Surah An-Najm

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالنَّجْمِ اِذَا هَوٰىۙ١
Wan-najmi iżā hawā.
[1] Dêmi lintang wuluh nalikane surup.

مَا ضَلَّ صَاحِبُكُمْ وَمَا غَوٰىۚ٢
Mā ḍalla ṣāḥibukum wa mā gawā.
[2] Kancanira Nabi Mukhammad iku ora pisan kêsasar lan ora ngawur.

وَمَا يَنْطِقُ عَنِ الْهَوٰى٣
Wa mā yanṭiqu ‘anil-hawā.
[3] Naba[3] Mukhammad iku ora calathu sakarêp-karêpe dhewe.

اِنْ هُوَ اِلَّا وَحْيٌ يُّوْحٰىۙ٤
In huwa illā waḥyuy yūḥā.
[4] Samubarang kang didhawuhake Nabi Mukhammad, iku mêsthi wahyu, têrang saka Ingsun.

عَلَّمَهٗ شَدِيْدُ الْقُوٰىۙ٥
‘Allamahū syadīdul-quwā.
[5] Kang Ingsun utus andhawuhake wahyu marang Nabi Mukhammad mau, Malaikat Jabarail kang gagah prakosa bangêt.

ذُوْ مِرَّةٍۗ فَاسْتَوٰىۙ٦
Żū mirrah(tin), fastawā.
[6] Malaikat Jabarail mau prakosa lair batine, têtêp ana ing panggonane.

وَهُوَ بِالْاُفُقِ الْاَعْلٰىۗ٧
Wa huwa bil-ufuqil-a‘lā.
[7] Nabi Mukhammad nalika mikraj, andêlêng warnane Malaikat Jabarail kang sajati, ana ing panggonan malêthèking srêngenge, ngêbaki jagad.

ثُمَّ دَنَا فَتَدَلّٰىۙ٨
Ṡumma danā fa tadallā.
[8] Malaikat Jabarail banjur nyêdhak marang Nabi Mukhammad, dadi sangsaya cêdhak.

فَكَانَ قَابَ قَوْسَيْنِ اَوْ اَدْنٰىۚ٩
Fa kāna qāba qausaini au adnā.
[9] Cêdhake nganti padha karo came loro gandhewa siji, utawa luwih cêdhak manèh.

فَاَوْحٰىٓ اِلٰى عَبْدِهٖ مَآ اَوْحٰىۗ١٠
Fa auḥā ilā ‘abdihī mā auḥā.
[10] Allah andhawuhake wahyu marang Malaikat Jabarail, kawulane, iya iku kang didhawuhake dening Malaikat Jabarail marang Nabi Mukhammad.

مَا كَذَبَ الْفُؤَادُ مَا رَاٰى١١
Mā każabal-fu'ādu mā ra'ā.
[11] Atine Nabi Mukhammad ora maido warnane Malaikat Jabarail kang sajati kang wis [wi...s] didêlêng.

اَفَتُمٰرُوْنَهٗ عَلٰى مَا يَرٰى١٢
Afa tumārūnahū ‘alā mā yarā.
[12] He wong maro tingal, yagene sira padha madoni Nabi Mukhammad, ênggone andêlêng Malaikat Jabarail.

وَلَقَدْ رَاٰهُ نَزْلَةً اُخْرٰىۙ١٣
Wa laqad ra'āhu nazlatan ukhrā.
[13] Nabi Mukhammad malah andêlêng Malaikat Jabarail manèh sapisan.

عِنْدَ سِدْرَةِ الْمُنْتَهٰى١٤
‘Inda sidratil-muntahā.
[14] Ana ing Sidratulmuntaha, iya iku wit widara ana têlênging ngaras.

عِنْدَهَا جَنَّةُ الْمَأْوٰىۗ١٥
‘Indahā jannatul-ma'wā.
[15] Ing kono panggonane suwarga Makwa.

اِذْ يَغْشَى السِّدْرَةَ مَا يَغْشٰىۙ١٦
Iż yagsyas-sidrata mā yagsyā.
[16] Nabi Mukhammad ênggone andêlêng Malaikat Jabarail mau, nalikane Sidratulmuntaha mau ana kang nutupi.

مَا زَاغَ الْبَصَرُ وَمَا طَغٰى١٧
Mā zāgal-baṣaru wa mā ṭagā.
[17] Pandêlênge Nabi Mukhammad, ora luput lan ora kêsasar.

لَقَدْ رَاٰى مِنْ اٰيٰتِ رَبِّهِ الْكُبْرٰى١٨
Laqad ra'ā min āyāti rabbihil-kubrā.
[18] Nabi Mukhammad wis andêlêng ayat gêdhe, ayating Pangerane.

اَفَرَءَيْتُمُ اللّٰتَ وَالْعُزّٰى١٩
Afa ra'aitumul-lāta wal-‘uzzā.
[19] Mara padha kăndhaa, kapriye panêmunira mungguh brahala kang aran Latawalnguza.

وَمَنٰوةَ الثَّالِثَةَ الْاُخْرٰى٢٠
Wa manātaṡ-ṡāliṡatal-ukhrā.
[20] Lan brahala têlu liyane, apa iya padha duwe kawasa kaya kawasaning Allah, (ora).

اَلَكُمُ الذَّكَرُ وَلَهُ الْاُنْثٰى٢١
Alakumuż-żakaru wa lahul-unṡā.
[21] Apa nyata, sarupane bocah lanang iku [i...ku] anakira, dene bocah wadon iku putraning Allah.

تِلْكَ اِذًا قِسْمَةٌ ضِيْزٰى٢٢
Tilka iżan qismatun ḍīzā.
[22] Pangêdum kang mangkono iku luput bangêt, ora ngadil.

اِنْ هِيَ اِلَّآ اَسْمَاۤءٌ سَمَّيْتُمُوْهَآ اَنْتُمْ وَاٰبَاۤؤُكُمْ مَّآ اَنْزَلَ اللّٰهُ بِهَا مِنْ سُلْطٰنٍۗ اِنْ يَّتَّبِعُوْنَ اِلَّا الظَّنَّ وَمَا تَهْوَى الْاَنْفُسُۚ وَلَقَدْ جَاۤءَهُمْ مِّنْ رَّبِّهِمُ الْهُدٰىۗ٢٣
In hiya illā asmā'un sammaitumūhā antum wa ābā'ukum mā anzalallāhu bihā min sulṭān(in), iy yattabi‘ūna illaẓ-ẓanna wa mā tahwal-anfus(u), wa laqad jā'ahum mir rabbihimul-hudā.
[23] Kabèh kang wis kasêbut mau, mung jênêng, sira ênggo anjênêngake brahala, kang anjênêngake sira lan para lêluhurira. Allah ora andhawuhake nyêmbah brahala mau, lan ora ana tăndha yêktine yèn brahala iku sêsêmbahan. Enggonira padha nyêmbah brahala iku mung nuruti panyana lan karêping ati kang kêna panggodhaning setan. Tur wong Mêkah wis padha digêlari pituduh dening Allah Pangerane.

اَمْ لِلْاِنْسَانِ مَا تَمَنّٰىۖ٢٤
Am lil-insāni mā tamannā.
[24] Pangarêp-arêpe wong nyêmbah brahala, ing têmbe brahala iku, bisa amitulungi awake, iku ora bakal kalêksanan.

فَلِلّٰهِ الْاٰخِرَةُ وَالْاُوْلٰى ࣖ٢٥
Fa lillāhil-ākhiratu wal-ūlā.
[25] Kalakone samubarang ana ing dunya lan ing akhirat, iku ana kawasaning Allah.

۞ وَكَمْ مِّنْ مَّلَكٍ فِى السَّمٰوٰتِ لَا تُغْنِيْ شَفَاعَتُهُمْ شَيْـًٔا اِلَّا مِنْۢ بَعْدِ اَنْ يَّأْذَنَ اللّٰهُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيَرْضٰى٢٦
Wa kam mim malakin fis-samāwāti lā tugnī syafā‘atuhum syai'an illā mim ba‘di ay ya'żanallāhu limay yasyā'u wa yarḍā.
[26] Pira bae kèhe malaikat ing langit, kang saphangate ora migunani apa-apa.

اِنَّ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِ لَيُسَمُّوْنَ الْمَلٰۤىِٕكَةَ تَسْمِيَةَ الْاُنْثٰى٢٧
Innal-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirati layusammūnal-malā'ikata tasmiyatal-unṡā.
[27] Kajaba yèn wis diidzini lan dililani nyaphangati wong kang dadi parênging Allah.

وَمَا لَهُمْ بِهٖ مِنْ عِلْمٍۗ اِنْ يَّتَّبِعُوْنَ اِلَّا الظَّنَّ وَاِنَّ الظَّنَّ لَا يُغْنِيْ مِنَ الْحَقِّ شَيْـًٔاۚ٢٨
Wa mā lahum bihī min ‘ilm(in), iy yattabi‘ūna illaẓ-ẓann(a), wa innaẓ-ẓanna lā yugnī minal-ḥaqqi syai'ā(n).
[28] Sarupane wong kang ora ngandêl bakal ananing akhirat, iku padha ngarani yèn malaikat iku putraning Allah putri.

فَاَعْرِضْ عَنْ مَّنْ تَوَلّٰىۙ عَنْ ذِكْرِنَا وَلَمْ يُرِدْ اِلَّا الْحَيٰوةَ الدُّنْيَاۗ٢٩
Fa a‘riḍ ‘am man tawallā, ‘an żikrinā wa lam yurid illal-ḥayātad-dun-yā.
[29] Enggone padha ngarani yèn malaikat iku putraning Allah putri, iku mung saka panyana bae, ora têrang saka dhawuhing Allah, kang măngka panyana iku ora bisa nyirnakake kang têmên sathithik-thithika.

ذٰلِكَ مَبْلَغُهُمْ مِّنَ الْعِلْمِۗ اِنَّ رَبَّكَ هُوَ اَعْلَمُ بِمَنْ ضَلَّ عَنْ سَبِيْلِهٖۙ وَهُوَ اَعْلَمُ بِمَنِ اهْتَدٰى٣٠
Żālika mablaguhum minal-‘ilm(i), inna rabbaka huwa a‘lamu biman ḍalla ‘an sabīlih(ī), wa huwa a‘lamu bimanihtadā.
[30] Mulane sira malengosa marang wong kang ngorakake Kuran Ingsun, karêpe mung golèk kabungahan ing dunya.

وَلِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ لِيَجْزِيَ الَّذِيْنَ اَسَاۤءُوْا بِمَا عَمِلُوْا وَيَجْزِيَ الَّذِيْنَ اَحْسَنُوْا بِالْحُسْنٰىۚ٣١
Wa lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), liyajziyal-lażīna asā'ū bimā ‘amilū wa yajziyal-lażīna aḥsanū bil-ḥusnā.
[31] Iya iku katoging kawruhe. Satêmêne Allah iku nguningani wong kang kêsasar, nyimpang saka dalaning Allah, lan uga nguningani wong kang ngambah pituduh bênêr. Kabèh bakal padha diparingi pituwase.

اَلَّذِيْنَ يَجْتَنِبُوْنَ كَبٰۤىِٕرَ الْاِثْمِ وَالْفَوَاحِشَ اِلَّا اللَّمَمَۙ اِنَّ رَبَّكَ وَاسِعُ الْمَغْفِرَةِۗ هُوَ اَعْلَمُ بِكُمْ اِذْ اَنْشَاَكُمْ مِّنَ الْاَرْضِ وَاِذْ اَنْتُمْ اَجِنَّةٌ فِيْ بُطُوْنِ اُمَّهٰتِكُمْۗ فَلَا تُزَكُّوْٓا اَنْفُسَكُمْۗ هُوَ اَعْلَمُ بِمَنِ اتَّقٰى ࣖ٣٢
Allażīna yajtanibūna kabā'iral-iṡmi wal-fawāḥisya illal-lamam(a), inna rabbaka wāsi‘ul-magfirah(ti), huwa a‘lamu bikum iż ansya'akum minal-arḍi wa iż antum ajinnatun fī buṭūni ummahātikum, falā tuzakkū anfusakum, huwa a‘lamu bimanittaqā.
[32] Isèn-isèning bumi lan langit, iku kabèh kagunganing Allah, Allah bakal matrapi wong kang lakune ala, sarta angganjar suwarga marang wong kang padha nglakoni panggawe bêcik.

اَفَرَءَيْتَ الَّذِيْ تَوَلّٰىۙ٣٣
Afa ra'aital-lażī tawallā.
[33] Iya iku wong kang padha nyingkiri dosa gêdhe lan panggawe ala, kajaba dosa cilik kang mung sathithik. Satêmêne Allah Pangeranira iku pangapurane gêdhe, Allah iku nguningani marang sira. Sanadyan nalikane gawe lêluhurira Nabi Adam saka ing lêmah, lan nalikane gawe awakira, dadi bayi ana ing wêtêngane biyungira, Allah iya nguningani marang sira, mulane sira aja padha sumuci-suci. Allah iku nguningani wong kang wêdi ing sarirane.

وَاَعْطٰى قَلِيْلًا وَّاَكْدٰى٣٤
Wa a‘ṭā qalīlaw wa akdā.
[34] Kapriye panêmunira mungguh Si Walid bin Mughirah, kang ambalik dadi kaphir, manut pambujuking wong.

اَعِنْدَهٗ عِلْمُ الْغَيْبِ فَهُوَ يَرٰى٣٥
A‘indahū ‘ilmul-gaibi fahuwa yarā.
[35] Lan mèwèhake bandhane sawatara, marang kang ambujuk, marga nanggung siksaning Allah, patrapan ênggone ambalik dadi kaphir, nanging bandhane kang durung diwèhake dikukuhi.

اَمْ لَمْ يُنَبَّأْ بِمَا فِيْ صُحُفِ مُوْسٰى٣٦
Am lam yunabba' bimā fī ṣuḥufi mūsā.
[36] Apa Si Walid mau wêruh barang kang samar-samar, wêruh têrang yèn tanggungane wong kang ambujuk mau mitayani têmênan.

وَاِبْرٰهِيْمَ الَّذِيْ وَفّٰىٓ ۙ٣٧
Wa ibrāhīmal-lażī waffā.
[37] Si Walid mau têtela durung olèh wêwulang kang kasêbut ing kitabe Nabi Musa.

اَلَّا تَزِرُ وَازِرَةٌ وِّزْرَ اُخْرٰىۙ٣٨
Allā taziru wāziratuw wizra ukhrā.
[38] Lan kitabe Nabi Ibrahim, kang wis didhawuhake lan dilakoni.

وَاَنْ لَّيْسَ لِلْاِنْسَانِ اِلَّا مَا سَعٰىۙ٣٩
Wa al laisa lil-insāni illā mā sa‘ā.
[39] Iya iku siji-sijining wong ora bakal nandhang patrapan saka dosaning liyan.

وَاَنَّ سَعْيَهٗ سَوْفَ يُرٰىۖ٤٠
Wa anna sa‘yahū saufa yurā.
[40] Lan manungsa iku ora bakal tămpa pituwas, kajaba pituwase laku kang wis dilakoni dhewe, ala utawa bêcik.

ثُمَّ يُجْزٰىهُ الْجَزَاۤءَ الْاَوْفٰىۙ٤١
Ṡumma yujzāhul-jazā'al-aufā.
[41] Lan lakune mau ala utawa bêcik, besuk ana ing akhirat, bakal katon.

وَاَنَّ اِلٰى رَبِّكَ الْمُنْتَهٰىۙ٤٢
Wa anna ilā rabbikal-muntahā.
[42] Banjur diparingi pituwas kang sampurna, murwat lan kang wis dilakoni.

وَاَنَّهٗ هُوَ اَضْحَكَ وَاَبْكٰى٤٣
Wa annahū huwa aḍḥaka wa abkā.
[43] Lan satêmêne, barang-barang iku, wêkasane [wê...kasane] bali marang ngarsaning Allah.

وَاَنَّهٗ هُوَ اَمَاتَ وَاَحْيَاۙ٤٤
Wa annahū huwa amāta wa aḥyā.
[44] Lan sartêmêne[4] Allah iku paring bungah kang andadèkake lêga lan gumuyu, sarta paring susah kang andadèkake nangis.

وَاَنَّهٗ خَلَقَ الزَّوْجَيْنِ الذَّكَرَ وَالْاُنْثٰىۙ٤٥
Wa annahū khalaqaz-zaujainiż-żakara wal-unṡā.
[45] Lan satêmêne Allah iku kang gawe pati lan urip.

مِنْ نُّطْفَةٍ اِذَا تُمْنٰىۙ٤٦
Min nuṭfatin iżā tumnā.
[46] Lan satêmêne Allah iku kang gawe jêjodhon, lanang lan wadon.

وَاَنَّ عَلَيْهِ النَّشْاَةَ الْاُخْرٰىۙ٤٧
Wa anna ‘alaihin nasy'atal-ukhrā.
[47] Kang digawe wong lanang lan wadon mau mani kang tumama ing pranakan.

وَاَنَّهٗ هُوَ اَغْنٰى وَاَقْنٰىۙ٤٨
Wa annahū huwa agnā wa aqnā.
[48] Lan satêmêne Allah bakal nguripake wong kang wis padha mati.

وَاَنَّهٗ هُوَ رَبُّ الشِّعْرٰىۙ٤٩
Wa annahū huwa rabbusy-syi‘rā.
[49] Lan satêmêne Allah iku kang paring sugih lan anggombal.

وَاَنَّهٗٓ اَهْلَكَ عَادًا ۨالْاُوْلٰىۙ٥٠
Wa annahū ahlaka ‘ādanil-ūlā.
[50] Lan satêmêne Allah iku Pangeraning lintang Sikra, kang dipangeran dening para wong kuna, iya iku lintang bocah kêmbar.

وَثَمُوْدَا۟ فَمَآ اَبْقٰىۙ٥١
Wa ṡamūda famā abqā.
[51] Lan satêmêne Allah iku kang numpês wong Ngad ing jaman kuna.

وَقَوْمَ نُوْحٍ مِّنْ قَبْلُۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا هُمْ اَظْلَمَ وَاَطْغٰىۗ٥٢
Wa qauma nūḥim min qabl(u), innahum kānū hum aẓlama wa aṭgā.
[52] Lan uga numpês wong Ngad, nganti ana[5] kang kari.

وَالْمُؤْتَفِكَةَ اَهْوٰىۙ٥٣
Wal-mu'tafikata ahwā.
[53] Lan numpês para umate Nabi Nuh sadurunge wong Ngad mau. Satêmêne para umate Nabi Nuh mau, ênggone nindakake panganiaya lan nasar, ngungkuli wong Ngad lan wong Samud.

فَغَشّٰىهَا مَا غَشّٰىۚ٥٤
Fa gasysyāhā mā gasysyā.
[54] Lan manèh panggonan kang diênggoni para umate Nabi Lut, diwalik dening Allah.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكَ تَتَمَارٰى٥٥
Fa bi'ayyi ālā'i rabbika tatamārā.
[55] Nuli diurugi kalawan udan watu.

هٰذَا نَذِيْرٌ مِّنَ النُّذُرِ الْاُوْلٰى٥٦
Hāżā nażīrum minan-nużuril-ūlā.
[56] Mulane êndi ta paringe Allah kabungahan marang sira kang sira isih mamang.

اَزِفَتِ الْاٰزِفَةُ ۚ٥٧
Azifatil-āzifah(tu).
[57] Nabi Mukhammad iki nabi kang mêmêdèni para umate, padha lan para rasul ing jaman kuna.

لَيْسَ لَهَا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ كَاشِفَةٌ ۗ٥٨
Laisa lahā min dūnillāhi kāsyifah(tun).
[58] Saiki dina kiyamat wis cêdhak, liyane Allah ora ana kang bisa mêdharake titimăngsa kêlakone dina kiyamat mau.

اَفَمِنْ هٰذَا الْحَدِيْثِ تَعْجَبُوْنَۙ٥٩
Afamin hāżal-ḥadīṡi ta‘jabūn(a).
[59] Kuran iki apa ana kang sira gumuni kalawan maido.

وَتَضْحَكُوْنَ وَلَا تَبْكُوْنَۙ٦٠
Wa taḍḥakūna wa lā tabkūn(a).
[60] Lan sira gêguyu, apadene sira ora nangis dening krungu pangancame.

وَاَنْتُمْ سٰمِدُوْنَ٦١
Wa antum sāmidūn(a).
[61] Lan sira padha ora praduli.

فَاسْجُدُوْا لِلّٰهِ وَاعْبُدُوْا ࣖ ۩٦٢
Fasjudū lillāhi wa‘budū.
[62] Mulane sira padha sujuda lan nêmbaha ing Allah.