Surah Al-Waqi’ah

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِذَا وَقَعَتِ الْوَاقِعَةُۙ١
Iżā waqa‘atil-wāqi‘ah(tu).
[1] Besuk nalikane dina kiyamat kêlakon.

لَيْسَ لِوَقْعَتِهَا كَاذِبَةٌ ۘ٢
Laisa liwaq‘atihā kāżibah(tun).
[2] Pawarta bakal kalakone dina kiyamat iku ora goroh.

خَافِضَةٌ رَّافِعَةٌ٣
Khāfiḍatur rāfi‘ah(tun).
[3] Ing dina kiyamat iku kanyataan wong kaphir padha kêcêmplung ing naraka, sarta wong mukmin padha munggah ing suwarga.

اِذَا رُجَّتِ الْاَرْضُ رَجًّاۙ٤
Iżā rujjatil-arḍu rajjā(n).
[4] Ing dina iku ana lindhu gêdhe, bumi gonjang-ganjing.

وَّبُسَّتِ الْجِبَالُ بَسًّاۙ٥
Wa bussatil-jibālu bassā(n).
[5] Sakèhing gunung nganti padha ajur kabèh.

فَكَانَتْ هَبَاۤءً مُّنْۢبَثًّاۙ٦
Fa kānat habā'am mumbaṡṡā(n).
[6] Nganti dadi balêdug kang mabul-mabul.

وَّكُنْتُمْ اَزْوَاجًا ثَلٰثَةً ۗ٧
Wa kuntum azwājan ṡalāṡah(tan).
[7] Ing kono sira diperang dadi têlung warna.

فَاَصْحٰبُ الْمَيْمَنَةِ ەۙ مَآ اَصْحٰبُ الْمَيْمَنَةِ ۗ٨
Fa aṣḥābul-maimanah(ti), mā aṣḥābul-maimanah(ti).
[8] Kang sapisan, iku wong kang cathêtane lakune diulungake saka ing têngêne, [tê...ngêne,] iku wong bêgja bangêt.

وَاَصْحٰبُ الْمَشْـَٔمَةِ ەۙ مَآ اَصْحٰبُ الْمَشْـَٔمَةِ ۗ٩
Wa aṣḥābul-masy'amah(ti), mā aṣḥābul-masy'amah(ti).
[9] Kapindho wong kang cathêtaning lakune diulungake saka ing kiwane, iku wong cilaka bangêt.

وَالسّٰبِقُوْنَ السّٰبِقُوْنَۙ١٠
Was-sābiqūnas-sābiqūn(a).
[10] Kaping têlu wong kang dhisik dhewe ênggone nglakoni bêcik, iya iku para nabi.

اُولٰۤىِٕكَ الْمُقَرَّبُوْنَۚ١١
Ulā'ikal-muqarrabūn(a).
[11] Iya iku wong kang padha kacêdhak ing Allah.

فِيْ جَنّٰتِ النَّعِيْمِ١٢
Fī jannātin-na‘īm(i).
[12] Bakal padha diganjar Suwarga Nangim.

ثُلَّةٌ مِّنَ الْاَوَّلِيْنَۙ١٣
Ṡullatum minal-awwalīn(a).
[13] Wong mangkono mau kang akèh umate para nabi ing jaman kuna.

وَقَلِيْلٌ مِّنَ الْاٰخِرِيْنَۗ١٤
Wa qalīlum minal-ākhirīn(a).
[14] Dene umat ing jaman wêkasan iki mung sathithik.

عَلٰى سُرُرٍ مَّوْضُوْنَةٍۙ١٥
‘Alā sururim mauḍūnah(tin).
[15] Ana ing suwarga padha linggih ing kursi kang nam-namane êmas.

مُّتَّكِـِٕيْنَ عَلَيْهَا مُتَقٰبِلِيْنَ١٦
Muttaki'īna ‘alaihā mutaqābilīn(a).
[16] Padha sèndhèn ing kursi mau, adhêp-adhêpan lan para kancane.

يَطُوْفُ عَلَيْهِمْ وِلْدَانٌ مُّخَلَّدُوْنَۙ١٧
Yaṭūfu ‘alaihim wildānum mukhalladūn(a).
[17] Padha diladèni ing para wildan, iya iku punakawan ing suwarga, padha wayah bocah sêdhêngan, ora bisa tuwa utawa mati.

بِاَكْوَابٍ وَّاَبَارِيْقَۙ وَكَأْسٍ مِّنْ مَّعِيْنٍۙ١٨
Bi'akwābiw wa abārīq(a), wa ka'sim mim ma‘īn(in).
[18] Padha ngladèkake hèr gêlèk lan gêlas, apadene sloki isi sajêng.

لَّا يُصَدَّعُوْنَ عَنْهَا وَلَا يُنْزِفُوْنَۙ١٩
Lā yuṣadda‘ūna ‘anhā wa lā yunzifūn(a).
[19] Wong ing suwarga ênggone ngombe sajêng mung enak, tanpa mêndêm utawa ngêlu.

وَفَاكِهَةٍ مِّمَّا يَتَخَيَّرُوْنَۙ٢٠
Wa fākihatim mimmā yatakhayyarūn(a).
[20] Lan angladèkake wowohan akèh tur warna-warna, wong ing suwarga bisa milih sakarêpe.

وَلَحْمِ طَيْرٍ مِّمَّا يَشْتَهُوْنَۗ٢١
Wa laḥmi ṭairim mimmā yasytahūn(a).
[21] Lan uga ngladèkake daging manuk, wong ing suwarga bisa milih kang dipengini.

وَحُوْرٌ عِيْنٌۙ٢٢
Wa ḥūrun ‘īn(un).
[22] Ing suwarga mau akèh widadari, matane padha kocak, endah ing warna kaya mutyara kang lagi mêtu saking[13] ing cangkoke.

كَاَمْثَالِ اللُّؤْلُؤِ الْمَكْنُوْنِۚ٢٣
Ka'amṡālil-lu'lu'il-maknūn(i).
[23] Iku tumănja ganjaraning kabêcikan kang wis padha dilakoni.

جَزَاۤءًۢ بِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٢٤
Jazā'am bimā kānū ya‘malūn(a).
[24] Ana ing suwarga ora tau krungu calathu ala, utawa kang andadèkake dosa.

لَا يَسْمَعُوْنَ فِيْهَا لَغْوًا وَّلَا تَأْثِيْمًاۙ٢٥
Lā yasma‘ūna fīhā lagwaw wa lā ta'ṡīmā(n).
[25] Mung krungu pangucap, wilujêng, wilujêng, sapêpadhane kang ngrêsêpake.

اِلَّا قِيْلًا سَلٰمًا سَلٰمًا٢٦
Illā qīlan salāman salāmā(n).
[26] Dene wong kang cathêtaning lakune diulungake saka ing tangane, iku bêgja bangêt.

وَاَصْحٰبُ الْيَمِيْنِ ەۙ مَآ اَصْحٰبُ الْيَمِيْنِۗ٢٧
Wa aṣḥābul-yamīn(i), mā aṣḥābul-yamīn(i).
[27] Manggon ana ing suwarga kang ana wite widara tanpa êri.

فِيْ سِدْرٍ مَّخْضُوْدٍۙ٢٨
Fī sidrim makhḍūd(in).
[28] Lan ana wite gêdhang tanpa kadêbog.

وَّطَلْحٍ مَّنْضُوْدٍۙ٢٩
Wa ṭalḥim manḍūd(in).
[29] Lan eyub salawase.

وَّظِلٍّ مَّمْدُوْدٍۙ٣٠
Wa ẓillim mamdūd(in).
[30] Lan ana banyune umbul angêt salawase.

وَّمَاۤءٍ مَّسْكُوْبٍۙ٣١
Wa mā'im maskūb(in).
[31] Lan ana wowohane akèh tur warna-warna.

وَّفَاكِهَةٍ كَثِيْرَةٍۙ٣٢
Wa fākihatin kaṡīrah(tin).
[32] Ora tau têlag[14] lan ora susah tuku.

لَّا مَقْطُوْعَةٍ وَّلَا مَمْنُوْعَةٍۙ٣٣
Lā maqṭū‘atiw wa lā mamnū‘ah(tin).
[33] Ana lèmèke endah ginêlar ana sadhuwuring kanthil. Ana widadarine.

وَّفُرُشٍ مَّرْفُوْعَةٍۗ٣٤
Wa furusyim marfū‘ah(tin).
[34] Ingsun gawe sarupaning widadari mau tanpa lair saka guwa garbaning biyung.

اِنَّآ اَنْشَأْنٰهُنَّ اِنْشَاۤءًۙ٣٥
Innā ansya'nāhunna insyā'ā(n).
[35] Para widadari mau padha Ingsun dadèkake prawan salawase, sanadyan wis sarêsmi iya isih prawan bae.

فَجَعَلْنٰهُنَّ اَبْكَارًاۙ٣٦
Faja‘alnāhunna abkārā(n).
[36] Padha asih trêsna marang lakine, nome [no...me] rampak, murwate lagi padha umur nêlung puluh têlu taun.

عُرُبًا اَتْرَابًاۙ٣٧
‘Uruban atrābā(n).
[37] Padha Ingsun paringake dadi jodhone wong kang cathêtaning lakune ditulungake[15] saka ing têngên mau.

لِّاَصْحٰبِ الْيَمِيْنِۗ٣٨
Li'aṣḥābil-yamīn(i).
[38] Umate para nabi ing jaman kuna.

ثُلَّةٌ مِّنَ الْاَوَّلِيْنَۙ٣٩
Ṡullatum minal-awwalīn(a).
[39] Lan para umat kang wêkasan iki.

وَثُلَّةٌ مِّنَ الْاٰخِرِيْنَۗ ࣖ٤٠
Wa ṡullatum minal-ākhirīn(a).
[40] Dene wong kang cathêtaning lakune diulungake saka ing kiwa, iku cilaka bangêt.

وَاَصْحٰبُ الشِّمَالِ ەۙ مَآ اَصْحٰبُ الشِّمَالِۗ٤١
Wa aṣḥābusy-syimāl(i), mā aṣḥābusy-syimāl(i).
[41] Padha kêcêmplung ing naraka wisa, lan naraka wedang.

فِيْ سَمُوْمٍ وَّحَمِيْمٍۙ٤٢
Fī samūmiw wa ḥamīm(in).
[42] Lan ana ing pêpêtêng saka kukus kang irêng bangêt.

وَّظِلٍّ مِّنْ يَّحْمُوْمٍۙ٤٣
Wa ẓillim miy yaḥmūm(in).
[43] Ora pisan adhêm lan ora andhêmênake.

لَّا بَارِدٍ وَّلَا كَرِيْمٍ٤٤
Lā bāridiw wa lā karīm(in).
[44] Nalika ana ing dunya, wong kaphir iku padha ngenak-enak.

اِنَّهُمْ كَانُوْا قَبْلَ ذٰلِكَ مُتْرَفِيْنَۚ٤٥
Innahum kānū qabla żālika mutrafīn(a).
[45] Lan padha andaluya ênggone nglakoni dosa gêdhe.

وَكَانُوْا يُصِرُّوْنَ عَلَى الْحِنْثِ الْعَظِيْمِۚ٤٦
Wa kānū yuṣirrūna ‘alal-ḥinṡil-‘aẓīm(i).
[46] Lan padha ngucap: [n...gucap:]

وَكَانُوْا يَقُوْلُوْنَ ەۙ اَىِٕذَا مِتْنَا وَكُنَّا تُرَابًا وَّعِظَامًا ءَاِنَّا لَمَبْعُوْثُوْنَۙ٤٧
Wa kānū yaqūlūn(a), a'iżā mitnā wa kunnā turābaw wa ‘iẓāman a'innā lamab‘ūṡūn(a).
[47] Apa nyata besuk yèn aku wis mati sarta wis dadi lêmah lan wis dadi balung, jare bakal diuripake manèh, layak ora.

اَوَاٰبَاۤؤُنَا الْاَوَّلُوْنَ٤٨
Awa'ābā'unal-awwalūn(a).
[48] Apadene para lêluhurku ing jaman kuna, apa iya padha diuripake, layak goroh.

قُلْ اِنَّ الْاَوَّلِيْنَ وَالْاٰخِرِيْنَۙ٤٩
Qul innal-awwalīna wal-ākhirīn(a).
[49] (He Mukhammad) sira dhawuha: Para lêluhurmu ing jaman kuna, lan para turunmu kang saiki durung ana.

لَمَجْمُوْعُوْنَۙ اِلٰى مِيْقَاتِ يَوْمٍ مَّعْلُوْمٍ٥٠
Lamajmū‘ūn(a), ilā mīqāti yaumim ma‘lūm(in).
[50] Besuk dina kiyamat kang wis tinamtokake dening Allah, bakal padha dikalumpukake ana ing ara-ara Mahsar.

ثُمَّ اِنَّكُمْ اَيُّهَا الضَّاۤ لُّوْنَ الْمُكَذِّبُوْنَۙ٥١
Ṡumma innakum ayyuhaḍ-ḍāllūnal-mukażżibūn(a).
[51] He wong kang padha kêsasar dening maido pangandikaning Allah, sawise mangkono sira padha.

لَاٰكِلُوْنَ مِنْ شَجَرٍ مِّنْ زَقُّوْمٍۙ٥٢
La'ākilūna min syajarim min zaqqūm(in).
[52] Mangan wohe kayu zakkum, kêkayon ing naraka.

فَمَالِـُٔوْنَ مِنْهَا الْبُطُوْنَۚ٥٣
Fa māli'ūna minhal-buṭūn(a).
[53] Nganti padha kêbak wêtênge.

فَشٰرِبُوْنَ عَلَيْهِ مِنَ الْحَمِيْمِۚ٥٤
Fasyāribūna ‘alaihi minal-ḥamīm(i).
[54] Sawise warêg, nuli padha ngombe wedang kang panase anggêgirisi.

فَشٰرِبُوْنَ شُرْبَ الْهِيْمِۗ٥٥
Fa syāribūna syurbal-hīm(i).
[55] Enggone ngombe kaya unta kang ngêlak bangêt.

هٰذَا نُزُلُهُمْ يَوْمَ الدِّيْنِۗ٥٦
Hāżā nuzuluhum yaumad-dīn(i).
[56] Iki pangancaming Allah marang para wong kaphir, kalakone besuk dina kiyamat.

نَحْنُ خَلَقْنٰكُمْ فَلَوْلَا تُصَدِّقُوْنَ٥٧
Naḥnu khalaqnākum falau lā tuṣaddiqūn(a).
[57] Ingsun iki kang gawe awakira. Yagene sira têka padha ora ngandêl.

اَفَرَءَيْتُمْ مَّا تُمْنُوْنَۗ٥٨
Afa ra'aitum mā tumnūn(a).
[58] Kapriye panêmunira, bab ênggonira padha mêtokake mani, marang pranakane wong wadon, banjur dadi bayi.

ءَاَنْتُمْ تَخْلُقُوْنَهٗٓ اَمْ نَحْنُ الْخٰلِقُوْنَ٥٩
A'antum takhluqūnahū am naḥnul-khāliqūn(a).
[59] Kang gawe bayi saka mani mau sira apa Ingsun.

نَحْنُ قَدَّرْنَا بَيْنَكُمُ الْمَوْتَ وَمَا نَحْنُ بِمَسْبُوْقِيْنَۙ٦٠
Naḥnu qaddarnā bainakumul-mauta wa mā naḥnu bimasbūqīn(a).
[60] Ingsun namtokake mati marang sira kabèh, Ingsun kawasa, ora ana kang bisa murungake karsaningsun.

عَلٰٓى اَنْ نُّبَدِّلَ اَمْثَالَكُمْ وَنُنْشِئَكُمْ فِيْ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ٦١
‘Alā an nubaddila amṡālakum wa nunsyi'akum fī mā lā ta‘lamūn(a).
[61] Sanadyan Ingsun karsa gawe wong kang rupane cèplês lan sira, sarta sira Ingsun salini rupa sadhengah rupa kang sira ora wêruh, iya mêsthi kalêksanan.

وَلَقَدْ عَلِمْتُمُ النَّشْاَةَ الْاُوْلٰى فَلَوْلَا تَذَكَّرُوْنَ٦٢
Wa laqad ‘alimtumun-nasy'atal-ūlā falau lā tażakkarūn(a).
[62] Sira wis wêruh bakale manungsa kang kawitan, iya iku lêmah, utawa daging, utawa mani. Yagene sira têka ora wêruh yèn Ingsun iki kawasa.

اَفَرَءَيْتُمْ مَّا تَحْرُثُوْنَۗ٦٣
Afara'aitum mā taḥruṡūn(a).
[63] Kapriye panêmunira bab ênggonira padha têtanèn.

ءَاَنْتُمْ تَزْرَعُوْنَهٗٓ اَمْ نَحْنُ الزّٰرِعُوْنَ٦٤
A'antum tazra‘ūnahū am naḥnuz-zāri‘ūn(a).
[64] Kang nukulake wiji iku sira apa Ingsun.

لَوْ نَشَاۤءُ لَجَعَلْنٰهُ حُطَامًا فَظَلْتُمْ تَفَكَّهُوْنَۙ٦٥
Lau nasyā'u laja‘alnāhu ḥuṭāman fa ẓaltum tafakkahūn(a).
[65] Kang nukulake wiji mau Ingsun. Tandhane, upama ana parênge karsaningsun, mêtuning woh Ingsun gawe gabug, mêsthi kêlakon, sira banjur gêtun lan ngungun.

اِنَّا لَمُغْرَمُوْنَۙ٦٦
Innā lamugramūn(a).
[66] Pangucapira: Aku iki kapitunan, aku iki dipêpêt rijêkiku.

بَلْ نَحْنُ مَحْرُوْمُوْنَ٦٧
Bal naḥnu maḥrūmūn(a).
[67] Kapriye panêmunira bab banyu udan kang padha sira ombe.

اَفَرَءَيْتُمُ الْمَاۤءَ الَّذِيْ تَشْرَبُوْنَۗ٦٨
Afa ra'aitumul-mā'al-lażī tasyrabūn(a).
[68] Kang nurunake banyu udan saka ing mega, iku sira apa Ingsun.

ءَاَنْتُمْ اَنْزَلْتُمُوْهُ مِنَ الْمُزْنِ اَمْ نَحْنُ الْمُنْزِلُوْنَ٦٩
A'antum anzaltumūhu minal-muzni am naḥnul-munzilūn(a).
[69] Kang nurunake mêsthi Ingsun. Tandhane upama ana parênge karsaningsun, banyu udan Ingsun dadèkake asin, mêsthi kêlakon. Yagene têka ora gêdhe panuwunira.

لَوْ نَشَاۤءُ جَعَلْنٰهُ اُجَاجًا فَلَوْلَا تَشْكُرُوْنَ٧٠
Lau nasyā'u ja‘alnāhu ujājan falau lā tasykurūn(a).
[70] Kapriye panêmunira, mungguh gêni ênggonira padha ngagar.

اَفَرَءَيْتُمُ النَّارَ الَّتِيْ تُوْرُوْنَۗ٧١
Afa ra'aitumun-nāral-latī tūrūn(a).
[71] Kang nganakake kayu kang diagar iku sira apa Ingsun.

ءَاَنْتُمْ اَنْشَأْتُمْ شَجَرَتَهَآ اَمْ نَحْنُ الْمُنْشِـُٔوْنَ٧٢
A'antum ansya'tum syajaratahā am naḥnul-munsyi'ūn(a).
[72] Gêni ing dunya iku Ingsun ênggo sasmitaning gêni naraka, lan Ingsun ênggo kabungahaning wong kang padha mlaku, lan liya-liyane.

نَحْنُ جَعَلْنٰهَا تَذْكِرَةً وَّمَتَاعًا لِّلْمُقْوِيْنَۚ٧٣
Naḥnu ja‘alnāhā tażkirataw wa matā‘al lil-muqwīn(a).
[73] Mulane sira nêbuta Mahasuci asmaning Pangeranira kang Maha-agung.

فَسَبِّحْ بِاسْمِ رَبِّكَ الْعَظِيْمِ ࣖ٧٤
Fa sabbiḥ bismi rabbikal-‘aẓīm(i).
[74] Ingsun supata kalawan panggonan mêtune lan suruping lintang.

۞ فَلَآ اُقْسِمُ بِمَوٰقِعِ النُّجُوْمِ٧٥
Falā uqsimu bimawāqi‘in-nujūm(i).
[75] Manawa sira padha wêruh, supata kalawan panggonan mêtune lan suruping lintang, iku supata gêdhe.

وَاِنَّهٗ لَقَسَمٌ لَّوْ تَعْلَمُوْنَ عَظِيْمٌۙ٧٦
Wa innahū laqasamul lau ta‘lamūna ‘aẓīm(un).
[76] Kang didhawuhake marang sira, iku Kuran kang mulya.

اِنَّهٗ لَقُرْاٰنٌ كَرِيْمٌۙ٧٧
Innahū laqur'ānun karīm(un).
[77] Tinulis ana ing Lohmahphul kang rinêksa.

فِيْ كِتٰبٍ مَّكْنُوْنٍۙ٧٨
Fī kitābim maknūn(in).
[78] Ora kêna anggêpok Kuran, kajaba wong kang padha suci saka khadas gêdhe lan cilik.

لَّا يَمَسُّهٗٓ اِلَّا الْمُطَهَّرُوْنَۗ٧٩
Lā yamassuhū illal-muṭahharūn(a).
[79] Diturunake Allah Pangerane wong sajagad.

تَنْزِيْلٌ مِّنْ رَّبِّ الْعٰلَمِيْنَ٨٠
Tanzīlum mir rabbil-‘ālamīn(a).
[80] Apa sira padha ngrèmèhake utawa maido Kuran iki.

اَفَبِهٰذَا الْحَدِيْثِ اَنْتُمْ مُّدْهِنُوْنَۙ٨١
Afa biḥāżal-ḥadīṡi antum mudhinūn(a).
[81] Lan ênggonira padha maido Kuran, sira anjingake sukur marang pêparinging Allah udan kang nuwuhake rijêki.

وَتَجْعَلُوْنَ رِزْقَكُمْ اَنَّكُمْ تُكَذِّبُوْنَ٨٢
Wa taj‘alūna rizqakum annakum tukażżibūn(a).
[82] (He wong kang nunggoni wong lêlaku) yagene nalika nyawane mayit lagi têkan ing gurung.

فَلَوْلَآ اِذَا بَلَغَتِ الْحُلْقُوْمَۙ٨٣
Falau lā iżā balagatil-ḥulqūm(a).
[83] Ing kono sira mung padha andêlêng marang mayit.

وَاَنْتُمْ حِيْنَىِٕذٍ تَنْظُرُوْنَۙ٨٤
Wa antum ḥīna'iżin tanẓurūn(a).
[84] Ingsun luwih cêdhak marang wong lêlaku mau tinimbang lan sira, ewadene sira ora padha wêruh.

وَنَحْنُ اَقْرَبُ اِلَيْهِ مِنْكُمْ وَلٰكِنْ لَّا تُبْصِرُوْنَ٨٥
Wa naḥnu aqrabu ilaihi minkum wa lākil lā tubṣirūn(a).
[85] Yagene yèn sira ngaku ora kawêngku wasesaning Allah.

فَلَوْلَآ اِنْ كُنْتُمْ غَيْرَ مَدِيْنِيْنَۙ٨٦
Falau lā in kuntum gaira madīnīn(a).
[86] Têka ora bisa ambalèkake nyawa marang wadhage, yèna[16] ngakunira iku têmên, mara sira balèkna nyawa iku.

تَرْجِعُوْنَهَآ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٨٧
Tarji‘ūnahā in kuntum ṣādiqīn(a).
[87] Mênawa mayit mau ewone wong kacêdhak ing Allah.

فَاَمَّآ اِنْ كَانَ مِنَ الْمُقَرَّبِيْنَۙ٨٨
Fa ammā in kāna minal-muqarrabīn(a).
[88] Matine mêsthi kapenak kanthi bungah lan olèh ganjaran Suwarga Nangim.

فَرَوْحٌ وَّرَيْحَانٌ ەۙ وَّجَنَّتُ نَعِيْمٍ٨٩
Fa rauḥuw wa raiḥān(un), wa jannatu na‘īm(in).
[89] Dene yèn kalêbu ewone wong kang cathêtaning lakune diulungake saka têngên.

وَاَمَّآ اِنْ كَانَ مِنْ اَصْحٰبِ الْيَمِيْنِۙ٩٠
Wa ammā in kāna min aṣḥābil-yamīn(i).
[90] Wong mau mêsthi slamêt, ora disiksa, marga cathêtaning lakune diulungake saka têngên.

فَسَلٰمٌ لَّكَ مِنْ اَصْحٰبِ الْيَمِيْنِۗ٩١
Fa salāmul laka min aṣḥābil-yamīn(i).
[91] Dene yèn ewone wong maido pangandikaning Allah.

وَاَمَّآ اِنْ كَانَ مِنَ الْمُكَذِّبِيْنَ الضَّاۤلِّيْنَۙ٩٢
Wa ammā in kāna minal-mukażżibīnaḍ-ḍāllīn(a).
[92] Kang padha kêsasar.

فَنُزُلٌ مِّنْ حَمِيْمٍۙ٩٣
Fa nuzulum min ḥamīm(in).
[93] Mêsthi kacêmplung ing naraka wedang kang wis diancamake.

وَّتَصْلِيَةُ جَحِيْمٍ٩٤
Wa taṣliyatu jaḥīm(in).
[94] Lan kacêmplung ing naraka gêdhe, Naraka Jakhim.

اِنَّ هٰذَا لَهُوَ حَقُّ الْيَقِيْنِۚ٩٥
Inna hāżā lahuwal-ḥaqqul-yaqīn(i).
[95] Kang kasêbut ing Surat Wakingah iki, nyata têmênan.

فَسَبِّحْ بِاسْمِ رَبِّكَ الْعَظِيْمِ ࣖ٩٦
Fa sabbiḥ bismi rabbikal-‘aẓīm(i).
[96] Mulane sira nêbuta Mahasuci asmaning Pangeranira kang Maha-agung.