānur-raḥīm(u).
[22] Iya iku Allah, ora ana sasêmbahan [sasê...mbahan] kalawan bênêr kajaba mung Allah, nguningani samubarang kang samar sarta barang kang kasat mata, iya iku Allah kang Mahamurah tur Maha-asih.

هُوَ اللّٰهُ الَّذِيْ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ ۚ اَلْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلٰمُ الْمُؤْمِنُ الْمُهَيْمِنُ الْعَزِيْزُ الْجَبَّارُ الْمُتَكَبِّرُۗ سُبْحٰنَ اللّٰهِ عَمَّا يُشْرِكُوْنَ٢٣
Huwallāhul-lażī lā ilāha illā huw(a), al-malikul-quddūsus-salāmul-mu'minul-muhaiminul-‘azīzul-jabbārul-mutakabbir(u), subḥānallāhi ‘ammā yusyrikūn(a).
[23] Iya iku Allah, ora ana sêsêmbahan kalawan bênêr kajaba mung Allah, ratu kang Mahasuci, kang paring slamêt, kang paring tăndha yêkti kaelokan marang utusane, kang nguningani sabarang lakuning kawula, kang Mahamulya kang Misesa, tur kang Maha-agung, Allah iku Mahasuci, adoh bangêt yèn kayaa panêmune wong maro tingal.

هُوَ اللّٰهُ الْخَالِقُ الْبَارِئُ الْمُصَوِّرُ لَهُ الْاَسْمَاۤءُ الْحُسْنٰىۗ يُسَبِّحُ لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۚ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ ࣖ٢٤
Huwallāhul-khāliqul-bāri'ul-muṣawwiru lahul-asmā'ul-ḥusnā, yusabbiḥu lahū mā fis-samāwāti wal-arḍ(i), wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[24] Iya iku Allah, kang we[4] samubarang iki kabèh, kang murwani samubarang, kang gawe sarupaning wangun, kang kagungan asma bêcik sangang puluh sanga. Isèn-isèning bumi lan langit padha nêbut Mahasuci ing Allah, Allah iku Mahamulya tur Wicaksana.