Surah Ar-Rahman

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلرَّحْمٰنُۙ١
Ar-raḥmān(u).
[1] Pangeran kang Mahamurah iku mulang Kuran.

عَلَّمَ الْقُرْاٰنَۗ٢
‘Allamal-qur'ān(a).
[2] Agawe manungsa.

خَلَقَ الْاِنْسَانَۙ٣
Khalaqal-insān(a).
[3] Mulang calathu marang manungsa.

عَلَّمَهُ الْبَيَانَ٤
‘Allamahul-bayān(a).
[4] Srêngenge lan rêmbulan iku padha mlaku ajêg, ana ing cakrawalane dhewe-dhewe, cocog lan petungan.

اَلشَّمْسُ وَالْقَمَرُ بِحُسْبَانٍۙ٥
Asy-syamsu wal-qamaru biḥusbān(in).
[5] Thêthukulan kang nalosor lan kêkayon, iku padha sujud ing Allah.

وَّالنَّجْمُ وَالشَّجَرُ يَسْجُدَانِ٦
Wan-najmu wasy-syajaru yasjudān(i).
[6] Allah iku andhuwurake langit, lan andhawuhake jêjêg yèn nraju.

وَالسَّمَاۤءَ رَفَعَهَا وَوَضَعَ الْمِيْزَانَۙ٧
Was-samā'a rafa‘ahā wa waḍa‘al-mīzān(a).
[7] Supaya sira aja nakal ênggonira nraju.

اَلَّا تَطْغَوْا فِى الْمِيْزَانِ٨
Allā taṭgau fil-mīzān(i).
[8] Lan dijêjêg ênggonira padha nraju kalawan bênêr, aja padha ngurangi bobot.

وَاَقِيْمُوا الْوَزْنَ بِالْقِسْطِ وَلَا تُخْسِرُوا الْمِيْزَانَ٩
Wa aqīmul-wazna bil-qisṭi wa lā tukhsirul-mīzān(a).
[9] [8] Lan manèh Allah ngrata bumi, kanggo panggonane jin lan manungsa.

وَالْاَرْضَ وَضَعَهَا لِلْاَنَامِۙ١٠
Wal-arḍa waḍa‘ahā lil-anām(i).
[10] Isi wowohan warna-warna, dene kurma iku ana mancunge.

فِيْهَا فَاكِهَةٌ وَّالنَّخْلُ ذَاتُ الْاَكْمَامِۖ١١
Fīhā fākihatuw wan-nakhlu żātul-akmām(i).
[11] Lan isi wiji kang ana mêrange, lan isi têlasih.

وَالْحَبُّ ذُو الْعَصْفِ وَالرَّيْحَانُۚ١٢
Wal-ḥabbu żul-‘aṣfi war-raiḥān(u).
[12] He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ١٣
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[13] Allah gawe manungsa Nabi Adam saka ing lêmah garing kang kumlinthing, mèmpêr lêmah kang wis diobong.

خَلَقَ الْاِنْسَانَ مِنْ صَلْصَالٍ كَالْفَخَّارِ١٤
Khalaqal-insāna min ṣalṣālin kal-fakhkhār(i).
[14] Lan gawe jan, iya iku iblis, saka urubing gêni.

وَخَلَقَ الْجَاۤنَّ مِنْ مَّارِجٍ مِّنْ نَّارٍۚ١٥
Wa khalaqal-jānna mim mārijim min nār(in).
[15] He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungan[9] Pangeranira kang padha sira paido.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ١٦
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[16] Allah iku Pangeraning masrik loro, kang sisih lor lan sisih kidul. (Kang aran masrik iku panggonan mêtuning srêngenge).

رَبُّ الْمَشْرِقَيْنِ وَرَبُّ الْمَغْرِبَيْنِۚ١٧
Rabbul-masyriqaini wa rabbul-magribain(i).
[17] Lan uga Pangeraning Mahrib loro, kang sisih lor lan sisih kidul. (Mahrib iku panggonan suruping srêngenge).

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ١٨
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[18] He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

مَرَجَ الْبَحْرَيْنِ يَلْتَقِيٰنِۙ١٩
Marajal-baḥraini yaltaqiyān(i).
[19] Allah iku nitahake sagara loro, tawa lan asin, dinêngake bae, awor sisih-sisihan, ora bisa carub, mung kaya banyu lan lênga.

بَيْنَهُمَا بَرْزَخٌ لَّا يَبْغِيٰنِۚ٢٠
Bainahumā barzakhul lā yabgiyān(i).
[20] Antarane sagara loro mau ana aling-aling kawasaning Allah, ora kasat mata, mulane sagara loro mau ora bisa carub.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٢١
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[21] He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

يَخْرُجُ مِنْهُمَا اللُّؤْلُؤُ وَالْمَرْجَانُۚ٢٢
Yakhruju minhumal-lu'lu'u wal-marjān(u).
[22] Sagara loro mau padha mêtu mutyara lan marjan.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٢٣
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[23] He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

وَلَهُ الْجَوَارِ الْمُنْشَاٰتُ فِى الْبَحْرِ كَالْاَعْلَامِۚ٢٤
Wa lahul-jawāril-munsya'ātu fil-baḥri kal-a‘lām(i).
[24] Allah iku kagungan prau pirang-pirang gêgaweaning manungsa, kumambang ana ing sagara, gêdhene kaya gunung.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ ࣖ٢٥
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[25] He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

كُلُّ مَنْ عَلَيْهَا فَانٍۖ٢٦
Kullu man ‘alaihā fān(in).
[26] Samubarang kang gumêlar ana ing bumi, iku wêkasane rusak.

وَّيَبْقٰى وَجْهُ رَبِّكَ ذُو الْجَلٰلِ وَالْاِكْرَامِۚ٢٧
Wa yabqā wajhu rabbika żul-jalāli wal-ikrām(i).
[27] Nanging sarirane Pangeranira, Allah kang sipat agung, lan karsa ngajèni para wong mukmin, iku langgêng tan kêna rusak.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٢٨
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[28] He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

يَسْـَٔلُهٗ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ كُلَّ يَوْمٍ هُوَ فِيْ شَأْنٍۚ٢٩
Yas'aluhū man fis-samāwāti wal-arḍ(i), kulla yaumin huwa fī sya'n(in).
[29] Saisining bumi lan langit, kabèh padha nyênyuwun ing Allah. Sabên dina Allah nindakake lêstarine samubarang kang wis [wi....s] pinasthi ing jaman azali.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٣٠
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[30] He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

سَنَفْرُغُ لَكُمْ اَيُّهَ الثَّقَلٰنِۚ٣١
Sanafrugu lakum ayyuhaṡ-ṡaqalān(i).
[31] He para jin lan manungsa, ing têmbe sira padha Ingsun timbang ala lan bêcikira.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٣٢
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[32] He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungan[10] Pangeranira kang padha sira paido.

يٰمَعْشَرَ الْجِنِّ وَالْاِنْسِ اِنِ اسْتَطَعْتُمْ اَنْ تَنْفُذُوْا مِنْ اَقْطَارِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ فَانْفُذُوْاۗ لَا تَنْفُذُوْنَ اِلَّا بِسُلْطٰنٍۚ٣٣
Yā ma‘syaral-jinni wal-insi inistaṭa‘tum an tanfużū min aqṭāris-samāwāti wal-arḍi fanfużū, lā tanfużūna illā bisulṭān(in).
[33] He para jin lan manungsa, kang padha ora narima pêpasthèn Ingsun, manawa sira bisa lunga saka têlatahing bumi lan langit, mara padha lungaa. Nanging sira măngsa bisaa lunga, kajaba yèn sira kuwasa.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٣٤
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[34] He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

يُرْسَلُ عَلَيْكُمَا شُوَاظٌ مِّنْ نَّارٍۙ وَّنُحَاسٌ فَلَا تَنْتَصِرَانِۚ٣٥
Yursalu ‘alaikumā syuwāẓum min nār(in), wa nuḥāsun falā tantaṣirān(i).
[35] He jin lan manungsa, ing têmbe nalikane sira padha mêtu saka ing kuburira, padha tinêmpuh ing urubing gêni lan kukus kang tanpa gêni, padha anggiring sira marang ara-ara Mahsar, sira padha ora bisa ngundurake.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٣٦
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[36] He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

فَاِذَا انْشَقَّتِ السَّمَاۤءُ فَكَانَتْ وَرْدَةً كَالدِّهَانِۚ٣٧
Fa iżansyaqqatis-samā'u fa kānat wardatan kad-dihān(i).
[37]

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٣٨
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[38]

فَيَوْمَئِذٍ لَّا يُسْـَٔلُ عَنْ ذَنْۢبِهٖٓ اِنْسٌ وَّلَا جَاۤنٌّۚ٣٩
Fa yauma'iżil lā yus'alu ‘an żambihī insuw wa lā jānn(un).
[39]

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٤٠
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[40]

يُعْرَفُ الْمُجْرِمُوْنَ بِسِيْمٰهُمْ فَيُؤْخَذُ بِالنَّوَاصِيْ وَالْاَقْدَامِۚ٤١
Yu‘raful-mujrimūna bisīmāhum fa yu'khażu bin-nawāṣī wal-aqdām(i).
[41] Para wong kaphir padha kêtitik kalawan têtêngêre rai irêng, banjur padha dijambak kuncunge, dicêmplungake ing naraka.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٤٢
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[42] He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

هٰذِهٖ جَهَنَّمُ الَّتِيْ يُكَذِّبُ بِهَا الْمُجْرِمُوْنَۘ٤٣
Hāżihī jahannamul-latī yukażżibu bihal-mujrimūn(a).
[43] Dhawuhing malaikat: He wong kaphir, iki Naraka Jahanam, kang dipaido dening sarupane wong kaphir biyèn.

يَطُوْفُوْنَ بَيْنَهَا وَبَيْنَ حَمِيْمٍ اٰنٍۚ٤٤
Yaṭūfūna bainahā wa baina ḥamīmin ān(in).
[44] Wong kaphir padha mlaku pating bilulung ana antarane naraka gêni lan naraka wedang.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ ࣖ٤٥
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[45] He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

وَلِمَنْ خَافَ مَقَامَ رَبِّهٖ جَنَّتٰنِۚ٤٦
Wa liman khāfa maqāma rabbihī jannatān(i).
[46] Dene wong kang nalika ana ing dunya wêdi jumênênging Pangeran ênggone bakal mancas ala bêciking kawulane, iku padha diparingi ganjaran suwarga loro, suwarganing jin lan suwarganing [suwarga....ning] manungsa.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۙ٤٧
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[47] He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

ذَوَاتَآ اَفْنَانٍۚ٤٨
Żawātā afnān(in).
[48] Suwarga loro mau ana kêkayone angrêmbaka.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٤٩
Fabi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[49] He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

فِيْهِمَا عَيْنٰنِ تَجْرِيٰنِۚ٥٠
Fīhimā ‘aināni tajriyān(i).
[50] Suwarga loro mau padha ana bêngawane mili.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٥١
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[51] He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

فِيْهِمَا مِنْ كُلِّ فَاكِهَةٍ زَوْجٰنِۚ٥٢
Fīhimā min kulli fākihatin zaujān(i).
[52] Suwarga loro mau isi sarupane wowohan warna loro, garing lan têlês.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۚ٥٣
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[53] He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

مُتَّكِـِٕيْنَ عَلٰى فُرُشٍۢ بَطَاۤىِٕنُهَا مِنْ اِسْتَبْرَقٍۗ وَجَنَا الْجَنَّتَيْنِ دَانٍۚ٥٤
Muttaki'īna ‘alā furusyim baṭā'inuhā min istabraq(in), wa janal-jannataini dān(in).
[54] Wong kang wêdi ing Allah mau padha sèndhèn ana ing palungguhan kang lèmèke ing jêro sutra ijo, dene wowohane ing suwarga loro mau cêndhèk-cêndhèk.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٥٥
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[55] He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

فِيْهِنَّ قٰصِرٰتُ الطَّرْفِۙ لَمْ يَطْمِثْهُنَّ اِنْسٌ قَبْلَهُمْ وَلَا جَاۤنٌّۚ٥٦
Fīhinna qāṣirātuṭ-ṭarf(i), lam yaṭmiṡhunna insun qablahum wa lā jānn(un).
[56] Suwarga loro mau isi widadari kang endah-endah warnane, sadurunge diwêngku ing wong suwarga mau, durung tau winasesa ing rêsmi dening jin utawa manungsa.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۚ٥٧
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[57] He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

كَاَنَّهُنَّ الْيَاقُوْتُ وَالْمَرْجَانُۚ٥٨
Ka'annahunnal-yāqūtu wal-marjān(u).
[58] Para widadari mau endahe padha lan intên utawa mutyara.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٥٩
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[59] He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

هَلْ جَزَاۤءُ الْاِحْسَانِ اِلَّا الْاِحْسَانُۚ٦٠
Hal jazā'ul-iḥsāni illal-iḥsān(u).
[60] Pituwasing laku bêcik, iya ora liya olèh bêcik.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٦١
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[61] He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

وَمِنْ دُوْنِهِمَا جَنَّتٰنِۚ٦٢
Wa min dūnihimā jannatān(i).
[62] Sosorane suwarga loro mau, ana suwarga loro manèh.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۙ٦٣
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[63] He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

مُدْهَاۤمَّتٰنِۚ٦٤
Mudhāmmatān(i).
[64] Suwarga loro mau kêkayone ijo bangêt, nganti katon irêng.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٦٥
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[65] He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungan[11] Pangeranira kang padha sira paido.

فِيْهِمَا عَيْنٰنِ نَضَّاخَتٰنِۚ٦٦
Fīhimā ‘aināni naḍḍākhatān(i).
[66] Sajrone suwarga loro mau ana bêngawane loro, padha mili ajêg, tanpa suda banyune.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۚ٦٧
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[67] He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

فِيْهِمَا فَاكِهَةٌ وَّنَخْلٌ وَّرُمَّانٌۚ٦٨
Fīhimā fākihatuw wa nakhluw wa rummān(un).
[68] Sajrone suwarga loro mau ana wowohane akèh, apadene ana wite kurma lan dalima.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۚ٦٩
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[69] He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

فِيْهِنَّ خَيْرٰتٌ حِسَانٌۚ٧٠
Fīhinna khairātun ḥisān(un).
[70] Suwarga loro mau dalah isèn-isène, kabèh sarwa bêcik.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۚ٧١
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[71] He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge [pêparing...e] kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

حُوْرٌ مَّقْصُوْرٰتٌ فِى الْخِيَامِۚ٧٢
Ḥūrum maqṣūrātun fil-khiyām(i).
[72] Para widadari mau padha endah warnane, piningit ana sajroning gêdhong kang ginawe saka mutyara.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۚ٧٣
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[73] He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

لَمْ يَطْمِثْهُنَّ اِنْسٌ قَبْلَهُمْ وَلَا جَاۤنٌّۚ٧٤
Lam yaṭmiṡhunna insun qablahum wa lā jānn(un).
[74] Para widadari mau sadurunge diwêngku ing wong suwarga, durung tau winasesa ing rêsmi dening jin utawa manungsa.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۚ٧٥
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[75] He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangeranira kang padha sira paido.

مُتَّكِـِٕيْنَ عَلٰى رَفْرَفٍ خُضْرٍ وَّعَبْقَرِيٍّ حِسَانٍۚ٧٦
Muttaki'īna ‘alā rafrafin khuḍriw wa ‘abqariyyin ḥisān(in).
[76] Wong ing suwarga padha sèndhèn ing bantal sutra ijo kang endah warnane.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۚ٧٧
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[77] He jin lan manungsa, êndi ta pêparinge kabungahan Pangera[12] kang padha sira paido.

تَبٰرَكَ اسْمُ رَبِّكَ ذِى الْجَلٰلِ وَالْاِكْرَامِ ࣖ٧٨
Tabārakasmu rabbika żil-jalāli wal-ikrām(i).
[78] Mahaluhur asmane Pangeranira, Allah kang kagungan sipat agung lan karsa ngajèni para wong mukmin.