Surah Al-Mujadilah
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
قَدْ سَمِعَ اللّٰهُ قَوْلَ الَّتِيْ تُجَادِلُكَ فِيْ زَوْجِهَا وَتَشْتَكِيْٓ اِلَى اللّٰهِ ۖوَاللّٰهُ يَسْمَعُ تَحَاوُرَكُمَاۗ اِنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌۢ بَصِيْرٌ١
Qad sami‘allāhu qaulal-latī tujādiluka fī zaujihā wa tasytakī ilallāh(i), wallāhu yasma‘u taḥāwurakumā, innallāha samī‘um baṣīr(un).
[1]
(He Mukhammad) Allah wis marêngake panyuwune wong wadon kang matur ing sira, prakara lakine kang madhakake awake karo biyunge, wong wadon mau sêsambat ing Allah, Allah wis marêngake pasambatira wong sakaloron. Satêmêne Allah iku miyarsa tur mirsani.
اَلَّذِيْنَ يُظٰهِرُوْنَ مِنْكُمْ مِّنْ نِّسَاۤىِٕهِمْ مَّا هُنَّ اُمَّهٰتِهِمْۗ اِنْ اُمَّهٰتُهُمْ اِلَّا الّٰۤـِٔيْ وَلَدْنَهُمْۗ وَاِنَّهُمْ لَيَقُوْلُوْنَ مُنْكَرًا مِّنَ الْقَوْلِ وَزُوْرًاۗ وَاِنَّ اللّٰهَ لَعَفُوٌّ غَفُوْرٌ٢
Allażīna yuẓāhirūna minkum min nisā'ihim mā hunna ummahātihim, in ummahātuhum illal-lā'ī waladnahum, wa innahum layaqūlūna munkaram minal-qauli wa zūrā(n), wa innallāha la‘afuwwun gafūr(un).
[2]
Sarupane wong lanang kang madhakake rabine karo biyunge, rabine mau têrang dudu biyunge, dene biyunge si lanang kang têmênan, iku ora liya mung wong wadon kang padha nganakake si lanang mau, dadi ênggone madhakake rabi karo biyung mau, têtela pangucap goroh, ora cundhuk karo pathokaning sarak.
وَالَّذِيْنَ يُظٰهِرُوْنَ مِنْ نِّسَاۤىِٕهِمْ ثُمَّ يَعُوْدُوْنَ لِمَا قَالُوْا فَتَحْرِيْرُ رَقَبَةٍ مِّنْ قَبْلِ اَنْ يَّتَمَاۤسَّاۗ ذٰلِكُمْ تُوْعَظُوْنَ بِهٖۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ٣
Wal-lażīna yuẓāhirūna min nisā'ihim ṡumma ya‘ūdūna limā qālū fa taḥrīru raqabatim min qabli ay yatamāssā, żālikum tū‘aẓūna bih(ī), wallāhu bimā ta‘malūna khabīr(un).
[3]
Satêmêne Allah iku karsa ngapura lan muwung kang mangkono mau.
فَمَنْ لَّمْ يَجِدْ فَصِيَامُ شَهْرَيْنِ مُتَتَابِعَيْنِ مِنْ قَبْلِ اَنْ يَّتَمَاۤسَّاۗ فَمَنْ لَّمْ يَسْتَطِعْ فَاِطْعَامُ سِتِّيْنَ مِسْكِيْنًاۗ ذٰلِكَ لِتُؤْمِنُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖۗ وَتِلْكَ حُدُوْدُ اللّٰهِ ۗوَلِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابٌ اَلِيْمٌ٤
Famal lam yajid faṣiyāmu syahraini mutatābi‘aini min qabli ay yatamāssā, famal lam yastaṭi‘ fa iṭ‘āmu sittīna miskīnā(n), żālika litu'minū billāhi wa rasūlih(ī), wa tilka ḥudūdullāh(i), wa lil-kāfirīna ‘ażābun alīm(un).
[4]
Sarupane wong kang madhakake rabine karo biyunge, kang măngka banjur anjabêl pangucape, ênggone madhakake mau, iku kêna ing patrapan, mardikakake kawula, dilakonana sadurunge sarêsmi. Patrapan mangkono mau, tanjane sira dikapokake, aja manèh-manèh sira ngucap kang kaya mangkono. Allah iku waspada marang sadhengah kang padha sira lakoni.
اِنَّ الَّذِيْنَ يُحَاۤدُّوْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ كُبِتُوْا كَمَا كُبِتَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ وَقَدْ اَنْزَلْنَآ اٰيٰتٍۢ بَيِّنٰتٍۗ وَلِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابٌ مُّهِيْنٌۚ٥
Innal-lażīna yuḥāddūnallāha wa rasūlahū kubitū kamā kubital-lażīna min qablihim wa qad anzalnā āyātim bayyināt(in), wa lil-kāfirīna ‘ażābum muhīn(un).
[5]
Dene sing sapa ora olèh kawula, iku kudu puwasa rong sasi kang tanpa pêdhot, dilakonana sadurunge sarêsmi, manawa ora kêlar puwasa, wajibe kudu awèh pangan wong miskin sawidak, kalawan pangan kang lumrah ing kono, siji-sijining wong Samud. Iku supaya sira padha pracaya ing Allah lan ngèstokake Rasulullah, patrapan mangkono mau têrang saka Allah, mulane sing sapa maido, bakal dipatrapi siksa kang nglarani.
يَوْمَ يَبْعَثُهُمُ اللّٰهُ جَمِيْعًا فَيُنَبِّئُهُمْ بِمَا عَمِلُوْاۗ اَحْصٰىهُ اللّٰهُ وَنَسُوْهُۗ وَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ شَهِيْدٌ ࣖ٦
Yauma yab‘aṡuhumullāhu jamī‘an fa yunabbi'uhum bimā ‘amilū, aḥṣāhullāhu wa nasūh(u), wallāhu ‘alā kulli syai'in syahīd(un).
[6]
Sarupane wong kang nyulayani Allah lan Rasulullah, iku bakal dirèmèhake kaya umat sadurunge wong mau. Ingsun wis nurunake tăndha yêkti pirang-pirang, kang mratandhani têmêne para rasul. Wong kang maido tăndha yêkti mau bakal dipatrapi siksa kang ngrèmèhake.
اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ يَعْلَمُ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ مَا يَكُوْنُ مِنْ نَّجْوٰى ثَلٰثَةٍ اِلَّا هُوَ رَابِعُهُمْ وَلَا خَمْسَةٍ اِلَّا هُوَ سَادِسُهُمْ وَلَآ اَدْنٰى مِنْ ذٰلِكَ وَلَآ اَكْثَرَ اِلَّا هُوَ مَعَهُمْ اَيْنَ مَا كَانُوْاۚ ثُمَّ يُنَبِّئُهُمْ بِمَا عَمِلُوْا يَوْمَ الْقِيٰمَةِۗ اِنَّ اللّٰهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ٧
Alam tara annallāha ya‘lamu mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), mā yakūnu min najwā ṡalāṡatin illā huwa rābi‘uhum wa lā khamsatin illā huwa sādisuhum wa lā adnā min żālika wa lā akṡara illā huwa ma‘ahum aina mā kānū, ṡumma yunabbi'uhum bimā ‘amilū yaumal-qiyāmah(ti), innallāha bikulli syai'in ‘alīm(un).
[7]
Iya iku ana ing dina kiyamat, nalikane Allah nguripake wong kang wis padha mati kabèh, Allah banjur anjalèntrèhake lan mêlèhake sarupaning laku ala kang wis padha dilakoni dening wong kang padha nyulayani Allah, Allah nacahake sarupaning laku ala lawan rêsik, ora ana kang kècèr, nanging wong kang nyulayani Allah padha lali barang kang wis dilakoni saking dening [de....ning] akèh bangêt. Allah iku mirsani samubarang.
اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ نُهُوْا عَنِ النَّجْوٰى ثُمَّ يَعُوْدُوْنَ لِمَا نُهُوْا عَنْهُ وَيَتَنٰجَوْنَ بِالْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِ وَمَعْصِيَتِ الرَّسُوْلِۖ وَاِذَا جَاۤءُوْكَ حَيَّوْكَ بِمَا لَمْ يُحَيِّكَ بِهِ اللّٰهُ ۙوَيَقُوْلُوْنَ فِيْٓ اَنْفُسِهِمْ لَوْلَا يُعَذِّبُنَا اللّٰهُ بِمَا نَقُوْلُۗ حَسْبُهُمْ جَهَنَّمُۚ يَصْلَوْنَهَاۚ فَبِئْسَ الْمَصِيْرُ٨
Alam tara ilal-lażīna nuhū ‘anin-najwā ṡummā ya‘ūdūna limā nuhū ‘anhu wa yatanājauna bil-iṡmi wal-‘udwāni wa ma‘ṣiyatir-rasūl(i), wa iżā jā'ūka ḥayyauka bimā lam yuḥayyika bihillāh(u), wa yaqūlūna fī anfusihim lau lā yu‘ażżibunallāhu bimā naqūl(u), ḥasbuhum jahannam(u), yaṣlaunahā, fa bi'sal-maṣīr(u).
[8]
Apa sira ora andêlêng yèn Allah iku nguningani isèn-isèning bumi lan langit, ora ana kang kècèr, sabên ana wong têlu pating kalêsik caturan wadi, mêsthi papate iku Allah, manawa kang caturan mau wong lima, nênême mêsthi Allah, mangkono uga manawa kang caturan mau luwih sathithik utawa luwih akèh, Allah mêsthi anjênêngi, ana ing ngêndi bae panggonane. Ing besuk dina kiyamat, Allah anjalèntrèhake barang laku marang kang padha nglakoni. Satêmêne Allah iku nguningani samubarang.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا تَنَاجَيْتُمْ فَلَا تَتَنَاجَوْا بِالْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِ وَمَعْصِيَتِ الرَّسُوْلِ وَتَنَاجَوْا بِالْبِرِّ وَالتَّقْوٰىۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ الَّذِيْٓ اِلَيْهِ تُحْشَرُوْنَ٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā tanājaitum falā tatanājau bil-iṡmi wal-‘udwāni wa ma‘ṣiyatir-rasūli wa tanājau bil-birri wat-taqwā, wattaqullāhal-lażī ilaihi tuḥsyarūn(a).
[9]
Apa sira ora andêlêng marang wong Yahudi kang padha dipênging calumikan nyatur ala marang wong mukmin, iya manut, nanging banjur bali nglakoni kang wis dipênging mau, padha nyatur ala kang marakake sêsatron lan dadi dosa, apadene duraka marang Rasulullah,[1] [Ra..sulullah,] manawa wong Yahudi mau seba marang sira, padha uluk salam marang sira, nanging ora kaya salaming Allah, surasane ngupatani, sajroning atine ngucap: Yagene ênggonku ngucap mangkene iki têka ora dituruni siksa dening Allah, wong Yahudi mau kaluputane cukup dicêmplungake ing Naraka Jahanam bae. Ala têmên kawusanane wong Yahudi iku.
اِنَّمَا النَّجْوٰى مِنَ الشَّيْطٰنِ لِيَحْزُنَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَلَيْسَ بِضَاۤرِّهِمْ شَيْـًٔا اِلَّا بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗوَعَلَى اللّٰهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُوْنَ١٠
Innaman-najwā minasy-syaiṭāni liyaḥzunal-lażīna āmanū wa laisa biḍārrihim syai'an illā bi'iżnillāh(i), wa ‘alallāhi falyatawakkalil-mu'minūn(a).
[10]
He para wong mukmin, mênawa sira rasan,[2] aja padha rêrasan kang marakake sêsatron utawa dadi dosa, apadene duraka marang Rasulullah, nanging padha rêrasana kang nuntun panggawe bêcik, lan wêdi ing Allah, sira padha wêdia ing Allah, ing têmbe sira padha dikalumpukake marang pangayunaning Allah.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا قِيْلَ لَكُمْ تَفَسَّحُوْا فِى الْمَجٰلِسِ فَافْسَحُوْا يَفْسَحِ اللّٰهُ لَكُمْۚ وَاِذَا قِيْلَ انْشُزُوْا فَانْشُزُوْا يَرْفَعِ اللّٰهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مِنْكُمْۙ وَالَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ دَرَجٰتٍۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ١١
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā qīla lakum tafassaḥū fil-majālisi fafsaḥū yafsaḥillāhu lakum, wa iżā qīlansyuzū fansyuzū yarfa‘illāhul-lażīna āmanū minkum, wal-lażīna ūtul-‘ilma darajāt(in), wallāhu bimā ta‘malūna khabīr(un).
[11]
Nyatur ala iku winihe saka setan, pamrihe supaya wong mukmin padha susaha, nanging iya ora bisa ambêbayani [ambê....bayani] marang wong mukmin sathithik-thithika, kajaba kalawan kaparênging Allah, mulane para wong mukmin mung padha pasraha ing Allah bae.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا نَاجَيْتُمُ الرَّسُوْلَ فَقَدِّمُوْا بَيْنَ يَدَيْ نَجْوٰىكُمْ صَدَقَةً ۗذٰلِكَ خَيْرٌ لَّكُمْ وَاَطْهَرُۗ فَاِنْ لَّمْ تَجِدُوْا فَاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١٢
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā nājaitumur-rasūla fa qaddimū baina yaday najwākum ṣadaqah(tan), żālika khairul lakum wa aṭhar(u), fa'illam tajidū fa innallāha gafūrur raḥīm(un).
[12]
He para wong mukmin, manawa sira ana ing palinggihan ditanduki têmbung: Mingsêra, aku jaluk ênggon, sira enggal mingsêra, Allah bakal maringi panggonan jêmbar marang sira ana ing suwarga. Dene yèn ditanduki têmbung: Ngadêga, aku jaluk ênggon, iya enggal ngadêga, Allah bakal anjunjung para wong mukmin kancanira, sarta anjunjung darajate wong kang padha sinung kawruh, ana ing suwarga. Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni.
ءَاَشْفَقْتُمْ اَنْ تُقَدِّمُوْا بَيْنَ يَدَيْ نَجْوٰىكُمْ صَدَقٰتٍۗ فَاِذْ لَمْ تَفْعَلُوْا وَتَابَ اللّٰهُ عَلَيْكُمْ فَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَ وَاَطِيْعُوا اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ ۗوَاللّٰهُ خَبِيْرٌ ۢبِمَا تَعْمَلُوْنَ ࣖ١٣
A'asyfaqtum an tuqaddimū baina yaday najwākum ṣadaqāt(in), fa iż lam taf‘alū wa tāballāhu ‘alaikum fa'aqīmuṣ-ṣalāta wa ātuz-zakāta wa aṭī‘ullāha wa rasūlah(ūwallāhu khabīrum bimā ta‘malūn(a).
[13]
He para wong mukmin, manawa sira matur marang Rasulullah, sadurunge matur, nyadhiyakna sidêkah dhisik, iku bêcik bangêt tumrap ing sira, lan ngrêsikake dosanira, manawa sira ora duwe barang kang digawe sidêkah, iya uwis, Allah ngapura ênggonira [ênggo...nira] matur marang Rasulullah, tur Maha-asih marang sira.
۞ اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ تَوَلَّوْا قَوْمًا غَضِبَ اللّٰهُ عَلَيْهِمْۗ مَا هُمْ مِّنْكُمْ وَلَا مِنْهُمْۙ وَيَحْلِفُوْنَ عَلَى الْكَذِبِ وَهُمْ يَعْلَمُوْنَ١٤
Alam tara ilal-lażīna tawallau qauman gaḍiballāhu ‘alaihim, mā hum minkum wa lā minhum, wa yaḥlifūna ‘alal-każibi wa hum ya‘lamūn(a).
[14]
Apa sira wêdi nyadhiyakake sidêkah sadurunge matur ing Rasulullah, manawa ora sira lakoni, kang măngka Allah wis ngapura marang sira, iku banjur sira susulana nglakoni sêmbayang lan bayar jakat, apadene padha manut mituruta dhawuhing Allah lan parentahe Rasulullah, Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni.
اَعَدَّ اللّٰهُ لَهُمْ عَذَابًا شَدِيْدًاۗ اِنَّهُمْ سَاۤءَ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ١٥
A‘addallāhu lahum ‘ażāban syadīdā(n), innahum sā'a mā kānū ya‘malūn(a).
[15]
Apa sira ora andêlêng wong lamis kang padha malengos marang wong kang kêna bêbênduning Allah, iya iku wong Yahudi, wong lamis mau satêmêne ora manut agamanira, lan ora manut agamane wong Yahudi, padha wani supata goroh, ngaku manut agamanira, tur wêruh yèn supatane iku goroh.
اِتَّخَذُوْٓا اَيْمَانَهُمْ جُنَّةً فَصَدُّوْا عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ فَلَهُمْ عَذَابٌ مُّهِيْنٌ١٦
Ittakhażū aimānahum junnatan fa ṣaddū ‘an sabīlillāhi falahum ‘ażābum muhīn(un).
[16]
Allah ngancam siksa kang abot marang wong lamis mau. Ala têmên barang kang dilakoni dening wong lamis iku.
لَنْ تُغْنِيَ عَنْهُمْ اَمْوَالُهُمْ وَلَآ اَوْلَادُهُمْ مِّنَ اللّٰهِ شَيْـًٔاۗ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِۗ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ١٧
Lan tugniya ‘anhum amwāluhum wa lā aulāduhum minallāhi syai'ā(n), ulā'ika aṣḥābun-nār(i), hum fīhā khālidūn(a).
[17]
Enggone supata mau kanggo ngaling-alingi awake lan bandhane, aja nganti dipatèni utawa dirayah dening wong Islam, dadi supatane mau bisa nulak panêmpuhe pêrang wong Islam, mulane wong lamis mau ing têmbe mêsthi dipatrapi siksa kang ngrèmèhake.
يَوْمَ يَبْعَثُهُمُ اللّٰهُ جَمِيْعًا فَيَحْلِفُوْنَ لَهٗ كَمَا يَحْلِفُوْنَ لَكُمْ وَيَحْسَبُوْنَ اَنَّهُمْ عَلٰى شَيْءٍۗ اَلَآ اِنَّهُمْ هُمُ الْكٰذِبُوْنَ١٨
Yauma yab‘aṡuhumullāhu jamī‘an fa yaḥlifūna lahū kamā yaḥlifūna lakum wa yaḥsabūna annahum ‘alā syai'(in), alā innahum humul-kāżibūn(a).
[18]
Bandhane lan para anake wong lamis mau ora bisa nulak siksaning Allah sathithik-thithika, wong lamis mau bakal dadi isèn-isèning naraka, ing kono padha langgêng.
اِسْتَحْوَذَ عَلَيْهِمُ الشَّيْطٰنُ فَاَنْسٰىهُمْ ذِكْرَ اللّٰهِ ۗ اُولٰۤىِٕكَ حِزْبُ الشَّيْطٰنِۗ اَلَآ اِنَّ حِزْبَ الشَّيْطٰنِ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ١٩
Istaḥważa ‘alaihimusy-syaiṭānu fa'ansāhum żikrallāh(i), ulā'ika ḥizbusy-syaiṭān(i), alā inna ḥizbasy-syaiṭāni humul-khāsirūn(a).
[19]
Besuk dina kiyamat, nalikane Allah nguripake wong lamis kang wis padha mati kabèh, wong lamis mau padha munjuk ing Allah kanthi supata, kaya ênggone supata marang sira saiki, ciptane ênggone supata iku migunani uga, Allah wis wuninga bangêt yèn supatane wong lamis iku goroh kabèh.
اِنَّ الَّذِيْنَ يُحَاۤدُّوْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗٓ اُولٰۤىِٕكَ فِى الْاَذَلِّيْنَ٢٠
Innal-lażīna yuḥāddūnallāha wa rasūlahū ulā'ika fil-ażallīn(a).
[20]
Wong lamis mau padha kêna panggodhaning setan, dadi banjur padha lali ing Allah, lugune wong lamis mau balaning setan, mara ta, balaning setan iku rak wong kapitunan têmênan.
كَتَبَ اللّٰهُ لَاَغْلِبَنَّ اَنَا۠ وَرُسُلِيْۗ اِنَّ اللّٰهَ قَوِيٌّ عَزِيْزٌ٢١
Kataballāhu la'aglibanna ana wa rusulī, innallāha qawiyyun ‘azīz(un).
[21]
Sarupane wong kang nyulayani Allah lan Rasulullah, iku golongane wong kang padha kalah, Allah wis namtokake tinulis ana ing Lohmahphul: Ingsun lan para utusan Ingsun mêsthi ngalahake wong mau. Satêmêne Allah iku Santosa tur Mahamulya.
لَا تَجِدُ قَوْمًا يُّؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ يُوَاۤدُّوْنَ مَنْ حَاۤدَّ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ وَلَوْ كَانُوْٓا اٰبَاۤءَهُمْ اَوْ اَبْنَاۤءَهُمْ اَوْ اِخْوَانَهُمْ اَوْ عَشِيْرَتَهُمْۗ اُولٰۤىِٕكَ كَتَبَ فِيْ قُلُوْبِهِمُ الْاِيْمَانَ وَاَيَّدَهُمْ بِرُوْحٍ مِّنْهُ ۗوَيُدْخِلُهُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ رَضِيَ اللّٰهُ عَنْهُمْ وَرَضُوْا عَنْهُۗ اُولٰۤىِٕكَ حِزْبُ اللّٰهِ ۗ اَلَآ اِنَّ حِزْبَ اللّٰهِ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ ࣖ٢٢
Lā tajidu qaumay yu'minūna billāhi wal-yaumil ākhiri yuwāddūna man ḥāddallāha wa rasūlahū wa lau kānū ābā'ahum au abnā'ahum au ikhwānahum au ‘asyīratahum, ulā'ika kataba fī qulūbihimul-īmāna wa ayyadahum birūḥim minh(u), wa yudkhiluhum jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā, raḍiyallāhu ‘anhum wa raḍū ‘anh(u), ulā'ika ḥizbullāh(i), alā inna ḥizballāhi humul-mufliḥūn(a).
[22]
Sira ora bisa olèh wong kang pracaya ing Allah, lan ngandêl anane dina kiyamat, iku supêkêt lan wong kang padha nyulayani Allah lan Rasulullah, sanadyan kalêbu lêluhure utawa anak putune, apadene sadulure utawa pakumpulane, Allah nulisi iman ana ing atine wong kang ora supêkêt lan wong kang padha nyulayani Allah mau, lan ngukuhake sêtya tuhune, kalawan roh saka Allah, wong mangkono mau ing têmbe dilêbokake ing suwarga kang ana [a...na] bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, ana ing kono padha langgêng. Allah kaparêng nampani pangabêktine. Wong mau padha lêga atine tămpa ganjaran. Wong mau dadi balaning Allah, mara ta, balaning Allah iku rak padha bêgja.