Surah At-Tur

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالطُّوْرِۙ١
Waṭ-ṭūr(i).
[1] Dêmi gunung Tursina.

وَكِتٰبٍ مَّسْطُوْرٍۙ٢
Wa kitābim masṭūr(in).
[2] Dêmi Kitab Kuran kang tinulis.

فِيْ رَقٍّ مَّنْشُوْرٍۙ٣
Fī raqqim mansyūr(in).
[3] Ana ing papan kang gumêlar.

وَّالْبَيْتِ الْمَعْمُوْرِۙ٤
Wal-baitil-ma‘mūr(i).
[4] Dêmi Baitul Makmur, iya iku omah kang dimulyakake ana ing langit kang kaping pitu.

وَالسَّقْفِ الْمَرْفُوْعِۙ٥
Was-saqfil-marfū‘(i).
[5] Dêmi payon kang dhuwur, iya iku langit.

وَالْبَحْرِ الْمَسْجُوْرِۙ٦
Wal-baḥril-masjūr(i).
[6] Dêmi sagara kang banyune agung.

اِنَّ عَذَابَ رَبِّكَ لَوَاقِعٌۙ٧
Inna ‘ażāba rabbika lawāqi‘(un).
[7] Siksaning Allah Pangeranira iku kêlakon têmênan.

مَّا لَهٗ مِنْ دَافِعٍۙ٨
Mā lahū min dāfi‘(in).
[8] Siksa mau ora ana kang bisa nulak.

يَّوْمَ تَمُوْرُ السَّمَاۤءُ مَوْرًاۙ٩
Yauma tamūrus-samā'u maurā(n).
[9] Kalakone siksa mau besuk dina kiyamat, nalikane langit obah lan mubêng.

وَّتَسِيْرُ الْجِبَالُ سَيْرًاۗ١٠
Wa tasīrul-jibālu sairā(n).
[10] Lan gunung-gunung padha malaku.

فَوَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَۙ١١
Fawailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[11] Ing dina iku siksa kang abot dadi patrapane wong kang padha maido para rasul

الَّذِيْنَ هُمْ فِيْ خَوْضٍ يَّلْعَبُوْنَۘ١٢
Allażīna hum fī khauḍiy yal‘abūn(a).
[12] Kang padha kêtungkul anglakoni barang kang luput.

يَوْمَ يُدَعُّوْنَ اِلٰى نَارِ جَهَنَّمَ دَعًّاۗ١٣
Yauma yuda‘‘ūna ilā nāri jahannama da‘‘ā(n).
[13] Iya iku nalikane wong kaphir padha dijorogake marang Naraka Jahanam.

هٰذِهِ النَّارُ الَّتِيْ كُنْتُمْ بِهَا تُكَذِّبُوْنَ١٤
Hāżihin-nārul-latī kuntum bihā tukażżibūn(a).
[14] Sarta didhawuhi: Iki naraka kang padha sira paido biyèn.

اَفَسِحْرٌ هٰذَآ اَمْ اَنْتُمْ لَا تُبْصِرُوْنَ١٥
Afasiḥrun hāżā am antum lā tubṣirūn(a).
[15] Apa naraka iki sikhir, utawa apa pandêlêngira rusak, dadi ora wêruh.

اِصْلَوْهَا فَاصْبِرُوْٓا اَوْ لَا تَصْبِرُوْاۚ سَوَاۤءٌ عَلَيْكُمْۗ اِنَّمَا تُجْزَوْنَ مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ١٦
Iṣlauhā faṣbirū au lā taṣbirū, sawā'un ‘alaikum, innamā tujzauna mā kuntum ta‘malūn(a).
[16] Mara padha rasakna, kapriye rasane, sira bêtah panase utawa ora, iku padha bae, kang dipatrapi siksa naraka iku, kaluputan kang wis padha sira lakoni biyèn.

اِنَّ الْمُتَّقِيْنَ فِيْ جَنّٰتٍ وَّنَعِيْمٍۙ١٧
Innal-muttaqīna fī jannātiw wa na‘īm(in).
[17] Sarupane wong kang wêdi ing Allah, iku padha ana ing suwarga panggonan kapenak.

فٰكِهِيْنَ بِمَآ اٰتٰىهُمْ رَبُّهُمْۚ وَوَقٰىهُمْ رَبُّهُمْ عَذَابَ الْجَحِيْمِ١٨
Fākihīna bimā ātāhum rabbuhum, wa waqāhum rabbuhum ‘ażābal-jaḥīm(i).
[18] Padha ngenak-enak, nampani ganjaran [ganjar...an] pêparinging Pangeran, sarta dirêksa dening Pangerane, ora kacêmplung ing Naraka Jakhim.

كُلُوْا وَاشْرَبُوْا هَنِيْۤـًٔا ۢبِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَۙ١٩
Kulū wasyrabū hanī'am bimā kuntum ta‘malūn(a).
[19] Padha tămpa dhawuh: Sira padha mangana lan ngombea kalawan enak, ana ing suwarga, iya iku ganjarane panggawe bêcik kang wis padha sira lakoni biyèn.

مُتَّكِـِٕيْنَ عَلٰى سُرُرٍ مَّصْفُوْفَةٍۚ وَزَوَّجْنٰهُمْ بِحُوْرٍ عِيْنٍ٢٠
Muttaki'īna ‘alā sururim maṣfūfah(tin), wa zawwajnāhum biḥūrin ‘īn(in).
[20] Wong ing suwarga padha linggih sèndhèn ing rêsban, kang tinata sap-sapan, lan padha Ingsun dhaupake widadari kang matane blalak-blalak.

وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَاتَّبَعَتْهُمْ ذُرِّيَّتُهُمْ بِاِيْمَانٍ اَلْحَقْنَا بِهِمْ ذُرِّيَّتَهُمْ وَمَآ اَلَتْنٰهُمْ مِّنْ عَمَلِهِمْ مِّنْ شَيْءٍۗ كُلُّ امْرِئٍ ۢبِمَا كَسَبَ رَهِيْنٌ٢١
Wal-lażīna āmanū wattaba‘athum żurriyyatuhum bi'īmānin alḥaqnā bihim żurriyyatahum wa mā alatnāhum min ‘amalihim min syai'(in), kullumri'im bimā kasaba rahīn(un).
[21] Sarupane wong pracaya ing Allah, kang anake lêluri manut pracaya, iku anak mau Ingsun ewokake[1] bapakne, Ingsun ganjar padha lan ganjaraning bapa, tanpa Ingsun suda sathithik-thithika. Sarupaning wong iku dadi gadhèn, mawa-mawa kang dilakoni nalika ana ing dunya.

وَاَمْدَدْنٰهُمْ بِفَاكِهَةٍ وَّلَحْمٍ مِّمَّا يَشْتَهُوْنَ٢٢
Wa amdadnāhum bifākihatiw wa laḥmim mimmā yasytahūn(a).
[22] Wong ing suwarga padha Ingsun paringi wuwuh wowohan lan daging kang dipengini.

يَتَنَازَعُوْنَ فِيْهَا كَأْسًا لَّا لَغْوٌ فِيْهَا وَلَا تَأْثِيْمٌ٢٣
Yatanāza‘ūna fīhā ka'sal lā lagwun fīhā wa lā ta'ṡīm(un).
[23] Ana ing suwarga padha ngombe sajêng ing gêlas, nanging tanpa mêndêm lan ora anapasulayan, apadene ênggone ngombe ora duraka.

۞ وَيَطُوْفُ عَلَيْهِمْ غِلْمَانٌ لَّهُمْ كَاَنَّهُمْ لُؤْلُؤٌ مَّكْنُوْنٌۚ٢٤
Wa yaṭūfu ‘alaihim gilmānul lahum ka'annahum lu'lu'um maknūn(un).
[24] Wong ing suwarga padha diidêri ing punakawane kang rupane bagus-bagus, kaya mutyara kang isih ana ing cangkoke.

وَاَقْبَلَ بَعْضُهُمْ عَلٰى بَعْضٍ يَّتَسَاۤءَلُوْنَ٢٥
Wa aqbala ba‘ḍuhum ‘alā ba‘ḍiy yatasā'alūn(a).
[25] Wong ing suwarga padha adhêp-adhêpan, takon-tinakon lan kancane.

قَالُوْٓا اِنَّا كُنَّا قَبْلُ فِيْٓ اَهْلِنَا مُشْفِقِيْنَ٢٦
Qālū innā kunnā qablu fī ahlinā musyfiqīn(a).
[26] Pangucape: Kala kula wontên ing dunya rumiyin, ajrih sangêt dhatêng siksaning Allah.

فَمَنَّ اللّٰهُ عَلَيْنَا وَوَقٰىنَا عَذَابَ السَّمُوْمِ٢٧
Fa mannallāhu ‘alainā wa waqānā ‘ażābas-samūm(i).
[27] Allah nuntên paring pitulung dhatêng kula, kula dipun rêksa botên kacêmplung ing siksa naraka.

اِنَّا كُنَّا مِنْ قَبْلُ نَدْعُوْهُۗ اِنَّهٗ هُوَ الْبَرُّ الرَّحِيْمُ ࣖ٢٨
Innā kunnā min qablu nad‘ūh(u), innahū huwal-barrur-raḥīm(u).
[28] Rumiyin kala kula wontên ing dunya nêmbah ing Allah, sayêktosipun, Allah punika damêl sae tur Maha- asih.

فَذَكِّرْ فَمَآ اَنْتَ بِنِعْمَتِ رَبِّكَ بِكَاهِنٍ وَّلَا مَجْنُوْنٍۗ٢٩
Fa żakkir famā anta bini‘mati rabbika bikāhiniw wa lā majnūn(in).
[29] Sira ditabêri nyurup-nyurupake wong kang padha maro tingal, aja mundur dupèh diarani guru pagorohan, utawa edan, sira dudu guru pagorohan lan dudu wong edan, nanging diparingi kabungahan ing Pangeranira dadi nabi.

اَمْ يَقُوْلُوْنَ شَاعِرٌ نَّتَرَبَّصُ بِهٖ رَيْبَ الْمَنُوْنِ٣٠
Am yaqūlūna syā‘irin natarabbaṣu bihī raibal-manūn(i).
[30] Wong maro tingal malah padha calathu: Nabi Mukhammad iku baut nganggit têmbang, iya ta tak êntènane orêging jagad kang kaya wêcane Nabi Mukhammad.

قُلْ تَرَبَّصُوْا فَاِنِّيْ مَعَكُمْ مِّنَ الْمُتَرَبِّصِيْنَۗ٣١
Qul tarabbaṣū fa innī ma‘akum minal-mutarabbiṣīn(a).
[31] Sira dhawuha: Iya padha ngêntènana, aku uga ngêntèni karo kowe.

اَمْ تَأْمُرُهُمْ اَحْلَامُهُمْ بِهٰذَآ اَمْ هُمْ قَوْمٌ طَاغُوْنَۚ٣٢
Am ta'muruhum aḥlāmuhum bihāżā am hum qaumun ṭāgūn(a).
[32] Wong maro tingal ênggone calathu mangkono mau, thukul saka akale kang nasar, utawa saka kabangêtên ênggone dhêmên padu.

اَمْ يَقُوْلُوْنَ تَقَوَّلَهٗۚ بَلْ لَّا يُؤْمِنُوْنَۚ٣٣
Am yaqūlūna taqawwalah(ū), bal lā yu'minūn(a).
[33] Wong maro tingal malah padha calathu: Kuran iku ênggone gawe-gawe Nabi Mukhammad dhewe, wong maro tingal iku têtêp wong gumêdhe, suthik pracaya marang Nabi Mukhammad.

فَلْيَأْتُوْا بِحَدِيْثٍ مِّثْلِهٖٓ اِنْ كَانُوْا صٰدِقِيْنَۗ٣٤
Falya'tū biḥadīṡim miṡlihī in kānū ṣādiqīn(a).
[34] Manawa pangucape iku têmên, mara padha gawea kitab kang madhani Kuran têrange lan brêgase.

اَمْ خُلِقُوْا مِنْ غَيْرِ شَيْءٍ اَمْ هُمُ الْخٰلِقُوْنَۗ٣٥
Am khuliqū min gairi syai'in am humul-khāliqūn(a).
[35] Apa wong maro tingal iku padha digawe nanging ora ana kang gawe, utawa apa wong maro tingal iku gawe awake dhewe (iku mokhal).[2]

اَمْ خَلَقُوا السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَۚ بَلْ لَّا يُوْقِنُوْنَۗ٣٦
Am khalaqus-samāwāti wal-arḍ(a), bal lā yūqinūn(a).
[36] Apa wong maro tingal iku padha gawe bumi lan langit (anèh).

اَمْ عِنْدَهُمْ خَزَاۤىِٕنُ رَبِّكَ اَمْ هُمُ الْمُصَۣيْطِرُوْنَۗ٣٧
Am ‘indahum khazā'inu rabbika am humul-musaiṭirūn(a).
[37] Apa wong maro tingal mau nyêkêl gêdhong pasimpênane Pangeranira, utawa apa mênang dhewe, sabarang karêpe dadi (iku mokal).

اَمْ لَهُمْ سُلَّمٌ يَّسْتَمِعُوْنَ فِيْهِۚ فَلْيَأْتِ مُسْتَمِعُهُمْ بِسُلْطٰنٍ مُّبِيْنٍۗ٣٨
Am lahum sullamuy yastami‘ūna fīh(i), falya'ti mustami‘uhum bisulṭānim mubīn(in).
[38] Apa wong maro tingal mau duwe ăndha piranti munggah marang langit, ngrungokake gunême para malaikat. Yèn mangkono, mara wong kang ngaku ngrungokake iku ngananana tăndha yêkti kang cêtha.

اَمْ لَهُ الْبَنٰتُ وَلَكُمُ الْبَنُوْنَۗ٣٩
Am lahul-banātu wa lakumul-banūn(a).
[39] Apa nyata Allah iku pêputra putri, wong maro tingal padha manak lanang. (Iku mokhal).

اَمْ تَسْـَٔلُهُمْ اَجْرًا فَهُمْ مِّنْ مَّغْرَمٍ مُّثْقَلُوْنَۗ٤٠
Am tas'aluhum ajran fahum mim magramim muṡqalūn(a).
[40] Apa ênggonira ngundhangake parentah Ingsun, nganggo anjaluk pituwas marang wong Mêkah, dadi wong Mêkah padha abot ênggone nganakake pituwas.

اَمْ عِنْدَهُمُ الْغَيْبُ فَهُمْ يَكْتُبُوْنَۗ٤١
Am ‘indahumul-gaibu fahum yaktubūn(a).
[41] Apa wong maro tingal mau padha kadunungan kawruh gaib, wêruh samubarang kang samar, kawruh mau padha ditulisi, kêna diênggo [di.....ênggo] madoni nabi (ora).

اَمْ يُرِيْدُوْنَ كَيْدًاۗ فَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا هُمُ الْمَكِيْدُوْنَۗ٤٢
Am yurīdūna kaidā(n), fal-lażīna kafarū humul-makīdūn(a).
[42] Apa wong maro tingal mau nêja maeka marang sira, paekane malah bakal ambalik marang si kaphir kabèh.

اَمْ لَهُمْ اِلٰهٌ غَيْرُ اللّٰهِ ۗسُبْحٰنَ اللّٰهِ عَمَّا يُشْرِكُوْنَ٤٣
Am lahum ilāhun gairullāh(i), subḥānallāhi ‘ammā yusyrikūn(a).
[43] Apa wong maro tingal mau ngaku duwe Pangeran liyaning Allah. Allah iku Mahasuci, adoh bangêt yèn kayaa panêmune wong maro tingal.

وَاِنْ يَّرَوْا كِسْفًا مِّنَ السَّمَاۤءِ سَاقِطًا يَّقُوْلُوْا سَحَابٌ مَّرْكُوْمٌ٤٤
Wa iy yarau kisfam minas-samā'i sāqiṭay yaqūlū saḥābum markūm(un).
[44] Manawa wong kaphir mau padha andêlêng gêgêmpalaning langit runtuh, iya ora mari ênggone kaphir, malah padha ngucap: Lah iki mega kang tumpa-tumpa, bakal dadi udan.

فَذَرْهُمْ حَتّٰى يُلٰقُوْا يَوْمَهُمُ الَّذِيْ فِيْهِ يُصْعَقُوْنَۙ٤٥
Fażarhum ḥattā yulāqū yaumahumul-lażī fīhi yuṣ‘aqūn(a).
[45] Mulane wong kaphir mau padha sira togna bae, nganti têkan ing dina ênggone padha mati.

يَوْمَ لَا يُغْنِيْ عَنْهُمْ كَيْدُهُمْ شَيْـًٔا وَّلَا هُمْ يُنْصَرُوْنَۗ٤٦
Yauma lā yugnī ‘anhum kaiduhum syai'aw wa lā hum yunṣarūn(a).
[46] Iya iku dina kang paekane si kaphir ora migunani marang awake sathithik-thithika, lan ora ana kang bisa nulungi si kaphir nulak siksaning Allah.

وَاِنَّ لِلَّذِيْنَ ظَلَمُوْا عَذَابًا دُوْنَ ذٰلِكَ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ٤٧
Wa inna lil-lażīna ẓalamū ‘ażāban dūna żālika wa lākinna akṡarahum lā ya‘lamūn(a).
[47] Satêmêne wong kaphir iku padha duwe bubuhan siksa sadurunge mati, ewadene wong kaphir mau, kang akèh padha ora wêruh.

وَاصْبِرْ لِحُكْمِ رَبِّكَ فَاِنَّكَ بِاَعْيُنِنَا وَسَبِّحْ بِحَمْدِ رَبِّكَ حِيْنَ تَقُوْمُۙ٤٨
Waṣbir liḥukmi rabbika fa innaka bi'a‘yuninā wa sabbiḥ biḥamdi rabbika ḥīna taqūm(u).
[48] Sira narimaa pranataning Pangeranira, awit sira iku tansah Ingsun uningani bae, lan sira nêbuta Mahasuci, mêmuji ing Pangeranira, nalikane sira ngadêg sêmbayang.

وَمِنَ الَّيْلِ فَسَبِّحْهُ وَاِدْبَارَ النُّجُوْمِ ࣖ٤٩
Wa minal-laili fa sabbiḥhu wa idbāran-nujūm(i).
[49] Lan ing wayah wêngi, apadene ing wayah suruping lintang, sira iya nêbuta Mahasuci ing Allah.