Surah Al-Hadid

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
سَبَّحَ لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۚ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ١
Sabbaḥa lillāhi mā fis-samāwāti wal-arḍ(i), wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[1] Isèn-isèning bumi lan langit, kabèh padha nêbut Mahasuci ing Allah, Allah iku Mahamulya tur Wicaksana.

لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۚ يُحْيٖ وَيُمِيْتُۚ وَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٢
Lahū mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), yuḥyī wa yumīt(u), wa huwa ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[2] Karaton bumi lan langit iku kagunganing Allah, Allah iku kang gawe pati lan urip, Allah iku nguwasani samubarang.

هُوَ الْاَوَّلُ وَالْاٰخِرُ وَالظَّاهِرُ وَالْبَاطِنُۚ وَهُوَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمٌ٣
Huwal-awwalu wal-ākhiru waẓ-ẓāhiru wal-bāṭin(u), wa huwa bikulli syai'in ‘alīm(un).
[3] Allah iku kang dhisik tanpa kawitan, lan kari tanpa wêkasan, têtela gêdhe kuwasane, kalawan tăndha yêkti pirang-pirang, lan ora tinêmpuh ing păncadriya. Allah iku nguningani samubarang.

هُوَ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ فِيْ سِتَّةِ اَيَّامٍ ثُمَّ اسْتَوٰى عَلَى الْعَرْشِۗ يَعْلَمُ مَا يَلِجُ فِى الْاَرْضِ وَمَا يَخْرُجُ مِنْهَا وَمَا يَنْزِلُ مِنَ السَّمَاۤءِ وَمَا يَعْرُجُ فِيْهَاۗ وَهُوَ مَعَكُمْ اَيْنَ مَا كُنْتُمْۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌۗ٤
Huwal-lażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa fī sittati ayyāmin ṡummastawā ‘alal-‘arsy(i), ya‘lamu mā yaliju fil-arḍi wa mā yakhruju minhā wa mā yanzilu minas-samā'i wa mā ya‘ruju fīhā, wa huwa ma‘akum aina mā kuntum, wallāhu bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[4] Allah iku kang gawe bumi lan langit, lawase mung nêm dina rampung, banjur jumênêng ana ing ngaras. Allah iku nguningani barang kang malêbu ing bumi lan kang mêtu saka ing bumi, [bu....mi,] apadene barang kang tumurun saka ing langit, lan kang munggah marang langit, ing ngêndi panggonanira, Allah iku kanthinira. Allah iku mirsani samubarang kang padha sira lakoni.

لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَاِلَى اللّٰهِ تُرْجَعُ الْاُمُوْرُ٥
Lahū mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), wa ilallāhi turja‘ul-umūr(u).
[5] Karaton bumi lan langit iku kagunganing Allah, samubarang prakara iku wêkasane bali marang Allah.

يُوْلِجُ الَّيْلَ فِى النَّهَارِ وَيُوْلِجُ النَّهَارَ فِى الَّيْلِۗ وَهُوَ عَلِيْمٌ ۢبِذَاتِ الصُّدُوْرِ٦
Yūlijul-laila fin-nahāri wa yūlijun-nahāra fil-lail(i), wa huwa ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[6] Allah iku nglojokake wêngi marang awan, sarta nglojokake awan marang wêngi, Allah iku nguningani sakarêntêking ati.

اٰمِنُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَاَنْفِقُوْا مِمَّا جَعَلَكُمْ مُّسْتَخْلَفِيْنَ فِيْهِۗ فَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مِنْكُمْ وَاَنْفَقُوْا لَهُمْ اَجْرٌ كَبِيْرٌۚ٧
Āminū billāhi wa rasūlihī wa anfiqū mimmā ja‘alakum mustakhlafīna fīh(i), fal-lażīna āmanū minkum wa anfaqū lahum ajrun kabīr(un).
[7] (He para wong turun Kurès) sira padha pracayaa ing Allah lan marang Rasulullah, dene băndha oncêlang kang gumilir, ana ing tanganira, iku sira wêtokna ginawe wragad pêrang Sabilullah, kancanira kang padha pracaya ing Allah, ngèstokake parentahe Rasulullah, iku ing têmbe bakal padha tămpa ganjaran gêdhe, iya iku suwarga.

وَمَا لَكُمْ لَا تُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ ۚوَالرَّسُوْلُ يَدْعُوْكُمْ لِتُؤْمِنُوْا بِرَبِّكُمْ وَقَدْ اَخَذَ مِيْثَاقَكُمْ اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ٨
Wa mā lakum lā tu'minūna billāh(i), war-rasūlu yad‘ūkum litu'minū birabbikum wa qad akhaża mīṡāqakum in kuntum mu'minīn(a).
[8] Kapriye panêmunira, têka ora [o....ra] pracaya ing Allah, ora ngèstokake parentahe Rasulullah, kang ngajak- ajak marang sira pracaya ing Allah Pangeranira, Allah wis ngasta ugêranira sanggêm pracaya, nalika sira ngarêpake lair saka ing guwa garba, manawa sira gêlêm pracaya, nuli sira lakonana saiki.

هُوَ الَّذِيْ يُنَزِّلُ عَلٰى عَبْدِهٖٓ اٰيٰتٍۢ بَيِّنٰتٍ لِّيُخْرِجَكُمْ مِّنَ الظُّلُمٰتِ اِلَى النُّوْرِۗ وَاِنَّ اللّٰهَ بِكُمْ لَرَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ٩
Huwal-lażī yunazzilu ‘alā ‘abdihī āyātim bayyinātil liyukhrijakum minaẓ-ẓulumāti ilan-nūr(i), wa innallāha bikum lara'ūfur raḥīm(un).
[9] Allah iku kang nurunake tăndha yêkti kang cêtha pirang-pirang marang kawulane, kanggo mêtokake sira saka pêpêtênging kaphir, marang pêpadhanging iman. Kang mangkono iku têtela sih piwêlasing Allah marang sira.

وَمَا لَكُمْ اَلَّا تُنْفِقُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَلِلّٰهِ مِيْرَاثُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ لَا يَسْتَوِيْ مِنْكُمْ مَّنْ اَنْفَقَ مِنْ قَبْلِ الْفَتْحِ وَقَاتَلَۗ اُولٰۤىِٕكَ اَعْظَمُ دَرَجَةً مِّنَ الَّذِيْنَ اَنْفَقُوْا مِنْۢ بَعْدُ وَقَاتَلُوْاۗ وَكُلًّا وَّعَدَ اللّٰهُ الْحُسْنٰىۗ وَاللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ ࣖ١٠
Wa mā lakum allā tunfiqū fī sabīlillāhi wa lillāhi mīrāṡus-samāwāti wal-arḍ(i), lā yastawī minkum man anfaqa min qablil-fatḥi wa qātal(a), ulā'ika a‘ẓamu darajatam minal-lażīna anfaqū mim ba‘du wa qātalū, wa kullaw wa‘adallāhul-ḥusnā, wallāhu bimā ta‘malūna khabīr(un).
[10] Manawa sira wis pracaya, yagene têka ora gêlêm mêtokake băndha kanggo wragade pêrang Sabilullah, kang măngka isèn-isèning bumi lan langit iki kabèh kagunganing Allah, yèn karsaning Allah diagêm waragad pêrang, sapa kang bisa malangi, nanging wong kang gêlêm mragadi pêrang lan gêlêm mangsah pêrang sadurunge nagara Mêkah bêdhah, iku darajate luwih gêdhe, tinimbang lan wong kang ênggone gêlêm mragadi pêrang lan gêlêm mang[17] pêrang sawise nagara Mêkah bêdhah, tur wong rong warna mau, iya padha olèh prasêtyaning Allah, bakal padha diparingi ganjaran suwarga. Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni.

مَنْ ذَا الَّذِيْ يُقْرِضُ اللّٰهَ قَرْضًا حَسَنًا فَيُضٰعِفَهٗ لَهٗ وَلَهٗٓ اَجْرٌ كَرِيْمٌ١١
Man żal-lażī yuqriḍullāha qarḍan ḥasanan fa yuḍā‘ifahū lahū wa lahū ajrun karīm(un).
[11] Sapa kang potang kabêcikan marang Allah, sarana mêtokake bandhane ginawe mragadi pêrang Sabilullah, ing têmbe Allah nyaur marang wong mau, nganti têtikêl pitung atus, kajaba iku Allah angganjar suwarga kang mulya marang wong mau.

يَوْمَ تَرَى الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِ يَسْعٰى نُوْرُهُمْ بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَبِاَيْمَانِهِمْ بُشْرٰىكُمُ الْيَوْمَ جَنّٰتٌ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ ذٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُۚ١٢
Yauma taral-mu'minīna wal-mu'mināti yas‘ā nūruhum baina aidīhim wa bi'aimānihim busyrākumul-yauma jannātun tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā, żālika huwal-fauzul-‘aẓīm(u).
[12] (He Mukhammad) sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane sira andêlêng para wong mukmin, lanang lan wadon, cahyane padha mancur ana ing ngarêpe lan ing kiwa têngêne, sarta padha tămpa dhawuh: He bêgja têmên sira ing dina [di...na] iki, padha malêbu ing suwarga, kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, sarta padha langgêng ana ing suwarga salawas-lawase. Iya iku têtêp kabêgjan gêdhe.

يَوْمَ يَقُوْلُ الْمُنٰفِقُوْنَ وَالْمُنٰفِقٰتُ لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوا انْظُرُوْنَا نَقْتَبِسْ مِنْ نُّوْرِكُمْۚ قِيْلَ ارْجِعُوْا وَرَاۤءَكُمْ فَالْتَمِسُوْا نُوْرًاۗ فَضُرِبَ بَيْنَهُمْ بِسُوْرٍ لَّهٗ بَابٌۗ بَاطِنُهٗ فِيْهِ الرَّحْمَةُ وَظَاهِرُهٗ مِنْ قِبَلِهِ الْعَذَابُۗ١٣
Yauma yaqūlul-munāfiqūna wal-munāfiqātu lil-lażīna āmanunẓurūnā naqtabis min nūrikum, qīlarji‘ū warā'akum faltamisū nūrā(n), faḍuriba bainahum bisūril lahū bāb(un), bāṭinuhū fīhir-raḥmatu wa ẓāhiruhū min qibalihil-‘ażāb(u).
[13] Iya iku nalikane wong lamis lanang wadon padha calathu marang para wong mukmin: Sampeyan mirsanana dhatêng kula, kula badhe nular cahya sampeyan punika. Para wong lamis mau banjur didhawuhi dening malaikat: Kowe padha balia marang dunya bae, ana ing kana nyuwuna cahya ing Allah, awit cahya iki ora kêna kotular, nuli dialing-alingi pagêr kang ana lawange, sajroning pagêr isi rahmat, ing jaba kêbak siksa. Wong lamis padha nguwuh-uwuh saka ing jaba, kala wontên ing dunya, kula punika punapa dede kănca sampeyan. Wong mukmin padha mangsuli: Iya bênêr, nanging kowe maeka awakmu dhewe sarana lamis, lan ngarêp-arêp cilakane para wong mukmin, apadene mamang marang agama Islam, lan kowe kêjlomprong dening pangăngsa-ăngsa, nganti têkan wêwangêning pati kang wis pinasthi dening Allah, saiki kowe wis dijalomprongake ing setan, ora pracaya ing Allah.

يُنَادُوْنَهُمْ اَلَمْ نَكُنْ مَّعَكُمْۗ قَالُوْا بَلٰى وَلٰكِنَّكُمْ فَتَنْتُمْ اَنْفُسَكُمْ وَتَرَبَّصْتُمْ وَارْتَبْتُمْ وَغَرَّتْكُمُ الْاَمَانِيُّ حَتّٰى جَاۤءَ اَمْرُ اللّٰهِ وَغَرَّكُمْ بِاللّٰهِ الْغَرُوْرُ١٤
Yunādūnahum alam nakum ma‘akum, qālū balā wa lākinnakum fatantum anfusakum wa tarabbaṣtum wartabtum wa garratkumul-amāniyyu ḥattā jā'a amrullāhi wa garrakum billāhil-garūr(u).
[14] Ing dina iki têtêbusan saka ing kowe lan saka para wong kaphir, padha tinampik kabèh, panggonanmu mêsthi ana ing naraka, naraka iku kalulutmu. Ala têmên kawusananmu iku.

فَالْيَوْمَ لَا يُؤْخَذُ مِنْكُمْ فِدْيَةٌ وَّلَا مِنَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۗ مَأْوٰىكُمُ النَّارُۗ هِيَ مَوْلٰىكُمْۗ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ١٥
Fal-yauma lā yu'khażu minkum fidyatuw wa lā minal-lażīna kafarū, ma'wākumun-nār(u), hiya maulākum, wa bi'sal-maṣīr(u).
[15] Saiki apa ora wis mangsane para wong mukmin patine padha wêdi lan eling ing Allah lan marang Kuran, kang wis tumurun, tur nyata bênêr. Ora kaya wong kaphir kang duwe wêwaton kit[18] sadurunge Kuran, nganti lawas ênggone ngêntèni rasul kang jumênêng, atine banjur padha wangkot, kang akèh wong mau padha duraka, ora manut marang rasul kang maune diarêp-arêp.

۞ اَلَمْ يَأْنِ لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَنْ تَخْشَعَ قُلُوْبُهُمْ لِذِكْرِ اللّٰهِ وَمَا نَزَلَ مِنَ الْحَقِّۙ وَلَا يَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ مِنْ قَبْلُ فَطَالَ عَلَيْهِمُ الْاَمَدُ فَقَسَتْ قُلُوْبُهُمْۗ وَكَثِيْرٌ مِّنْهُمْ فٰسِقُوْنَ١٦
Alam ya'ni lil-lażīna āmanū an takhsya‘a qulūbuhum liżikrillāhi wa mā nazala minal-ḥaqq(i), wa lā yakūnū kal-lażīna ūtul-kitāba min qablu faṭāla ‘alaihimul-amadu faqasat qulūbuhum, wa kaṡīrum minhum fāsiqūn(a).
[16] (He para wong mukmin) sira padha wêruha, yèn Allah iku nguripake bumi kang wis mati, Ingsun wis nêrang-nêrangake tăndha yêkti pirang-pirang kang mracihnani kawasaningsun, supaya sira padha mikira.

اِعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ يُحْيِ الْاَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَاۗ قَدْ بَيَّنَّا لَكُمُ الْاٰيٰتِ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُوْنَ١٧
I‘lamū annallāha yuḥyil-arḍa ba‘da mautihā, qad bayyannā lakumul-āyāti la‘allakum ta‘qilūn(a).
[17] Wong lanang lan wadon kang padha sêtya tuhu, mragadi pêrang Sabilullah, lan potang kabêcikan ing Allah, iku bakal padha diparingi pêpulih nganti tikêl pitung atus, kajaba pêpulih mau uga diparingi ganjaran suwarga kang mulya.

اِنَّ الْمُصَّدِّقِيْنَ وَالْمُصَّدِّقٰتِ وَاَقْرَضُوا اللّٰهَ قَرْضًا حَسَنًا يُّضٰعَفُ لَهُمْ وَلَهُمْ اَجْرٌ كَرِيْمٌ١٨
Innal-muṣṣaddiqīna wal-muṣṣaddiqāti wa aqraḍullāha qarḍan ḥasanay yuḍā‘afu lahum wa lahum ajrun karīm(un).
[18] Sarupane wong kang pracaya ing Allah lan ngèstokake utusaning Allah, iku têtêp wong sêtya tuhu, lan bakal dadi saksi ana ngarsaning Pangeran, mêruhi wong kang padha maido pangandikaning Allah, padha olèh ganjaran lan olèh cahya, kaya ganjaran lan cahyane wong kang padha sêtya tuhu. Dene sarupane wong kaphir lan wong maido ayat Ingsun, [Ing....sun,] iku kabèh isèn-isèning Naraka Jakhim.

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِاللّٰهِ وَرُسُلِهٖٓ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الصِّدِّيْقُوْنَ ۖوَالشُّهَدَاۤءُ عِنْدَ رَبِّهِمْۗ لَهُمْ اَجْرُهُمْ وَنُوْرُهُمْۗ وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَآ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَحِيْمِ ࣖ١٩
Wal-lażīna āmanū billāhi wa rasūlihī ulā'ika humuṣ-ṣiddīqūn(a), wasy-syuhadā'u ‘inda rabbihim, lahum ajruhum wa nūruhum, wal-lażīna kafarū wa każżabū bi'āyātinā ulā'ika aṣḥābul-jaḥīm(i).
[19] Sira padha wêruha yèn kabungahan ing dunya iku mung dolanan, nglalèkake kabungahan ing akhirat, lan rêrênggan kang mêsthi rusak, apadene măngkogake ati, sugih băndha lan sugih anak, padhane udan, iku andadèkake gumune para wong kaphir tani, ênggone bisa minangkani thukule thêthukulan. Sawise ijo banjur sira dêlêng kuning, banjur padha gogrog. Besuk ana ing akhirat, wong kang uripe kaya thêthukulan mangkono mau, padha dipatrapi siksa kang abot.

اِعْلَمُوْٓا اَنَّمَا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَا لَعِبٌ وَّلَهْوٌ وَّزِيْنَةٌ وَّتَفَاخُرٌۢ بَيْنَكُمْ وَتَكَاثُرٌ فِى الْاَمْوَالِ وَالْاَوْلَادِۗ كَمَثَلِ غَيْثٍ اَعْجَبَ الْكُفَّارَ نَبَاتُهٗ ثُمَّ يَهِيْجُ فَتَرٰىهُ مُصْفَرًّا ثُمَّ يَكُوْنُ حُطَامًاۗ وَفِى الْاٰخِرَةِ عَذَابٌ شَدِيْدٌۙ وَّمَغْفِرَةٌ مِّنَ اللّٰهِ وَرِضْوَانٌ ۗوَمَا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَآ اِلَّا مَتَاعُ الْغُرُوْرِ٢٠
I‘lamū annamal-ḥayātud-dun-yā la‘ibuw wa lahwuw wa zīnatuw wa tafākhurum bainakum wa takāṡurun fil-amwāli wal-aulād(i), kamaṡali gaiṡin a‘jabal-kuffāra nabātuhū ṡumma yahīju fatarāhu muṣfarran ṡumma yakūnu ḥuṭāmā(n), wa fil-ākhirati ‘ażābun syadīd(un), wa magfiratum minallāhi wa riḍwān(un), wa mal-ḥayātud-dun-yā illā matā‘ul-gurūr(i).
[20] Wong kang ora kêna labêt ing dunya kang mangkono mau olèh pangapura lan karilaning Allah, kabungahan ing dunya iku, ora liwat mung kabungahan kang anjalomprongake.

سَابِقُوْٓا اِلٰى مَغْفِرَةٍ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا كَعَرْضِ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِۙ اُعِدَّتْ لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِاللّٰهِ وَرُسُلِهٖۗ ذٰلِكَ فَضْلُ اللّٰهِ يُؤْتِيْهِ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗوَاللّٰهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيْمِ٢١
Sābiqū ilā magfiratim mir rabbikum wa jannatin ‘arḍuhā ka‘arḍis-samā'i wal-arḍ(i), u‘iddat lil-lażīna āmanū billāhi wa rasūlih(ī), żālika faḍlullāhi yu'tīhi may yasyā'(u), wallāhu żul-faḍlil-‘aẓīm(i).
[21] Sira padha rêbut dhucunga anggayuh pangapuraning [pa....ngapuraning] Pangeranira, lan anggayuh suwarga kang jêmbare padha langit lan bumi, iku disadhiyakake ganjaran marang sarupane wong kang pracaya ing Allah sarta ngèstokake para utusaning Allah. Iya iku kanugrahaning Allah, diparingake marang wong kang dadi parênging karsane, Allah iku kagungan kanugrahan gêdhe.

مَآ اَصَابَ مِنْ مُّصِيْبَةٍ فِى الْاَرْضِ وَلَا فِيْٓ اَنْفُسِكُمْ اِلَّا فِيْ كِتٰبٍ مِّنْ قَبْلِ اَنْ نَّبْرَاَهَا ۗاِنَّ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرٌۖ٢٢
Mā aṣāba mim muṣībatin fil-arḍi wa lā fī anfusikum illā fī kitābim min qabli an nabra'ahā, inna żālika ‘alallāhi yasīr(un).
[22] Sadhengah pakewuh kang tumiba ana ing bumi utawa ing awakira, iku kabèh wis pinasthi tinulis ana ing Lohmahphul, wiwit Ingsun durung nitahake barang-barang biyèn. Kang mangkono iku ingatase Allah bae.

لِّكَيْلَا تَأْسَوْا عَلٰى مَا فَاتَكُمْ وَلَا تَفْرَحُوْا بِمَآ اٰتٰىكُمْ ۗوَاللّٰهُ لَا يُحِبُّ كُلَّ مُخْتَالٍ فَخُوْرٍۙ٢٣
Likailā ta'sau ‘alā mā fātakum wa lā tafraḥū bimā ātākum, wallāhu lā yuḥibbu kulla mukhtālin fakhūr(in).
[23] Supaya sira aja padha sêdhih anggêtuni barang dunya kang sira kêtilapan, lan aja padha bungah nganti lali, marga katêkan karêpira. Allah iku ora rêmên wong kang gumêdhe marga olèh dunya akèh.

ۨالَّذِيْنَ يَبْخَلُوْنَ وَيَأْمُرُوْنَ النَّاسَ بِالْبُخْلِ ۗوَمَنْ يَّتَوَلَّ فَاِنَّ اللّٰهَ هُوَ الْغَنِيُّ الْحَمِيْدُ٢٤
Allażīna yabkhalūna wa ya'murūnan-nāsa bil-bukhl(i), wa may yatawalla fa'innallāha huwal-ganiyyul-ḥamīd(u).
[24] Kang padha kumêd, ngumêdi barang kang wis wajibe kudu diwèhake, lan ajak-ajak kumêd marang manungsa. Dene sing sapa mogok nguwèhake barang kang wajib, iku patrapane bakal disăngga dhewe, Allah iku ora butuh marang liyane, tur pantês pinuji kabêcikane.

لَقَدْ اَرْسَلْنَا رُسُلَنَا بِالْبَيِّنٰتِ وَاَنْزَلْنَا مَعَهُمُ الْكِتٰبَ وَالْمِيْزَانَ لِيَقُوْمَ النَّاسُ بِالْقِسْطِۚ وَاَنْزَلْنَا الْحَدِيْدَ فِيْهِ بَأْسٌ شَدِيْدٌ وَّمَنَافِعُ لِلنَّاسِ وَلِيَعْلَمَ اللّٰهُ مَنْ يَّنْصُرُهٗ وَرُسُلَهٗ بِالْغَيْبِۗ اِنَّ اللّٰهَ قَوِيٌّ عَزِيْزٌ ࣖ٢٥
Laqad arsalnā rusulanā bil-bayyināti wa anzalnā ma‘ahumul-kitāba wal-mīzāna liyaqūman-nāsu bil-qisṭ(i), wa anzalnal-ḥadīda fīhi ba'sun syadīduw wa manāfi‘u lin-nāsi wa liya‘lamallāhu may yanṣuruhū wa rusulahū bil-gaib(i), innallāha qawiyyun ‘azīz(un).
[25] Ingsun wis ngutus utusan Ingsun malaikat, andhawuhi para nabi, kanthi maringake tăndha yêkti pirang-pirang, sarta maringake kitab lan andhawuhake ngadil, supaya manungsa padha nêtêpana bênêr. Apadene Ingsun nurunake wêsi, duwe kakuwatan kang santosa, lan akèh gunane kanggo pirantining manungsa lan piranti pêrang, supaya Allah wuninga kalawan gumêlar, marang wong kang ditulungi dening Allah, mênang pêrang nganggo piranti wêsi, sarta nguningani para utusane kalawan [kala.....wan] ghaib, ênggone padha pêrang nganggo piranti wêsi. Satêmêne Allah iku Santosa tur Mahamulya.

وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا نُوْحًا وَّاِبْرٰهِيْمَ وَجَعَلْنَا فِيْ ذُرِّيَّتِهِمَا النُّبُوَّةَ وَالْكِتٰبَ فَمِنْهُمْ مُّهْتَدٍۚ وَكَثِيْرٌ مِّنْهُمْ فٰسِقُوْنَ٢٦
Wa laqad arsalnā nūḥaw wa ibrāhīma wa ja‘alnā fī żurriyyatihiman-nubuwwata wal-kitāba fa minhum muhtad(in), wa kaṡīrum minhum fāsiqūn(a).
[26] Ingsun wis ngutus Nabi Nuh lan Nabi Ibrahim, turune nabi loro mau Ingsun paringi pangkat nabi lan kitab, lan ana kang olèh pituduh bênêr, ewadene akèh kang padha duraka.

ثُمَّ قَفَّيْنَا عَلٰٓى اٰثَارِهِمْ بِرُسُلِنَا وَقَفَّيْنَا بِعِيْسَى ابْنِ مَرْيَمَ وَاٰتَيْنٰهُ الْاِنْجِيْلَ ەۙ وَجَعَلْنَا فِيْ قُلُوْبِ الَّذِيْنَ اتَّبَعُوْهُ رَأْفَةً وَّرَحْمَةً ۗوَرَهْبَانِيَّةَ ِۨابْتَدَعُوْهَا مَا كَتَبْنٰهَا عَلَيْهِمْ اِلَّا ابْتِغَاۤءَ رِضْوَانِ اللّٰهِ فَمَا رَعَوْهَا حَقَّ رِعَايَتِهَا ۚفَاٰتَيْنَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مِنْهُمْ اَجْرَهُمْ ۚ وَكَثِيْرٌ مِّنْهُمْ فٰسِقُوْنَ٢٧
Ṡumma qaffainā ‘alā āṡārihim birusulinā wa qaffainā bi‘īsabni maryama wa ātaināhul-injīl(a), wa ja‘alnā fī qulūbil-lażīnattaba‘ūhu ra'fataw wa raḥmah(tan), wa rahbāniyyatanibtada‘ūhā mā katabnā ‘alaihim illabtigā'a riḍwānillāhi famā ra‘auhā ḥaqqa ri‘āyatihā, fa'ātainal-lażīna āmanū minhum ajrahum, wa kaṡīrum minhum fāsiqūn(a).
[27] Sapungkure Nabi Nuh lan Nabi Ibrahim, apadene nabi liya-liyane, banjur Ingsun sambung para rasul manèh, lan Ingsun sambungi Nabi Ngisa anake Maryam, lan Ingsun paringi Kitab Injil. Para wong kang manut Nabi Ngisa padha Ingsun paringi budi sih-sinihan lan guyub, apadene budi mandhita, ora Ingsun wajibake apa-apa, kajaba mung murih kaparênging Allah, ewadene wong mau padha ora sêtya tuhu marang sêsanggêmane, dene kang sêtya tuhu marang sêsanggêmane, pracaya ing Allah lan nêtêpi [nêtê....pi] manut miturut marang wêwulange Nabi Ngisa, nganti manut marang Nabi Mukhammad, iku padha Ingsun paringi ganjaran suwarga, nanging kang akèh banjur padha kaphir.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَاٰمِنُوْا بِرَسُوْلِهٖ يُؤْتِكُمْ كِفْلَيْنِ مِنْ رَّحْمَتِهٖ وَيَجْعَلْ لَّكُمْ نُوْرًا تَمْشُوْنَ بِهٖ وَيَغْفِرْ لَكُمْۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌۙ٢٨
Yā ayyuhal-lażīna āmanuttaqullāha wa āminū birasūlihī yu'tikum kiflaini mir raḥmatihī wa yaj‘al lakum nūran tamsyūna bihī wa yagfir lakum, wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[28] He para wong mukmin, sira padha wêdia ing Allah, lan padha ngèstokna Nabi Mukhammad utusaning Allah, Allah bakal angganjar rahmat rong warna marang sira, sarta bakal maringi pêpadhang marang sira, kêna sira anggo malaku nguwot ana sadhuwuring naraka, apadene Allah ngapura kaluputanira. Allah iku kaparêng ngapura, tur Maha-asih.

لِّئَلَّا يَعْلَمَ اَهْلُ الْكِتٰبِ اَلَّا يَقْدِرُوْنَ عَلٰى شَيْءٍ مِّنْ فَضْلِ اللّٰهِ وَاَنَّ الْفَضْلَ بِيَدِ اللّٰهِ يُؤْتِيْهِ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗوَاللّٰهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيْمِ ࣖ ۔٢٩
Li'allā ya‘lama ahlul-kitābi allā yaqdirūna ‘alā syai'im min faḍlillāhi wa annal-faḍla biyadillāhi yu'tīhi may yasyā'(u), wallāhu żul-faḍlil-‘aẓīm(i).
[29] Sira Ingsun wêruhake mangkono mau, supaya para wong kaphir kang nyêkêl wêwaton kitab, padha wêruha yèn ora ana kang bisa nguwasani sih kanugrahaning Allah, kanugrahan mau mung ana ngastaning Allah piyambak, diparingake marang wong kang dadi parênging karsane, Allah iku kagungan kanugrahan gêdhe.