Surah Al-Qamar
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِقْتَرَبَتِ السَّاعَةُ وَانْشَقَّ الْقَمَرُ١
Iqtarabatis-sā‘atu wansyaqqal-qamar(u).
[1]
Saiki dina kiyamat wis cêdhak, lan rêmbulan sigar dadi loro.
وَاِنْ يَّرَوْا اٰيَةً يُّعْرِضُوْا وَيَقُوْلُوْا سِحْرٌ مُّسْتَمِرٌّ٢
Wa iy yarau āyatay yu‘riḍū wa yaqūlū siḥrum mustamirr(un).
[2]
Para wong kaphir turun Kurès manawa andêlêng ayat kaelokane Nabi Mukhammad, padha malengos, suthik pracaya, pangucape: Iki sikhir linuwih.
وَكَذَّبُوْا وَاتَّبَعُوْٓا اَهْوَاۤءَهُمْ وَكُلُّ اَمْرٍ مُّسْتَقِرٌّ٣
Wa każżabū wattaba‘ū ahwā'ahum wa kullu amrim mustaqirr(un).
[3]
Wong kaphir turun Kurès padha maido Nabi Mukhammad, lan padha nganggo karêpe dhewe. Samubarang prakara, ala utawa bêcik, iku pituwase bakal têtêp disăngga dening kang nglakoni.
وَلَقَدْ جَاۤءَهُمْ مِّنَ الْاَنْۢبَاۤءِ مَا فِيْهِ مُزْدَجَرٌۙ٤
Wa laqad jā'ahum minal-ambā'i mā fīhi muzdajar(un).
[4]
Wong kaphir turun Kurès wis padha digêlari [digê....lari] ayat, lupiyane para wong kuna, kang padha ditumpês dening Allah marga ênggone padha maido para rasul, lan samubarang pitutur pamênging kaphir.
حِكْمَةٌ ۢ بَالِغَةٌ فَمَا تُغْنِ النُّذُرُۙ٥
Ḥikmatum bāligatun famā tugnin-nużur(u).
[5]
Ayat mau kawicaksanan kang bênêr bangêt. Barang apa ta, kang bisa sampurna bêcik tanpa wêwulange para rasul.
فَتَوَلَّ عَنْهُمْ ۘ يَوْمَ يَدْعُ الدَّاعِ اِلٰى شَيْءٍ نُّكُرٍۙ٦
Fa tawalla ‘anhum, yauma yad‘ud-dā‘i ilā syai'in nukur(in).
[6]
Mulane sira malengosa marang para wong kaphir mau. Besuk dina kiyamat, nalikane Malaikat Israphil andamu sêmpronge sarta nguwuh-uwuh marang barang kang dipaido dening wong akèh.
خُشَّعًا اَبْصَارُهُمْ يَخْرُجُوْنَ مِنَ الْاَجْدَاثِ كَاَنَّهُمْ جَرَادٌ مُّنْتَشِرٌۙ٧
Khusysya‘an abṣāruhum yakhrujūna minal-ajdāṡi ka'annahum jarādum muntasyir(un).
[7]
Pandêlênge padha konjêm. Dene manungsa padha mêtu saka ing kubure, mèmpêr walang kang bingung, ora karuwan kang diparani.
مُّهْطِعِيْنَ اِلَى الدَّاعِۗ يَقُوْلُ الْكٰفِرُوْنَ هٰذَا يَوْمٌ عَسِرٌ٨
Muhṭi‘īna ilad-dā‘(i), yaqūlul-kāfirūna hāżā yaumun ‘asir(un).
[8]
Padha rêbut dhucung marani Malaikat Israphil kang nguwuh-uwuh, wong kang kaphir pangucape: Iki dina kang rêkasa.
۞ كَذَّبَتْ قَبْلَهُمْ قَوْمُ نُوْحٍ فَكَذَّبُوْا عَبْدَنَا وَقَالُوْا مَجْنُوْنٌ وَّازْدُجِرَ٩
Każżabat qablahum qaumu nūḥin fakażżabū ‘abdanā wa qālū majnūnuw wazdujir(a).
[9]
Sadurunge wong kaphir turun Kurès iku, para umate Nabi Nuh biyèn iya padha maido marang kawulaningsun Nabi Nuh, pangucape: [pangu...cape:] Nabi Nuh iku wong edan, lan padha nguya-nguya Nabi Nuh.
فَدَعَا رَبَّهٗٓ اَنِّيْ مَغْلُوْبٌ فَانْتَصِرْ١٠
Fa da‘ā rabbahū annī maglūbun fantaṣir.
[10]
Barêng wis lawas, Nabi Nuh banjur nyênyuwun ing Pangerane, dhuh Pangeran kawula, kawula punika kawon kalihan para umat kawula, mila Tuwan mugi mitulungana dhumatêng kawula.
فَفَتَحْنَآ اَبْوَابَ السَّمَاۤءِ بِمَاۤءٍ مُّنْهَمِرٍۖ١١
Fa fataḥnā abwābas-samā'i bimā'im munhamir(in).
[11]
Ingsun banjur ambukak lawanging langit, nuli mêtu banyu kang sok-sokan.
وَّفَجَّرْنَا الْاَرْضَ عُيُوْنًا فَالْتَقَى الْمَاۤءُ عَلٰٓى اَمْرٍ قَدْ قُدِرَ ۚ١٢
Wa fajjarnal-arḍa ‘uyūnan faltaqal-mā'u ‘alā amrin qad qudir(a).
[12]
Apadene bumi Ingsun karsakake macothot ngudalake tuk kang tanpa wilangan, banyu kang saka ing dhuwur banjur têmpuk lan banyu kang saka ngisor, nêtêpi parentah Ingsun kang wis pinasthi.
وَحَمَلْنٰهُ عَلٰى ذَاتِ اَلْوَاحٍ وَّدُسُرٍۙ١٣
Wa ḥamalnāhu ‘alā żāti alwāḥiw wa dusur(in).
[13]
Nabi Nuh sakancane padha Ingsun tunggangake ing prau kang ginawe saka blabag nganggo dipaku.
تَجْرِيْ بِاَعْيُنِنَاۚ جَزَاۤءً لِّمَنْ كَانَ كُفِرَ١٤
Tajrī bi'a‘yuninā, jazā'al liman kāna kufir(a).
[14]
Mlaku ana ngarsaningsun, iki ganjaraning Pangeran, pitulung marang Nabi Nuh kang dipaido ing para umate.
وَلَقَدْ تَّرَكْنٰهَآ اٰيَةً فَهَلْ مِنْ مُّدَّكِرٍ١٥
Wa laqat taraknāhā āyatan fahal mim muddakir(in).
[15]
Prau mau Ingsun lêstarèkake nganti lawas, minăngka tăndha yêkti lan kupiya, mulane wong kang kari padha elinga marang lêlakon mau.
فَكَيْفَ كَانَ عَذَابِيْ وَنُذُرِ١٦
Fa kaifa kāna ‘ażābī wa nużur(i).
[16]
Mulane kapriye ta kaanane wêwêdèn lan siksaningsun.
وَلَقَدْ يَسَّرْنَا الْقُرْاٰنَ لِلذِّكْرِ فَهَلْ مِنْ مُّدَّكِرٍ١٧
Wa laqad yassarnal-qur'āna liż-żikri fahal mim muddakir(in).
[17]
Saiki Ingsun wis anggêlarake Kuran, gampang diapalake lan diwêruhi surasane, mulane wong padha ngapalna lan ngèstokna.
كَذَّبَتْ عَادٌ فَكَيْفَ كَانَ عَذَابِيْ وَنُذُرِ١٨
Każżabat ‘ādun fa kaifa kāna ‘ażābī wa nużur(i).
[18]
Biyèn wong Ngad padha maido ing rasule, kapriye ta, kaanane wêwêdèn lan siksaningsun marang wong Ngad.
اِنَّآ اَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ رِيْحًا صَرْصَرًا فِيْ يَوْمِ نَحْسٍ مُّسْتَمِرٍّۙ١٩
Innā arsalnā ‘alaihim rīḥan ṣarṣaran fī yaumi naḥsim mustamirr(in).
[19]
Ingsun anglake[6] angin upas kang gumrubug, nêmpuh marang wong Ngad mau, ana ing dina sangar kang lêstari sangar salawase.
تَنْزِعُ النَّاسَۙ كَاَنَّهُمْ اَعْجَازُ نَخْلٍ مُّنْقَعِرٍ٢٠
Tanzi‘un-nās(a), ka'annahum a‘jāzu nakhlim munqa‘ir(in).
[20]
Angin mau mawa upas, numpês wong Ngad kabèh, nganti anggêlasah kaya wit kurma padha rungkad.
فَكَيْفَ كَانَ عَذَابِيْ وَنُذُرِ٢١
Fa kaifa kāna ‘ażābī wa nużur(i).
[21]
Kapriye ta, kaanane wêwêdèn lan siksaningsun.
وَلَقَدْ يَسَّرْنَا الْقُرْاٰنَ لِلذِّكْرِ فَهَلْ مِنْ مُّدَّكِرٍ ࣖ٢٢
Wa laqad yassarnal-qur'āna liż-żikri fahal mim muddakir(in).
[22]
Saiki Ingsun wis anggêlarake Kuran, gampang diapalake lan diwêruhi surasane, [surasa...ne,] mulane wong padha ngapalna lan ngèstokna.
كَذَّبَتْ ثَمُوْدُ بِالنُّذُرِ٢٣
Każżabat ṡamūdu bin-nużur(i).
[23]
Biyèn wong Samud uga padha maido wêwulange Nabi Salèh.
فَقَالُوْٓا اَبَشَرًا مِّنَّا وَاحِدًا نَّتَّبِعُهٗٓ ۙاِنَّآ اِذًا لَّفِيْ ضَلٰلٍ وَّسُعُرٍ٢٤
Fa qālū abasyaram minnā wāḥidan nattabi‘uh(ū), innā iżal lafī ḍalāliw wa su‘ur(in).
[24]
Pangucape: Yagene aku têka gêlêm manut marang wong mung siji tur wong panunggalanku, yèn mangkono aku rak kacêmplung ing panasaran lan diarani wong edan.
ءَاُلْقِيَ الذِّكْرُ عَلَيْهِ مِنْۢ بَيْنِنَا بَلْ هُوَ كَذَّابٌ اَشِرٌ٢٥
A'ulqiyaż-żikru ‘alaihi mim baininā bal huwa każżābun asyir(un).
[25]
Apa dhawuhing Allah mung didhawuhake marang wong siji Nabi Salèh bae, wong liya-liyane iki ora diparingi dhawuh, têtela Nabi Salèh iku tukang goroh lan gumêdhe.
سَيَعْلَمُوْنَ غَدًا مَّنِ الْكَذَّابُ الْاَشِرُ٢٦
Saya‘lamūna gadam manil-każżābul-asyir(u).
[26]
Besuk ana ing akhirat, wong Samud bakal wêruh nyatane, sapa kang gumêdhe lan tukang goroh, iya wong Samud dhewe.
اِنَّا مُرْسِلُوا النَّاقَةِ فِتْنَةً لَّهُمْ فَارْتَقِبْهُمْ وَاصْطَبِرْۖ٢٧
Innā mursilun-nāqati fitnatal lahum fartaqibhum waṣṭabir.
[27]
Ingsun mêtokake unta saka ing watu, minăngka tăndha yêkti lan panyoba marang wong Samud. Pangandikaning Allah: He Salèh, saiki sira narimaa bae. Nitènana kapriye anane wong Samud iku.
وَنَبِّئْهُمْ اَنَّ الْمَاۤءَ قِسْمَةٌ ۢ بَيْنَهُمْۚ كُلُّ شِرْبٍ مُّحْتَضَرٌ٢٨
Wa nabbi'hum annal-mā'a qismatum bainahum, kullu syirbim muḥtaḍar(un).
[28]
Wong Samud padha sira dhawuhana, anane banyu iku didumake marang unta lan wong Samud. Sadina dadi duwèke wong Samud, kabèh kêna padha ngangsu, lan sadina manèh gilir dadi duwèke unta, kabèh padha diombèkake.
فَنَادَوْا صَاحِبَهُمْ فَتَعَاطٰى فَعَقَرَ٢٩
Fa nādau ṣāḥibahum fa ta‘āṭā fa ‘aqar(a).
[29]
Wong Samud banjur padha sayuk lan kancane, nêdya matèni unta mau, padha nyêkêl pêdhang, banjur padha matèni unta mau.
فَكَيْفَ كَانَ عَذَابِيْ وَنُذُرِ٣٠
Fakaifa kāna ‘ażābī wa nużur(i).
[30]
Kapriye ta, kaanane wêwêdèn lan siksaningsun.
اِنَّآ اَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ صَيْحَةً وَّاحِدَةً فَكَانُوْا كَهَشِيْمِ الْمُحْتَظِرِ٣١
Innā arsalnā ‘alaihim ṣaiḥataw wāḥidatan fa kānū kahasyīmil-muḥtaẓir(i).
[31]
Ingsun banjur ngutus Malaikat Jabarail pêtak sapisan, wong Samud banjur tumpês padha sanalika, ambruk kaya kayu garing wis mopol.
وَلَقَدْ يَسَّرْنَا الْقُرْاٰنَ لِلذِّكْرِ فَهَلْ مِنْ مُّدَّكِرٍ٣٢
Wa laqad yassarnal-qur'āna liż-żikri fahal mim muddakir(in).
[32]
Saiki Ingsun wis anggêlarake Kuran, gampang diapalake lan diwêruhi surasane, mulane wong padha ngapalna lan ngèstokna.
كَذَّبَتْ قَوْمُ لُوْطٍ ۢبِالنُّذُرِ٣٣
Każżabat qaumu lūṭim bin-nużur(i).
[33]
Biyèn para umate Nabi Lut iya padha maido wêwulange Nabi Lut.
اِنَّآ اَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ حَاصِبًا اِلَّآ اٰلَ لُوْطٍ ۗنَجَّيْنٰهُمْ بِسَحَرٍۙ٣٤
Innā arsalnā ‘alaihim ḥāṣiban illā āla lūṭ(in), najjaināhum bisaḥar(in).
[34]
Para umate Nabi Lut mau padha Ingsun udani watu, tumpês kabèh, mung Nabi Lut sakancane padha Ingsun paringi salamêt ing wayah esuk.
نِّعْمَةً مِّنْ عِنْدِنَاۗ كَذٰلِكَ نَجْزِيْ مَنْ شَكَرَ٣٥
Ni‘matam min ‘indinā, każālika najzī man syakar(a).
[35]
Iya iku pêparing Ingsun kabungahan, kaya mangkono wêwalês Ingsun marang wong kang sukur.
وَلَقَدْ اَنْذَرَهُمْ بَطْشَتَنَا فَتَمَارَوْا بِالنُّذُرِ٣٦
Wa laqad anżarahum baṭsyatanā fa tamārau bin-nużur(i).
[36]
Nabi Lut wis mêmêdèni siksaningsun marang para umate, nanging para umat mau padha madoni lan maido wêwulange Nabi Lut.
وَلَقَدْ رَاوَدُوْهُ عَنْ ضَيْفِهٖ فَطَمَسْنَآ اَعْيُنَهُمْ فَذُوْقُوْا عَذَابِيْ وَنُذُرِ٣٧
Wa laqad rāwadūhu ‘an ḍaifihī fa ṭamasnā a‘yunahum fa żūqū ‘ażābī wa nużur(i).
[37]
Para umate Nabi Lut mau nêdya anggarêjêg dhayohe Nabi Lut, arêp digêmblak, mulane banjur Ingsun picakake matane. Mara sira padha ngrasakna siksa lan kalakone ênggon Ingsun mêmêdèni.
وَلَقَدْ صَبَّحَهُمْ بُكْرَةً عَذَابٌ مُّسْتَقِرٌّۚ٣٨
Wa laqad ṣabbaḥahum bukratan ‘ażābum mustaqirr(un).
[38]
Ing wayah esuk, para umate Nabi Lut tinêmpuh ing siksa kang lêstari salawase, nganti sampung[7] lan siksa ing akhirat.
فَذُوْقُوْا عَذَابِيْ وَنُذُرِ٣٩
Fa żūqū ‘ażābī wa nużur(i).
[39]
Mara padha ngrasakna siksaningsun lan kalakone wêwêdèn Ingsun.
وَلَقَدْ يَسَّرْنَا الْقُرْاٰنَ لِلذِّكْرِ فَهَلْ مِنْ مُّدَّكِرٍ ࣖ٤٠
Wa laqad yassarnal-qur'āna liż-żikri fahal mim muddakir(in).
[40]
Saiki Ingsun wis anggêlarake Kuran, gampang diapalake lan diwêruhi surasane, mulane padha ngapalna lan ngèstokna.
وَلَقَدْ جَاۤءَ اٰلَ فِرْعَوْنَ النُّذُرُۚ٤١
Wa laqad jā'a āla fir‘aunan-nużur(u).
[41]
Para rasul wis padha têka nyurup-nyurupake Raja Phirngon sabalane.
كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا كُلِّهَا فَاَخَذْنٰهُمْ اَخْذَ عَزِيْزٍ مُّقْتَدِرٍ٤٢
Każżabū bi'āyātinā kullihā fa'akhażnāhum akhża ‘azīzim muqtadir(in).
[42]
Nanging Raja Phirngon sabalane padha maido tăndha yêkti kaelokan Ingsun sangang warna kabèh, mulane padha Ingsun tumpês kalawan siksaning Pangeran kang Mahamulya tur Kawasa.
اَكُفَّارُكُمْ خَيْرٌ مِّنْ اُولٰۤىِٕكُمْ اَمْ لَكُمْ بَرَاۤءَةٌ فِى الزُّبُرِۚ٤٣
Akuffārukum khairum min ulā'ikum am lakum barā'atun fiz-zubur(i).
[43]
He wong Mêkah, apa kancanira wong kaphir iku sira kira luwih bêcik tinimbang lan Raja Phirngon sabalane, utawa apa sira iku wis kasêbut ana ing kitab kang kuna-kuna bakal luput saka ing siksa.
اَمْ يَقُوْلُوْنَ نَحْنُ جَمِيْعٌ مُّنْتَصِرٌ٤٤
Am yaqūlūna naḥnu jamī‘um muntaṣir(un).
[44]
Wong Mêkah padha ngucap: Aku iki pakumpulan kang ditulungi ing Allah.
سَيُهْزَمُ الْجَمْعُ وَيُوَلُّوْنَ الدُّبُرَ٤٥
Sayuhzamul-jam‘u wa yuwallūnad-dubur(a).
[45]
Ing têmbe pakumpulane wong Mêkah iku kêplayu, wonge padha lumayu sasaran.
بَلِ السَّاعَةُ مَوْعِدُهُمْ وَالسَّاعَةُ اَدْهٰى وَاَمَرُّ٤٦
Balis-sā‘atu mau‘iduhum was-sā‘atu adhā wa amarr(u).
[46]
Besuk dina kiyamat bakal kêlakone pangancam marang wong kaphir, siksaning dina kiyamat iku ambêbayani bangêt, lan luwih dening pait, ngungkuli siksa ing dunya.
اِنَّ الْمُجْرِمِيْنَ فِيْ ضَلٰلٍ وَّسُعُرٍۘ٤٧
Innal-mujrimīna fī ḍalāliw wa su‘ur(in).
[47]
Sarupane wong kaphir iku ana ing dunya nandhang siksa, dipatèni dening kalah pêrang, ana ing akhirat bakal dicêmplungake ing naraka.
يَوْمَ يُسْحَبُوْنَ فِى النَّارِ عَلٰى وُجُوْهِهِمْۗ ذُوْقُوْا مَسَّ سَقَرَ٤٨
Yauma yusḥabūna fin-nāri ‘alā wujūhihim, żūqū massa saqar(a).
[48]
Iya iku nalikane wong kaphir padha diungsêb- ungsêbake raine ana ing naraka. Pangandikaning Allah: Mara padha ngrasakna tumindaking siksa Naraka Sakar.
اِنَّا كُلَّ شَيْءٍ خَلَقْنٰهُ بِقَدَرٍ٤٩
Innā kulla syai'in khalaqnāhu biqadar(in).
[49]
Têgêse samubarang kang dumadi iku Ingsun gawe kanthi pêpasthèn.
وَمَآ اَمْرُنَآ اِلَّا وَاحِدَةٌ كَلَمْحٍ ۢبِالْبَصَرِ٥٠
Wa mā amrunā illā wāḥidatun kalamḥim bil-baṣar(i).
[50]
Enggon Ingsun nganakake barang-barang iku mung dhawuh sapisan bae, suwene mung sadêlèrènging pandêlêng.
وَلَقَدْ اَهْلَكْنَآ اَشْيَاعَكُمْ فَهَلْ مِنْ مُّدَّكِرٍ٥١
Wa laqad ahlaknā asy-yā‘akum fahal mim muddakir(in).
[51]
Biyèn Ingsun wis numpês para wong kaphir kang kaya sira, mulane sira padha elinga lan ngèstokna parentah Ingsun.
وَكُلُّ شَيْءٍ فَعَلُوْهُ فِى الزُّبُرِ٥٢
Wa kullu syai'in fa‘alūhu fiz-zubur(i).
[52]
Samubarang kang dilakoni dening wong sajagad, iku padha dicathêti ana ing bukune malaikat.
وَكُلُّ صَغِيْرٍ وَّكَبِيْرٍ مُّسْتَطَرٌ٥٣
Wa kullu ṣagīriw wa kabīrim mustaṭar(un).
[53]
Kabêcikan utawa piala iku, gêdhea, cilika, mêsthi ditulisi ana ing Lohmahphul.
اِنَّ الْمُتَّقِيْنَ فِيْ جَنّٰتٍ وَّنَهَرٍۙ٥٤
Innal-muttaqīna fī jannātiw wa nahar(in).
[54]
Sarupane wong kang wêdi ing Allah, iku padha ana ing suwarga kang ana bêngawane.
فِيْ مَقْعَدِ صِدْقٍ عِنْدَ مَلِيْكٍ مُّقْتَدِرٍ ࣖ٥٥
Fī maq‘adi ṣidqin ‘inda malīkim muqtadir(in).
[55]
Ana ing palungguhan kang nyata endah, ana ngarsaning Allah ratu kang Kuwasa.